Wednesday, January 1, 2020

IX. No. 36. C. 6. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATUR PANAMPI PASRAH PANGANTÈN KAKUNG )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
 Pawiwahan 36 :


Atur Panampi Pasrah Pangantèn Kakung :


      Assalamu'alaikum Wr.Wb.

      Dhumatêng panjênênganipun Bapa ....( ingkang pasrah ) ingkang piniji angêmbani wuwus sulih sarira Bapa/Ibu ....( bésan ) ingkang pantês sinuba sagunging pakurmatan.

      Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturakên sèwu agunging pangaksama, awit mradapa kêparêngipun kadang kula sêpuh raka mas .....( ingkang mêngku gati ), kula piniji minangka talanging basa kinèn hanampi wosing gati lêkasing sêdya saking panjênênganipun Bapa/Ibu .... ( bésan ), lumantar panjênênganipun Bapa .....( ingkang pasrah ).

       Minangka purwaning atur, ngaturakên pambagya sugêng rawuh saha ngaturakên agunging panuwun ingkang tanpa upami déné lampah panjênêngan sampun kasêmbadaning karya, satêmah sagêd nglarapaken sêkar cêpaka mulya sasêlé.

         Kaping dwi salam taklim saking panjênênganipun Bapa/Ibu .... ( bésan ) kula tampi  mugi awit saking pangèstunipun sagêda handayani anggènipun hamêngku karya, hangrakit sêkar cêpaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, têtêpa winêngku ing suka basuki.

         Kaping tri, lumaraping sêkar cêpaka mulya sasêlé, inggih pasrahipun putra pangantèn kakung kula tampi kanthi sangêt ing suka.

        Ingkang salajêngipun manawi sampun dumugi titi-wanci tumapaking gati, tumuntên badhé kapanggihakên anut satataning adat widhiwidana ingkang sinêngkêr sarta lumampah ing tlatah .... ( alamat ingkang mêngku gati ), saha badhé kabiwada sakadaripun.

          Dhumatêng panjênênganipun Bapa/Ibu ..... ( bésan ), dalah pangaraking putra pangantèn kakung, sasampunipun putra pangantèn kapanggihakên, kula suwun pinarak ing palênggahan kanthi mêrdu mardikaning panggalih, ngatos dumugi paripurnaning pawiwahan, sapêrlu hangèstrèni saha paring bêrkah pangèstu dhumatêng pangantèn sarimbit, mugi anggènipun badhé lêlumban wontên madyaning bêbrayan agung tansah manggih bagya mulya ingkang sinêdya, rahayu ingkang tinuju, basuki ingkang kahèsthi, miwah gagah ingkang jinangkah.

          Minangka panutuping atur, bokbilih wontên kuciwaning boja krami anggèn kula ngacarani, mugi lumèbèrna sih jalanidi pangaksami.

       Sêmantên ugi kula minangka talanging basa, bilih wontên kêlantur ing atur ingkang ndadosaken kirang rênaning panggalih, awit singlar ing rèh tata-krama, kula nyuwun agunging pangaksama.

Nuwun...nuwun.


           Wassalamu'alaikum Wr.Wb.



                         --- wjg ---


------> ana candhaké : 
          BAB : TULADHA ATUR
          PAMBAGYAHARJA  IX. 37. C. 7.

0 comments:

Post a Comment