Saturday, January 4, 2020

X. BAB : KABUDAYAN ( BAB : WÊRDINÉ TÊMBUNG KABUDAYAN )

Wêrdiné Têmbung Kabudayan :

      Têmbung Kabudayan iku, asalé saka têmbung lingga budaya kang olèh atêr-atêr  ka lan panambang an.
Déné Budaya atêgês budi ( têmbung aran, dudu budi kang atêgês wasésa ) nalar, angên-angên, utawa panêmu.

       Kabudayan atêgês : wohing budaya, wêdharing budaya, babaring nalar pambudi, wohing pangulah lakuning budaya utawa budi.

      Manut katrangan ing dhuwur mau iku, apa baé kang anané marga saka akal-budining manungsa, kabèh kang kêna diarani wohing nalar pambudining manungsa iku diarani Kabudayan.

         Kagawa saka daya lakuné akal budiné manungsa, mahanani ing donya iki kêbak kawruh-kagunan manéka warna.
Kayata : kawruh tèhnik, kagunan nyungging lan nggambar, apa déné natah, têmbang, jogèd, têtabuhan kang mawa wirama sarta laras ( gamêlan, musik ), kasusastran.
Kabèh iku mau, diarani Kabudayan.

         Babaring pangulah lakuning budi, utawa Kabudayan, iku pantogé nganti têkan bab-bab kang alus angrêmit, nganti sasat ora gampang kagrayang ing kalairan, ora kêna dinulu ing nétra walaka.

         Sapérangané Kabudayan kang isi kaéndahan, kang isi bab kang èdi-pèni, kang adiluhung, diarani Kagunan Karawitan utawa Kagunan adi-luhung, utawa mung diarani Kagunan.

         Wong kang bisa mahyakaké  Kagunan adi-luhung diarani wong guna.
Utawa kêna ditêmbungaké mangkéné :

        Wong guna : yaiku wong kang bisa ngulah lakuning akal-budiné, kinanthénan kapintêran lan kaprigêlan, banjur bisa mahyakaké bab maujud kang isi kaéndahan.  
         Êmbuh éndahing swara, êmbuh éndahing solah-bawa, êmbuh éndahing basa, êmbuh éndahing apa baé, pokoké isi kaéndahan diarani wong guna.  Bisa uga ditêgêsi seniman utawa seniwati.

        Wondéné wijang-wijangé kang kalêbu kagunan adi-luhung iku ana wêrna lima yaiku :


1. 
Kagunan swara ( sêni swara ), yaiku kagunan adi-luhung kang mahyakaké éndahing swara.  Éndah mungguhing laguné, larasé, céngkoké, utawa éndah mungguhing wiramané.


2. 
Kagunan nggambar lan nyungging apa déné natah ( sêni rupa ), yaiku kagunan adi-luhung kang mahyakaké rêrupan kang èdi-pèni utawa wêwujudan kang éndah kayata ; gambar, rêca, ukir-ukiran.


3. 
Kagunan jogèd ( sêni tari ), yaiku kagunan adi-luhung kang mahyakaké solah-bawa kang éndah.  Éndah mungguhing wiragané, wiramané, sarta éndah yèn rinasa.


4. 
Kagunan tontonan ( sêni drama ), yaiku kagunan adi-luhung kang mahyakaké tontonan kang éndah.  Éndah garapan lakoné, éndah sambung-rapêté karo kahanan.


5. 
Kagunan kasusastran ( sêni sastra ), yaiku kagunan adi-luhung kang dilairaké sarana basa, basa sing dikarêpaké basa kang éndah dirungokaké, lan dirasakaké.

         Kajaba saka iku, ana kagunan adi-luhung kang diarani Sêni Padhalangan.              Akèh para sarjana-sujana kang nduwèni panêmu manawa Sêni Padhalangan iku  ora kalêbu ing salah sijiné kagunan warna lima kang kasêbut ing dhuwur iku, nanging malah dadi pamoré kagunan lêlima mau.
        Têgêsé Sêni Padhalangan wis ngêmot lima kagunan kayata :

1. 
Suluké Dhalang, têmbangé Sindhèn, gérongé panggérong, swaraning gamêlan iku kagolong Kagunan Swara.


2. 
Éndahé warnaning wayang, ( tatahané, sunggingané ) kaéwokaké Kagunan nggambar.


3. 
Éndahing basa gunêmé wayang, cakêpan gérong lan sindhénan, cakêpan Suluking Dhalang, kalêbu Kagunan Kasusastran.


4. 
Éndahing solah-bawané wayang kaéwokaké Kagunan jogèd.


5. 
Éndahé garapan lakon utawa sanggité kalêbu Kagunan tontonan.


          Kagunan warna lima mau kang kasêbut ing dhuwur, bakal karoncé utawa diandharaké ana ing Bab Kasusastran.


                      --- wjg ---


---> ana candhaké : 
      BAB : KASUSASTRAN JAWI  XI. 1. A.

       

0 comments:

Post a Comment