Monday, January 13, 2020

XI. No. 13. B. 3. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : TÊMBUNG GARBA UTAWA SANDI )

 Kasusastran Jawi 13 :


Têmbung Garba :

      Garba iku têgêsé :
1. Wêtêng ( guwa-garba atêgês wêtêng
     ing pérangan dununging bayi ).
2. Sêsambungan, rêrangkèn, 
     gêgandhéngan.

      Nggarba têmbung têgêsé : nggandhèng têmbung loro utawa luwih, supaya suda cacahing wanda.

      Têmbung garba têgêsé : têmbung rêrangkèn, yaiku têmbung loro utawa luwih kang digandhèng dadi siji lan banjur suda cacahing wanda.

      Têmbung garba utawa sandi  lumrahé kanggo ing Kasusastran kang sinawung ing têmbang.  Samangsa ana gatra kang kakéhan wandané, pangripta bisa ngungkrêt wanda mau sarana nggarba têmbungé.


Tuladha Têmbung garba sinawung têmbang.

              Sêkar Macapat Sinom

 ( Abimanyu kèrêm. Karangan M. Sukir )?

1.
---  Nahênta gancaring kata.
---  Mangka bêbukaning tulis.
---  Karajan Jênggalarêtna.
---  Inggih praja Dwarawati.
---  Wênang ingucap bilih.
---  Nagari panjang apunjung.
---  Kang jumênêng naréndra.
---  Maha Prabu Arimurti.
---  Ajêjuluk Narapati Padmanaba.


2.
---  Wau ta Sri Naranata.
---  Miyos siniwakèng dasih.
---  Alênggah dhampar kêncana
---  Pinatik ing sêsotyadi.
---  Pêpak andèr kang nangkil.
---  Sadaya marikêlu.
---  Kang munggwing byantaréndra.
---  Putra pangéran dipati.
---  Anom Radyan Samba lêlancuring praja.

   

                Sêkar Macapat Sinom

                (    Langendriyan    )

1. 
--- Lah sira iku wong apa.
--- Wani malbèng taman sari.
--- Rupamu bagus taruna.
--- Pinangkanira ing ngêndi.
--- Lan sapa kang wêwangi.
--- Angakua mumpung durung.
--- Palastra siya-siya.
--- Baya tan kulak pawarti.
--- Lamun Bisma lagya winowong Jawata.


2.
--- Sun iki dutaning Nata.
--- Prabu Kênya Majapait.
--- Kekasih Damarsasangka.
--- Atma-mantuné Ki Patih.
--- Magang anyar awak mami.
--- Lah ta Bisma praptaningsun.
--- Ingutus Sang Narpéndah.
--- Kinèn mocok murdantaji.
--- Marma ingsun ingutus ywa mindho 
     karya.


Katrangan :

      Naréndra garbané têmbung = nara + éndra.
Nara =  wong.
Éndra = ratu.
Naréndra = wong kang dadi ratu 
( ngratoni ).

Pêpadhané---> Narèswara. ----> Nara + iswara. 
Nara =  wong
Iswara =  bêndara, gusti.
Wong kang binandara, wong kang ginusti-gusti ----> yaiku Ratu.
Narapraja = wongé nêgara, punggawaning nêgara ---> têmbung liya piyayi ( basa pacalathon dadi priyayi ).

     Naragiyota = wongé prahu, wong kang dadi punggawaning prahu.
Giyota = prahu.

    Siniwakèng = siniwaka + ing = lênggah
     diadhêp.

    Sêsotyadi =  sêsotya + adi = sêsotya = 
     linuwih.

     Byantaréndra =  byantara + éndra = 
     ngarsané ratu.
     Malbèng = malebu + ing.

     Narpéndah = narpa + éndah = ratu kang éndahing warna Ratu Ayu Kêncanawungu.

     Murdantaji = murda + kita + aji 
Murda = sirah.
Kita   =  kowé.
Aji   =  ratu.
Sirahmu, ya sirahé Sang Aji kang lagi wawan sabda karo Damarwulan.


Pêpèngêt :

1.
--- Têmbung loro kang siji-sijiné tanpa aksara y, manawa digarba banjur mawa aksara y.
--- Iki kasebut Garba Sutrayé.
--- Dupi + antuk = dupyantuk.
    Sami + arsa = samyarsa.


2.
--- Têmbung loro kang siji-sijiné tanpa aksara w,  manawa kagarba banjur mawa aksara w.
Iki kasebut Garba Sutrawan.
--- Jalu + éstri = Jalwestri.
--- Ratu + agung = Ratwagung.


3. 
--- Têmbung kang kagarba karo têmbung maha, têmbungé maha, mung kaucap mah.
Iki diarani Garba Warga h.
--- Maha + raja = Mahraja ( ratu linuwih/agung ).
--- Maha + rêsi = Maharsi ( rêsi linuwih ).


4.
--- Têmbung garba iku tumrap kawruh Paramasastra diarani têmbung Camboran Tugêl.


5.
--- Têmbung garba nanging akèh kang nganggêp têmbung lingga.
--- Srêngéngé = Sang + hyang + wé.----> déwaning dina, awan.
--- Têngangé = têngah + ing + wé ----> têngah-têngahing dina, awan.
--- Klabang =  kala + abang.
--- Kêbombang = kêbo + abang ----> sapi.
Kêbombang kalêbu wangsalan kang atêgês kapiran ora ana sing ngréwangi nandangi pagawéan kang arêp ditindakaké amarga kêtinggal kanca.


Déné têmbung garba liyané :

  1. Maskwari = masku + ari ----> 
      nyêbut kêkasihé.
  2. Kalokèngrat = kaloka + ing + rat --->
      misuwur.
  3. Kêbwalasan = kêbo + alasan ---> 
      kêbo alas.
  4. Yèku = iya + iku.
  5. Lagyantuk = lagi + éntuk.
  6. Sêdyarsa = sêdya + arsa.
  7. Tumujwèng = tumuju + ing.
  8. Pakyarsa = paksa + arsa.
  9. Jalwèstri = jalu + èstri.
10. Sarwyanjogèd = sarwi + anjogèd.
11. Lumakwèng = lumaku + ing.
12. Kajwarèng  = kajuwara + ing.
13. Wadwaji   = wadu + aji ( abdi ratu ).
14. Mahraja = maha + raja.
15. Dupyarsa = dupi + arsa.
16. Nujwarip = nuju + arip.
17. Dhêmênyar = dhêmên + anyar.
18. Maharsi  = maha + rêsi.
19. Taksyalit = taksih + alit.
20. Dadyéwuh = dadi + éwuh.
21. Ratwagung = ratu + agung.
22. Sudirèng = sudira + ing.
23. Kapindra  = kapi + éndra.
24. Kawindra = kawi + éndra ( pujangga ).
25. Ratwambêk = ratu + ambêk 
      ( ratu pinandhita ).


                    --- wjg ---


-----> ana bacuté : 
        BAB :  RURA BASA  XI. 14. B. 4.

0 comments:

Post a Comment