Monday, January 27, 2020
Home »
» XI. No. 24. B. 14. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : PURWAKANTHI )
XI. No. 24. B. 14. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : PURWAKANTHI )
Kasusastran Jawi 24 :
Purwakanthi :
Purwa = wiwitan.
Kanthi = gandhèng ; kanca ; nganggo ; migunakaké.
Purwakanthi têgêsé : nggandhèng swara utawa sastra kang wis kasêbut ana ing wiwitan ( kang wis kasêbut pérangané ukara ngarêp ).
Wondéné sing nggandhèng swara utawa sastra iku, pérangané ukara sing buri, sing digandhèng pérangané ukara sing ngarêp.
Purwakanthi iku ana wêrna loro yaiku :
I. PURWAKANTHI GURU SWARA.
II. PURWAKANTHI GURU SASTRA.
Têmbung Guru iku têgêsé : wêwaton ; paugêran ; pathokan.
I. PURWAKANTHI GURU SWARA :
Purwakanthi Guru Swara yaiku Purwakanthi kang ngèlingi wêwaton swara, utawa paugêran swara.
Swara sing wis kasêbut ana ing gatra purwa utawa wiwitan, dikanthi, digandhèng, disêbutaké manèh ana ing gatra utawa ukara ing buri.
Dadi ing gatra buri ana sing nunggal swara karo gatra kang ngarêp.
Kêna ditêmbungaké mangkéné :
Purwakanthi Guru swara = purwakanthi sing pangrakiting ukarané tinunggalaké swarané.
Tuladha :
" Tuwas botèh, ora olèh ".
Ukara wiwitan " Tuwas botèh " swara wekasan muni " èh ".
Ukara sing buri " ora olèh " swara wêkasan uga muni " èh ".
Ya ukara kaya kasêbut iku, diarani purwakanthi guru swara.
Tuladha liyané yaiku :
1.
--- Tuwas kêsêl, ora mêcêl.
2.
--- Tuwas sayah, ora ngrêmpah.
3.
--- Kapiran kapirun, gaga ora matun sapi
ora nuntun.
4.
--- Jaréné kêpènging maju, jêbul wêgah
sinau.
5.
--- Barêng wis makmur, banjur lali sadulur.
6.
--- Kudu jujur, yèn kowé kepéngin luhur.
7.
--- Aja dahwèn ati opèn, manawa kowé
kepéngin kajèn.
8.
--- Aja dupèh mênang, banjur sawênang-
wênang.
9.
--- Kukuhing oman, sarana iman.
10.
--- Têmbungmu sing sarèh, supaya
pakolèh.
11.
--- Guru iku mung tut wuri handayani.
12.
--- Rêkasané wong cilik, pêgawéan iplik,
lungguhé nèng dhingklik.
Purwakanthi Guru Swara uga asring dipigunakaké ana ing ukara têmbang utawa lêlagon, kayata têmbang :
Pêdhotan Brondong Mêntul :
1.
--- Dhuh Ibu sêkaré daru.
--- Sêkaré Sêkolah Guru.
--- Wanci dalu nguyu-uyu.
--- Risêdhêngira sumunu
( sênggakan : yo Ibu ).
--- Kapiluyu pra siswa mangudi ngèlmu.
--- Brondong jagung, sing mbrondong
wong sênêng ngidung.
2.
--- Dhuh kangmas sêkaré mawar
--- Sêkaré pangantèn anyar
--- Wayah soré ngénggar-énggar
--- Risêdhêng sumunar
( sênggakan : yo kangmas ).
--- Tyasé bingar wong loro busana kêmbar.
--- Brondong kacang, sing mbrondong
wong sênêng nêmbang.
Têmbang Gêdhé Girisa iku ikêtaning ukara uga kêna kaéwokaké purwakanthi guru swara, sêbab guru laguné kabèh tiba lêgêna ( swara " a " ).
Tuladha :
Sêkar Agêng Girisa :
--- Yogyanira dhuh pra mudha.
--- Dèn santosa ing wardaya.
--- Madhêp-mantêp kang sinêdya.
--- Aywa pasah ing panggodha.
--- Rubédaning atinira.
--- Wêgah marang ing rêkasa.
--- Dimèn éggal kawistara.
--- Wohing gêgayuhanira.
( Punarbawa jilid 2 kaca 25 ).
Cakêpan gérong ing gêndhing akèhé kang nganggo purwakanthi guru swara.
Tuladha :
1. Gêndhing Kutut Manggung :
--- Soré-soré pêrkututé njaluk ngombé.
2. Jinêman Ulêr Kambang :
--- Saji siwa, arané basa nawala.
