Saturday, January 11, 2020

XI. No. 6. A. 5. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : PÊDHOTAN GATRA TÊMBANG )

 Kasusasatran Jawi  6 :


Pêdhotan Gatra Têmbang :

          Pêdhotan iku kanggo andhêging napas nalika nglagokaké têmbang.

        Têmbung pêdhotan sawênèh ana sing ngarani wirama, iku yêktiné klèru, sêbab wirama iku atêgês rindhik-rikating swara.

          Déné pêdhotan gatra têmbang iku ana warna loro yaiku :

1. Pêdhotan Kêncêng.
2. Pêdhotan Kêndho.

Wijang-wijangé mangkéné :

Pêdhotan Kêncêng : yaiku pêdhotan kang têmbungé ora wutuh utawa têmbungé tugêl ( ora tiba wêkasaning têmbung ).

~~ Tuladha :

Têmbang Kinanthi gatra kapisanan :
--- Anoman ma ; lumpat ; sampun 
      ---> 4 ; 2 ; 2.

         Déné kang apik iku, pêdhotan kang tiba ing wêkasaning têmbung, kang diarani pêdhotan kêndho.

         Ing kéné sing bakal kajlèntrèhaké yaiku pêdhotan kang apik utawa pêdhotan kêndho.  
Amarga luwih cêtha maksudé ukara lamun dadiné têmbang.


         Wêwaton pêdhotan kêndho :

1. Gatra kang isi 5 wanda, kapêdhot :
    3 ~ 2 utawa  2 ~ 3.

Kayata :
Durma gatra kaping 6 :
--- Kadanga ~ déwa --->   3 ~ 2.
--- Kocak ~ samodra --->   2 ~ 3.



2. Gatra kan isi 6 wanda, kapêdhot : 4 ~ 2. 
     utawa 3 ~ 3.  utawa  2 ~ 4.

Kayata :
Mijil ing gatra kaping 2 :
--- Dunungé ~ adoh ---------->   4 ~ 2.
--- Gumrojog ~ toyanjog --->   3 ~ 3.
--- Aywa ~ anyalêmong ---->    2 ~ 4.


3. Gatra kang isi 7 wanda, kapêdhot :
    4 ~ 3  utawa  3 ~ 4 utawa  2 ~ 3 ~ 2.

Kayata:
Pangkur ing gatra kaping 4 :
--- Kanthi dora ~ wicara ------->   4 ~ 3.
--- Mundhu lit ~ dhaunira ------>  3 ~ 4.
--- Yèn tan ~ mikani ~ rasa --->  2 ~ 3 ~ 2.



4. Gatra kang isi 8 wanda, kapêdhot : 
    4 ~ 4  utawa  3 ~ 3 ~ 2  utawa  
    3 ~ 2 ~ 3.

Kayata :
Maskumambang ing gatra wêkasan :
--- Dhêdhêp-tidhêm ~ sabuwana ----> 4 ~ 4.
--- Tanapi ~ sagung pra ~ wadya --->
     3 ~ 3 ~ 2.
--- Bimanyu ~ kèrêm ~ ing tirta --->
    3 ~ 2 ~ 3.



5.Gatra kang isi 9 wanda, kapêdhot 4 dhisik, turahé manut wêwaton gatra 5 wanda.

Kayata :
Dhandhanggula gatra kang kaping lima :
--- Akawuryan ~ sangyaning ~ dhasih
     ----> 4 ~ 3 ~ 2.
--- Apan ana ~ ingkang ~ akardi --->
    4 ~ 2 ~ 3.



6. Gatra kang isi 10 wanda utawa luwih, kapêdhot 4 dhisik, banjur kapêdhot manut wêwaton gatra kang isi 6 wanda, turahé yèn ana, manut gatra kang isi 7 wanda.

Kayata :
a). Sinom gatra wêkasan : 12 wanda :
--- Lintring-lintring ~ lir limun nèng ~   
    jroning gêlas ----> 4 ~ 4 ~ 4.


b). Pangkur ing gatra kapindho : 11 wanda :
--- Mrih tan kêmba ~ kêmbênganing ~ 
    pambudi ----> 4 ~ 4 ~ 3.


c). Mijil ing pada katêlu : 10 wanda :
--- Wani ngalah ~ luhur ~ wêkasané --->
    4 ~ 2 ~ 4.


d). Mêgatruh ing gatra kapisan : 12 wanda :
--- Sigra milir ~ kang gèthèk ~ sinangga ~      bajul ---->  4 ~ 3 ~ 3 ~ 2.



                       --- wjg ---


-----> ana candhaké : 
        BAB : BALISWARA LAN
        DAYASASTRA  XI. 7. A. 6.



        

0 comments:

Post a Comment