Wednesday, January 1, 2020

IX. No. 34. C. 4. BAB : TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB :WANGSULAN PAMITAN PASRAH SRAH-SRAHAN LAMARAN )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan 
 Pawiwahan 34 :


Tuladha Atur Wangsulan Pamitan :

    Assalamu'alaikum Wr.Wb.
    Nuwun...kawula nuwun, kanthi linambaran trapsila ing budi miwah ngaturakên sèwu agunging pangaksama, awit mradapa kêparêngipun Bapa/Ibu ....
( ingkang nampi lamaran ), kawula piniji minangka talanging basa, sapêrlu caos wangsulan pamundhut palilah pamitipun badhé kadang bésan sutrêsna.

      Dhumatêng panjênênganipun Bapa ....
( ingkang makili pamit ) ingkang minangka sulih sarira panjênênganipun Bapa/Ibu.....
( ingkang nglamar ) ingkang pantês katuran sagunging pakurmatan.

        Kanthi suka bingahing manah panjênênganipun Bapa/Ibu......( ingkang nampi lamaran ), nampi rawuhipun badhé calon kadang bésan ingkang wigatosing sêdya maringi upakarti utawi uba-rampé minangka jangkêping anggèn badhé angakad-ningkahakên putra kêkalih.

         Déné panjênênganipun badhé calon kadang bésan mundhut pamit nêdya kundur  kawula botèn kadugi amambêngi, sagêdipun namung nyumanggakakên sarta ngaturakên sugêng kundur, saha puji donga kunjuk ing ngarsa Dalêm Gusti Ingkang Maha Murba, mugi jêngkaripun saking pawiwahan punika dumugi ing dalêmipun tansah manggih widada, singlar saking sambékalaning margi.
Aamiin.

           Minangka panutuping atur, panjênênganipun Bapa/Ibu .....( ingkang nampi lamaran ) bilih wontên kuciwaning  boja krami anggènipun angacarani, mugi lumèbèrna sih samodra pangaksama.
Tan kantun kawula minangka talanging basa, bilih wontên kirang suba-sita anggèn kula matur, nuwun sih pangapuntên.
Ngaturakên kasugêngan kunduripun.
Nuwun.

          Wassalamu'alaikum Wr.Wb.


                         --- wjg ---


------> ana candhaké : 
          BAB : TULADHA PASRAH
          PANGANTÈN KAKUNG. IX. 35. C. 5

0 comments:

Post a Comment