Friday, December 6, 2019

IV. NO. 3. WÊWATON PANULISÉ TÊMBUNG JAWA NGANGGO AKSARA LATIN ( BAB : PANULISING TÊMBUNG )



Wêwaton Panulising Têmbung Jawa Nganggo Aksara Latin 3 :

  C. 
Panulising Têmbung :

--- Ing ngisor iki ngêmot wêwaton bab panulising têmbung Jawa nganggo aksara Latin.

--- C. 1. Panulising têmbung manut pakêcapé.

1 ). Aksara " w " kang ana saburining aksara " u " utawa " o ", lan aksara " y " kang ana saburining aksara " i " utawa " é ", iku kudu katulis ( kejaba yèn dumadiné " w " lan " y " mau jalaran saka atêr-atêr utawa panambang ).

Tuladha :

--  uwit
--  uwong
--  luwih
--  kuwat
--  rowang
--  owah
--  kéyong
--  iya
--  kriya, lsp.


--- Déné yèn swara " w " mau amarga saka ananing atêr-atêr utawa panambang, swara " w " lan swara " y " ora kêna katulis.

Tuladha :

--  tukua -----> ora kêna ditulis --->  tukuwa.

--  bodhoa ---> ora kêna ditulis ---> 
    bodhowa.

--  karia ---> ora kêna ditulis --->  kariya.

--  sadéan ---> ora kêna ditulis --->  sadéyan



2 ).   Aksara " h " yèn pakêcapé kaprungu cêtha kudu katulis.
Déné manawa " h " mau dadi sêsigêging wanda lan pakêcapané owah dadi " w " utawa " y "  swara " h " mau kêna katulis, utawa kaganti ing owah-owahané.

Tuladha :

-- tahu  --->  ora kêna ditulis ---> tau.

-- hawa  --->  ora kêna ditulis ---> awa.

-- pohong ---> ora kêna ditulis --->  poung.


            Nanging mligi :

-- kalihan ---> kêna ditulis ---> kaliyan.

-- palihan --->  kêna ditulis ---> paliyan.

-- kadohan ---> kêna ditulis ---> kadowan.

-- ngabotohan ---> kêna ditulis --->
   ngabotowan, lsp.



3).  Aksara loro kang padha lan ora kêlêtan panggonané, iku panulisé kudu kagandhèng.

Tuladha :

-- lungaa.

-- macaa, lsp.



 4 ). Têmbung dwipurwa, wandané wiwitan katulis kanthi tandha " ê " ( pêpêt ).

Tuladha :

-- sêsulih ---> ora kêna ditulis --->  susulih.

-- lêlandhêp ---> ora kêna ditulis ---> 
   lalandhêp.

-- sêsambat ---> ora kêna ditulis --->  
    sasambat.

-- gêgitik ---> ora kêna ditulis ---> gigitik.

   Nanging " Susuhunan ", panulisé 
        panggah/ajêg, : Susuhunan.


--- C. 2.  Panggandhèng sarta trapé aksara hanuswara lan aksara gêdhé.


    1).   Atêr-atêr :
         --- a ) :
Atêr-atêr Hanuswara : han, ham, hany, 
                     hang ( n, m, ny, m ).

         --- b ) :
Atêr-atêr Rimbag tanggap : dak/tak, 
                    ko, di.

         --- c ):
Atêr-atêr liyané :
 ka, ké, sa, pa, pi, pra, pri, tar/têr, kapi, kami, kuma.

 Panambang : é, i, aké, lan kramané yaiku : ipun, akên, ané, né.

 Kramané : anipun, akên, ing, ku, mu, a, an, ên, ana, na. 

Iku panulisé kagandhèng karo têmbung kang dirakêti.


Tuladha :

      --- ndhudhuk, njaluk, mburu, nggambar.

      --- dugawa, kogitik, daktulis.

      --- kajarag, kasandhung, pakéwuh, prajurit, pribadi, tarkadhang ( têrkadhang ), kumawani, kamituwa, kapiluyu, parikudu, sakilo ( sêkilo ), gawéné, miwiti, nukokaké, sabinipun, nglêbêtakên.


     2 ). Kang panulisé ora kêna kagandhèng karo têmbung liyané :

        --- a). Têmbung purusa, yaiku têmbung kang mratélakaké wong kang gunêman, kang diajak gunêm, lan sing digunêm,  têmbung mau wutuh.

Kayata :
  --- aku, kula, kowé sampéyan, lsp ( dudu atêr-atêr dak, ko, di, lan dudu panambang ngoko :  ko, mu, é, lan panambang krama : ipun.


Tuladha :

            --- aku mbêdhil.
            --- dika nêdhi.
            --- sampéyan numpak.
            --- sêpédha kula.
            --- griya sampéyan.
            --- kêrsa panjênêngan.
            --- anak dika.
            --- dipun waos.