--- Sun pêpuji, dadya satriya sejati.
--- Lsp.
II. PURWAKANTHI GURU SASTRA :
Sastra iku têgêsé aksara.
Purwakanthi guru sastra atêgês purwakanthi kang ngèlingi wêwaton sastra.
Yaiku sastra kang wus kasêbut ing gatra kawitan, dikanthi sinêbut manèh ing gatra kapindho.
Purwakanthi guru sastra : purwakanthi sing pangrakiting ukarané tinunggalaké sastrané.
Kayata ing ukara :
1.
--- " Cilik mula, kêtula-tula kêtali ".
Ukara kasêbut gatra ngarêp, karo mburi padha-padha kadunungan sastra " l "
Yèn aksara Jawa " ꦭ / la ".
2.
--- " Kala kula, kêlas kalih ".
Ukara kasebut gatra ngarêp karo mburi padha-padha kadunungan sastra " l " .
Yèn sastra Jawa : " ꦭ / la " .
Tuladha liyané yaiku :
1.
--- Anak anung, anindita ---->
nunggal : n / ꦤ ꧈
2.
--- Wêdi-wêdi, apa kang dadi wadimu
----> nunggal : d / ꦢ ꧈
3.
--- Yèn dèn umbar, bisa mbabar dadi
rubéda kang ngrêribêdi ----> nunggal :
b / ꦧ ꧈
4.
--- Nala mêlang-mêlang, lir kêpalang
malang-tumolih ---->"nunggal : l / ꦭ ꧈
5.
--- Wong urip iku kudu rigên, têgên,
lan mugên ----> nunggal : en / ꦤ꧀
6.
--- Wêlingé para sêpuh yèn rabi
ngèlingi : bobot, bibit, bêbêt
----> nunggal : b / ꦧ ꧈
--- 7.
Wanodya iku polatané ruruh,
tandang sarwa sarèh, ririh angarah-
arah ----> nunggal : r / ꦫ ꧈
8.
--- Dhasar mula putri susila, sinêmbuh
panggalih ngumala ---->nunggal : l / ꦭ ꧈
9.
--- Gunêm groyok, tandang gas-gasan,
sarwa grusa-grusu --->nunggal : s / ꦱ lan g / ꦒ ꧈
10.
--- Sing sapa goroh, growah
----> nunggal : g / ꦒ ꧈
11.
--- Kabèh gêgêbênganing panggayuh
wis kagarba ------->nunggal : b / ꦧ lan g / ꦒ ꧈
12.
--- Kêkudanganku, klakona mêngku
kamulyan ----> nunggal : k / ꦏ ꧈
13.
--- Rikala kula kêlas kalih,
kula naté kèli wonten kali, ilat kula kèlèd-kèlèd ----> nunggal : l /ꦭ ꧈
Purwakanthi guru sastra iku ora ngêmungaké tumrap ing ukara gancaran, nanging uga sinawung têmbang.
~~~ Tuladha :
1. Sêkar Macapat Dhandhanggula :
--- Tibra layu wayahé Hyang Rawi. ~ w
--- Rawat-rawat sinamar Hyang Ima. ~ m
--- Amara sêmu sunaré. ~ m + s
--- Rèrèh dènnya tumurun. ~ r
--- Lir kêpalang malah tumolih. ~ l
--- Labêt masih karênan.
--- Myat rêsmining dhukuh. ~ m
--- Wismané Randha Dhadhapan. ~ dh
--- Mêsi sotya kang lagya sinarawèdi. ~ s
--- Dinadhar ing Jawata.
( K.B. Tjitrasantika ).
2. Sêkar Macapat Mijil :
--- Toya mijil saking lambung wukir. ~ k
--- Gumrojog toyanjog. ~ j
--- Tirta jroning jurang gumarènjèng. ~ j
--- Lir tinalang kêkalèné mili. ~ l
--- Têtilasé limit. ~ l
--- Lêlumuté lunyu. ~ l
( Srikandhi Maguru Manah ).
3. Sêkar Macapat Maskumambang :
--- Angêndanu si mêndhung andhudhah
sêdhih. ~ d
--- Kêdhêr kêdhap-kêdhap. ~ d
--- Kang pêpadhang lir.
--- Dhêdhêp-tidhêm sabuwana. ~ d
4. Sêkar Têngahan Wirangrong :
--- Karêrantan rontang-ranting. ~ t
--- Rêntênging tyas gung katonton. ~ t
--- Katêtangi panggrantêsing kalbu.~ t
--- Brangtaning tyas kèksi. ~ t
--- Narawung kawistara. ~ t
--- Surêm-kucêm kang wadan. ~ em
( Punarbawa jilid II ).
