Thursday, January 16, 2020

XI. No. 19. B. 9. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : SALOKA )

Kasusastran Jawi 19 :


Saloka :

      Saloka iku unèn-unèn kang ajêg panganggoné ( ora kêna diowahi )  ngêmu surasa pêpindhan, lan kang dipêpindhanaké iku wongé sing gêgandhéngan karo wêwatakané utawa kahanané.

       Tumrap saloka  têmbungé kang isi pêpindhaning wong sing akèh dumunung ana ing wiwitaning ukara utawa unèn-unèn.

Tuladha :

 1.   Kêbo bulé mati sétra :
Têmbung kêbo ing ukara iku kang dikarêpaké dudu kêbo éwoning kéwan sikil papat, nanging pêpindhaning wong  utawa wong sing dipêpindhanaké kêbo.

      Kêbo bulé =  kêbo kang warnané putih, iku pêpindhaning wong kang pintêr.
Jaman kuna wong sing duwé warna putih iku bangsa Éropa ( Walanda, Inggris  lsp ) sing njajah Indonesia.
Wong Éropa kuwi dianggêp mêsthi pintêré.
       Mati     =  pêpindhané cilaka, sêngsara.
       Sétra   =  têmbung kawi 
                      ( Sangsêkêrta ) kang têgêsé :
1. Têgal
2. Pasétran = papan pambuwangané 
                        bangké.
Disétrakaké = dibuwang ing papan pêmbuwangan bangké.

       Tumrap Saloka têmbung sétra karêpé panggonan kang ora nyênêngaké, papan kang marakaké wong ora sênêng ing papan kono.

       Mati sétra = nêmu cilaka utawa sêngsara, marga ana papan kang ora nyênêngaké.

       Kêbo bulé mati sétra = wong pintêr nêmu sangsara marga urip ing panggonan kang wongé ora mbutuhaké kapintêrané.


2. Asu bêlang kalung wang :
Asu bêlang pêpindhaning wong asor, utawa wong asor dipêpindhanaké asu bêlang.
Kalung wang = kêmpyong wang = sugih dhuwit.

       Saloka asu bêlang kalung wang dipatrapaké marang wong kang asor, nanging sugih.


3. Kutuk nggéndhong kêmiri :
Kutuk iku pêpindhané wong kang ora nduwèni kêkuwatan, tanpa daya, ora bisa nglawan sêmangsa ana bêbaya.
Nggéndhong kêmiri pêpindhané manganggo sarwa mompyor kang akèh pêngajiné.
Kutuk nggéndhong kêmiri = wong manganggo sarwa mompyor lumaku nêmu cilaka saka pênggawéné wong ala ( copèt, bégal ).

  
      Saloka iku cacahé akèh bangêt  ana sing nganggo purwaknthi guru swara, ana sing lugu ( barès ).


Kayata ;

  1. 
Gajah ngidak rapah = wong kang tindakané ora padha karo gunêmé, utawa wong kang nglanggar wêwalêré dhéwé.

  2. 
Sumur lumaku tinimba = wong kang kumudu-kudu dijaluki wêwarah.

  3. 
Cuplak andhêng-andhêng ora prênah panggonané = wong kang njalari ala, sêdulur, kanca prayoga disingkiraké.

  4. 
Kêtépang ngrangsang gunung = wong sèkèng duwé panjangka gêdhé, utawa nduwé panjangka ora ngèlingi karo kahanané.
Kêtépang = bangsané krokot, kang mrambat ing wit ( bangsané krokot ).

  5. 
Kêmladhéyan ngajak sêmpal = sanak-sêdulur kang ngajak marang karusakan.

  6. 
Kêbo mulih ing kandhangé = pangkat oncat saka sawijining waris, bisa bali marang waris kasêbut ( wong nalika ênom nyambut gawé ana ing papan adoh saka asalé, barêng wis tuwa bisa nyambut gawé manèh ana ing asalé dhéwé.

  7. 
Kêbo nusu gudèl = wong tuwa njaluk wuruk marang wong ênom.

  8. 
Gong lumaku tinabuh = wong kang kumudu-kudu ditakoni.

  9. 
Têkèk mati uloné = nêmu cilaka marga saka gunêmé dhéwé.

10. 
Timun wungkuk jaga imbuh = wong bodho, kanggoné samangsa ana kêkurangané ( sèrêp ).

11. 
Tigan kaapit ing séla/êndhog kêjêpit watu = wong ringkih mêmungsuhan karo wong kuwasa, tur dibut loro.

12. 
Cêngkir kêtindhihan kiring = wong kang kalah prabawa, amarga kalah tuwa/ kêpèngin mbojo, kapêksa ora bisa amarga sêdulur tuwa durung mbojo.

