Tuesday, December 31, 2019
IX. No. 33.C. 3. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATUR PAMITAN SRAH-SRAHAN LAMARAN )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 33 :
Tuladha Atur Pamitan Srah-srahan :
Assalamu'laikum Wr.Wb.
Katur dhumatêng panjênênganipun para pêpundhèn, para sêpuh, para pinisêpuh, ingkang pantês pinundhi saha kinabêktèn, punapa déné panjênênganipun para tamu kakung-putri ingkang pantês katuran sagunging pakurmatan.
Kawula ngaturakên sèwu agunging pangaksama, dené kawula sakulawarga
( sarombongan ) parikêdah angrêridhu, anggèn panjênêngan wawan pangandikan, sapêrlu sumêla atur ing ngarsanipun Bapa/Ibu .... ( ingkang nampi lamaran ), sumrambah para rawuh sêdaya.
Puji syukur kunjuk ing ngarsa Gusti Ingkang Maha Mirah, déné wigatosing sêdya kawula sampun kalampah kanthi rahayu kalis saking rubéda.
Sêdaya kala wau amung saking rahmating Gusti Ingkang Maha Mirah.
Kawula ingkang piniji sulih sarira minangka talanging basa, rèhning gatining sêdya sampun paripurna, mugi kalilanana kawula sakulawarga ( sapangombyong ). kêparênga nyuwun pamit madal pasilan.
Ingkang punika kawula nyuwun tambahing puji pangèstu, mugi-mugi lampah kula sakulawarga ( sarombongan ) tansah manggih rahayu, ugi mugia badhé calon bésan dalah sagung kulawarga sapêngkêr kula tansah widada nir ing sambékala.
Aamiin.
Minangka tutuping atur, bokbilih sowan kula sakulawarga ( sarombongan ) wontên tutur ingkang kalantur, miwah kiranging tata-krami, nyuwun agunging samodra pangaksami.
Nuwun.
Wassalamu'alaikum Wr.Wb.
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : TULADHA ATUR WANGSULAN
PAMITAN IX. 34. C. 4.
IX. No. 32. C. 2. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANAMPI SRAH-SRAHAN )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 32 :
Atur Panampi Srah-srahan :
Assalaamu'alaikum Wr.Wb.
Wontên ngarsa panjênênganipun Bapa ...( ingkang pasrah ) ingkang piniji ngêmbani wuwus, minangka duta saraya sulih sarira saking panjênênganipun Bapa ....( ingkang nglamar ) ingkang pantês katuran sagunging pakurmatan.
Akanthi linambaran trapsila ing budi miwah hangaturakên sèwu agunging pangaksama, inggih awit mradapa kaparêngipun Bapa/Ibu ....( ingkang nampi lamaran )., kula piniji minangka talanging basa, kinèn hanampi mênggah wosing gati lêkasing sêdya ingkang luhur saking panjênênganipun Bapa/Ibu ....( ingkang nglamar ) lumantar panjênênganipun Bapa .... ( ingkang pasrah ).
Minangka purwaning atur, kawula ngaturakên sugêng rawuh saha angaturakên agunging panuwun ingkang tanpa upami, déné tindakipun panjênêngan sampun kasêmbadan ing karya, kanthi widada nirbaya nirwikara tan manggih pringgabayaning marga.
Sangêt katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjênênganipun badhé calon kadang bésan lumantar panjênênganipun duta saraya, salajêngipun namung dhumawah sami-sami.
Wondéné atur pasrah paringipun srah-srahan minangka jangkêping jêjodhoan kula tampi kanthi suka-rêna.
Ing salajêngipun mangké badhé kula aturakên wontên ngarsanipun Bapa/Ibu ....( ingkang kalamar ).
Botên kêkilapan panjênênganipun Bapa/Ibu....( ingkang nampi lamaran ), namung ngaturakên agunging panuwun mênggah sadaya pêparingipun badhé calon kadang bésan sutrêsna, pratandha yêkti kasoking katrêsnan.
Mugi sêdaya kala wau dadosa sarana rakêting kêkadangan, sami-sami nêtêpi darmaning asêpuh anggènnya ngêntas pitulus putra pinaringan raharja mulya.
Amung sêmantên atur saking panjênênganipun Bapa/Ibu ...( ingkang nampi lamaran ), saha ngaturi uninga bilih sampun dumugi wahyaning kala-mangsa tumapaking ijab qobul utawi panggih, kasuwun sagung kulawarga, wontêna suka lilaning panggalih hanjênêngi paring pudyastuti murih rahayuning sêdya.
Wasananing atur, bokbilih wontên kuciwaning bojakrami, anggèn kula hangacarani, mugi lumèbèrna sih samodra pangaksami.
Sêmantên ugi kawula minangka talanging basa bilih wontên gonyak-ganyuking wicara, kisruhing paramasastra, dalah kiranging subasita ingkang nyingkur saking rèh tata-krami, kêrsaha paring agunging pangaksama.
Wassalamu'alaikum Wr.Wb.
--- wjg ---
---> ana candhaké :
BAB : TULADHA ATUR
PAMITAN IX. 33. C. 3.
IX. No. 31. C. 1. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATUR PASRAH SRAH-SRAHAN LAMARAN ).
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 31 :
Tuladha Atur Pasrah Srah-srahan
( sarahan ) :
Assalamu'akum Wr.Wb.
Sanggya para rawuh utaminipun panjênênganipun para parampara, para nimpuna, para tuwanggana, para sêsêpuh, para pinisêpuh, para pêpundhèn ingkang tansah kinabêktèn, para kadang wrêdha ingkang tansah sinubaya-subya, para kadang taruna ingkang sangêt kinasih dahat sinudarsana, dalasan para rawuh kakung-putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Kêparênga kawula cumanthaka, kanthi pêpayung budi rahayu saha ngunjukakên raos suka-syukur wontên ngarsa Gusti Ingkang Murbèng Dumadi " Mugi Rahayua Sagung Dumadi tansah kajiwa lan kasarira dhumatêng panjênêngan sadaya hanglubèrana dhumatêng jasad kawula ", Aamiin ! "
Amit pasang aliman tabé/tabik, mugi tinêbihna ing iladuni myang tulak sarik, déné kawula cumanthaka marak mangarsa hanggêmpil kamardikan panjênêngan ingkang katêmbèn wawan pangandikan, inggih awratipun .hamêstuti jêjibahan luhur, kawula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjênênganipun Bapa .... ( ingkang mêngku gati nglamar ) sêkaliyan.
Panjênênganipun Bapa .... ( ingkang mêngku gati nampi lamaran ) sêkaliyan garwa, ingkang pantês katuran sagunging pakurmatan. Kawula minangka sulih sarira, panjênênganipun Bapa/Ibu ....( ingkang mêngku gati nglamar ) ingkang sêpisan ngaturakên salam taklim mugi katur wontên ngarsa panjênêngan, sumrambah para kulawarga samudayanipun.
Jangkêp kaping kalih, ing nguni sampun wontên pirêmbagan antawisipun Bapa/Ibu ...( ingkang nglamar ), anggènipun kagungan putra kakung kêkasih pun Bagus .... ( calon pangantèn kakung ), kaliyan panjênênganipun Bapa/Ibu .... ( ingkang kalamar ), kagungan putra kênya siwi pun Rara ...( calon pangantèn putri ).
Gumolonging pirêmbagan sarta pamanggih, nêdya hangrakêtakên balung pisah daging arênggang, bêbasan ngêbun-êbun énjang anjêjawah sontên, ndhodhok latar ndhodhog kori sumêdya nginang jambé suruhé.
Kanthi atur makatên karana sampun jumbuh anggènipun pêpétangan, saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking agênging manah panjênênganipun Bapa/Ibu ....( ingkang nglamar ), anggènipun katampi panglamaripun, ing kalênggahan punika panjênênganipun ngaturakên " sarana miwah upakarti pinangka jangkêping tata-cara salaki-rabi ( jêjodhoan ) ".
Wondéné ingkang badhé kaaturakên inggih punika : Sanggan saha majêmuk ingkang sampun wontên wujudipun, kanthi pangajaping sêdya dadosa sarana sahipun sêsanggêman miwah rakêting kêkadangan, saéngga botèn sagèd pisah salami-laminipun.
Kasoking katrêsnan Bapa/Ibu ...( ingkang nglamar ) dhumatêng Bapa/Ibu ... ( ingkang dilamar ) ing mriki badhé ngaturakên malih " agêman ingkang awujud ....... ( kalung, sêngkang, lsp ) " ing pangajap minangka agêmanipun badhé calon pangantèn putri.
Botèn kêkilapan Bapa/Ibu .... ( ingkang nglamar ) ugi ngaturakên " rêdana wujudipun arta ", mugi kènginga kagêm mbiyantu anggènipun badhé nêtêpi darmaning asêpuh hamiwaha putra mahargya siwi.
Minangka pungkasaning atur, mbok bilih Bapa/Ibu .....( ingkang nglamar ) anggènipun ngaturakên sarana dalah upakarti wontên kêkiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agunging samodra pangaksami.
Botèn kêsupèn kawula minangka talanging basa sulih sarira panjênênganipun Bapa/Ibu .... ( ingkang nglamar ) mênawi wonten gonyak-ganyuking wicara, miwah kiranging suba-sita ingkang singlar saking rèh tata-krami, kawula nyuwun sihing samodra pangaksama.