Ana uga têmbang kang ikêtan ukarané ing kabèh wêkasan gatrané nunggal sastra, kayata têmbang ing ngisor iki :
5. Sêkar Macapat Kinanthi :
--- Pinggir sêndhang ana gadhung.
--- Rumambat ing klapa gadhing.
--- Pinéncokan manuk podhang.
--- Mung sasêlé tanpa tandhing.
--- Jroning gêdhong ana éndhang.
--- Milihi wohing kurandhing.
( wêkasaning gatra nunggal swara ~ d ).
Kêjaba iku uga ana manèh têmbang kang ikêtan ukarané ing kabèh angkataning gatra tansah nunggal sastra karo ing kabèh wêkasaning gatra.
Kayata :
6. Sêkar Macapat Sinom :
--- Adhuh yayi mbok iyaa.
--- Akarya têpang manuhi.
--- Usadaning kasusahan.
--- Amung sira kang ngêsahi?
--- Ing batos trus ing lair?
--- Èstu kula tan lumuhur.
--- Ugêr wus kalampahan.
--- Atêpang sêpên bilai.
--- Èstining tyas rut-runtut praptèng
dêlahan.
Mênawa têmbang Sinom ing dhuwur mau katulis nganggo sastra Jawa, saya katon cetha kabeh angkataning gatra tansah nunggal sastra karo ing kabèh wêkasaning gatra, yaiku nunggal sastra " ꦲ ".
꧋ ꦱꦼꦏꦂꦩꦕꦥꦠ꧀ꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀
꧋ ꦲꦝꦸꦃꦪꦪꦶꦧꦺꦴꦏ꧀ꦲꦶꦪꦲ꧈ ꦲꦏꦂꦪꦠꦼꦥꦁꦩꦤꦸꦃꦲꦶ꧈ ꦲꦸꦱꦢꦤꦶꦁꦏꦱꦸꦱꦃꦲꦤ꧈ ꦲꦩꦸꦁꦱꦶꦫꦏꦁꦔꦼꦱꦃꦲꦶ꧈ ꦲꦶꦁꦧꦠꦺꦴꦱ꧀ꦠꦿꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦭꦲꦶꦂ꧈ ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦏꦸꦭꦠꦤ꧀ꦭꦸꦩꦸꦲꦸꦂ꧈ ꦲꦸꦒꦼꦂꦮꦸꦱ꧀ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧈ ꦲꦠꦼꦥꦁꦱꦼꦥꦼꦤ꧀ꦧꦶꦭꦲꦶ꧈ ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦶꦤꦶꦁꦠꦾ ꦫꦸꦠ꧀ꦫꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠ꧀ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦢꦼꦭꦲꦤ꧀ ꧈
Ukara Gancaran kang nganggo Purwakanthi ( wilêtan ) :
Ukara gancaran kang nganggo purwakanthi guru swara utawa guru sastra, salah siji utawa bêbarêngan uga kêrêp tinêmu ana ing layang-layang utawa buku kang isi crita gancaran.
Mênawa ana ing pacalathon padinan arang kêprungu, ya mung wong kang bêsus marang basa sanajan gunêm lumrah, têrkadhang nganggo purwakanthi.
Ukara kang mawa purwakanthi kêna diarani " ukara wilêtan ".
Ukara wilêtan iku ukara kang kadadéan saka " pamoré " têtêmbungan sing apik-apik.
Têmbung kang siji sajak mulêt ing têmbung sijiné.
Maksudé têmbungé sajak padha pulêtan apik, yèn diwaca utawa diucapaké agawé rêsêping pangrungu.
Wondéné kang dianggêp têtêmbungan apik ingucap kayata : saroja, yogyaswara, purwakanthi.
Tuladha ukara gancaran kang ikêtané têmbung nganggo purwakanthi :
1.
--- Kêkarêpan kang kêncèng kukuh bakuh, kinanthènan ing wêwéka, adaté bisa marakaké klakoning panjangka.
2.
--- Ati tatag, watak têguh tanggon tan tinggal tata-trapsila, tartamtu tatas tètèr-tètèrané.
3.
--- Aywa mbêrung mbrêngkunung kadêrêng handlarung.
4.
--- Cangkêm cucut, kêrêp kêprucut têmbungé lacut, dadi cacad.
5.
--- Sêmuné tan kêna bênggang, nadyan mung lunga sacêngkang wis agawé mêlang-mêlang atiné sing lanang.
6.
--- Gunêmé anggung gawé gawok; pancèn wêgig agawé rêrêngganing basa.
7.
