Sunday, January 19, 2020
Home »
» XI. No. 21. B. 11. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : CANGKRIMAN )
XI. No. 21. B. 11. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : CANGKRIMAN )
Kasusastran Jawi 21 :
Cangkriman :
Cangkriman yaiku têtêmbungan utawa unèn-unèn kang kudu dibatang maksudé. Têmbungé liya capéan utawa bêdhékan.
Cangkriman iku kêna kapérang dadi têlu yaiku :
A. Cangkriman Wujud Têmbung
Wancahan
B. Cangkriman Wujud Irib-iribing Barang
( pêpindhan ).
C. Cangkriman Kang Ngêmu Surasa
Bléndéran.
Katrangan :
A. Cangkriman Wujud Têmbung
Wancahan :
Têmbung-têmbungé diwancah :
1.
Pakbolétus = têpak kêbo ana léléné satus.
2.
Pakbomba, paklawa, pakpiyut, pak lêr êmbut-êmbut = têpak kêbo amba, têpak ula dawa, têpak sapi ciyut, têpak ulêr lêmbut-lêmbut.
3.
Wiwawité lêsmbadhongé = uwi dawa wité, talês amba godhongé.
4.
Burnas kopên = bubur panas kokopên.
5.
Pipiru, ndhang-ndhang moh, thong-thong jur = sapiné padha kuru, kandhangé wis amoh, tléthongé ajur.
B. Cangkriman Wujud Irib-iribing Barang
( pêpindhan ) :
1.
Sêga sakêpêl dirubung tinggi = salak.
2.
Pitik walik saba kêbon = nanas.
3.
Embokné wuda, anaké tapihan = pring.
4.
Maling papat oyak-oyakan = undar ( ngikal bênang kanggo nênun ).
5.
Gajah nguntal sangkrah = luwêng pawon.
6.
Embokné diêlus-êlus, anaké diidak-idak = andha.
7.
Kebo njêrum, ngêmu êmas = pawon.
8.
Sing éndhèk didhudhuki, sing dhuwur diurugi dadi padha = timbangan, traju, dhacinan.
Conto cangkriman wujud pêpindhan ing Kasusastran kang sinawun têmbang yaiku :
Sêkar Macapat Pocung :
1.
--- Bapak Pucung blêgêr sirah lawan
gêmbung.
--- Padha dikunjara.
--- Mati sajroning aurip.
--- Mbijig bata nuli urip sagêbyaran.
( batangané rèk ).
2.
--- Bapak Pucung rupané saéngga gunung.
--- Tan ana kang trêsna.
--- Sabên uwong mêsthi sêngit.
--- Yèn kanggonan dèn lus-êlus tinangisan.
( batangané wudun )
Ana uga cangkriman awujud pêpindhan kang sinawung ing têmbang saliyané Pocung.
Sêkar Têngahan Balabak :
1.
--- Kabalabak jroning jagad gêdhé ana,
yêktiné.
--- Jagad cilik sinorotan surya kêmbar,
pindhané.
--- Soring surya ana gunung gung sajuga,
blêgêré.
2.
--- Nèng dhêdhampèng gunung gêdhé ana
sêndhang, andhèmpèt.
--- Sêndhang loro arang wijiling kang tirta,
nyatané.
--- Sandhing sêndhang mawa guwa gung
sajuga, nging gêdhé.
3.
--- Guwa growong awis-awis kawistara,
wujudé.
--- Lumrah lamun kasêbut guwa siluman,
luguné.
--- Lamun mênga amba yèn tumutup rata,
tangkêpé.
4.
--- Jroning guwa kinarya umpêtan baya,
ndhêpèpès.
--- Bajul putih rinajêg wêsi santosa,
galigèn.
--- Yèn ngantia bajul ucul wèh bêbaya,
luwih gêdhé.
Batangané :
--- Jagad gêdhé iku jagad kang gumêlar iki, déné jagad cilik maksudé manungsa ( angganing manungsa ).
--- Sinorotan surya kêmbar = mripat loro.
--- Ngisor surya ana gunungé siji = irung.
--- Ngisor gunung ana sêndhang loro =
bolonganing irung.
--- Sandhing sêndhang ana guwa gêdhé
= tutuk ( cangkêm ).
Guwa ( tutuk ), iku growongané arang-arang katon, marga lumrahé tutuk iku mingkêm, kajaba yèn anuju gunêman.