Nuwun...nuwun...matur nuwun.
Wassalaamu'alaikum Wr.Wb.
--- wjg ---
-----> ana candhaké :
BAB : TULADHA PANAMPI
SRAH-SRAHAN LAMARAN
IX. 32. C.2.
IX. No. 30. B. 7. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANYANDRA KIRAB KASATRIYAN )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 30 :
Panyandra Kirab Kasatriyan :
Lir madu gêndhis rêspati hangranuhi mamardi basa tama hangrêngga rêngganing hargya, yayah lêlangên kusuma Tamansari Lir Sang Madubranta hangrasuk busana kasatriyan sarwa kêmbar warnané, sirna kamanungsané pindha Sang Hyang Asmara mangéjawantah onêng sarining arum puspita. Sèwu nugraha wus kapatêdhan mring pangantèn sarimbit, pratandha wus nyarira wahyuning jodho katon saking sênênging wadana kang hanuksmèng sasi.
Tindakira kadhèrèkan Sang Suba Manggala kang wus piniji. Sênadyanta taksih mudha tumaruna nanging wus katon mrabawani, sênadyanta angagêm sarwa prasaja, sêmbada ing driya tan mingkuh saliring pakéwuh bangkit angêntasi karya.
Dhasar lêbda ing budaya, mumpuni ing kawruh putus ngèlmu, paribasané agal alit wus kinêmpit ing salêbêting sanubari, mila pantês kinarya dadya panuntuning lampah.
Sawurinira ana satriya sajodho kêmbar ing busana, punika ta warnanira Pratiwa Manggala Suba ya Sang Suba Manggala.
Déné têmbéné kang uninga yekti anyêngguh lamun Radèn Layang Séta lan Layang Kumitir, nanging yêktiné béda Bapa séjé Ibu, hamung nunggal pakarêman.
Lumampahnya mênggak krama, tumapaking pada anut wirama saéngga kadya satriya ajar bêksa, kawistara anggènnya kikuk ing solah-bawa.
Katingal sêmu gêgojégan jroning lumampah, parandéné malah karya asrining pahargyan.
Lha punika ta warnanira patah sakêmbaran, sawusnya salin busana malah katingal saya sulistya, sênadyan durung pêdhot lamun nggêgêt suruh, durung têdhas doyan nginang, parandéné wus bangkit amamèt prana akarya sêngsêming wardaya.
Sinigêg gantya kang cinarita, lha punika warnanira sêkaring pahargyan ing ri/ratri puniki, nênggih risang pinangantèn sarimbit. Pangantèn kakung sêmbada wiratama, dhasar bagus ing warna, pangantèn putri éndah sulistyèng warni.
Lumampah akêkanthèn asta, mésam-mésêm hangujiwat lêlêda, hanggung rêrêmêtan racikan, nggraita lamun tan wontên kang uninga.
Ing raos muluk hangambara, kadi wus manggih raosing rasa rinuruh, supé purwa madya wasanané, hangraita mênawi jagat punika gadhahanipun priyangga.
Tan kantun sang juru paès dalah Ibu pangeymbaning putra pangantèn sêkaliyan. Kêkalihira tansah ngêtut wuntat ngawat-awati lampahnya pinangantèn kêkalih, sinartan puji-donga, mugiya putra pangantèn sarimbit ing têmbé dadiya satriya panuntuning jalma tama, kang bisa mêmayu hayuning jagat raya.
Nalika samana tindakira putra pangantèn sarimbit, ginarubyug para putri ingkang pindha Dhomas.
Lampahnya ngêmu wiraga, èsêmé dinawa-dawa lêléwané sajak lêlêda, pamrihé sang juru gambar pijêr mara.
Ana kang ayu, wontên kang manis, kathah kang mêrak ati, sêdaya taksih kênya rêmaja andungkap déwasa.
Sênadyan kêmbar busanané nanging béda-béda wiragané.
Ana sawênèh kênya kang katon sukunira tansah diangkat, kapyarsa lamat-lamat sêsambat, tak réwangi tirakat nganti mripatku ora kuat, gèk kapan bésuk aku diwêngku priyayi darbé pangkat.
Ana uga sawênèh kênya ingkang ngujiwat èsêmé, gandhês-aluwês sasolahé, yèn gumuyu dhêkik pipiné, ngêmbang bakung rékmané, ngêlung gadung janggané, mblarak sêmpal lambéané.
......Kapyarsa lamat-lamat sêsambaté " Adhuh laé bésuk kapan aku dijèjèraké kaya pangantèné, sing rawuh hanjênêngi saméné akèhé, brêgas kabèh para among tamuné, trêngginas trampil panawung kridhané, sarta wasis panatacarané ".
Wondéné minangka buntuting lampah, punika warnanira ingkang hamêngku karya sarimbit. Jroning cipta tansah mêminta mring Gusti Kang Maha Murba, mugi-mugi putra pangantèn sarimbit anggènira badhé lêlumban lêlayaran ing samodraning bêbrayan, mangiha bagya-mulya ingkang sinêdya, rahayu ingkang tinuju.
Lulus raharja kalis king pringgabayaning marga.
Sanggya para tamu, samangké risang pangantèn wus lênggah ing dhampar rinêngga, lênggah amarikêlu angrantun laksitaning adicara.
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : TULADHA ATUR PASRAH
SRAH-SRAHAN IX. 31. C. 1.
Monday, December 30, 2019
IX. No.29. B. 6. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANYANDRA KIRAB KANALÉNDRAN )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 29 :
Panyandra Kirab Kanaléndran :
Rêgung-rêgung hamêrbawa risang pangantèn sarimbit mêdhak saking palênggahan pinapag Sang Suba Manggala arsa jêngkar tilar pawiwahan kinirabakên angulati wahyuning jodho.
Têdhak jlêg ngampil amparan rukmi dèn ginarubyug déning Putri Dhomas, horêg kang samya hanjênêngi prasasat kadya Naréndra siniwaka arsa jêngkar hangêdhaton.
Binayang-bayang sirna kamanungsané kadya Déwaning Kabagyan arsa langlang bawana. Ramyang-ramyang katongton kênyaré hanukswèng sasi pratandha wus kasipatan wahyuning jodho jatmika.
Hamrêbawa handayani warata sanggya ingkang hanjênêngi kadya antuka gêmpalaning nugraha.
Sintên ta ing ngarsa asung tuladha ingkang minangka pramukaning lampah, busana lir Panèwu mantri mataya ngrantaya kadi angganing Sénopati, lha punika warnané Sang Suba Manggala.
Dhasar pidêksa sarwa sambada, maksih mudha-taruna wimbuh hambêg susila anoraga, lêbda rèh wilêting bêksa lampah ngrantaya anut larasing wirama hanggung kèndêl, tindaké sapêcak mangu sapêcak tumulih tansah kadriya marang têmbéné winisuda sandéya manawa kasandhunging rata, kabêntus ing awang-awang.
Sinambung ing wuntat lampahing Manggalayuda sakêmbaran, kêmbar busanané, kêmbar dêdêg-piyadêgé, kêmbar warnané.
.Katinon saking mandrawa kadya jambé sinigar, wadanané sumunar agilar-gilar, ngagêm busana sarwi Jênar, mila tan mokal lamun para kênya ing raos, samya kumêsar, andulu bagusé kêmbar.
Sawurinira ana dwi wanodya alit sakêmbaran, parandéné wus katon sumunar téjané, mencorong cahyané, katinon saking mandrawa gléwo-gléwo kadya golèk kêncana kang bisa tata jalma, inggih punika winastan Patah Sakêmbaran.
Sinigêg ganti kang cinarita, sintên ta ing madya amangun karsa ingkang ngagêm busana lir Raja kabiwada, lah punika ingkang dados mustikaning karya, mêmaniking kandha, jatining kang rinêngga, inggih Sang Pangantèn sarimbit nun inggih Bagus ....kaliyan Rara ....
( asma pangantèn ).
Lumampah sarana akêkanthèn asta, kêkêt-rakêt rênggang gula kumêpyur pulut.
Kêkalihira sajak lingsêm sêmu suka, hanggung rêrêmêtan asta, anggraita lamun para tamu tan wontên ingkang uninga, kajawi pangêndhaliwara.
Dhasar wus dangu nggènira hanganti tumapaking pahargyan, marma sakêdhap-sakêdhap hangunjal huswa, hanggêgêt lathi, karana tansah kadriya kang ginupit mangké ing tilam sari.
Sawingkingnya sang pinangantèn, punika Ibu juru paès dalah Ibu pangêmbaning putra pangantèn sarimbit.
Dhasar Ibu Juru sungging prigêl, trampil angayahi jêjibahan, angrêngga, amêmatut, amamantês sang pangantèn, mila asiling pakaryan satuhu datan nguciwani.
Lampahira sang pindha Raja ginarubyug para rêmaja putri èsthining warni kadya Putri Dhomas.
Dhasar sadaya sami sulistyèng warni, gandhês luwês mêrak ati, lêléwané milangoni. Ing pangajap bénjang dadya putri kang sêjati, kadya swargi R.A. Kartini, ingkang kahèsthi amung sawiji, mugi-mugi bénjang winêngku satriya sêjati.
