Friday, January 3, 2020

IX. No. 37. C. 7. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATUR PAMBAGYAHARJA )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
 Pawiwahan 37 :


Tuladha Atur Pambagyaharja :

       Assalamu'alaikum Wr.Wb.

       Nuwun...kawula nuwun, dhumatêng panjênênganipun para pêpundhèn, para sêsêpuh, para pinisêpuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lêbda ing pitutur, kéblat ing panêmbah, ingkang pantês pinundhi saha kinabêktèn.

       Panjênênganipun para sarjana sujanèng budi, para priyagung pangêmban pangêmbating praja, satriyaning nagari,  minangka pandam-pandoming para kawula dasih ingkang pantês katuran sagunging pakurmatan.

        Para kadang mitra  wrêdha, mudha ingkang pantês sinudarsana, sumrambahipun dhumatêng panjênênganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

        Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturakên sèwu agunging pangaksama  mugi kêparênga kawula hambuka wiwaraning suka, wênganing wicara, dwaraning kandha, kanthi cumanthaka marak mangarsa hanggêmpil kamardikan panjênêngan ingkang katêmbèn wawan sabda, inggih awit mradapa kêparêngipun ingkang hamêngku gati, nun inggib panjênênganipun Bapa/Ibu .... ( ingkang mêngku gati ), kawula piniji hangêmbani minangka talanging basa, kinèn ngaturakên mênggah wudharing gantha, babaring sêdya, wigatosing gati ing ari/dalu kalênggahan punika.
        Inggih kabêkta saking mangkoging manah saha karoban ing sih panjênêngan sami, saéngga botèn kuwawi matur piyambak, ajrih mênawi botèn sagêd kawiyosing lathi, namung kandhêg wontên ing jangga, mila lajêng anyaraya dhumatêng jasad kawula.

        Nanging sadèrèngipun kawula hamurwani lêkas wêkasing karti gatining sêdya, supados purwa, madya, wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubéda nir ing sambékala, kêparêng langkung rumiyin kawula dhèrèkakên ngunjukakên puji syukur wonten ngarsa Dalêm Gusti Kang Maha Murba, ingkang sampun kêparêng paring rahmat lan nikmat gumêlaring alam agêsang wontên madyaning bêbrayan agung, katitik Rahayu Sagung Dumadi tansah kajiwa lan kasarira dhumatêng kula lan panjênêngan sêdaya, saéngga kita sagêd anglonggarakên pênggalih dalah wêkdal, rawuh manunggal wontên dalêm pawiwahan punika, kanthi pangajap saha anunggal raos angèstrèni saha paring bêrkah pangèstu dhumatêng panjênênganipun Bapa/Ibu ....( ingkang mêngku gati ), anggènipun angrakit sêkar cêpaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, têtêpa winêngku ing suka basuki.

          Para lênggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan prasaja ing kalênggahan punika, panjênênganipun Bapa/Ibu .... 
( ingkang mêngku gati ), ngaturakên sugêng rawuh, sinarêngan raos panuwun ingkang tanpa upami, suka bingahing manah ngantos botèn sagêd rinumpaka ing ukara, mênggah rawuhipun handika sami.
Ing salajêngipun mugi kasêkécakna pinarak ing palênggahan kanthi mêrdu-mardikaning panggalih ngantos paripurnaning pahargyan.

           Wondéné mênggah wigatosing gati panjênênganipun Bapa/Ibu .... ( ingkang mêngku gati ), angaturi rawuh handika sami  kados ingkang sampun kacêtha ing sêrat sêdhahan utawi kintaka wara, bilih panjênênganipun Bapa/Ibu ...., hanêtêpi darmaning asêpuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngêntas pitulus kênya putrinipun ingkang asêsilih Rara ...., jinatukrama kaliyan Bagus .... putra kakungipun Bapa/Ibu .... ( bésan ), ingkang pindalêm ing ....
Ingkang sampun kalampah ijab anut satataning agami lan nagari, panggih miturut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah, kanthi rahayu  kalis king rubéda.

          Ingkang punika panjênênganipun Bapa/Ibu ....( mêngku gati ), mawantu-wantu panyuwunipun wontên ngarsa handika sami, mugi wontêna suka lilaning panggalih, paring jurung puja hastawa, puji hastuti dhumatêng pangantèn sarimbit, anggènipun badhé lêlumban wontên madyaning bêbrayan agung, mugi tansaha atut-runtut, manggih bagya-mulya ingkang sinêdya, rahayu ingkang tinêmu, basuki ingkang kaèsthi, énggala kaparingan pituwasing patêmbayan, momong putra, kanthi prajanjèn Brayat Rinancang.

         Kalêksananing pahargyan ing kalênggahan punika sagêd kalampah, karana sih pambiyantunipun para sanak-kadang, pawong mitra, tangga-têpalih, saha para tamu, ingkang sampun kêparêng paring pisumbang awujud punapa kémawon, ingkang sanyata sagêd angènthèngakên sêsanggêman.  

         Awit saking punika Bapa/Ibu .... ngaturakên agunging panuwun tanpa upami, mugi sih kadarman panjênêngan dadosa amal kêsaénan, saéngga pikantuka lêlintu ingkang satraju, miwah bêbingah ingkang malimpah-limpah 
( kathah ).

          Minangka panutuping atur, mênawi wontên kuciwaning bojakrama ingkang botèn anuju prana, sarta wontên anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, anggèn kula angacarani rawuh handika sami, mugi lumèbèrna sih samodra pangaksami.

           Botèn kêkilapan kula minangka talanging basa, bok bilih anggèn kula matur wontên tuna-dungkaping atur, ingkang singlar ing subasita, dalah tata-krama, mugi kêrsaha paring agunging samodra pangaksama.

Nuwun...nuwun...matur nuwun

Wassalamu'alaikum Wr.Wb.




                         --- wjg ---


  -----> ana candhaké : 
          BAB : TULADHA ATUR SABDATAMA
          UTAWI WULANG UTAMI          
          IX. 38. C. 8.

0 comments:

Post a Comment