Sunday, January 12, 2020

XI. No. 9. A. 8. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : TÊMBUNG KAWI ING TÊMBANG )

 Kasusastran Jawi  9 :


Têmbung Kawi ing Têmbang :


1. Kawi atêgês = karang, karangan, 
    anggitan, rêriptan, rumpakan, kang 
    awujud têmbang.

2. Kinawi atêgês = dikarang, dianggit, 
    dirumpaka, rinipta, ginita, didadèkaké 
    têmbang.

3. Paramèng kawi atêgês = wong kang 
    nduwèni kaluwihan bab ngarang, wong 
    kang bisa gawé karangan linuwih
   ( karangan kang éndah, kang edi-peni )
   Têmbung liya diarani Pujangga.
   Parama ateges linuwih, kawi atêgês 
   karangan, rêriptan, anggitan.

      Têmbung kawi iku têmbung sing lumrahé kanggo mung ana ing karangan, kang sinawung têmbang.

       Sêjatiné têmbung kawi iku têmbung-têmbung  sangsêkêrta utawa têmbung Jawa Kuna kang ing jaman saiki isih kanggo, tinêmu sumêla ( sumlêsêp ) ana ing basa Jawa anyar, ana ing karangan, utawa Kasusastran Jawa.

         Mulané diarani têmbung Kawi, marga têmbung-têmbungé ing jaman saiki mung kanggo ana ing karangan, lumrah manèh karangan kang sinawung têmbang.

         Mirid andharan kasêbut ndhuwur, têtéla manawa wong ngarang têmbang wênang migunakaké têmbung Kawi.
Wênang ing kéné aja dianggêp kudu, mung baé karangan ( têmbang ) kang tanpa têmbung kawi rinasa ampang.
      Nanging, lamun kakéhan têmbungé kawi uga rinasa njuwarèhi.

          Prayogané manawa ngarang ( têmbang ) lamun sumêla têmbung kawi miliha têmbung kang lumrah kêsrambah.


Pangrasa marang éndahing basa :

      Éndahing karangan ( têmbang ), éndahing gambar, éndahing gêndhing, éndahing bêksa, bisa dirasakaké dèning wong kang nduwèni pangrasa.

       Wong kang kasinungan pangrasa marang éndahing warna lan asrining sêsawangan, samangsa wong iku sumurup patamanan ; bisa uga malah nganti kasêngsêm, lamun kurang prayoga bisa nuduhaké prayogané.

        Samana uga ana ing babagan bêksa, gêndhing ( swara ), utawa sastra ( basa ), sarta sunggingan, lamun wong kang nduwèni rasa-pangrasa bisa mratitisaké prayogané.

          Ing jaman globalisasi saiki, arang-arang wong Jawa kang ndhuwèni pangrasa marang éndahing basa Jawa.
Saya manèh ing kalangané para mudha, akèh kang landhêp dhêngkul, rasané marang éndahing Kasusastran Jawa.

         Akèh uga para mudha Jawa kang ora wêruh marang Jawané, marga sêpi saka rasa sênêng ngudi, apa manèh marang éndahing Kasusastran Jawa, ngudi marang unggah-ungguhing basa baé sajak babar pisan ora nggapé.
Satêmah kêthul landhêping pangrasa.

       Wong kang duwé sêdya nyinau Kasusastran, mênawa maca buku, ngrungokaké sêsorah, ora mung apiking isiné crita, nanging uga kudu nggatèkaké bab basané.


                      --- wjg ---


-----> ana candhaké : 
        BAB :  KANG KACAKUP ING
        KASUSASTRAN JAWA  XI. 10. B.

0 comments:

Post a Comment