Wednesday, January 15, 2020

XI. No. 18. B. 8. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : B Ê B A S A N )

 Kasusastran Jawi 18 :


Bêbasan :

      Bêbasan iku : unèn-unèn sing ajêg panganggoné  ngêmu surasa pêpindhan, lan sing dipêpindhanaké iku kahanané wong, utawa tindak-tanduké.


        Tulaha I :

--- Wastra bêdhah, kayu pokah.

Têmbung wastra têgêsé wantah (lugu ) : jarit, sandhangan.
Têmbung kayu ya wantah, saka têmbung aran kang kramané kajêng. 


      Nanging ing unèn-unèn wastra bêdhah, kayu pokah  iku têmbung wastra  ngêmu pêpindhaning kuliting manungsa, têmbung kayu ngandhut maksud pêpindhaning balunging manungsa.

      Ukara ndhuwur mau ngêmu surasa : Wong kêtaton nganti katon dagingé, sarta putung balungé ( Wong tiba kang katon dagingé tur balungé tugêl ).


      Tuladha II :

--- Ngudang siyungé Bathara Kala.
Unèn-unèn kasêbut diarani bêbasan kang nganggo basa rinêngga.
Tumêkané bêbasan iku sarana dongèng mangkéné :

      Bêthara Kala munggah mênyang Kahyangan sapêrlu nggolèki bapaké yaiku Bathara Guru.
Bathara Guru gêlêm ngakoni anak, lamun Bathara Kala gêlêm kajabut siyungé loro kiwa-tengên kang gawé ala rupané.
Barêng kajabut, siyung mau dadi keris kaparingaké Raden Janaka ( Pulanggêni lan Kalanadhah ).

       Nganti sapréné yèn ana wong nantang sudukan kabasakaké ngudang siyungé Bathara Kala .


     Bêbasan iku akèh bangêt, ana sing dhapukané lumrah, ana sing nganggo purwakanthi guru swara.


Déné unèn-unèn kang kalêbu bêbasan yaiku :

  1. 
Kêbak luber kocak-kacik = wong kang owah pikiré lumrahé marga kabotan ngèlmu gaib.

  2. 
Lahang karoban manis = wong kang rupané bagus/ayu, tur tumindaké apik ( luhur budiné ).

  3. 
Nabok nyilih tangan = namakaké pênggawé ala sarana kongkonan wong liya.

  4.
Kocak iku tandha lokak : wong sugih omong ( umuk ), pratandha durung akèh kawruhé. Lukak ( ora kêbak ).

  5. 
Suduk gunting tatu loro = "nindakaké sawijing bab wusanané nandhang kapitunan luwih saka sawarna.

  6. 
Nyangoni kawula minggat = ndadani barang kang wis rusak bangêt, têrkadhang biayané kêna kanggo tuku luwih apik.

  7. 
Nitipaké daging saêrép = masrahaké anak marang wong kang ngêpèk bojo ( rama kuwalon ) Saêrép = saêlèr, satêngkêl  sablèbèk.

  8. 
Ngaub awar-awar = ngawula marang wong mlarat ( ora duwé psnguwasa ).

  9. 
Cêblok alu = wong loro nggarap pagawéan, tumindaké gênténan.

10. 
Ngrêgêm kêmarung = momong wong kang angèl atèn-atèné, bisa-bisa gawé cilakané sing momong.
Kêmarung = oyod gêmbili kang mawa êri.

