Saturday, January 4, 2020

IX. No. 38. C. 8. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYANPAWIWAHAN ( BAB : ATUR SABDA TAMA/WASITA ADI/WULANG UTAMI )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan 
  Pawiwahan 38 :


Tuladha Atur Sabda Tama :

       Assalamu'alaikum Wr.Wb.
       Nuwun kawula nuwun, sanggya para rawuh kakung sumawana putri ingkang minulyèng budi, kala wau kadang panatacara ngêndikakakên bilih kula kadhawuhan atur sabdatama utawi ular-ular wulang utami dhumatêng pangantèn sarimbit.

       Pancènipun dèrèng darajat mênawi kula ngaturi sabdatama, jêr têmbung Sabda botèn wontên ingkang pantês hangagêm, kajawi namung Gusti  Pangéran Ingkang Maha Agung, ingkang dados tuking samukawis, mandhapipun dhatêng salah satungaling Raja ingkang nêmbé siniwaka.
Awit mênggahipun kula têmbung sabdatama, mêngku têgês wulang utami adhêdhasar sadaya sabda-sabdaning Pangéran ingkang sampun kawahya ing sadaya sêrat-sêrat suci.

       Sênadyan kanthi awrating raos, karana wontên mriki kathah rawuhipun para pêpundhèn, para sêsêpuh, para pinisêpuh, sarta para winasis babagan wulang utami, parikêdah botèn sagêd nolak minangkani pamundhutipun ingkang hamêngku gati, sawatawis suka wawasan ing babagan prayogining bêbrayan, jêr kasunyatan sênadyan langkung wasis tuwin pintêr anak mas pangantèn sarimbit katimbang kula, nanging tumraping gêsang patêmbayan bêbrayan, saèstu langkung rumiyin kula katimbang nak mas pangantèn sarimbit.

         Bok mênawi punika ingkang kanggé gada supados kula dipun pêksa suka wawasan tumraping gêsang bêbrayan énggal.

        Sanggya para pêpundhèn, para sêpuh, para pinisêpuh punapa déné panjênênganipun sagung para rawuh  ingkang satuhu luhuring budi.

       Kêparênga kula suwun pamujinipun dhatêng jasad kula, supados sagêd dumugining purug anggèn kula hamakili handika para rawuh suka wawasan tumrap thêk-kliwêripun patêmbayan bêbrayan énggal.

         Kagêm anak mas pangantèn sarimbit ingkang kula trêsnani, gêgaran tumrap gêsang bêbrayan énggal punika salah satunggalipun kêdah nindakakên pakarti gangsal pêrkawis ingkang sinêbat " Malima " .

          Malima ing mriki saking têmbung : mlumah ; mêngkurêb ; modot ; mlêbu ; mêtu.

           Mlumah punika ngandhut wêrdi nglumahakên tangan  utawi kridha lumahing asta.
Têgêsipun dados tiyang gêsang wontên madyaning bêbrayan agung punika aja sênêng ngathung, utawi nggadhahi watak rêmên njagagakên dhatêng pawèwèhing liyan.
Punika pakarti ingkang botèn saé.

           Mêngkurêb punika wêrdinipun ngurêbakên asta  têgêsipun dados tiyang gêsang ing madyaning bêbrayan agung, punika sênênga wèwèh marang liyan ingkang tanpa pamrih.
Sênênga têtulung marang sapa baé sing mbutuhaké pitulungan  nanging aja ngati diwêruhi dèning wong akèh.
Upama nindakaké dana driyah, tangan têngên mènèhi dhuwit, paribasané tangan kiwa aja nganti wêruh.

             Modot têgêsipun punika modot pikirané,  modot nalaré.
Dados tiyang tumitah wontên ing alam donya punika kêdah tansah mbudidaya murih undhaking kawruh  dimèn jêmbar wawasanipun.

               Mlêbu têgêsipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang lèrèkipun dhatêng kêsaénan, kêdah katampi saha dipun lêbêtakên dhatêng manah utawi raos, minangka dados gêgêbênganipun tiyang gêsang bêbrayan.

               Mêtu mêngku têgês sêdaya kawruh utawi tumindak saé ingkang migunani dhumatêng bêbrayan, kêdah dipun tularakên dhatêng tiyang sanés.

              Kajawi nindakakên Malima, rêsèpipun bêbrayan saé, punika kêdah : Dana ing têpa ; Têpa ing rasa ; saha Têmên tobating rila.

         Miturut para winasis nyêbatakên wêrdinipun têtiga kala wau antawisipun :
Dana ing têpa têgêsipun, raos pangraos makatên punika, kula aturi ngêcakakên ing bêbrayan agung, supados sagêd sumingkir saking watak srèi, drêngki, jail, mêthakil, dahwèn, panastèn, kamiopèn.

        Têpa ing rasa têgêsipun têpa punika ukuran, rasa punika pangraos.
Samukawis patrap lan makarti kêdah manut raosing piyambak.
Mênawi tumrap karaosakên botên sêkéca lan kirang prayogi, sampuna dipun cakakên/tindakakên dhatêng tiyang asanès.

         Têmên tobating rila têgêsipun, kakung kanthi têmên trêsna dhatêng garwa, martobat sampun tuman rabi malih  rila lêgawa narima trusing batos  garwa satunggal botèn têlas salaminipun.
Adatipun sagêd nyakêtakên trêsna bêktinipun garwa.
Putri sêmantên ugi, adatipun sagêd nyakêtakên sih trêsnanipun kakung.

           Kêjawi punika, ugi kêdah nindakakên Sa catur ( Sa papat ) :

Sarupa ; Sajiwa ; Sawanda ; Saékapraya.

Têgêsipun :
       Sarupa : kêkalihipun rumaos mênawi garwanipun paling bagus/ayu dhéwé.
       Sajiwa : kêdah sagêd momong watak satunggal-satunggalipun.
       Sawanda : adêging bêbrayan, minangka pamoring jiwa kêkalih.
      Saékapraya : kêdah jumurung dhatêng karsa, cipta tuwin sêdya ingkang saé sarta utami.

           Anak mas pangantèn sarimbit ingkang kula trêsnani dalah sagung para rawuh, namung punika ingkang sagêd kula aturakên babagan wulang utami ing bêbrayan agung.

           Déné mênawi kirang anuju prana, kula mawantu-wantu nyuwun agunging pangaksama.

Matur nuwun...nuwun...nuwun.

          Wassalamu'alaikum Wr.Wb.

   .              --- cunthêl ---


                       --- wjg ---

-----> ana candhaké : 
        BAB :  WERDINING TÊMBUNG
        ING WICARA PAWIWAHAN  
        IX. 39. D. 1. 

0 comments:

Post a Comment