Tuesday, January 14, 2020

XI. No. 17. B. 7. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : PARIBASAN )

 Kasusastran Jawi 17 :


Paribasan :

      Sadurungé nêrangaké bab PARIBASAN, pangimpun pêrlu mêdharaké andharan kaya kasêbut ngisor iki.

    Kagawa saka kadrênging ati kumudu-kudu mangêrtèni béda-bédané PARIBASAN, BÊBASAN, lan SALOKA, 
pangimpun ora wêgah narutus takon marang wong-wong kang kalêbu sênêng  marsudi basa Jawa.  
    Nanging katrangan siji-sijiné têrkadhang adoh sungsaté, malah ana sing ngalor-ngidul blêjêd.
    Malah ana sing waton nêrangaké, uga ana sing nêrangaké nganggo waton, yaiku awèh dalan supaya mbukaka Buku Bausastra Jawa.

       Tinêmu pangajapé pangimpun mbukak Bausastra Jawa ing pérangan ngarep tinulis :

--- Bêbasan : têtêmbungan ( ukara ) kang ajêg panggonané.

--- Paribasan : têtêmbungan ( ukara ) saèmpêr saloka  nanging têgêsé wantah dudu pêpindhan.
     Jêbul ing pérangan liya ana katrangan kan uniné mangkéné :

       Bêbasan,  têtêmbungan kang ngêmu têgês pêpindhan.


        Manut katrangan iki, unèn-unèn bêcik kêtitik, ala kêtara ora kêna diarani bêbasan, sêbab ora ngêmu têgês pêpindhan.

Mangka ing ngarêp wis kasêbutaké mênawa unèn-unèn kasêbut klêbu bêbasan.
Dadi rumasaku katrangan mau ngalor-ngidul.  
        Unèn-unèn asu bêlang kalung wang ing Bausastra kalêbu éwoning paribasan.

          Wondéné kang katulis déning pangimpun ngisor iki, saringané saka wong-wong kang marsudi Basa Jawa.

         Mangkéné olèhé mbédakaké PARIBASAN, BÊBASAN, SALOKA :

--- 1. Paribasan :
Unèn-unèn kang ajêg panganggoné, nanging atêgês wantah, ora ngêmu surasa pêpindhan.

--- 2. Bêbasan :
Unèn-unèn kang ajêg panganggoné, isi surasa pêpindhan, sing dipêpindhakaké iku kahanané wong, têrkadhang tindak-tanduké.

--- 3.Saloka : 
Unèn-unèn kang ajêg panganggoné, isi surasa pêpindhan.
Sing dipindhakaké wongé ( bisa karo kahanané ).


Tuladha :

1. PARIBASAN :
  --- Angon ulat ngumbar tangan ( wantah ).

2. Bebasan :
--- Nututi layangan pêdhot ( pêpindhan
     kahanané ).

3. Saloka : 
--- Kêbo bulé mati sétra  ( pêpindhan
    wongé ).


      Paribasan iku cacahé akèh bangêt, malah ana sing ikêtané ukara nganggo purwakanthi.


Tuladhané :

--- 1. Gêcul kumpul  bandhol ngrompol.

       Têmbung gêcul iku ora ngêmu surasa pêpindhan, atêgês wantah.
Mangkono uga bandhol atêgês wantah.  Déné têmbungé liya kang nunggal misah karo gêcul lan bandhol, yaiku ndhugal, clunthangan.  Paribasan mau mêsthi nggo maribasakaké wong kang ndhugal kumpul karo wong kang ndhugal.

         Paribasan gêcul kumpul, bandhol ngrompol iku dhapukané ukara nganggo purwakanthi guru swara.
Nanging sarèhning ukara iku isi paribasan aja diarani ukara purwakanthi, sampurnané diarani paribasan kang nganggo purwakanthi guru swara.


--- 2. Kulak warta, adol pangrungon.
        Unèn-unèn ing ndhuwur uga diarani paribasan, sênajan isi surasa éntar.  Nanging panganggoné tansah ajêg, ora kêna diowahi.
Yèn éntar, panganggoné bisa kadhapuk liyané.
Kayata têmbung gêdhé, bisa kadhapuk ora ajêg.


Conto : 1

--- Gêdhé  atiné.
--- Gêdhé kêkarêpané.


Conto : 2.
--- Landhêp atiné
--- Pèné landhêp, lsp.

