Wednesday, January 1, 2020

IX. No. 35. C. 5. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATUR PASRAH PANGANTÈN KAKUNG BADHÉ KABIWADA )

 Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan 
 Pawiwahan 35 : 


Atur Pasrah Pangantèn Kakung :

     Assalamu'alaikum Wr.Wb.

     Nuwun kawula nuwun, kanthi linambaran pêpayung budi rahayu saha hangunjukakên raos suka sukur dhumatêng Gusti Ingkang Maha Kawasa " Mugi Rahayua sagung Dumadi " ingkang tansah kajiwa lan kasarira dhumatêng kula lan panjênêngan sêdaya.

     Amit pasang aliman tabé/tabik, mugi tinêbihna ing iladuni myang tulak sarik, déné kawula cumanthaka marak mangarsa hanggêmpil kamardikan panjênêngan ingkang katêmbèn wawan pangandikan, inggih awratipun hamêstuti jêjibahan luhur kula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjênênganipun Bapa/Ibu ... ( bésan ), wigating sêdya kadhawuhan nglarapakên putra calon pangantèn kakung.

       Panjênênganipun Bapa .... ( ingkang nampi ) ingkang jumênêng hangêmbani wuwus minangka sulih sarira panjênênganipun Bapa/Ibu .... ( ingkang mêngku gati ) ingkang winantu sagunging pakurmatan.

       Wondéné mênggah wigatosing sêdya, sowan kula wontên ngarsa panjênêngan nun inggih :
Ingkang sêpisan, ngaturakên sèwu agunging kalêpatan déné panjênênganipun Bapa/Ibu ... ( bésan ) botèn sagèd matur piyambak awit saking mongkoging manah, mila kapêksa alantaran jasad kawula ngaturakên salam taklim mugi katura ing ngarsa panjênênganipun Bapa/Ibu .... ( mêngku gati ).

          Sangêt ing pamujinipun, bilih anggènipun hamêngku karya anêtêpi darmaning asêpuh, angrakit sêkar cêpaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, têtêpa winêngku ing suka basuki.

        Jangkêp kaping kalih, rèhning putra pangantèn kakung nun inggih pun Bagus .... ( nami pangantèn kakung ), sampun kalampahan ijab qobul utawi dhaup suci, kanthi nir baya nir wikara, mila gêgayutan sampun ndungkap titi wanci tumapaking gati  pramila putra pangantèn kakung kawula pasrahakên sumangga.

         Mugi tumuntên katindakna dhaup 
( adicara ) panggih anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah.

          Kula sapangombyong tansah jumurung ing karsa sinartan amêmuji mugi Gusti Kang Murbèng Dumadi tansah angijabahi dhumatêng putra pangantèn sarimbit.

          Déné ingkang wêkasan, sasampunipun paripurnaning pahargyan mangké, kula sarombongan, kêparênga nyuwun pamit sarta nyuwun tambahing pangèstu, mugi-mugi lampah kula tansah manggih widada kalis saking pringgabayaning marga.

           Makatên atur kula minangka talanging basa, bilih wontên patrap ingkang kirang anuju prana nyuwun agunging samodra pangaksama.
Nuwun.

            Wassalamu'alaikum Wr.Wb.


                      --- wjg ---


    ----> ana candhaké : 
           BAB : TULADHA ATUR  PANAMPI
           PANGANTÈN KAKUNG IX. 36. C. 6.

0 comments:

Post a Comment