11. 
Srama pinggir jurang = wong wèwèh kang bisa gawé cilakané kang wèwèh utawa kang diwènèhi.
Srama = pawèwèh.

12. 
Lanang kêmangi = wong lanang kang jirih.
Kêmangi = godhong kanggo bumbu pêcêl.---> wong jirih bêcik dipêcêl.

13. 
Bêras wutah arang mulih marang takêrané = barang kang wis owah, arang bangêt bisa pulih kaya asalé.

14. 
Ora ganja ora unus = wong rupané kuciwa, atiné ya ala.
Bêbasan : nggêdêbog bosok.

15. 
Sawat abalang wohé = nglamar wanita/priya  alantaran sêduluré sing dilamar.

16. 
Ora uwur ora sêmbur = wong tuwa kang ora mènèhi pawitan apa-apa karo anaké.

17. 
Ngagar mêtu kawul = wong ngojok-ojoki, nanging ora pasah.

18. 
Nututi barang wis tiba = nusuli rêmbug kang wis kawêtu.

19. 
Nututi layangan pedhot = ngupaya baliné barang rèmèh kang ilang ( ora gutuk karo rêkasané ).

20. 
Kêrot tanpa untu = duwé panjangka, tapi ora duwé wragad.

21. 
Idu didilat manèh = njabêl janji kang wis dilairaké ( kuduné ora kêna babar pisan ).

22. 
Madu balung tanpa isi =  rêgêjêgan barang kang sêpélé.

23. 
Padu jiwa dikanthongi = pintêr padu marga pintêr ngikal basa.

24. 
Lawanan banda =  mêmungsuhan karo wong lagi nandhang apês.

25. 
Ngangsu banyu ing kranjang = mêguru barêng wis éntuk ngèlmu ora dipigunakaké.

26. 
Ngubak-ubak banyu bêning = gawé rêrusuh ing panggonan kang yata-têntrêm.

27. 
Dikêna iwaké aja nganti buthêk banyuné = kang sinêdya bisa kêna, nanging aja nganti gawé gêndra.

28. 
Êmban cindhé êmban siladan = ora padha pangrêngkuhé siji lan sijiné. Silidan = inis pring.

29. 
Bathang lêlaku = wong siji lumaku adoh, ngambah dalan kang mbêbayani. Yèn wong loro bathang ucap-ucap,  yèn wong têlu gotong mayid.

30. 
Nyugokaké bugêl kayu sêmpu = njagokaké wong bodho, marga isih mambu sêdulur utawa mitra rakêt.

31. 
Cikal atapas limar = kabêgjan kang langka ( tuku lêmah, isi pêndhêman raja brana ).

32. 
Katon cêpaka sêwakul : disênêngi dening wong akèh.

33. 
Ramban-ramban tanggung = ngèmbèt wong liya, tanpa cumêplos jênêngé ( pêndakwan ).

34. 
Othak-athik didudut angèl = rêmbugé katon gampang, barêng ditêmêni jêbul angèl.

35. 
Gumêmbrang ora adang = kélangan êntèk-êntèkan. Pari gumêmbrang  pari gabug disêrang ama.

36. 
Nglungguhi klasa gumêlar = kari nêmu pénaké, kabèh wis sarwa miranti/cumawis.

37. 
Glundhung suling = wong lanang omah-omah ora nggêgawa apa-apa.
Glundhung sêmprong = wong wadon omah-omah ora gawa apa-apa.

38. 
Mbalung usus = kêkarêpan kang kêndho-kêncêng.

39. 
Dicuthat kaya cacing = ditundhung kanthi cara kang siya bangêt.

40. 
Dudu bêrasé ditêmpuraké = urun rêmbug ora salaras karo kang dirêmbug.

41. 
Sêdhakêp ngawé-awé = wis mari pênggawé ala, batiné isih kêpèngin nindakaké.

42. 
Wêdi rai  wani silit = waniné ana mburi, yèn sapangarêpan ora wani.

43. 
Wong wadon cowèk gompèl = wong wadon mung gumantung sakarêpé wong lanang.

44. 
Pandêngan karo Srêngéngé = mêmungsuhan karo wong kang nduwèni panguwasa.

45. 
Pandhitaning antêlu = lahiré katon suci, batiné ala mêrga sênêng panggawé ala. 
Antêlu = antiga.

46. 
Nyêmpal sambi mancal = wong ngawula minggat kanthi nggawa barang-barangé sing dikawulani.

47. 
Nyunggi lumpang kènthèng =  ngalap wanita dharahing aluhur, niyaté golèk pangauban, nanging ora sumbut karo aboting tanggungané.
Lumpang kènthèng = lumpang watu.

48. 
Awak pêndhèk, budi ciblèk = turuné wong asor, nistha tindakané

49. 
Kêlacak kêpatak = ora bisa mungkir mêrga wis kabuktèn.

50. 
Durung kêbak kêsêlak jujul = durung akèh kapintêrané, kêsêlak kepéngin mamèraké.

51. 
Adol lênga kari busik = dundum, awaké dhéwé ora kanduman.

52. 
Nyèrèd pring saka pucuk = pegawéyan kang gampang, dadi angèl marga klèru patrapé.

53. 
Nggutuk lor kêna kidul = wong nyêmoni.
Padha karo krosak ing kéné, gêdêbug ing kana.

54. 
Lambé setumang kari samêrang = mituturi bola-bali, sing dituturi ora nggapé.

55. 
Diwènèhi ati ngrogoh rêmpêla = wis dilonggari, njaluk dilonggari manèh.

56. 
Ora têmbung ora lawung = nyilih barang ora têmbung karo sing duwé.

57. 
Ora totok-jawil = ora ngabari ora njaluk pamrayoga karo wong sing kudu dijaluki pamrayoga.

58. 
Nggêgalak racak nênangi kêmrêki = nggugah marang kêkarêpan ala.

59. 
Sandhing kirik gudhigên = srawung karo wong ala.
Sandhing kêbo gupak = sandhing cèlèng bolotên. Bolot = guluhé cèlèng.