Ingkang kaparêng tut wuri handayani nun inggih ingkang hamêngku gati sarimbit garwa, hangliring kanan-kèring sêmu katuju ing nala, ngawuningani sagung para tamu katingal samya suka marwata suka.
Bombonging nala prasasat tan kêna pinêtha ing basa, sèwu bagya dadya sajuga.
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : TULADHA PANYANDRA
KIRAB KASATRIYAN IX. 30. B. 7.
IX. No. 28. B. 5. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANYANDRA SUBA MANGGALA MÊTHUK KIRAB )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan Pawiwahan 28 :
Panyandra Subamanggala Mêthuk Kirab :
Padhang hanêrawang sumilak piyak katon angilak-ilak marga agung kang tumuju sasana rinêngga.
Ana sêsotya coplok saking êmbanan lumampah mabukuh yayah prayitnèng kéwuh angrêgêmêng kadya Kartika Bimasakti anyuwak tutuking naga.
Lha punika warnanira kang ndawêg anawung kridha, angayahi gati kinarya Suba Manggala ya Manggala Suba.
Mangkana wus akêkalung puspita rinoncé, sigra madêg èsthining driya, lènging cipta arsa mboyong sang pindha naréndra têdhak saking palênggahanira tumujwèng panti busana.
Sintên pêparapira priya jatmika ingkang kêparêng anyangkul jêjibahan agung punika, nun inggih panjênêngané adhimas .... ( ingkang piniji ).
Dhasar pidêksa sarwa sambada maksih mudha tumaruna wimbuh hambêg susila hanoraga tandang-tanduké prasaja ngrêsêpaké pandulu, grapyak sêmanak, prasaja busananira.
Katitik saking solah-bawaning sarira, liringing nétra, ukêling asta, tumapaking pada anut wiramaning gangsa, kapracihna bilih Sang Suba Manggala satuhu lêbda ing sêni budaya.
Tindakira kadhèrèkakên satriya sakêmbaran, kêmbar busananira, kêmbar dêdêgira, lamun cinandra lir jambé sinigar.
Inggih punika warnanira Talang Pati, Manggalayuda ya Pratiwa Manggalasuba.
Sinambung ing wurinira, para kênya Srikandhining praja Nuswantara.
Busana sarwa èdi-pèni, solahé sarwa èdi, èsêmé andudut sarta kêjêping nétra angrujit ati.
Lumaksana jèjèr kalih-kalih salajur sisih, gandhês-aluwês wiragané, susila patrapé, hangujiwat èsêmé, pindha ngawé-awé para kang ana sandhiné.
Laju lampahnya Risang Manggala Suba sampun prapta unggyaning kang tinuju. Mila lajêng suka sasmita mring sêkaring pawiwahan, gya jêngkar saking palênggahan, manjing pêpungkuran.
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : TULADHA PANYANDRA
KIRAB KANARÉNDRAN IX. 29. B. 6.
IX. No. 27. B. 4. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANYANDRA UPACARA PANGGIH )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan Pawiwahan 27 :
Panyandra Upacara Panggih :
Wus dumugi wahyaning mangsakala dhumawahing papêsthèn, ing madyaning wisma pawiwahan ari/ratri punika, wontên titahing Gusti arupi jalwèstri, bangkit manunggalakên sêdya arsa ngancik ing alaming bêbrayan, hanêtêpi upacara adat Widhiwidana ingkang sampun sinêngkêr, inggih punika upacara panggih.
Panggih inggih hamêngku wardi Pangudi Gambuhing Panggalih.
Lon-alonan tindakira sri pangantèn sarimbit, gya samya apagut tingal, têmpuking catur nétra mahanani manunggaling karsa, ginugah rasané, amung sajuga kang cinipta, antuka bagya-mulya ing donya tumêkèng dêlahan.
Saya cakêt tindakira sri pangantèn kêkalih, nulya kumlawé astané pangantèn putri hanyawat/hambalang gantalan mring pangantèn kakung, ingkang winastan gondhang kasih.
Sêmantên ugi pangantèn kakung gumanti anyawat gantalan gondhang tutur, dhumatêng gêgununganing manah. Gantalan punika awujud suruh ingkang têmu erosé, ginulung ing salêbêting isi jambé ênèm, tinangsulan bênang lawé.
Déné wêrdinipun manunggaling karsa antawisipun jalu pawestri kados suruh lumah lawan kurêbé, dinulu séjé wujudé, ginigit nunggal rasané.
Sangsaya cakêt lampahé sri pangantèn sarimbit, anyakêti kêndhaga kêncana isi tirta wêning, pawêninganing kautaman katingal kambang-kambang kumambanging tri puspita warna yèku ; Kanthil, Mêlathi sarta Mawar.
Kanthil wêrdinipun kumanthiling katrêsnan pangantèn putri, Mêlathi wêrdiné kêdaling lathi sri pangantèn kakung, Mawar darbé wêrdi arum mangambar gandané ing donya tumêkèng dêlahan.
Para rawuh ingkang minulya, pangantèn sarimbit sampun tangkêp asta, sigra anjêngku sri pangantèn putri ing ngarsané ingkang garwa, anyakêti kêndhaga kêncana, sigra anapak Antiga.
Sawusnya sri pangantèn kakung amêcah antiga, sigra winijikan dèning sri pangantèn putri pratandha tan ana kang pantês angayomi, anênuntun, anganthi kéblating panêmbah mring Gusti Kang Murbèng Dumadi, kajawi sang binagus.
Wus paripurna upacara panggih, sigra pangantèn sarimbit jumênêng jajar sumandhing, siningêpan sindur warna rékta lan séta déning ingkang Ibu, asung pralambang putra pangantèn sarimbit tansah tinuntun ing rèh kautaman, wani marang bêbênêr, wêdi marang kanisthan.
Pangantèn sarimbit sigra binoyong lampahé, rinangkul kinêmpit-kêmpit déning ingkang Ibu, jêngkar saking sasana panggih tumuju mring palênggahanira kanthi sêsanti jaya-jaya wijayanti.
Laju lampahnya kang pindha naréndra, dupi wus kaparêng unggyaning kang sinêdya, inggih ing dhampar rinêngga sigra lênggah jajar, kêkêt-rakêt rênggang gula kumêpyur pulut, sumunar cahyanira, ilang sipating titah sawantah, pindha déwaning asmara angéjawantah.
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : TULADHA PANYANDRA
SANG SUBA MANGGALA MAPAG
KIRABING PANGANTÈN IX. 28. B. 5.
IX. No. 26. B. 3. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANYANDRA SOWANIPUN PANGANTÈN KAKUNG )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 26 :
Panatacara Nyandra Sowanipun Pangantèn Kakung :
Kumênyar mawa prabawa, sumirat hambabar téjamaya, saya dangu sangsaya ngégla, saya cakêt sangsaya ngaléla, lha punika téjaning risang pinangantèn kakung pun Sang Bagus ....ingkang binayang karé mijil saking wisma palêrêman, kinanthi manjing sasana pawiwahan.
Gumêbyar busananing putra pangantèn kakung hangagêm busana ingkang tinarètès bênang sotya, ngagêm irah-irahan kanigara, hangémba busananing nata, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa.
Agung atêgês kêbak ing kaéndahan kang sanyata adi-luhung. Mrabu atêgês pindha jêjêring naréndra kèbêkan ing kawibawan luhur, déné mrabawa atêgês sinung prabawa adi éndah milangoni.
Dhampyak-dhampyak para kadang-wandawa ingkang samya hangayap tindakira putra pangantèn kakung. Pinangantèn kakung hanggènnya lumaksana lêngkèh-lêngkèh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling, sapêcak mangu, satindak kèndêl, sêmu hangungun mulat éndahing swasana ingkang hangrênggani tawinging wiwara.
Wus handungkap unggyan kang tinuju, gya kèndêl tindakira wong agung kang pindha naréndra, wontên sangajênging wiwara wisma pawiwahan, kêparênging sêdya hangrantun laksitaning adi-cara.
--- wjg ---
------> ana candhaké :
BAB : TULADHA PANYANDRA
UPACARA PANGGIHING PANGANTÈN
IX. 27. B. 4.
IX. No.25. B.2 TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANYANDRA DUTA PAMÊTHUK )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 25 :
Payandra Duta Pamêthuk :
Mabukuh yayah prayitnèng kéwuh lha punika ta warnanira ingkang ndawêg hanawung kridha, ana satriya sakêmbaran kang busana sarwa prasaja, dêdêg pidêksa, tindaké susila anorraga.
Sênadyan kathah priya ingkang bêbasan sacathok gumbalané, sakêlut rêrawisé, ingkang wrêdha tan kirang ingkang mudha tumaruna sakalangkung kathah, parandéné dhatan wontên ingkang piniji ing karya minangka sang duta pamêthuk, kajawi panjênênganipun Bapa ... saha Bapa ... ( ingkang piniji ).
Dhasar kêkalihipun satuhu priya ingkang sampun lêbda ing karya, katitik wontên madyaning bêbrayan agung kêkalihipun sampun naté dados têtuwanggana para warga.
Katon saking solah-bawa, obahing sarira, liringing nétra, tumapaking pada ngidak wirama, kapracihna kêkalihipun satuhu lêbda ing budaya, mila tan mokal pantês minangka risang duta pamêthuk.
