Saturday, February 1, 2020

XI. No. 26. B. 16. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : GÊGURITAN )

 Kasusastran 26 :


Gêguritan :

     Têmbung " Guritan " asalé saka têmbung lingga " gurit " kang nduwèni têgês :

1. Tulisan kang awujud tatanan.
2. Kidung utawa têmbang.

     Nggurit  atêgês :

1. Ngarang têmbang utawa kidung, utawa 
     rêrêpèn.
2. Nglagokaké têmbang utawa kidung, 
     utawa ngrêrêpi.

        Guritan iku kalêbu golongané têmbang utawa lêlagon kang nganggo Purwakanthi Guru Swara.

      Déné paugêran Guritan kang sampurna yaiku :

1. 
--- Cacahing gatra ora ajêg, lumrahé sêthithiké patang gatra.

2. 
--- Cacahing wanda gatra siji karo sijiné panggah padha.

3. 
--- Dhong-dhinging swara utawa guru laguné ing kabèh wêkasaning gatra runtut nganggo Purwakanthi guru swara.

4. 
--- Sangarêping ukara ( gatra ) kang wiwitan nganggo bêbuka tinulis " Sun nggêgurit ".
Nanging ora atêgês sabén saguritan kudu nganggo bêbuka mau.
Têmbung bêbuka mung siji nalikané miwiti nulis.

          Saguritan tumrap têmbang Macapat diarani " Sapada gêdhé ".

       Tuladha :

Sun anggurit : 

I.   
--- Kahanan jaman saiki,
--- Sipat pêmudha-pêmudhi,
--- Srawungé saya ndadi.
--- Rakêt wêwékané sêpi.
--- Tan kadi dhuk jaman nguni,
--- Srawung sarwa ngati-ati.


II. 
--- Yèn manut wasitèng kuna,
--- Priya srawung  lan wanita,
--- Gampang kêtaman panggodha,
--- Nêrak ing laku susila.
--- Têmah darbé jênêng ala. 
--- Wasanané nandhang papa.


                       --- wjg ---


-----> ana candhaké : 
        BAB :  UKARA SÊSUMBAR  
        XI. 27. B. 17.


0 comments:

Post a Comment