Saturday, January 11, 2020

XI. No. 7. A. 6. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : BALISWARA LAN DAYASASTRA )

 Kasusastran Jawi  7 :


 Baliswara lan Dayasastra :

     Tumrap ikêtaning ukara têmbang, wênang nganggo Baliswara, lan mênawa panulisé nganggo aksara Jawa, wênang migunakaké wêwaton Dayasastra.

I. Baliswara yaiku pamaliking têmbung ing      gatraning têmbang.  
    Sangsaya pêrlu amarga mburu guru 
    lagu, wênang migunakaké ukara
    walikan.

Kayata :

1. Kinanthi gatra wiwitan :
--- Tumrap ukara gancaran kuduné 
     :  Anoman sampun malumpat.
--- Tumrap ukara gatra têmbang kêna  
    :  Anoman malumpat sampun.
    Amarga kanggo njumbuhaké guru lagu.
   


2. Pangkur gatra kapindho :
--- Tumrap ukara gancaran kuduné :
    Lamun tanpa sastra, sêpi kagunan.
--- Tumrap ukara gatra têmbang kêna :             Lamun tanpa sastra kagunan sêpi.
     Amarga mburu guru lagu.



3. Gambuh rong gatra kang wêkasan :
--- Tumrap ukara gancaran kuduné :
    Si ula iku yèn nyakot ngêndêlkên
    mandining wisa.
--- Tumrap ukara gatra têmbang kêna :
    Si ula ngêndêlkên iku, mandiné wisa 
    yèn nyakot.
    Kanggo jumbuhing guru lagu.



II. DAYASASTRA yaiku, dayaning sastra utawa aksara, utawa nganggêp sastra iku nduweni daya, yaiku daya mbrêngêngêng.

    Atêr-atêr hanuswara kang ora luluh karo purwaning lingga ( tumrap têmbang kang katulis ing sastra Jawa ), kudu kawaca kaya wujudé atêr-atêr, ora kêna kawaca mung aksarané irung kang dadi sêsigêgé baé. 
       Samangsa atêr-atêr iku njalari luwihing guru wilangan, lumrah kabuwang baé.



      Manawa ana têmbung tanduk, yèn tumrap ukara gancaran kudu katulis nganggo atêr-atêr hanuswara, tumrap ukara (gatra ) têmbang wênang ngilangi atêr-atêr iku  ( yèn katulis ing sastra 
Jawa ).  
Nanging pamacané kudu kaya atêr-atêr hanuswara.


      Tuladha :

1. Pangkur gatra wêkasan :

--- ꦧꦼꦝꦃꦥꦿꦗꦧꦺꦴꦪꦺꦴꦁꦥꦸꦠꦿꦶ = Bêdhah praja boyong putri.

Tembung ꦧꦼꦝꦃ = bêdhah lan têmbung ꦧꦺꦴꦪꦺꦴꦁ = boyong, sênajan tanpa atêr-atêr, kudu kawaca ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦝꦃ = mbêdhah lan têmbung ꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦪꦺꦴꦁ = mboyong.




2. Gambuh gatra wêkasan :

--- ꦝꦼꦥꦺꦥꦺꦱ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦠꦤ꧀ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ = dhêpèpès nganti tan katon.

Têmbung ꦝꦼꦥꦺꦥꦺꦱ꧀ = dhêpèpès, sênajan tanpa atêr-atêr, kudu diwaca ꦲꦤ꧀ꦝꦼꦥꦺꦥꦺꦱ꧀ = ndhêpèpès.




3. Mijil gatra 3 :

--- ꦒꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁꦠꦺꦁꦒꦺꦴꦏ꧀ꦲꦚꦁꦏꦶꦁꦏꦼꦤ꧀ꦝꦶꦤꦺ = géndhong ténggok anyangking kêndhiné.
Têmbung ꦒꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁ = géndhong, kudu kawaca ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁ = nggéndhong sênajan ora nganggo atêr-atêr.
    
      Wondéné bab liyané kang pêrlu dièlingi  kang magêpokan karo bab têmbang  ana ing pérangan liyané.


                    --- wjg ---


----> ana candhaké : 
       BAB : CARANÉ NGGANCARAKÉ   
      TÊMBANG  XI. 8. A. 7.

0 comments:

Post a Comment