Dupi prapta wontên ngarsaning ingkang hamêngku gati, sigra nyuwun tambahing pangèstu murih anggènipun ngayahi karya tandah manggih rahayu tan wontên pringga bayaning marga.
Saya mantêp piyandêling dupi hanampi dhuwung ingkang awasta Kyai Sénggol Modot, dudu sadhéngah dhuwung ananging dhuwung kang darbé wêrdi linangkung.
Lamun winatêk sarana wêninging cipta, wilahing dhuwung bisa modot sadhêpa dawané. Sigra rêrikatan lampahnya, gita-gita dumugi sasana ingkang sinêdya, yèku palêrêmanipun putra pangantèn kakung.
--- wjg ---
-----> ana candhaké :
BAB : TULADHA PANYANDRA
SOWANIPUN PANGANTÈN KAKUNG
IX. 26. B. 3.
Sunday, December 29, 2019
IX. No. 24. B. 1. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : PANYANDRA PANGANTÈN PUTRI ANUJU SASANA WIWAHA )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 24 :
Panyandra Pangantèn Putri Anuju Sasana Wiwaha :
Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar Kêtawang Sêkartéja Sléndro Manyura, ana ganda arum hangambar katiyuping samirana manda.
La punika jêjuwitaning pahargyan ing ari/ratri punika, putra putrinipun Bapa/Ibu ....( ingkang mêngku gati ), sêsulih Rara .... mijil saking sasana têpas wangi hangagêm busana pangantèn putri, ingayap ginarubyug para sêpuh manjing jroning sasana rinêngga badhé kabiwada.
Dhasar sulistyèng warni tur nêdhêng-nêdhêngé bêsus angadi sarira tuwin ngadibusana, kathik kabiwada kêdah mangagêm busana satataning putrining kraton, pramila tan mokal kalamun kathah ingkang samya tambuh.
Lampah ruruh hangujiwat, sêmu daya-daya énggal dumugiya papan palênggahan.
Sumêngkaning raos ndang agé-agé tinêmu marang gantilaning nala.
Sri pangantèn putri hangagêm busana ingkang sarwa rêtna, angémba busananing Rajaputri, katon pating galêbyar, pating pancurat lamun kasorot sunaring pandam kurung ingkang angrênggani sasana adi, pan yayah kartika hasilih prênah. Gêgêlung malang rinêngga oncèn-oncèn sêkar mêlathi.
Cêcundhuk sêkar kanthil èsmu suka sasmita tansah kumanthil-kanthil calon pangantèn kakung. Agêman kêbayak baludru langking sinulam rinénda lir kancana rukmi satuhu.
Dodot Sidamukti sinêpuh prada binabar, amparan rukmi sinulam bênang jêné.
Praptèng madyaning sasana pawiwahan kang umiyat kagyat agora kang apindha Sitarêsmi.
Datan mokal sanggyaning para tamu kakung sumawana putri, kang wus kêbak ambalabar angêbaki jroning pawiwahan, rinasa anggung pangaribawaning Sri Pangantèn Putri.
Marma sakêdhap-sakêdhap tumungkul èsmu lingsêm nanging suka, mèsêm jroning batos hangraos lamun sadaya ingkang hanjênêngi samya hangalêmbana mring têmbéné kang winisuda.
Lulus raharja sowanipun pinangantèn putri, dupi wus praptèng unggyaning kang tinuju, déning pangêmbating pangantèn putri nulya kalênggahakên ing dhampar rinêngga.
Wus lênggah anggana raras, anggana = ijèn, raras = éndah.
Lênggah piyambakan katingal raras rum, hangrantun laksitaning adicara.
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : TULADHA PANYANDRA
RISANG DUTA PAMÊTHUK
No. IX. 25. B. 2.
IX. No. 23. A. 22. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURÉ PAMBIWARA ING PANUTUPING PAWIWAHAN )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 23 :
Aturé Pambiwara ing Panutuping Pawiwahan :
Sampun paripurna pahargyan prasaja ing ari/ratri punika, alantaran kula ingkang piniji minangka pangêndhaliwara.
Wontên ngarsa panjênênganipun Bapa/Ibu ....( ingkang mêngku gati ), ngaturakên agunging panuwun saha hambok bilih anggènipun hangacarani mênggah rawuhipun handika sami wontên kuciwaning bojakrami, wontên anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, miwah suguh ingkang kirang lawuh, mawantu-wantu ingkang hamêngku gati nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.
Datan kantun kawula minangka jêjêring pangêndhaliwara, bok bilih wontên gonyak-ganyukipun wicara, cawuh kliruning basa, kisruhing paramasastra, kirang trêp ing ngèlmi sastra, miwah kiranging suba-sita ingkang singlar ing rèh tata krami, ugi mawantu-wantu anyênyadhong sih lumunturing gung samodra pangaksama.
Matur nuwun, kawula ndhèrèkakên sugêng kundur mugi rahayua ingkang samya pinanggih.
Nuwun...nuwun...matur nuwun.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
--- wjg ---
-----> ana candhaké :
BAB : TULADHA PANYANDRA
PANGANTÈN PUTRI
KALÊNGGAHAKEN ING SASANA
RINÊNGGA IX. 24. B. 1
IX. No. 22. A. 21. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ PURNANING GATI )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan Pawiwahan 22 :
Aturé Pambiwara Badhé Purnaning Gati :
Wahyaning mangsa kala wus handungkap purnaning adicara jumbuh kaliyan urut rêroncèning adicara, purwa, madya, wasana sampun lumampah déning para kulawangsa, kanthi rahayu kalis king rubéda.
Minangka pratandha purnaning adicara, kasuwun panjênênganipun Ibu .... ( juru rias ), kêparênga hambêdhol putra pangantèn sarimbit tumujwèng wiwaraning wisma pawiwahan ingkang sapêrlu anguntapakên konduripun para tamu, saha nyuwun tambahing bêrkah pangèstu.
Kanthi makatên pratandha pawiwahan prasaja ing siyang/ratri punika, sampun paripurna, sinartan asêsanti jaya-jaya wijayanti, mugi rahayu ingkang samya pinanggih.
Jêngkaring putra pangantèn sarimbit sinawang yayah galéyongan lampahé
( Binarung Ldr. Gléyong Pélog 6 ).
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : TULADHA ATUR PANUTUP
PANATACARA WONTEN PAWIWAHAN
PANGANTÈN IX. 23. A. 22.
IX. No. 21. A.20 TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURÉ PAMBIWARA SASAMPUNIPUN WAOSAN DONGA )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan Pawiwahan 21 :
Aturé Pambiwara Paripurnaning Waosan Donga Panutup :
Para pilênggah ingkang minulyèng budi, sênadyan wus paripurna waosan donga déning têtuwanggana ingkang piniji, kapirêng suwantên lamat-lamat dumêling akasa, sumusup hima himantaka, saya ndêdêl ngawiyat, satêmah mawèh prabawa hanêlahi.
Punika pratandhani katarima pamintané mring Gusti, mbabar wahyu kanugrahan suci tumanduk panjênênganipun ingkang hamêngku gati, ingkang katêmbèn hamiwaha putra mahargya siwi, mugi têtêpa winêngku ing suka basuki, salami-lami, sarta cinakêtan rêjêki, lumintu dhumatêng para sagung para rawuh, numusi dhumatêng panjênêngan lan kula, ingkang hanjênêngi pahargyan ing siyang/ratri puniki.
--- wjg ---
---> ana candhaké :
BAB :TULADHA PANATACARA BADHÉ PARIPURNANING GATI IX. 22. A. 21.
IX. No. 20. A. 19. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURÉ PAMBIWARARA BADHÉ WAOSAN DONGA )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan Pawiwahan 20 :
Aturé Pambiwara Badhé Waosan Donga Panutup :
Sanggya para rawuh ingkang minulyèng budi, ngancik adicara salajêngipun nun inggih waosan donga déning têtuwanggana ingkang piniji.
Atur donga konjuk dhumatêng Gusti Ingkang Murbèng Dumadi, mugi panjênênganipun Bapa/Ibu .... ( ingkang mêngku gati ) anggènipun hanêtêpi darmaning asêpuh hamiwaha putra mahargya siwi, tansah winantu ing suka basuki.
Sêmantên ugi putra pangantèn sarimbit anggènipun badhé lêlumban wontên madyaning bêbrayan agung, tansah ayêm-têntrêm, bagya-mulya ingkang sinêdya, rahayu ingkang tinêmu.
Datang kawuri mugi para tamu sinêdhahan tansah manggiha rahayu. Aamiin.
Wondéné ingkang piniji kêparêng badhé ngaturakên donga panjênênganipun Bapa .... ( ingkang piniji ).
Ingkang punika, sasana saha swasana kawula sumanggakakên.
Sumangga, nuwun.
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : TULADHA ATURIPUN
PANATACARA SASAMPUNIPUN
WAOSAN DONGA IX. 21. A. 20.
IX. No.19. A. 18. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURÉ PAMBIWARA PURNANING SÊSÊLAN BÊKSA )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 19 :
Aturé Pambiwarara Purnaning Sêsêlan/Pasugatan Bêksa :
Satuhu èdi, éndah, babaring budaya ingkang winahya ing salêbêting Bêksan ....( naminipun bêksa ), mugi wosing bêksan sagêd handayani dhumatêng pangantèn sarimbit.
