Tuesday, January 14, 2020

XI. No. 16. B. 6. KASUSATRAN JAWI ( BAB : TÊMBUNG ÉNTAR )

 Kasusastran Jawi 16 :


Têmbung Éntar :

     Têgêsé Éntar yaiku :

1. Bablas, lunga, mangkat.---> kêparêng 
    kawula méntar sapunika Gusti ?

2. Silihan.
    Têmbung éntar : têmbung silihan.

Manut têgêsé éntar : têgês kang ora saluguné yèn cara Basa Indonesia sinêbut " kiasan " .


      Katrangan :

     Têmbung kêthul, iku kang trêp kanggo ngandharaké sipating gêgaman ( gunting, péso, pêdhang, bêndho, lsp ).

      Yèn ana têmbung kêthul sing ora atêgês sipating gêgaman, iku diarani nyilih.


Tuladha :

--- Wah sêjatiné aku kêpèngin nyinau Basa éndah, tapi rumasa atiku kêthul, mula mung bisa ngrungokaké éndahé sarana pangrungonku.

     Ati dianggêp kaya déné gaman duwé sipat kang kêthul.
Têmbung mau atêgês nyilih gêgaman, kanggo nggathukaké sipating ati.

      Ati kêthul : ati kang ora lantip, ati kang wêlu, ati kang ora pasah ditamakaké nggagas ngèlmu utawa kawruh.
Kanggo gunêm sabên dinané biasané ati kêthul iku padha karo bodho, ndablêg.


          Ringkêsané têmbung kang isi surasa ora mung sawantahé utawa ora saluguné diarani têmbung éntar.



        Tuladha Têmbung Éntar liyané :
    
    1. Lobok atiné -----> sabar, ora gampang
         muring.

    2. Dawa tangané -----> climut, sênêng 
         njupuk darbèké liyan.

    3. Jêmbar sêgarané ----> sugih 
         pangapura.

    4. Lunyu ilaté -----> gunêmé méncla-
         ménclé.

    5. Tipis lambéné ----> sênêng nyatur, 
         sênêng mêmisuh.

    6. Ènthèng tangané ----> cêngkiling, 
        sênêng milara.

    7. Gêdhé sirahé -----> umuk, ambêk 
         cubriya-kibir.

    8. Landhêp pèné ----> sênêng mèngêti 
         luputé bawahané.

    9. Ngatonaké siyungé ---> nuduhaké 
         panguwasané, kêkêndêlané.

 10. Udan tangis ----> akèh wong nangis.

 11. Nggêdhèkaké puluk ----> mêntingaké 
        mangan, ora prihatin.

 12. Kêlépétan ala ----> katut mèlu ala.

 13. Nggugah susah ----> marakaké susah.

 14. Kawruhé jêmbar ---->  ilmuné akeh.

 15. Manis èsêmé ----> ngrêsêpaké, gawé 
        kényut.

 16. Mogèl ilaté ----> mêmangan akèh 
        sarwa énak.

 17. Pinggêting ati ----> sêriking ati.

 18. Mbalang liring ----> nglirik.

 19. Kawruhé matêng ------> sêmpurna.

 20. Mbukak wadi ----> ngandhakaké wadi.

 21. Ngabangaké kuping ---> gawé nêpsu.

 22. Métani luputing liyan ---> nggolèki.

 23. Ora kuwat payung ----> ora kuwat
       drajat.

 24. Mbuwang tilas ---> nutupi alané.

 25. Ngrabèkaké sikut ----> sénggolan
     ( ing pasar, tontonan ).

 26. Panèn mata pailan gulu ---> wêruh ora 
       bisa mèlu ngrasakaké.

 27. Padhang mripaté, pêtêng atiné ---> 
        lairé sênêng, batiné ora sênêng.

 28. Ngêndhalèni hawa napsu ---> 
        mêpêr/nyêgah kêkarêpan.

 29. Kuwat drajat ---> bisa dadi wong 
        gêdhé.

 30. Kalis ing lêlara ---> ora kêtaman.

 31. Têmbungé pêdhês ---> têmbungé 
        gawé sêrik.

 32. Papan kang kiwa ---> papan ora 
       adhakan.

 33. Adus kringêt ---> nyambut gawé 
        abot/ngaya.

 34. Ngêtog karosan/ngêpuh kringêt  ---> 
        mêmpêng.

 35.Wêdi wirang, wani mati ---> milih mati 
       tinimbang wirang/isin.

 36. Nandur kabêcikan/ndhêdhêr 
       kautaman -----> nggawé.

 37. Adu wulêding kulit --->
       unggul-unggulan.
   
 38. Ora ngrêngga prajané ----> ora njaga
       awaké supaya kajèn.

 39. Ora katon dhadhané ---> ora wani adu 
       arêp.

 40. Nggilut kawruh ---> ngudi marang 
       kawruh.

 41. Dhèwèké dadi murid kang katêngên
        ---> diasihi.

 42. Cagak lèk ----> supaya bêtah mêlèk

 43. Omongé ora cêtha bongkot-pucuké
        ----> ora cêtha urutané.

 44. Wuduné durung matêng ----> durung 
       gampang mêcah.

 45. Tumiba sangsara ----> nêmahi.



      Têmbung éntar kang sinawung têmbang :

       
          Sêkar Sinom :

1.
---  Rêmbêsing madu sudana.
---  Dharahing handana warih.
---  Wijiling amara tapa.
---  Iku akèh kang ngarani.
---  Amung turasing aji.
---  Yèn dudu turasing ratu.
---  Tan kêna sinêbuta.
---  Têrahing kusuma adi.
---  Satêrusé kaya kang kasêbut ngarsa.


2.
---  Jatiné nora mangkana.
---  Têrahing kusuma adi.
---  Wong kang arum gandanira.
---  Liré kang misuwur bêcik.
---  Rêmbêsing madu kaki.
---  Kang sabdané manis-arum.
---  Nor-raga manuhara.
---  Dharahing handana warih.
---  Iya iku wong kang ambêk paramarta.


3.
---  Wijiling wong mara tapa.
---  Iku wong sabar ing budi.
---  Kang wus sêpên napsu-hawa.
---  Lah iku anggonên kaki.
---  Nadyan sutèng narpati.
---  Yèn nora mangkono mau.
---  Iya dudu kusuma.
---  Kusumaa amung lamis.
---  Jaba baé ing jêroné kumprung kompra.



                    --- wjg ---


---> ana candhaké:
      BAB   PARIBASAN  XI. 17. B. 7.

0 comments:

Post a Comment