Saturday, January 25, 2020

XI. No. 23. B. 13. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : DASANAMA )

Kasusastran Jawi 23 :


Dasanama :

       Dasa kalêbu têmbung wilangan kang atêgês sêpuluh ( éka ; dwi ; tri ; catur ; panca ; sad ; sapta ; astha ; nawa ; dasa ).
        Nama atêgês jênêng utawa aran.

Dasanama atêgês = sêpuluh jênêng.
Maksudé jênêngé ora mung siji, nanging akèh bangêt.


         Ana ing candran Sêni Padhalangan ana kang uniné mangkéné :


" Sintên ta dasanamané ingkang angrênggani Kasatriyan ing Madukara.
Dasa aran sêpuluh nama wus ngarani ( maksudé nama iku wis jarwa ora pêrlu ditêgêsi ).  Pranyata kathah jêjulukipun Sang Sinatriya ing Madukara.
Yèku ajêjuluk R. Janaka, ya R. Pêrmadi, ya R. Harjuna, ya R. Kombang Ali-ali, ya R. Margana, ya R. Arya Parta, ya R. Dananjaya, ya R. Panêngah Pandhawa...."

       Asmané R. Janaka pancèné luwih saka siji, atêgês akèh bangêt.
Aran/jênêng kang luwih saka siji, nanging darbèké barang siji, ing kawruh Kasusastran diarani " Dasanama ". 

Tuladha sinawung ing têmbang :
  
         Sêkar Macapat Asmaradana :

--- Dhuk samana Sang Maharsi.
--- Lênggah anêng pacrabakan.
--- Ingadhêpan para cèkèl.
--- Cantrik manguyu jêjanggan.
--- Puthut tanapi éndhang.
--- Wasi sarta uluguntung.
--- Pêpak andhèr munggwing ngarsa.


~~~ Katrangan :

      Têmbung-têmbung : cèkèl ; cantrik ; manguyu ; jêjanggan ; éndhang ( wadon ) ; puthut ; wasi ; kabèh mau têgêsé " muridé pandhita/ murid ngangsu kawruh " .

        Têmbung kang têgêsé padha sênajan béda ucap utawa béda jênêng, ana ing kawruh Kasusastran diarani " dasanama ".

         Têmbung " dasa " iku yêktiné mung kanggo " mbangêtaké surasa " kanggo mratélakaké kanthi têmên-têmên manawa cacahé ora mung siji.

        Kêjaba iku uga ana têmbung wilangan kang trapé ing ukara mung kanggo mbangêtaké surasa, yaiku :  atus ; èwu ; kêthi ; yuta.


~~~ Tuladhané :

1.
--- Tau-taté tandhing jitus = tau dikroyok siji lumawan satus.
Sênajan sing ngroyok ora nganti satus.

2.
--- Ing bawa cêluk Jinêman Ulêrkambang : " Sêkar pucang sèwu bêgja kêmayangan "
Sèwu bêgja = bêgja bangêt.

3.
--- Sêdyamu kang kaya mangkono mau, Mbah Gaul sakêthi jumurung.
Sakêthi jumurung = jumurung bangêt.

4. 
--- Ing ukara sêsumbar ana sing muni mangkéné : " Majua sayuta  ngarsa, sakêthi wuri, ...."
Têgêsé : Majua = kroyokên aku saka ngarêp lan saka buri bêbarêngan.

       Sênajan cacahé sing dikon ngroyok iku mung loro.
Éwa samono ing ukara sêsumbar lumrahé " sayuta ngarsa, sakêthi wuri " iku mung kanggo mbangêtaké cacahé.


Têmbung-têmbung dasanama
 ( Kawi-dasanama ) kayata :

  1. 
--- Bantala ; kisma ; pratala ; pratiwi = lêmah.

  2.
--- Wiyat ; wiyati ; gagana ; jumantara, akasa ; tawang ; widik-widik = langit.

  3.
--- Baskara ; bagaskara ; bagaspati ; pratanggapati ; pratanggangkara ; radité ; radita ; arka ; aruna = srêngéngé.

  4. 
--- Sitakara ; sitarêsmi ; badra ; candra ; candrama ; sasi ; tèngsu ; sasadhara =  rêmbulan.

  5.
--- Tirta ; ranu ; warih ; udaka ; wé ; hèr = banyu.

  6.
--- Agni ; pawaka ; dahana = gêni.

  7.
--- Samirana ; pawana ; sindhung ; bayu ; bajra ; maruta ; pancawora ; pancaroba = angin.

  8.
--- Kapi ; wanara ; réwanda ; palwaga ; wré  = kêthèk.

  9. 
--- Ditya ; wil ; rasêksa ; diyu ; danawa = buta.

10.
--- Yuda ; rana ; pupuh ; jurit = pêrang.

11.
--- Lalis ; layon ; pralaya ; palastra ; antaka = mati.

12. 
--- Prana ; nala ; wardaya ; kalbu ; tyas = ati.

13.
--- Tikbra ; rudita ; rudatin ; turidha ; sungkawa =  susah.

14.
--- Katong ; naréndra ; nata ; naréswara ; naradipa ; narapati ; narpati ; pamasa ; pamasé = ratu.

15. 
--- Nindyamantri ; mantrimuka ; mantriwrêdha ; mantripangayun ; warangkapraja = patihing ratu.

16.
--- Suta ; sunu ; siwi ; atmaja ; tanaya =  anak.

17
--- Jaladri ; jalanidi ; samodra ; tasik =  sagara.

18.
--- Diradha ; dipa ; dipangga ; èsti = gajah.

19.
--- Kapti ; sêdya ; kayun ; karsa = karêp.

20.
--- Wrin ; udani ; uniga : anon ; uning ; myat ( miyat ) = wêruh.

21. 
--- Sunar ; sunu : sênên ; praba ; ujwala = sorot.

22.
--- Umi ; wibi ; réna = biyung.

23.
--- Rama ; yayah ; sudarma =  bapa.

24.
--- Suka ; réna ; trusta = sênêng.

25.
--- Lir ; péndah ; kadi ; kadya ; pindha = 
kaya.

26. Lsp.



                    --- wjg ---


-----> ana candhaké : 
        BAB : PURWAKANTHI  XI. 24. B. 14.

-----> mirsanana IX. 40.D. 2





0 comments:

Post a Comment