Rintên-dalu, énjing-sontên, amung tansah runtang-runtung, bêbasan kèkèt rakêt, rênggang gula kumêpyur pulut, runtang-runtung, rêréntèngan pindha mimi lan mintuna.
--- wjg ---
-----> ana candhaké :
BAB : TULADHA ATURIPUN
PANATACARA BADHÉ WAOSAN
DONGA PANUTUP IX. 20. A. 19.
IX. No. 18. A. 17. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA PURNANING KIRAB KASATRIYAN SINÊSÊLAN BÊKSA )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan Pawiwahan 18 :
Aturé Pambiwara Purnaning Kirab Kasatriyan Sinêsêlan Bêksa :
Para tamu kakung sumawana putri, kirabing putra pangantèn, ingkang winastan kirab kasatriyan sampun paripurna.
Ingkang punika mugi wontêna suka lilaning panggalih panjênênganipun para tamu sinêdhahan lêlênggahan kanthi mirunggan, sinambi mirsani atur panglipur arupi pasugatan lêlangên Bêksan nun inggih Bêksa Karonsih ( utawi sanèsipun ), ingkang badhé katindakakên déning ... saha ... ( ingkang piniji ).
Dhumatêng para lêbda ing budaya, ingkang tinanggênah hangayahi gati, sasana saha swasana kasumanggakakên.
Sumangga, nuwun.
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : TULADHA ATURIPUN
PANATACARA SASAMPUNIPUN
LÊLIPUR BÊKSAN IX. 19. A. 18.
IX. No. 17. A. 16. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ KIRAB KASATRIYAN )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan Pawiwahan 17 :
Aturé Pambiwara Badhé Kirab Kasatriyan :
Para rawuh ingkang winantu sagunging pakurmatan kados putra pangantèn sarimbit anggènnya ngrasuk busana kasatriyan sampun paripurna, kêparêngipun sêdya badhé humarak sowan malih ngabyantara para tamu, sapêrlu hanyênyadhong astungkara mrih widadaning bêbrayan.
Kirabing putra pangantèn sarimbit ingkang wus ngrasuk busana kasatriyan kabiwada ungêling Kêtawang Subakastawa Sléndro 9/ Kêtawang Subakastawa Winangun Pl. 6
Sumangga, nuwun.
( kacandra, mirsanana tuladha
panyandra IX. 30. B. 7 ).
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : TULADHA ATURIPUN PANATA
CARA SASAMPUNIPUN KIRAB
KASATRIYAN.
IX. No. 16. A. 15. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA PURNANING KIRAB KANARÉNDRAN )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 16 :
Aturé Pambiwara Purnaning Kirab Kanaréndran :
Panjênênganipun para tamu kakung putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami, kirabing Pangantèn ingkang winastan kirab kanaréndran sampun paripurna.
Ingkang punika kinarya hangrantun laksitaning tata-adicara salajêngipun, kasuwun panjênênganipun para tamu lêlênggahan kanthi mirunggan, sinambi nglaras gêndhing-gêndhing ingkang badhé kaaturakên dening Paguyuban Karawitan .... ( naminipun Paguyuban ), ingkang dèn sêsêpuhi déning panjênênganipun Rama....
Dhumatêng para wirapradangga swasana nyumanggakakên.
Sumangga, nuwun !
Pêpèngêt :
Sagêd kasêbatakên naminipun
Gêndhing.
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB :TULADHA ATURIPUN
PAMBIWARA BADHÉ KIRAB
KASATRIYAN IX. 17. A. 16.
IX. No. 15. A. 14. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ UPACARA KIRAB KANARÉNDRAN )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 15 :
Aturé Pambiwarara Badhé Kirab Kanaréndran :
Para lênggah kakung sumawana putri ingkang satuhu luhuring budi, kêparênging sêdya pangantèn sarimbit badhé jêngkar saking sasana rinêngga, arsa kinirabakên wontên ngarsaning para tamu, tumuntên manjing sasana busana, sapêrlu rucat busana kanaréndran, angrasuk busana kasatriyan.
Tataning kirab sinanggit ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut-wuri handayani.
Kados sampun samêkta ing gati para paraga ingkang badhé njêngkarakên putra pangantèn sarimbit, mênggah kalêksananing sêdya kawula sumanggakakên dhumatêng para ingkang piniji.
Jêngkaring Sang Suba Manggala, lamun cinandra kawistara piyak* ngarsa tangkêping wuri.
( * Gendhing Ayak-Ayak Pélog Pathêt Barang/kacandra mirsanan tuladha panyandra ).
--- wjg ---
---> ana candhaké :
BAB :TULADHA ATURIPUN
PANATACARA SASAMPUNIPUN KIRAB
KANARÉNDRAN IX. 16. A. 15.
IX. No. 14. A. 13. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA SASAMPUNIPUN ATUR PAMBAGYAHARJA )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan Pawiwahan 14 :
Aturé Pambiwara Paripurnané Pambagyaharja :
Satuhu tatas-titis, têrang-têrwaca, gamblang, wijang wijiling pangandika, kaduk ruruh hangarah prana panjênênganipun Bapa.....( ingkang piniji ) anggènipun ngaturakên pambagyaharja miwah wosing gati sampun paripurna.
Ing salajêngipun kêparênga ngambali atur, mugi panjênênganipun para tamu kasuwun lêlênggahan kanthi mêrdu-mardikaning panggalih ngantos dumugi paripurnaning pahargyan.
Nuwun.
--- wjg ---
-----> ana candhaké :
BAB : TULADHA ATURIPUN
PANATACARA BADHÉ UPACARA
KIRAB KANARÉNDRAN IX. 15. 14.
IX. No. 13. A. 12. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA NGANCIK ADICARA PAMBAGYAHARJA )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan Pawiwahan 13 :
Aturé Pambiwara ngancik Pambagyaharja :
Satuhu èdi, éndah babaring budaya ingkang winahya ing salébéting Bêksan ....( kasêbat anut bêksanipun ).
Sanggya para rawuh, panjênênganipun Bapa/Ibu .... ( ingkang mêngku gati ) badhé marak ngabyantara, sapêrlu ngaturakên pambagyaharja, miwah wudharing gantha, lêkas-wêkasing sêdya, wigatosing gati.
Inggih Kabêkta saking raos bombong, miwah mongkoging manah, karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun kêparêng hanjênêngi, saéngga botên kuwawi matur piyambak, ajrih mênawi botèn sagèd kawios ing lathi, namung kandhêg wontên ing jangga, mila lajêng hanyaraya dhumatêng panjênênganipun Bapa ....( ingkang piniji ).
Mênggah jumênêngipun badhé jinajaran dèning Bapa ...., saha Bapa .....
( ingkang piniji ).
Déné pangantèn sarimbit, kaaturan jumênêng wontên sangajênging dhampar rinêngga, kaapit ingkang hamêngku gati.
Ing salajêngipun dhumatêng para ingkang piniji, sasana saha swasana kawula sumanggakakên.
Sumangga, nuwun.
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : TULADHA ATURIPUN
PANATACARA SASAMPUNIPUN ATUR
PAMBGYAHARJA IX. 14. A. 13.
IX. No. 12. A. 11. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ LUMARAPING PASUGATAN BÊKSA ).
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan Pawiwahan 12 :
Aturé Pambiwara Badhé Lumaraping Pasugatan Bêksa :
Para rawuh ingkang minulyèng budi kinarya hamiyak sêpining swasana miwah hanglêlipur tyas, badhé kaaturakên pasugatan Lêlangên Bêksan inggih punika winastan Bêksa .... ( Gambyong ; Karonsih ; Bambangan Cakil, lsp ), ingkang badhé kaparagakakên dening Rara.........( ingkang piniji ).
Katur dhumatêng para lêbda ing budaya ingkang tinanggênah ngayahi gati, wêkdal saha sasana kasumanggakakên.
Sumangga, nuwun.
Pêpèngêt :
Mênawi wontên pasugatan bêksa, prayogi kasêbatakên asmanipun ingkang mbêksa/amarga.
Mênawi botên wontên Langên Bêksan, swasana kajumbuhakên ( Langên Suka mawi Uyon-uyon Cassete utawi Flashdisk )
--- wjg ---
---> ana candhaké :
BAB : TULADHA ATURIPUN
PANATACARA NGANCIK ADICARA
PAMBAGYAHARJA IX. 13. A. 12.
IX. No. 11. A. 10. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ UPACARA SUNGKÊMAN )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 11 :
Atruré Pambiwara Badhé Upacara Sungkêman :
Para rawuh kakung sumawana putri, kadang bésan inggih panjênênganipun Bapa/Ibu ... ( bésan ) sampun lênggah wontên sasana ingkang sampun kasumadya.
Kêparênging sêdya badhé hanampi sungkêmipun kêng putra pangantèn sarimbit.
Wondéné murih botèn tumpang suh hanggènnya ngaras pada, lumampahing adicara Sungkêman badhé kapratitisakên panjênênganipun Ibu ....( juru rias ).
Déné ingkang piniji nglolos dhuwung putra pangantèn kakung panjênênganipun Bapa .... ( ingkang piniji ).
Dhumatêng sagung ingkang piniji rahayuning sêdya kasumanggakakên.
Tumapaking adicara sungkêman binarung ungêling Ldr. Mugi Rahayu Sl Manyura.
