Sunday, January 19, 2020

XI. No. 20. B. 10. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : SANÉPA )

 Kasusastran Jawi 20 :


Sanépa :


     Sanépa yaiku ukara pêpindhan kang kadadéan saka dhapukané têmbung watak utawa kahanan sinambung têmbung aran.


     Pêthikan candran ing Padhalangan :

       " Laraping warastra kang tumama ing hanggané Sang Binagus Radèn Angkawijaya mbarubul anarawata.
         Nadyan sarirané wus nandhang brana arang kranjang, éwadéné Radèn Angkawijaya nora mingkêd sêjangkah  têrus ngêsuk wani nrajang barisané Kurawa karo sêsumbar : " Hèh Kurawa ! Aja agé-agé girang gumuyu.  
Ora ana trahing Pandhawa nganti ngucirèng ayuda ...."

     Unèn-unèn arang kranjang diarani sanépan.  Arang iku têmbung watak utawa kahanan.
Kranjang  éwoning têmbung aran.

Apa sing arang kranjang ?  Jawabé : " tatuné ".

     Dadi yèn sampurnané ukara kudu muni : tatuné arang kranjang.
Tatu dipindhakaké bolonganing kranjang.  Sênajan kranjang bolongané kuwi wis kêrêp, éwadéné yèn dipadhakaké karo tatu-tatu kang ana awaké Radèn Angkawijaya isih kêrêp tatuné.

       Sanépa kêrêp kamot ing Kasusastran Jawa.
Tuladha manèh kang dumunung ana cakêpan panêmbrama pangantèn :


     Sêkar Macapat Kinanthi :

---  Tut-runtut kumêpyur pulut.
---  Ywa nganti bênggang sanyari.
---  Kaya mimi lan mintuna.
---  Têrus widada lêstari.
---  Puji-puja amba samya.
---  Mring pangantèn kakung-putri.


Katrangan :

Kumêpyur  kalêbu golongané têmbung watak utawa kahanan.
Pulut kalêbu éwoning têmbung aran.

      Sanépa iku lumrahé kasaroja ( dianggo bêbarêngan, dirangkêp ) karo rênggang gula,  dadi muni : Rênggang gula, kumêpyur pulut.

Têgêsé : rakêt bangêt, lèngkèt prasasat ora tau pisah.


      Tuladha Sanépa liyané yaiku :

1. 
Arang wulu kucing ----> kèhing 
           utangé.

2. 
Antêng kitiran ----> polahé.

3. 
Pait madu ----> suwarané, 
            pangandikané, èsêmé.

4. 
Wulêd godhong lumbu ----> kulité.

5. 
Atos dêbog ----> balungé.

6. 
Lêgi bratawali ---> rasané.

7. 
Pêrêt bêton ----> rêmbugé.

8. 
Abot mêrang sabêlah ----> boboté.

9. 
Agal glêpung ---> wujudé.

10. 
Kuru sêmangka ---> awaké.

11. 
Lonjong botor ---> playuné.

12. 
Bêning lêri ---> cahyané.

13. 
Jêro tapak mêri ---> kawruhé.

14. 
Abang dluwang ---> cahyané.

15. 
Dhuwur kêncur ---> dêdêgé.

16. 
Arum jamban ---> gandané.

17. 
Abot kapuk ---> boboté.

18. 
Kumêpyur pulut ----> pasêdulurané.

19. 
Lsp.


                     --- wjg ---


------> ana candhaké :
          BAB : CANGKRIMAN  XI. 21. B. 11.


0 comments:

Post a Comment