Friday, January 31, 2020

XI. No. 25. B. 15. KASUSASYRAN JAWI ( BAB : PARIKAN )

 Kasusastran Jawi 25 :


Parikan :

      Parikan iku unèn-unèn kang nganggo paugêran kaya kasêbut ngisor iki :

1. Kadadéan saka rong ukara.

2. Sabén saukara kadadéan saka rong gatra.

3. Gatra kapindho cacah wandané papat utawa wolu, déné gatra kang kapisan ajêg patang wanda.

4. Dhong-dhinging swara, ing weykasané gatra kapisan runtut karo wêkasané gatra kang katêlu.
Kang kapindho runtut karo kang kaping papat,  yaiku nganggo Purwakanthi Guru Swara.

5. Ukara kang kapisan,  dadi rong gatra kang wiwitan, mung minangka purwaka utawa bêbuka, wosé ( ngêsé/intiné ) ana ukara kaping pindho, utawa ing gatra wêkasan.


~~~ Tuladha :

1.
--- Kêmbang adas, sumêbar têngahing alas. ----> ( 4 wanda + 8 wanda ).
--- Tuwas-tiwas, nglabuhi wong ora waras. ----> ( 4 wanda + 8 wanda ).


2
--- Wajik klêthik, gula Jawa. ---> (  4 wanda + 4 wanda ).
--- Luwih bêcik,  wong prasaja.


Katrangan :

1. 
--- Ing tuladha nomer 1, sêjatiné wong mung nêdya nglairaké pangêsah " Tuwas tiwas  nglabuhi wong ora waras ".

Ngandhut maksud :
Yèn tak terusaké olehku mbelani wong sing wataké kaya dhèwèké ora waras utawa nggugu karêpé dhéwé, ora wurung bakal cilaka.
Nanging, sadurungé têmbung wosé
 ( intiné )  dipurwakani nganggo ukara " Kêmbang adas, sumêbar têngahing alas ".


2. 
--- Ing tuladha nomêr loro, satêmêné wosé ( intiné ), nêdya nglairaké pitutur " Luwih bêcik, wong prasaja ".
Maksudé wong prasaja kuwi, nyandhang-nganggo prasaja, gunêm jujur, samubarang ora nganèh-anèhi.
Nanging sadurungé mituturi niyaté, dipurwakani nganggo ukara " Wajik klêthik, gula Jawa ".


~~~ Tuladha liyané:

1.
--- Sing kadadéan saka ; ( 4 wanda + 4 wanda ) X 2 :

a ). Wédang bubuk  gula Jawa.
       Aja ngamuk, énggal tuwa.

b ). Pitik walik, tanpa lancur.
       Pangkat cilik  arang nganggur.

c ). Arum manis, gula pasir.
       Aja nangis,  ayo mampir.

d ). Nangka jêruk, dhuku nanas.
       Rada watuk, ngêlu panas.

e ). Tawon madu, ngisêp sêkar.
       Para Ibu, kudu sabar.


2.
--- Sing kadadéan saka : ( 4 wanda + 8 wanda ) X 2 :

a ).
--- Kêmbang arèn, sumêbar têpining kalèn.
--- Aja dahwèn, yèn kowé kêpèngin kajèn.

b ).
--- Kêmbang kêncur, gandha sêdhêp sandhing sumur.
--- Kudu jujur, yèn kowé kêpèngin luhur.

c ).
--- Kêmbang mênur, dèn sêbar dèn awur-awur.
--- Yèn wus makmur, aja lali mring sadulur.

d ).
--- Cêngkir wungu, wunguné kêtiban ndaru.
--- Dadi guru  kudu sabar momot mêngku.

e ).
--- Wédang bubuk, kêmriyuk gulané rêmuk.
--- Mulang muruk, poma aja karo ngantuk.

f ).
--- Kêmbang mawar, ganda arum ngambar-ambar.
--- Ati bingar, mung yèn mêntas nampa bayar.

g )
--- Rujak cêngkir, pantês dèn wadhahi cangkir.
--- Mlipar-mlipir, polahé wong duwé êsir.

h ).
--- Kêmbang mlathi, ganda wangi warna pèni.
--- Watak putri, kudu gêmi lan nastiti.

i ).
--- Klapa sawit, wité dhuwur wohé alit.
--- Isih murid, aja sênêng kêcèh dhuwit.

j ).
--- Kêmbang cêngkèh, ganda sêdhêp warna anèh.
 --- Wong sing sumèh, tartamtu mitrané akèh.


Katrangan :

1. 
--- Yèn dirasakaké mung sakêplasan, Parikan iku kaya utawa mèh padha karo Wangsalan.
Nanging satêmêné adoh sungsaté. Wangsalan iku isi batangan, Parikan ora ana pérangané kang kudu dibadhé utawa dibatang.

2. 
--- Parikan kêrêp kêprungu ana ing têmbang Sindhénan kang awujud " abon-abon " utawa " sênggakan " :

~~ Lunga ngétan, bali ngulon,
~~ Apa sêdyané kêlakon.

Déné Wangsalan luwih-luwih Wangsalan Èdi-pèni, kêrêp kêprungu ing têmbang.

Kayata cakêpan Sindhénan :

~~ Saji siswa, arané basa nawala.
~~ Nadyan lamong, nyalêmong tanpa
      ukara.

     Wangsalan uga bisa kanggo nglagokaké umpak-umpak sadurungé gérong kayata :

" Ldr. Sriwidodo, Ldr. Clunthang, Ktw. Subakastawa, lsp " :

Contoné :
~~ Trahing nata, garwa risang Dananjaya.
~~ Den prayitna, sabarang aywa 
      sêmbrana, lsp.


                      --- wjg ---


-----> ana candhaké : 
        BAB : GEGURITAN  XI. 26. B.  16.

0 comments:

Post a Comment