Sunday, January 5, 2020

XI. No. 2. A. 1. BAB : KASUSASTRAN JAWI ( BAB : SÊSURUPAN BAB KASUSASTRAN )

 Kasusastran Jawi  2 :


Sêsurupan Bab Kasusastran :
   
           Kagunan adi-luhung kang kalairaké sarana éndahing basa Kulonan, diarani Kasusastran Kulonan, yèn kawêdharaké sarana èdi-pènining basa Indonésia diarani Kasusastran Indonésia, lan kang binabar sarana basa Jawa/Jawi kang éndah, diarani Kasusastran Jawa/Jawi.


          Wondéné kang kalêbu ing Kasusastran Jawa yaiku  sakabèhing kagunan adi-luhung kang isi kaéndahan basa Jawa.


          Ora ngêmungaké kang katulis wujud buku utawa layang, nanging uga kang kaucapaké déning lésan.
Ora ngêmungaké kang katulis nganggo sastra/tulisan Jawa, nanging uga nganggo tulisan Latin utawa Arab * ).


         Uga ora ngêmungaké kang dikarang déning wong Jawa asli, nanging uga kang karipta déning bangsa manca.
Ora ngêmungaké kang kababar ana ing tanah Jawa, nanging uga kang diwêtokaké ana ing manca nagara.


      Pokoké, kabèh kang isi kaéndahaning basa Jawa, kalêbu Kasusastran Jawa.


       *) =   " Buku Ambiya lan Buku
        Lokayanti " kalêbu Kasusastran Jawa.


                       --- wjg ---


----> ana candhaké : BAB XI. No. 3.  A. 2 
       BASA LUMRAH LAN BASA ÉNDAH.

0 comments:

Post a Comment