( Mênawi botèn mawi gangsa, sagêd mawi rêrêpèn sêkar Pangkur Pl 6 déning Panatacara ).
~~ TULADHA RÊRÊPÈN SÊKAR
PANGKUR PÉLOG 6 ~~
--- 3 5 5 5 3 3 3
Gya han jêng ku, nga ras pa
Pi wê ling ku, ma rang si
3
da.
ra.
--- 3 5 5 6 1 1 1
Ma rang Ra ma, lan I bu
Ha ywa la li, sêm bah bêk
1 1 123 21
ha nga bêk ti.
ti mring Gus ti.
--- 5 6 ¹ ¹ ¹ ¹ ¹²
Wa da na ni ra, tu mung
Mê min ta, pi tu duh lu
¹²
kul.
hur.
--- 6 5 5 5 5 56 45
I nga ras an, rik ma nya
Am ba ngun, ba lé wis ma
--- 3 5 5 6 1 1 1
Mi jil was pa, tan ka wa
Mu gi tan sah, a yêm tên
1 1 2 3 3
wa jro ning kal bu.
trêm a tut run tut.
--- 6 1 1 1 1 1 23
Gê ga ran ing, pa la kra
Ba gya mul ya, kang si nê
2.1
ma.
dya.
--- 1 2 3 1 2 3 653
Três na a sih, trus ing ba
Ra ha yu ing, kang pi nang
2.1
tin.
gih.
Katrangan :
Titi-laras ingkang kasêrat mawi angka alit ( ¹ ), nêdahakên Titi-laras 1 ( inggil ).
---꧁꧂ ---
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : TULADHA ATURIPUN
PANATACARA MÊNAWI WONTÊN
LÊLIPUR BÊKSAN IX. 12. A. 11.
Friday, December 27, 2019
IX. No. 10. A. 9 TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ RAWUHIPUN BÉSAN )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 10 :
Aturé Pambiwara Badhé Rawuhipun Bésan :
Para rawuh kakung sumawana putri, ing madyaning suka kalênggahan ri punika botên kêkilapan kadang bésan sutrêsna nun inggih yayah-réna putra pangantèn kakung, lêkasing sêdya ugi dhèrèk mangayubagya kêparêngipun Bapa/Ibu ....
( ingkang mêngku gati ), ingkang hamiwaha putra mahargya siwi, manjing wontên sasana pawiwahan, ginarubyug sagunging para kadang santana.
Rawuhipun gya pinapag saha ingacaran panjênênganipun Bapa/Ibu ...
( ingkang piniji ), lajêng kalarapakên saha katampi panjênênganipun Bapa/Ibu ....
( ingkang mêngku gati ).
Mênggah rawuhipun kadang bésan, binarung ungêling Ladrang Tirta Kêncana Pélog 6.
Sumangga, nuwun.
( tanpa candran ).
--- wjg ---
------> ana candhaké :
BAB : ATURIPUN PANATACARA
BADHÉ UPACARA SUNGKÊMAN
IX. 11. A. 10.
IX. No. 9. A. 8. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ UPACARA KROBONGAN )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 9 :
Aturé Pambiwara Badhé Upacara Krobongan :
Tinon wus paripurna upacara panggih, satuhu trêp pindha curiga manggih warangka.
Bêbasan gêtih rong tètès, daging rong tèmpèl, balung rong cêklèk, samangké wus manunggal dadya sajuga.
Sang jêjaka miwah sang kênya, mangkya wus manunggal ing karêp, nunggal sêdya, nunggal tékad, nunggal ati nunggal raga, nunggal jiwa.
Paraning sêdya ninggal alam jêjaka miwah kênya, sapêrlu sêsarêngan lêlayaran ing samodraning gêsang, angayahi darmaning kodrat.
Jêjêring gêsang kêdah jêjodhoan minangka sarana nangkarakên wiji kinarya lêstarining tumuwuh.
Para rawuh ingkang minulyèng budi, ngancik adicara salajêngipun nun inggih Upacara Adat Krobongan, anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah.
Upacara krobongan punika antawisipun :
--- Timbangan, Kacar-kucur, Dulangan, sarta Ngunjuk Rujak Dêgan.
Wondéné ingkang badhé mratitisakên lampahing Upacara Krobongan nun inggih panjênênganipun Ibu......
Dhumatêng ingkang tinanggênah, wêkdal saha swasana kawula sumanggakakên.
Lampahing Upacara Krobongan kabiwadha ungêling Ladrang Sri Widodo, laras Pélog 6.
Sumangga, nuwun.
Katrangan :
Tanpa candran, manawi badhé kaisi prayogi sarana Rêrêpèn ( kêkidungan ) kanthi ungêling gangsa kasirêp, lagu kajumbuhakên laras sarta pathêting Gêndhing.
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : ATURIPUN PANATACARA
BADHÉ RAWUHIPUN BÉSAN IX. A. 9.
Thursday, December 26, 2019
IX. No. 8. A. 7. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ UPACARA PANGGIH )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 8 :
Aturé Pambiwara Badhé
Upacara Panggih :
Wus paripurna pasrah panampining putra pangantèn kakung, kanthi rahayu nir wikara.
Para rawuh ingkang minulyèng budi, wus dumugi wahyaning mangsakala laksitaning upacara panggih anut satataning adat widiwidana ingkang sampun sinêngkêr.
Wondéné para paraga ingkang piniji nun inggih :
Ingkang mratitisakên panggihing putra pangantèn panjênênganipun Ibu .........
(juru rias ).
Ingkang hanganthi pangantèn kakung Bapa.... sarta Bapa....
Ingkang nyamêktakakên uba rampéning panggih Ibu......
Dhumatêng sanggya para rawuh, kaparênga jumênêng sawatawis, sapêrlu paring puji pangèstu dhumatêng panggihing pangantèn, awit saking panjurung pangèstu handika sami, mugi upacara panggih kalis ing rubéda.
Rahayuning sêdya kasumanggakakên dhumatêng para ingkang piniji.
Panggihing pangantèn kabiwadha ungêling gangsa Kodhok Ngorèk, kalajêngakên Kêtawang Larasmaya Pélog Barang.
Sumangga, nuwun.
--- wjg ---
( Kacandra MIRSANANA TULADHA
PANYANDRA IX. 27 B. 4 )
--- wjg ---
---> ana candhaké :
BAB : ATURIPUN PANATACARA BADHÉ
UPACARA KROBONGAN IX. 9. A 8.
IX. No. 7. A. 6. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ HANAMPI PASRAH PANGANTÈN KAKUNG )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 7 :
Aturé Pambiwara Badhé Nampi Pasrah Pangantèn Kakung :
Satuhu tatas-titis, wijang-gamblang cêtha-têrwaca, tumata datan tumpang-suh, atur pangandikanipun risang cundhaka hamasrahakên putra pangantèn kakung.
Salajêngipun Bapa .....( ingkang nampi ) minangka talanging basa Bapa/Ibu ...( ingkang hamêngku gati ), kaparêng badhé hanampi sang pindha Naréndra.
Ing wasana, sasana saha swasana kawula sumanggakakên.
Sumangga, nuwun.
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : ATURIPUN PANATACARA
BADHÉ UPACARA PANGGIH IX. 8. A. 7.
IX. No. 6. A. 5. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ UPACARA PASRAH PANGANTÈN KAKUNG )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 6 :
Aturé Pambiwara Badhé Upacara Pasrah Pangantèn Kakung :
Wus samêkta ing gati, nun inggih sri atmaja Pangantèn kakung sampun jumênêng wontên sangajênging wiwara pawiwahan, kêparêng badhé hanêtêpi upacara pasrah.
Cucuking cundhaka ingkang dipunsarirani panjênênganipun Bapa ...., miwah pangapiting putra pangantèn kakung, panjênênganipun Bapa ...saha Bapa ..., kados sampun samêkta, kaparêng badhé masrahakên risang pangantèn kakung dhumatêng ngarsanipun Bapa/Ibu ....( ingkang mêngku gati ) ingkang kalênggahan punika badhé dipun sarirani panjênênganipun Bapa... ( ingkang makili )
Wondéné ingkang kaparêng hanjajari panjênênganipun Bapa ..., saha Bapa ...
Ing salajêngipun dhumatêng panjênênganipun para ingkang piniji, sasana saha swasana kawula sumanggakakên.
Sumangga, nuwun.
--- wjg ---
-----> ana candhaké :
BAB : ATURIPUN PANATACARA
BADHÉ HANAMPI PASRAH
PANGANTÈN KAKUNG IX. 7. A. 6.
IX. No. 5. A. 4. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ RAWUHIPUN PANGANTÈN KAKUNG )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan Pawiwahan 5 :
Aturé Pambiwara Badhé Rawuhipun Pangantèn Kakung :
Sanggya para rawuh kakung sumawana putri, mangkana lampahing risang duta Pamêthuk putra pangantèn kakung, sampun dumugi sasana ingkang sinêdya, nulya hanjêngkarakên putra pangantén kakung.
Jêngkaring putra pangantèn kakung ginarubyug para kadang wandawa, binarung ungêling Ladrang Wilujêng laras Pélog Pathêt Barang.
Sumangga.
( kacandra, mirsanana Tuladha Panyandra IX. 26. B. 3 ).
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : TULADHA PANATACARA
BADHÉ UPACARA PASRAH
PANGANTÈN IX. 6. A. 5.