--- Polahé pancèn pêng-pêngan, prigêl. Mêndhak njêjak, tangi ndhupak, sarta nyépak, anapuk plak- plêk.
8.
--- Lésus mêsês sasat pinusus, swarané ngêsar-êsari ati.
9.
--- Ilaté lunyu lir wêlut dèn lêngani.
10.
--- Kabèh bêbaya nora mbêbayani, sato galak nulak, dhêmit ora ndulit, sétan ora doyan.
11.
--- Sêtindak-tanduké tansah katon, gumantung tung-tunging ati, tumêtêp têlênging jantung.
12.
--- Ulat ala, laku lêlamisan, tindak julig culika, mula dêdalané nêmu cilaka, urip sangsara kêtula-tula kêtali.
13.
--- Panganggoné sarwa mompyor sumorot pating galêbyar ; apêndhok slorok rinarênggan, atimang jlébrah tinarètès mirah mutyara miwah jumêrut nila-wuduri.
14.
--- Sawangané sêmu susah, slira lêsah-lêsu sajak sayah.
15.
--- Liyêping nétra lindri, ulaté galak kêliwat-liwat, liringé lêpas lir kilat.
16.
--- Waja kèngis mêngês-mêngês manglar kombang.
17.
--- Prahara kêprungu gumuruh gora gumarit nggêgirisi.
18.
--- Watak-wantuning wanita sajati, ati tansah têtêg tatag, tindak-tanduk tansah ngantêpi tékad tur kanthi pangati-ati.
19.
--- Pêmudha dhadhag ora gumêndhung, wani ndhêpani kaluputan, pantês ginadhang-gadhang dadi wong gêdhé.
20.
--- Priya pêng-pêngan sêpi ing pamrih, pantês pinilih dadi pangarsaning para pêmimpin.
21.
--- Guru sugih guna kawêgigan, ginugu sagung gunêmé.
22.
--- Murid kang mbangun turut, atiné lêstari lurus sêpi mring pamrih, tinrêsnan para Guru.
23.
--- Pêlajar ajêg jêjêg jujur, pantês jinunjung dadi panganjur.
24.
--- Ati jujur, budi luhur, pantês dadi wong dhuwur.
25.
--- Watak mugên ati têgên, tandang rigên, gênah agawé sugih gunakaya.
26.
--- Tindak tan tata yèn têrus dèn uja, bisa manuh, têmah kêpatuh, dadi watak.
27.
--- Ati drêngki ambêg drohi, watak kaya Cina craki, pambêgan mèri, pantês didohi pêmudha-pêmudhi.
28.
--- Pêmudha bagus, atiné lurus, budiné ora lêngus, wataké ora clingus, pantês ingunus ( dipilih ).
29.
--- Ingatasé murid, asor yèn mung mèlik dhuwit, wajib sênêng nganggit-anggit, mamrih wêruh mring lêlungid.
30.
--- Ati sumèlèh, tandang sarwa sarèh, gunêm sumèh, nêkakaké mitra akèh.
31.
--- Wong tuwa kang pintêr mituturi, pitudhuhé tansah diturut dièstokaké kanthi titi ngati-ati, dèning anak-putu tumruntun turun-tumurun.
32.
--- Bapa-biyung kang sabar ing budi sinêmbah bêcik rêmbugé, baud nggubah basa, bakal bisa awèh obor kang murakabi marang sakukubaning brayaté.
33.
--- Bocah cacah-rucah, yèn calathu sênêng ngucapaké têtêmbungan crêmêdan.
34.
--- Anak-anung anindhita, sanityasa nênangi katrêsnaning yayah-réna.
35.
--- Tindak sabar-drana, dadi dêdalané bisa kasêmbadan kang dèn sêdya.
36.
--- Wong tuwa kang sugih wawasan, wah manèh wasis ing wicara, wataké bisa awèh wêwarah.
37.
--- Watak jail-mêthakil, budi nguthuh kêtaha, tindak nylêkuthis, sakêthi anglèlèthèki.
38.
--- Guyub-rukun sayuk karya saiyêg saéka praya, bisa mahyakaké karahayon lan kamulyan.
39.
--- Watak ladak têmbung santak sajak nyentak-nyentak, tindak ora sumanak, marakaké atining liyan bisa kacêngklak.
40.
--- Ati jênjêm, watak ayêm, urip têntrêm, ulat tajêm, gunêm ulêm, ora nggrayêm, yèn diadhêpi gawé adhêm.
41.
--- Gunêm groyok, tandang-grayang grusa-grusu, gugup gas-gasan, bisa agawé tan prayoga.
42. Lsp.
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : PARIKAN XI. 25. B. 15.
0 comments:
Post a Comment