Sunday, January 5, 2020

XI. No. 1. A. BAB : KASUSASTRAN ( BAB : WÊRDINING TÊMBUNG KASUSASTRAN )

 Kasusastran Jawi 1  :


Wêrdining Têmbung Kasusastran :

     Têmbung Kasusastran asalé saka têmbung susastra kang oleh atêr-atêr " ka " lan panambang " an ".

     Têmbung susastra iku dudu têmbung lingga, anut paramasastra diarani têmbung lingga andhahan.

      Déné têmbung linggané susastra iku " sastra ", kang olèh atêr-atêr " su " .
Atêr-atêr " su " iku têgêsé : linuwih, pinunjul, éndah, apik bangêt.

      Têmbung lingga sastra asalé saka têmbung wod " syaas " , kang nduwèni têgês : wulang, wuruk.
Wanda wuwuhan" tra " mratélakaké têmbung aran.

       Têmbung syaastra, lumrahé ing jaman saiki ditulis sastra, kang nduweni têgês : tulis, wêwaton, paugêran, piwulang, kawruh, layang kang isi kawruh  karangan.

        Susastra atêgês : tulis kang linuwih, wêwaton linuwih, paugêran kang pinunjul, piwulang kang apik, kawruh kang éndah.

         Kasusastran têgêsé : kawruh utawa kagunan kang apik, kagunan kang éndah, yaiku kagunan kang isi basa kang éndah, utawa basa kang apik lamun rinasa.

         Wong guna kang bisa mahyakaké bab-bab kanthi basa kang éndah diarani " PUJANGGA " .



                           --- wjg ---

 ------> ana candhaké : 
           BAB :  KASUSASTRAN JAWI
           XI. 2. A. 1.

0 comments:

Post a Comment