      --- b ). Têmbung : sing, kang, di, dèn, bok ( mbok ), kang têgêsé pakon, panjaluk utawa pamuji, panulisé kapisah.

Tuladha :

               ---   sing tabêri.
               ---   kang ngati-ati.
               ---   dèn wêwéka.
               ---   bok budhal saiki.
               ---   di ngalor
               ---   di tlatèn
               ---   di ngati-ati.


        --- c ).  Têmbung : ing, pating ( ting ), 
                     para, padha, uga kapisah.

Tuladha :

               ---  ing njaba.
               ---  ing ngisor.
               ---  pating tlusup.
               ---  para kadang.
               ---  padha pradandan.


          --- d ). Têmbung : dak ( tak ), kula, lsp kang nganakaké rimbag tandang, uga kapisah.

Tuladha :

               --- dak nêmbang.
               --- dak makani.
               --- tak ngêtutaké, lsp.


            Pêpèngêt :
 --- Aja kaanggêp padha karo katrangan 
      têmbung purusa ing dhuwur mau.


           --- e ). Têmbung wilangan,  kêjaba kang kanthi têmbung : las, likur , uga kapisah.

Tuladha :
                ---  pitung puluh sanga.

                ---  têlung èwu limang atus  
                     sangang puluh ênêm.

                --- wolung puluh pitu.

                --- sangalas, patbêlas, sêwêlas, 
                    pitulikur.


         3 ). Têmbung kang panulisé manut sastra Jawa wis lumrah ora kanthi aksara hanuswara, ing mangka sok diunèkaké kanthi mbrêngêngêng, iku panulisané aksara Latin uga tanpa aksara hanuswara.

Tuladha :

---  botên ---> ora kêna ditulis --->  mbotên.

---  dika ---> ora kêna ditulis ---> ndika.

---  bésuk ---> ora kêna ditulis ---> mbésuk.

---  ing alas ---> ora kêna ditulis -->
     ing ngalas.

---  wong désa ---> ora kêna ditulis --->
     wong ndésa.

---  ing ratan --->  ora kêna ditulis --->
     ing ngratan.

    
         4 ).  Têmbung : arêp ; ajêng ; isor ; andhap ; inggil ; riku ; riki ; êndi ; yèn sumambung ing têmbung : " ing ", panulisé wanda wiwitan, kanthi aksara hanuswara, ora kêna kagandhèng.

Tuladha :

 --- ing ngarêp ---> ora kêna katulis 
     ingarêp.

--- ing ngajêng ---> ora kêna katulis 
    ingajêng.

--- ing ngisor ---> ora kêna katulis ingisor.

--- ing ngandhap ---> ora kêna katulis 
    ingandhap.

--- ing nginggil ---> ora kêna katulis 
    inginggil.

--- ing ngriku ---> ora kêna katulis ingriku.

--- ing ngêndi ---> ora kêna katulis ingêndi.


        5 ).  Têmbung kriya kang purwané katulis kanthi aksara hanuswara iku yèn katulis nganggo aksara gêdhé, aksarané hanuswara mau, dudu aksara purwaning lingga.

Tuladha :

--- Ndandani ---> ora kêna katulis nDandani.

--- Njaluk ---> ora kêna katulis nJaluk.

--- Mbêdhil ---> ora kêna katulis mBêdhil.

--- Nggambar ---> ora kêna katulis 
    ngGambar.


          6 ).  Aksara purwaning têmbung kang mratélakaké jênêng-jênêng ing ngèlmu bumi, lêlakon  kang kasêbut ing babad, araning jaman, lan sapanunggalané kudu katulis nganggo aksara gedhé.

Tuladha :

--- Kutha Surakarta.
--- Kali Brantas.
--- Gunung Sêmèru.
--- Tlaga Toba.
--- Gègèr Diponêgaran.
--- Jaman Kartasura.


            7 ).  Têmbung-têmbung kang mratélakaké aran kang diluhuraké, jênêngé wong, araning kéwan, kang lumrahé ing dongèng, dianggêp kaya déné manungsa, arané sêsêbutan utawa pangkat, purwané katulis kanthi aksara gedhé.

Tuladha :

--- Gusti Allah.
--- Bathara Bayu.
--- si Kancil.
--- Radèn Jakatingkir.
--- Panêmbahan Mataram.
--- Bupati. 
--- Panèwu.


            8 ).   Têmbung : " sang " yèn kagandhèng karo têmbung kang mratélakaké jênêng sarta trapé ing ukara kanthi ngèlingi pakurmatan lan têgêsé wis gumathok, iku panulisé kudu kanthi aksara gêdhé " Sang ".

          Déné yèn ora pati ngèlingi pakurmatan kêna katulis aksara cilik " sang ".

Tuladha :

--- Sang Prabu.
--- Sang Nata.
--- sang Kancil.
--- sang Gèthèk.


                        --- wjg ---


----> ana candhaké TÊMBUNG CAMBORAN
       IV. 4.

0 comments:

Post a Comment