    
--- Unèn-unèn liyané kang kalêbu
      paribasan :


    1. 
Ana catur mungkur =  Ora gêlêm ngrungokaké cêcaturan kang kurang prayoga.

    2. 
Undhaking pawarta sudaning kiriman =  Kabar lumrahé mundhak saka kanyatan, nanging kiriman lumrahé suda saka asliné.

    3. 
Adigang, adigung, adiguna = ngêndêlaké kêkuwatané, kaluhurané, kapintêrané.

    4. 
Kêpara kêpéré = ora padha pangêdumé, ana sing kaduk, ana sing kêsêthithikên.

    5. 
Blaba wuda = marga saka lomané, nganti uripé dhéwé kêcingkrangan.

    6. 
Durung pêcus kêsêlak bêsus = durung kuwat, wis duwé panjangka sing ora-ora.

    7. 
Dudu sanak dudu kadang, yèn mati mèlu kélangan = wong liya nanging yèn nganti nandhang ora kêpénak, mèlu ngrasakaké prihatin.

    8. 
Mbidhung api rowang = sumêdya maéka, nanging réwa-réwa asung pambiyantu.

    9. 
Nambung laku / Tambuh laku = api-api ora ngerti.

 10. 
Criwis cawis =  dipréntah sajak wêgah karo maidoni, nanging têtêp nindakaké préntahé.

 11. 
Cêkoh régoh = wong kang wis jêmpo ora bisa ngglawat.

 12. 
Cobolo mangan têki = wong bodho ora pantês mangan panganan salumrahé.

 13. 
Kuncung nganti gêlung = wiwit cilik nganti têkan déwasa.

 14. 
Kongsi jambul wanên = kongsi tuwa bangêt.

 15. 
Tulung mênthung = têtulung  gawé sêngsarané sing ditulungi.

 16. 
Saksi rumêmbé = saksi susulan ( sakawit kandha duwé saksi siji, pamburiné duwé saksi loro utawa luwih ).

 17. 
Dahwèn ati opèn = nacat mêrga duwé mèlik sing dicacat.

 18. 
Tan-tan tuman = bisa kuwat mêrga kulina ( tan-tan wancahané : tahan-tahan )

19. 
Wêlas têmahan lalis = wêlas marang sawijing wong, malah gawé cilakané sing diwêlasi ( mêrga mêlas mbanjur mbantu, sing dibantu kurang prihatin marga ngêndêlaké pitulungan ).

20. 
Nyolong pêthèk = ora pas karo pêthèké ( dipêthèk pintêr jêbul bodho ).

21. 
Giri lusi janma tan kêna ingina = manungsa ora kena diina ( no.20 ).

22. 
Obah ngarêp, kobèt mburi = pêngarêpé tumindak, andhahané mêsthi mèlu.

23. 
Ciri wanci lêlai ginawa mati = padatan ala ora bakal ilang yèn durung tumêka pati.

24.
Kinêban lawang tobat = ora olèh pangapura karo Gusti Allah.

25. 
Kadang konang = sing diaku sêdulur mung sing nduwèni dêrajat.

26. 
Tunggal wêlad = sêdulur nunggal bapa-biyung.

27. 
Kêtula-tula kêtali = tansah nêmu sangsara/cilaka.

28. 
Kalah cacak mênang cacak = samubarang bisa lan orané yèn wis tumandang.

29. 
Njajah désa milang kori = nêkani têkan ngêndi-êndi.

30. 
Sadumuk bathuk sanyari bumi = pêpadon nganti dilabuhi pati.

31. 
Golèk-golèk kêtanggor wong luru-luru = mbutuhaké silihan marang wong kang lagi mbutuhaké uga.

32. 
Jalukan ora wéwéhan = gêlêm njaluk, ora gêlêm awèh.

33. 
Ulat mantêp ati karêp = atiné wis cocog, pancené ya karêp.

34. 
Gliyak-gliyak tumindak = sênajan alon nanging tumindak.

35. 
Jumambak manak, jumêbêng mêtêng = wong kang kêrêp duwé anak ( yèn anaké rambuté jumêbêng, mêtêng. Yèn anaké jumambak manak ).

36. 
Njunjung ngantêbaké = ngalêmbana, nanging karêpé ngasoraké.

37. 
Swarga nunut, nêraka katut = kabêgjané gumantung ana bojoné.

38. 
Durung ilang pupuk 
bawangé/lêmpuyangé = isih bayi.

39. 
Ana dhaulaté ora ana bêgjané = arêp ana bêgjané, nanging ora sida tumiba.

40.Kêplok ora tombok = mèlu sênêng, ora mèlu wragad.

41.Yatna yuwana, léna kêna = sapa wêwéka raharja, sing sapa pêpéka cilaka.