13. 
Dudutan lan anculan =  wong loro kang wis kêkêthikan.
Anculan = mêmêdi sawah arupa wong.
Dudutan = tali kanggo nyêndhal anculan.

14. 
Jati kêtlusuban ruyung = wong apik kalêbon wong ala wataké.

15. 
Bèbèk mungsuh mliwis = wong pintêr mungsuh wong pintêr, nanging sijiné kalah ubêd.

16. 
Bathok bolu isi madu = wong sêpélé nanging sugih kaluwihan.

17. 
Kurung munggah lumbung = garwa ampéyan ( klangênan ), dadi garwa padmi.

18. 
Kutuk marani sunduk = wong kang njarag marang kacilakan.

19. 
Ula marani gitik = wong njarag marang kacilakan.

20. 
Kêthèk sêranggon = wong ala sagrombolan.

21. 
Tunggak kêmadhuh = tilas maru utawa mungsuh.

22. 
Lahan karoban manis = wong kang rupané bagus/ayu luhur bêbudèné.

23. 
Pêcruk tunggu bara = wong ala tumindaké pinarcaya rumêksa barang kang dadi pakarêmané.

24. 
Yuyu rumpung mbarong rongé = omahé njênggarang gêdhé, nanging sêjatiné mlarat.

25. 
Macan guguh = wong gêdhé, sanadjan wis ora dadi panguwasa, isih katon mêrbawani.

26. 
Gambrèt singgang, mrêkatak ora ana sing ngangêni = prawan kênès, ora ana sing nakokaké, jalaran ora ana sing sênêng ngalap bojo.

27. 
Bêlo mèlu sêton = mèlu grubyug, ora ngêrti rêmbug ( karêpé).

28. 
Jaran krubuhan êmpyak = wong kang wis kanji.

29. 
Pitik trondhol diumbar ing pêdaringan = wong kang ala timindaké dipêrcaya rumêksa barang kang dadi karêmané, ora wurung êntèk.

30. 
Wédang lêlaku tumpêr cinawêtan = bocah jadah disirik déning wong akèh.

31. 
Iwak klêbu ing wuwu = kêna ing pangapus kanthi gampang  utawa nêmu bêbaya kang wis ora bisa ngoncati.

32. 
Gajah tumbuk, kancil mati ing têngah = wong gêdhé pasulayan padha wong gedhé, sing disalahaké wong cilik lan wong cilik iku banjur nêmu cilaka.

33. 
Têngu ngadu gajah = wong cilik ngadu wong gêdhé.

34. 
Asu gêdhé mênang kêrahé = wong kuwasa yèn pêrkaran karo wong cilik, adaté mênang sênajan luput.

35. 
Asu munggah ing papahan = mbojo tilasé sêdulur tuwa.

36. 
Kawuk ora wêruh marang salirané = najad ora ngêrti marang awaké dhéwé kang sugih cacad.

37. 
Cébol/kodhok nggayuh lintang = wong asor duwé pênggayuh kang ora murwat.

38. 
Kêbo kabotan sungu = wong karépotan mêrga akèh anaké.

      Kasusastran sinawung ing têmbang kang isi Saloka, tuladhané :

      Sêkar Macapat Dhandhanggula :

--- Jamak lumrah jaman dhémokrasi.
--- Kèh lalakyan kang dhuk kuna-kuna.
--- Arang-arang karunguné.
--- Wong cilik dadi luhur.
--- Kang wis dhuwur dadi kawuri.
--- Wolak-waliking jaman.
--- Têmêné tinêmu.
--- Tunggak jarak padha mrajak.
--- Tunggak jati padha mati têmah dadi.
--- Nampa papan kang papa.


Katrangan :

Tunggak jarak = pêpindhané wong asor.
Tunggak jarak mrajak = pêpindhané wong asor kang tuwuh turuné.
Mrajak = sêmi.
Tunggak jati = pêpindhané wong gêdhé ( bangsa luhur ).
Mati = pêpindhané turuné ora tuwuh, maksudé dadi wong asor ( biasa ).
Tunggak jati mati = wong luhur, turunané dadi wong cilik.


                       --- wjg ---


-----> ana candhaké :   
         BAB : S A N É P A  XI. 20.
         B. 10.

0 comments:

Post a Comment