IX. No. 4. A. 3. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ BIDHALIPUN DUTA PAMÊTHUK )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 4 :
Aturé Pambiwara Bidhalipun Duta Pamêthuk :
Sanggya para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu luhur ing budi, kawistara sri atmaja pangantèn putri sampun lênggah anggana raras, wêrdinipun lênggah piyambakan sapêrlu anyênyadhong tumuruning wahyu sajodho.
Tanggaping sasmita risang duta pamêthuk nun inggih panjênênganipun Bapa .....saha Bapa ...., ingkang piniji angayahi jêjibahan luhur, kêparêng badhé mêdal pasilan tumujwèng palêrêmanipun putra pangantèn kakung.
Humiyating risang duta Pamêthuk binarung ungêling gêndhing Ladrang Pangkur laras Pélog pathêt 6.
Sumangga.
Katrangan :
( kacandra mirsanana TULADHA PANYANDRA IX. 25. B. 2 )
--- wjg ---
------> ana candhaké :
BAB : ATURÉ PANATACARA
BADHÉ RAWUHIPUN PANGANTÈN
. KAKUNG IX. 5. A. 4.
IX. No.3. A. 2 TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATURIPUN PAMBIWARA BADHÉ MIYOSIPUN PANGANTÈN PUTRI )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan Pawiwahan 3 :
Aturé Pambiwara Badhé Miyos Pangantèn Putri :
Wahyaning mangsakala apan wus dungkap titi laksitaning adicara.
Rèhning putra pangantèn putri anggènipun hanglulur sarira, hangêlus wadana miwah hangadi busana sampun paripurna, sumangga kita tumapak ing adicara minangka purwaning pahargyan, nun inggih sowanipun pangantèn putri, mijil saking têpas wangi, manjing ing madyaning sasana rinêngga.
Wondéné ingkang hanganthi sowanipun sri atmaja pangantèn putri nun inggih panjênênganipun Ibu ....
( Juru paès ).
Hambok bilih sampun samêkta
ing gati murih rahayuning sêdya kasumanggakakên dhumatêng para ingkang piniji.
Miyosipun putra pangantèn putri kabiwadha ungêling Kêtawang Sêkartéja laras Slédro pathêt Manyura.
Sumangga, nuwun.
( Lajêng kacandra, mirsanana Tuldha
Panyandra no. 24. ).
Pêpèngêt :
Mênawi botèn mawi iringan gangsa langsung, sagêd mawi sanèsipun ingkang cundhuk kaliyan swasana kadosta :
1. CD ingkang isi rêkaman gêndhing Jawi.
2. Flashdisk ingkang isi rêkaman gêndhing
Jawi.
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : ATURIPUN PANATACARA
BADHÉ BIDHALIPUN RISANG DUTA
PAMETHUK IX. 4. A. 3.
IX. No. 2. A. 1. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : WÊDHARING PAMBIWARA AMBUKA PAWIWAHAN )
Panatacara Atur Pambuka :
Assalaamu'alaikum Wr. Wb.
Nuwun kawula nuwun !
Sanggya para rawuh, utaminipun panjênênganipun para pêpundhèn, para sêsêpuh, para pinisêpuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lêbda ing pitutur kéblat ing panêmbah, ingkang pantês pinundhi saha kinabêktèn.
Panjênênganipun para priyagung dharahing nata, para sarjana sujanèng budi, para pangêmban pangêmbating praja, para satriyaning nagari, minangka pandam-pandoming para kawula dasih ingkang pantês katuran sagunging pakurmatan.
Para baraya wira wiyata, ingkang marsudi ing rèh kridhaning budaya myang karya.
Para purna karya labêt praja, ingkang mahambêg luhuring darma miwah para kadang sutrêsna mudha, wrêdha ingkang pantês sinudarsana, punapa déné para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Kanthi linambaran pêpayung budi rahayu miwah ngaturakên sèwu agunging aksama, mugi kêparênga kawula hambuka wiwaraning suka, wênganing wicara, dwaraning kandha, nun inggih mradapa awit saking kêparêngipun ingkang hamêngku gati kawula piniji hanjêjêri minangka pangêndhaliwara, sapêrlu mratitisakên murih rancaking titilakssna adicara pawiwahan praja ing ari/ratri kalênggahan punika.
Sadèrèngipun kawula ngaturakên rêroncening tata-adicara, kinarya hamurwani lêkas-wêkasing karti gatining karya, murih purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis king rubéda nir ing sambékala, sumangga langkung rumiyin kawula dhèrèkakên manungku puja, ngunjukakên sêmbah puji syukur wontên ngarsa dalêm Gusti Ingkang Murbèng Dumadi, ingkang sampun kêparêng paring pangayoman gumêlaring alam agêsang wontên madyaning bêbrayan agung, katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa lan kasarira dhumatêng para rawuh dalasan kawula, saéngga kita sagêd hanglonggarakên panggalih, haminangkani wanci saha pêrluning gati rawuh kêmpal manunggal wontên sasana pawiwahan/pahargyan punika, sapêrlu hanjênêngi saha paring bêrkah pangèstu dhumatêng panjênênganipun Bapa/Ibu....(ingkang mêngku gati) anggènipun hanêtêpi darmaning asêpuh, hangrakit puspita cêpaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, têtêpa winêngku ing suka basuki.
Para rawuh kakung sumawana putri, wondéné mênggah rêroncèning tata adicara ingkang sampun rinancang, rinacik, rinumpaka déning para kulawarga nun inggih :
--- Minangka purwakaning adicara, tinarbu buka sowanipun pangantèn/temantèn putri mijil saking têpas wangi, manjing ing madyaning sasana rinêngga.
--- Tanggap Risang Duta Pamêthuk dupi hamirsani atmaja pangantèn putri lênggah hanggana raras, tumuntên bidhal dhumatêng palêrêman putra pangantèn kakung, sapêrlu kajêngkarakên tumuju sasana pawiwahan.
--- Sasampunipun putra pangantèn kakung rawuh wontên ing sasana rinêngga, tumuntên kalajêngakên adicara pasrah panampi.
--- Paripurna adicara pasrah panampi, kalajêngakên dhaup panggihing putra pangantèn anut satataning adat widiwidana ingkang sampun sinêngkêr, tumuntên kalajêngakên upacara krobongan.
--- Madyaning suka ing kalênggahan punika botèn kêkilapan kadang bésan sutrêsna lêkasing sêdya ugi dhèrèk mangayubagya kêparêngipun ingkang hamêngku gati, mila lajêng manjing wontên sasana pawiwahan, ginarubyug sagunging para kadang santana tumuntên kalajêngakên upacara sungkêman.
--- Ing salajêngipun ingkang hamêngku gati nêdya marak ngabyantara, sapêrlu badhé ngaturakên pambagya katur panjênênganipun sagung para tamu.
--- Paripurna atur pambagyaharja pangantèn sarimbit badhé kalèngsèr saking madyaning sasana wiwaha, manjing sasana busana, sapêrlu rucat busana kanaréndran, santun busana kasatriyan.
--- Saparipurnanipun pangantèn sarimbit hangagêm busana kasatriyan, tumuntên kasowanakên malih ngabyantara ing ngarsa para tamu, sapêrlu hanyênyadong pudyastawa mrih widadaning bêbrayan.
--- Wondéné minangka pratandha paripurnaning pahargyan, menawi pangantèn sarimbit sampun jêngkar saking sasana rinêngga, tumuju wiwaraning pawiwahan, tandha yêkti pawiwahan sampun paripurna.
Mêkatên mênggah rêroncèning tata adicara pawiwahan prasaja ing ari/ratri kalênggahan punika.
Ing salajêngipun kêparêng para rawuh pinarak ing palênggahan kanthi mêrdu-mardikaning panggalih, miwah kula dhèrèkakên hangrantun tumapaking adicara, sinambi hanglaras larasing gêndhing-gêndhing saking Paguyuban Karawitan....ingkang dèn pangarsani panjênênganipun Bapa.....kanthi ngaturakên Gêndhing ....
Nuwun...nuwun...matur nuwun.
Katrangan :
Mênawi botèn mawi lêlipur gamêlan langsung, sagêd kaéwahan :
" ...... sinambi nglaras ungêling gêndhing-gêndhing Jawi, ingkang badhé kaaturakên dèning kadang ingkang piniji tinanggênah kinarya mranata langên suka swara ".
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : TULADHA ATURIPUN
PANATACARA MIYOSIPUN
PANGANTÈN PUTRI IX.No. 3. A. 2.
Wednesday, December 25, 2019
IX. No. 1. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATUR PURWAKA PANGIMPUN )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 1 :
Atur Purwaka :
Nuwun kawula nuwun, para sutrêsna budaya mliginipun sutrêsna Budaya Jawi, sasampunipun kula nyêrat BAB I dumuginipun BAB VIII, lajêng tinarbuka osiking sêdya, cumanthaka kêpéngin mbabar lukitaning sêrat kanthi
irah-irahan :
" TULADHA WICARA KAWÊDHAR
PAHARGYAN PAWIWAHAN "
Ingkang isinipun bab :
A. TULADHA PANATACARA
B. TULADHA PANYANDRA
C. TULADHA TANGGAP WACANA
Panyêrat bab kasêbat nginggil, adhapur ancêr-ancêr ingkang sagêd dipun-éwahi sarana dipun-kirangi utawi dipun-jangkêpi jumbuh kaliyan kadéwasanipun piyambak-piyambak, murih langkung éndah, sagêd mranani ing panggalih.