42. 
Léngkak-léngkok, ora wurung ngumbah popok = wong ditari jêjodhoan ora gêlêm, wusanané klakon têrus duwé anak.

43. 
Yuwana mati léna = becik bêbudèné nêmu cilaka, amarga saka kurang wêwéka.

44. 
Ladak kêcêngklak = wong angkuh nêmu pakéwuh.

45. 
Kênès ora ètès = wanita sugih umuk, nanging bodho.

46. 
Blilu tau, pintêr durung nglakoni = sênajan bodho wis tau nindakaké njalari prigêl, tinimbang pintêr durung tau nindakaké.

47. 
Busuk kêtêkuk, pintêr kêblingêr = sing bodho lan sing pintêr, padha-padha nêmu cilaka. Sing bodho pancèn ora ngêrti, sing pinter kurang wêwékané.

48. 
Anak molah bapa kêpradhah = wong tuwa nêmu pakéwuh, marga saka luput tindakané anaké.
--- Dipradhah = didadèkaké batur
--- Kêpradhah = diukum dadi batur marga
    anaké gawé luput durung déwasa.
--- Wong pradhah = wong loma.

49.Sêmbur-sêmbur adas, siram-siram bayêm = saka pujiné wong akèh, bisa klakon.

50. 
Bapa kêsulah, anak kêpolah = anak wajib nanggung marang pêrakarané bapaké sing wis tinggal-donya.
--- Sulah ( disulah ) =diukum sarana dikrocok gêgaman.

51. 
Kèndêl ngringkêl, dhadhag ora godhag = ngaku pintêr, ora bisa nindakaké bab 
   sing nganggo kepintêrané.

52. 
Kêbat kliwat, gancang pincang = tumindak kêsusu, banjur klèru.

53. 
Tuna satak, bathi sanak = tuna sithik, tambah kanca/mitra.

54. 
Tut wuri handayani = ing mburi tansah ngawat-awati.

55. 
Têmbang rawat-rawt, ujaré bakul sinambéwara = kabar kang durung mêsthi bênêr luputé.

56. 
Sêpi ing pamrih, ramé ing gawé = nyambut gawé kanthi mêmpêng, tanpa mèlik apa-apa.

57. 
Gêmblung jinurung, édan kuwarisan = ndhugal nanging durung tau kêtanggor.

58. 
Sluman-slumun slamêt = nadyan kurang wêwéka tansah nêmu slamêt.

59. 
Dhêmit ora ndulit, sétan ora doyan = ora ana rubéda.

60. 
Buntêl kadud, ora nginang ora udud = nyambut gawé kanti opah borongan, tanpa tampa ingon.

--- Kadud = bangsané bagor, kang digawé saka sêrating gêbang.



Tuladha paribasan kang sinawung tembang :

     I.  Sêkar Asmaradana :

---  Dèn nasti ngati-ati.
---  Tindak-tanduk dèn tumata.
---  Kanthi sarèh mrih pakolèh.
---  Aywa mburu kêbat kliwat.
---  Tandang kang gancang pincang.
---  Kêsusu sok dadi klèru.
---  Alon klakon lwih prayoga.


     II.  Sêkar Têngahan Gambuh :

1.
---  Wontên pocapanipun.
---  Adiguna adigang adigung.
---  Pan adigang kidang adigung pan èsti.
---  Adiguna ula iku.
---  Têlu pisan mati sampyoh.

2.
---  Si Kidang ambêgipun.
---  Ngêndêlakên kêbat lumpatipun.
---  Pan si gajah ngêndêlakên gêng ainggil.
---  Si ula ngêndêlkên iku.
---  Mandiné wisa yèn nyakot.


        Surasané têmbang ndhuwur iku, kêplok karo kang kasêbut ing candran ana sêni padhalangan :

~~  Adigang  wataking kidang kang ngêndêlaké cukating malumpat.
~~.Adigung wataking gajah kang ngêndêlaké gêdhéning awak.
~~ Adiguna wataking ula kang ngêndêlaké mandining wisa.

        Adigang = ngêdiraké kukuwatan.
        Adigung = ngêdiraké kaluhuran.
        Adiguna = ngêdiraké kapinteran.


Pêpèngêt :

    Paribasan iku ana sing ukarané kêlantur owah saka asal-mulané kayata :

1. 
--- Yèn manut asal-mulané wêlas têmahan lalis, terkadang sok kelantur dadi wêlas tanpa lalis.

2. 
--- Nyolong pêthèk têrkadhang dilantur-lanturaké nyolong pêthèl sasangkal-sangkalé.


       Ora mung Paribasan sing bisa kelantur, uga bêbasan.

Conto :

--- Idu gêni, têrkadhang ( ana ing Pêdhalangan ditambahi dadi idu
    gêni, riyak mawa.


                    --- wjg ---


------> ana candhaké :
         BAB : BÊBASAN XI. 18. B. 8.


0 comments:

Post a Comment