Tutuk kang mlongo ( ora mingkêm ) ora apik, sênajan lagi mangan prayoga kêcapé ora mangap, yèn angob uga prayoga ditutupi.
Jroning guwa kinarya umpêtan baya = ilat.
Ilat iku lumrahé warnané sêmu putih.
Baya iku pinagêr rajêg wêsi = untu.
Yèn baya putih nganti ucul mbêbayani bangêt = ilat nganti nguculaké ( ngucapaké ) têmbung ora prayoga, mbêbayani tumrap urip ing alam pasrawungan.
C. Cangkriman Kang Ngêmu Surasa
Bléndéran.
Cangkriman kang isi bléndéran iku, pambatangé kudu luwih ngati-ati bangêt, kudu nimbang-nimbang, karo nggathuk-nggathukaké.
Manawa kurang ngati-ati yèn nganti kêblèndèr ( kêplèsèt ) ing têmbung, sisip-sêmbiré digêguyu.
Tuladha Cangkriman ngêmu surasa bléndéran :
--- 1.
Wudunên iku marakaké sugih pari. ----> maksudé paringisan, marga lara pinuju kêseénggol.
--- 2.
Ngétung usuk wiwit mau kok durung rampung-rampung ----> maksudé turon mlumah.
--- 3.
Ora idhêp isin, wong wis tuwa kok ngguyu tuwa ----> maksudé nangis ( ngguyu yèn nganti kliwat adaté mêtu luhé ).
--- 4.
Dhèwèké wis anguk-anguk kubur ---> maksudé lara nêmên bangêt.
--- 5.
Wah, anaké lanang wis wiwit kluruk ----> maksudé wis ngancik birahi.
--- 6.
Gèk dina Ahad, aku sowan Pak Guru diparingi suguhan opak angin -----> maksudé ora disuguh apa-apa.
--- 7.
Bakalé Cina padha digantngi ---> maksudé bakal klambi ( utawa bahan klambi ) sing padha digantungi.
--- 8.
Wong adol pitik disrimpungi ---> maksudé sing disrimpungi iku sikilé pitik.
--- 9.
Wong adol krambil dikêpruki -----> maksudé krambilé sing dikêpruki.
--- 10.
Wong adol mbako diambungi ---> maksudé mbakoné sing diambungi.
--- 11.
Wong dodol témpé diwudani ----> sing diwudani ( diudhari buntêlané ) iku témpéné.
Cangkriman bléndéran kang kamot ing Kasusastran sinawung têmbang kayata :
Sêkar Macapat Dhandhanggula :
--- Ula-ula tan ana kang mandi.
--- Aja wêdi singa nêmonana.
--- Waton êmpuk pijêtané.
--- Ana mênir sabêruk.
--- Banyu pait yèn tètès lêgi.
--- Banyu bisa sêkolah.
--- Nora bisa luluh.
--- Sapa bisa ngukur méja.
--- Ucêng-ucêng nèng banyu tan bisa urip.
--- Tak kuwat mêlèk sêjam.
Batangané :
--- Ula-ula = iku ora atêgês ulané akèh bangêt, nanging maksudé balung gêgêr ( tulang belakang ).
Pancèné ya ora ana balung gêgêr sing mandi.
--- Singa = iki maksudé sadhéngah wong, dudu singa bangsané macan.
--- Waton = sing dikarepaké dudu waton ambèn, nanging têmbung waton iku karepé janjiné, paugêrané.
--- Mênir sabêruk = iku dudu gêdhéné mênir, nanging akèhé sabêruk
( bêruk = jinising takêran ).
--- Tètès = sing dikarepaké dudu tètès têmbung kriya tètès bangsané sêtrup
( ombèn-ombèn ).
--- Banyu bisa sêkolah = maksudé akèhé, saka têmbung aran kolah ( kulah ).
--- Luluh = luluh iku araning kéwan gêgêlan ( luwing ), dudu luluh atêgês ajur.
--- Ngukur = saka têmbung lingga kukur, dudu sing linggané ukur.
--- Ucêng-ucêng = sing dikarêpaké dêlês
( sumbu ), dudu arané iwak kali.
--- Mêlèk sakjam = sing dikarêpaké dudu suwéné, nanging gêdhé ambané padha karo jam témbok.
--- wjg ---
-----> ana candhaké :
BAB : WANGSALAN XI. 22. B. 12.
0 comments:
Post a Comment