60. 
Lawas-lawas kawongan godhong = wong ngawula suwé-suwé ora kanggo.

61. 
Nyundhang bathang banthèng = ndadèkaké priyayi dharahing aluhur kang wis apês.

62. 
Nguthik-uthik macan dhédhé = gawé nêpsuné wong kang wis lilih anggoné nêpsu.

63. 
Singidan nêmu macan = niyaté nyamur laku, jêbul konangan.


Pêpèngêt :

        Bêbasan iku ana sing sok kêlantur kayata : Madu balung tanpa isi têrkadhang kêlantur Madu balung kêpèsing.
        Kêjaba iku bêbasan iku tuwuhé ana gêgayutan karo kadadéyan kang wis klakon.


Kayata :

1. Padu jiwa dikanthongi.

--- Ing jaman biyèn ana wong pintêr ngikal basa jênêngé Jiwa.
Saking pintêré lamun pêpadon mêsthi mênang sênajan kuwi salah.
Mulané yèn ana wong padu mênang sarana pintêré ngikal basa, ditêmbungaké padu jiwa dikanthongi.

2. Kêpatak kêlacak.

--- Ing jaman kuna ana wong nyolong kêbo, barêng dilacak tapaké nganti tumêka omahé sing nyolong kabuktèn wêrna loro yaiku lacak lan patak, mula ora bisa mungkir.
Dadi yèn ana wong luput kadakwa ora bisa mungkir dibasakaké kêpatak kêlacak.


     Bêbasan iku uga ana kang sinawung ing têmbang kayata :

  I.   Sêkar Macapat Dhandhanggula

--- Nadyan julig lakuné wong maling.
--- Nora wurung bakal kuwanguran.
--- Yen wis kêbak sundukané.
--- Têmah camah tinêmu.
--- Saturuné dipun cirèni.
--- Sinarang para rowang.
--- Dèn dohi sadulur.
--- Marma poma aywa padha.
--- Laku juti wasanané nêniwasi.
--- Kêbak rubêd rubéda.

        Ukara sing muni Wis kêbak sundukané iku diarani bêbasan kanggo nêmbungaké wong kang wis akèh bangêt kaluputané.

         Ing jaman kuna, wong tuwa ( êmbah ) lumrahé padha nyimpên sunduk  kanggo nyunduki apa-apa sing kêna disunduk, minangka pangèling-èling kaluputané anaké utawa putuné.
         Sabén ngêrti kaluputané banjur kanggo nyunduk barang.  Saya akèh kaluputané, saya akèh sing disunduk.
Atêgês manawa sundukané wis kêbak, atêgês akèh bangêt kaluputané.

          Bebasan kasêbut ing ndhuwur, cundhuk karo bêbasan kang uniné Olèh étungané, luput sunduké kang atêgês mungguh akal wis bênêr, nanging barêng dicakaké jêbul wohé ora apik.


          
   II. Sêkar Sinom :

1. 
--- Wau bagus Pranacitra.
--- Lagya kapêtêngên galih.
--- Amujung nèng pasaréan.
--- Kongsi byar siyang tan tangi.
--- Harda sungkawèng galih.
--- Tan néndra kéwala mujung.
--- Kang dadya raosing tyas.
--- Miyarsa ujar pawarti.
--- Têmbung rawat-rawat titir pinajaran.


2.
--- Lidhah sinambungan karna.
--- Binadhung kalamun mangkin.
--- Angadêgakên kalangan.
--- Tumênggung Prawiramantri.
--- Kalangan puyuh tuwin.
--- Sawung gêng-gêngan tohipun.
--- Kang para botoh prapta.
--- Pra bagus para priyayi.
--- Para lurah ngabèi kalawan dêmang.

        ( Buku Pranacitra ).


     Ukara titir pinajaran tumrap gancaran titir pinajaraké.

     Lidhah sinambungan tumrap gancaran lidhah sinambung.

--- Titir pinajaraké = dhawuh kang ditundhakaké.

--- Lidhah sinambung = timbal-tinimbal, sambung- sinambung, tundha-tumundha.

--- Bandhung = gêdhé, rangkêp, barêng.

--- Karna binandhung = kuping kang wis dirangkêp, mung krungu saka kuping liya.


Pêpèngêt :

--- Manawa paribasan, bêbasan, saloka, wangsalan, cangkriman, sanépa sinawung ing têmbang, têtêmbungan kêna kaulur utawa kaungkrêt kanggo njumbuhaké guru lagu, utawa guru wilangan.


                     --- wjg ---


-----> ana candhaké :
        BAB : SALOKA  XI. 19. B. 9.

0 comments:

Post a Comment