Monday, January 13, 2020

XI. No.14. B. 4. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : TÊMBUNG RURA BASA )

 Kasusastran Jawi 14 :


Têmbung Rura Basa :


      Têmbung rura utawa rurah iku nduwèni têgês rusak.
Têmbung rurah iku tinêmu ana ing Kasusastran kang sinawung ing têmbang.


Tuladhané 1 :

 
        Sêkar Macapat Sinom :

---  Mangkya darajating praja.
---  Kawuryan wus sunyaruri.
---  Rurah pangrèhing ukara.
---  Karana tanpa palupi.
---  Para paramèng Kawi.
---  Kawilêting tyas malat kung.
---  Kongas kasudranira.
---  Tidhêm tandhaning dumadi.
---  Hardayèngrat déning karoban rubéda.

( buku Kalatidha ; R. Ng. Ranggawarsito ).


     Rura basa atêgês : basa kang rusak, basa luput kang wis ora kêna dibênêraké.  Olèhé ora kêna dibênêraké, jalaran pancèn ora lumrah mênawa dibênêraké.
Yèn dibênêraké, malah dadi basa sing ora lumrah, utawa basa kang anèh, ora kaprah kanggo.


Tulada 2 :
 
        Sêkar Macapat Pocung :

---  Timbang nganggur, nggodhog-
     nggodhog wédang ta ndhuk.
---  Golèka nyamikan.
---  Sukur bangsa klêthik-klêthik.
---  Kêna kanggo bah-obah janggut 
     prayoga.


Katrangan :

    Ukara nggodhog wédang yèn dirasakaké lan digagas, satêmêné klèru utawa luput.
Sing digodhog iku dudu wédang nanging banyu.

    Kêna diarani wédang iku banyu sing wis digodhog.

      Nanging saupama anggoné ngucapaké nggodhog banyu supaya dadi wédang, senajan bênêr, nanging ora kaprah.  

     Mula têmbung mangkono iku diarani rura basa.


Tuladha liyané kayata :

  1.  Ngulêg sambêl.
  2.  Adang sêga.
  3.  Mikul dhawêt.
  4.  Ndhêplok gêthuk.
  5.  Nglêlês coban   ( nglêlês lulub dadi 
       coban ).
  6.  Ndondomi clana.
  7.  Mbathik ikêt.
  8.  Ngênam klasa.
  9.  Mbuntêli témpé.
10.  Ngêkum landha ( ngêkum arêng 
       mêrang supaya dadi landha ).
11. Lsp.


                       --- wjg ---


--->  ana candhaké : 
       BAB : KÉRATA BASA XI. 15. B. 5.




0 comments:

Post a Comment