Kula nglênggana winastan bilih sêratan ing samangké kaanggêp sampun sampurna, yêktosipun malah kosok-wangsul.
Têgêsipun kathah sangêt kêkiranganipun, pramila pangajap sarta panyuwun kula mugi sampun kiranging pamêngkunipun para aguna babagan Kagunan Kasusastran.
Ing wasana sumangga nglajêngakên lampah anggènipun marsudi murih lêbêting kagunan kabudayan Jawi.
Nuwun...nuwun...matur nuwun.
---wjg---
---> ana candhaké :
BAB : TULADHA WICARA
PANATACARA AMBUKA ADICARA.
IX. 2. A.1.
Sunday, December 22, 2019
VIII. No. 41 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : NGUDHAL UKARA )
Paramasastra Jawi 40 :
Ngudhal Ukara :
Kang dikarêpaké ngudhal ukara yaiku ora liya kajaba mung mrinci-mrinci utawa misah-misahaké têmbung-têmbung kang kadhapuk ana ing ukara mau.
Ngudhal ukara iku ana rong warna yaiku :
I. KAPINDÊNG MITURUT LUNGGUHING
TÊMBUNG.
II. KAPINDÊNG MITURUT JINISING
TÊMBUNG ( KANGNUNGGAL KAANAN )
--- Katrangané :
I. NGUDHAL UKARA MITURUT
LUNGGUHING TÊMBUNG :
Yaiku nggoleki sing diarani :
1. Jêjêr. = bakuning crita
2. Wasésa. = andharaning jêjêr
3. Lésan = sing nandhang wasésané
4. Katrangan = sing nêrangaké
~~ Tuladha :
1. Mau isuk Sarinêm tuku jarit ing pasar.
Sarinêm = jêjêr.
tuku = wasésa.
jarit = lésan.
ing pasar = katrangan papan.
mau isuk = katrangan wayah.
2. Suradi lagi maca koran Suara Mêrdhéka.
Suradi = jêjêr.
maca = wasésa.
koran = lésan.
Suara Mêrdhéka = katrangan lésan.
lagi = katrangan wêktu.
3. Bapak karo Ibu lagi tindak Sêmarang.
Bapak karo Ibu = jêjêr.
tindak = wasésa.
Sêmarang = katrangan papan.
lagi = katrangan wêktu.
4. Bu Guru mulang nêmbang, déné Pak Guru Basa Jawa.
Ukara ka I :
Bu Guru mulang nêmbang.
Bu Guru = jêjêr.
mulang = wasésa.
nêmbang = lésan
Ukara ka II :
Pak Guru basa Jawa.
Pak Guru = jêjêr.
basa Jawa = lésan.
Ing ukara ka II wasésané ora ana, sebab wis karakêtaké ing ukara ka I, yaiku mulang.
5. Pak Guru wis rawuh.
Pak Guru = jêjêr.
wis rawuh = wasésa, lsp.
6. Kowé aja lunga-lunga.
Kowé = jêjêr
aja = wasésa
lunga-lunga = katrangan.
7. Adhimu mangan pêcêl.
Adhimu = jèjèr
mangan = wasésa
pêcêl = lésan
II. NGUDHAL UKARA MITURUT
JINISING TÊMBUNG ( NUNGGAL
KAANAN ) :
Yaiku nggolèki sing diarani :
1. Têmbung Aran
2. Têmbung Kriya
3. Têmbung Sêsulih
4. Têmbung Wilangan
5. Têmbung Kaanan
6. Têmbung Katrangan
7. Têmbung Panguwuh
8. Têmbung Sandhangan
9. Têmbung Panggandhèng
10. Têmbung Pangarêp.
Tuladha Têmbung :
1. Têmbung Aran :
-- méja
-- buku
-- kwèni
-- lêmah
-- lsp
2. Têmbung Kriya :
-- maca
-- mangan
-- macul
-- mlaku
-- lsp
3. Têmbung Sêsulih :
-- aku
-- kowé
-- adhi
-- dhèwèké
-- lsp
4. Têmbung Wilangan :
-- akèh
-- sithik
-- têlu
-- sèkêt
-- lsp
5. Têmbung Kaanan :
-- sêpi
-- apik
-- alus
-- ala
-- lsp
6. Têmbung Katrangan :
-- wétan
-- ora
-- sida
-- ilang
-- lsp
7. Têmbung Panguwuh :
-- adhuh
-- tulung
-- horé
-- wah
-- lo
-- oh
-- lah
-- ah
-- la
-- lsp
8. Têmbung Sandhangan :
-- Sang
-- Radèn
-- Mas
-- Si
-- lsp
9. Têmbung Panggandhèng :
-- lan
-- banjur
-- wusana
-- karo
-- lsp
10. Têmbung Pangarêp :
-- ing
-- di
-- saka
-- mênyang
-- sing
-- lsp
~~ Tuladha :
1. Sarpan nggêbug asu nganggo pring.
Sarpan = têmbung aran.
nggêbug = têmbung kriya.
asu = têmbung aran.
nganggo = têmbung panggandhèng
pring = têmbung aran.
2. Bapak mundhut sarung papat ing Toko.
Bapak = têmbung aran.
mundhut = têmbung kriya.
sarung = têmbung aran.
papat = têmbung wilangan
ing = têmbung pangarêp
Toko = têmbung aran.
3. Sardi ora mlêbu, jalaran dhèwèké lara.
Sardi = têmbung aran.
ora = têmbung katrangan.
mlêbu = têmbung kriya.
jalaran = têmbung panggandhèng.
dhèwèké = têmbung sêsulih.
lara = têmbung kriya.
4. Slamêt pancèn bocah kêndêl.
Slamêt = têmbung aran.
pancèn = têmbung panggandhèng.
bocah = têmbung aran.
kêndêl = têmbung kaanan.
5. Wah Sarman sênêng nampa dhuwit.
Wah = têmbung panguwuh.
Sarman. = têmbung aran.
sênêng = têmbung kaanan.
nampa = têmbung kriya.
dhuwit = têmbung aran.
6. Lungguhé di ngalor sathithik.
Lungguh = têmbung kriya
di = têmbung pangarêp
Ngalor = têmbung aran
sathithik = têmbung katrangan.
Paramasastra Jawi rampung.
--- wjg ---
------> ana candhaké :
BAB : TULADHA WICARA
KAWÊDHAR PAWIWAHAN IX. 1.
VIII. No. 40 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : UKARA TANDANG )
Paramasastra Jawi 40 :
Ukara Tandang :
Ukara Tandang yaiku kang dipêrlok-
aké dudu anggoné arêp tumandang gawé
nanging kang dipêrlokaké iku " lésané ".
Dadi lésané digawé jêjêr.
Mula ukarané adhapur ukara tanggap.
Ukara tandang mujudaké walikané ukara Sananta.
~~ Tuladha ukara pacêlathon :
a ). 1. Bukuné tak itungé.
2. Layang ulêmané tak tulisé.
3. Kamar iki tak saponané.
4. Dhuwité tak jupuké.
5. Kêbonné tak paculé.
6. Kêboné tak dhadhungé
b ). 1. Bukuné tak itungané.
2. Layang ulêmané tak tulisané.
3. Kamaré tak saponané.
4. Sukêté tak bêdhulané.
5. Kêbonné tak paculané.
6. Kêboné tak dhadhungé.
c ). 1. Bukuné tak itungné.
2. Layang ulêmané tak tulisné.
3. Kamaré tak saponané.
4. Suketé tak bêdhulné.
5. Kêboné tak paculné.
Katrangan :
Atêr-atêr " dak " adat sabên dadi " tak " .
--- wjg ---
-----> ana candhaké :
BAB : BAB NGUDHAL UKARA VIII. 41.
VIII. No. 39 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : UKARA SANANTA )
Paramasastra Jawi 39 :
Ukara Sananta :
Ukara Sananta yaiku, sarupaning ukara kang migunakaké têmbung Sananta, titikané têmbung Sananta wis ditêrangaké ing ngarêp.
Ukara Sananta mujudaké ukara wêdharing gagasan kang nêrangaké manawa pagawéan mau durung ditindakaké, lagi arêp ditindakaké.
~~ Tuladha :
a ) 1. Aku tak ngétung buku.
2. Aku tak njupuk dhuwit.
3. Aku tak macul kêbon.
4. Aku tak nulis layang ulêman.
5. Aku tak nyapu kamar.
b ). 1. Aku tak ngitungi buku.
2. Aku tak nulisi layang ulêman.
3. Aku tak mbubuti sukêt
4. Aku tak maculi kêbon.
5. Aku tak nyaponi kamar.
c ). 1. Aku tak ngétungaké buku.
2. Aku tak nyapokaké kamar.
3. Aku tak njupukaké dhuwit.
4. Aku tak maculaké kêbon.
5. Aku tak nulisaké layang ulêman.
Ukara Sananta kang diprêlokaké anggoné arêp tumandang gawé.
Katrangan :
Têmbung " dak " ing pacalathon dadi
" tak " uga owah-owahan kasêbut wis umum katulis " tak " .
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : UKARA TANDANG VIII. 40.