Tuesday, January 7, 2020

XI. No. 4. A. 3. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : BASA KANG KANGGO ING KASUSASTRAN )

 Kasusastran Jawi 4 :


Basa Kang Kanggo ing Kasusastran :


     Mungguh basa kang kanggo ing Kasusastran manut ikêtan ukarané bisa kapérang dadi rong warna, yaiku :

1.  Basa Gancaran.
2.  Basa Têmbang.

     Déné pêprincèné :

1.  Basa Gancaran :
      Basa Gancaran yaiku basa lumrah kanggo gunêm sabén dinané, utawa basa bébas.
      Maksudé basa kang ora kaikêt ing paugêran-paugêran, utawa pathokan-pathokan tinamtu.


2. Basa Têmbang :
       Basa Têmbang yaiku, basa kang kaikêt ing paugêran-paugêran, utawa pathokan-pathokan tinamtu.
       Wondéné paugêrané têmbang Jawa iku ana têlung warna yaiku :

    2.1. Guru Gatra.
    2.2. Guru Wilangan.
    2.3. Guru Lagu.

        Têmbang kang lumrah kanggo ing Kasusastran cacahé ana 15 ( limolas ) warna, kang digolongaké dadi 3 ( têlung )  golongan yaiku :


   a. Têmbang Macapat.
   b. Têmbang Tengahan.
   c. Têmbang Gêdhé.


a. Têmbang Macapat :
        Têmbang Macapat iku diarani têmbang Cilik, cacahé ana 9 ( sanga ) :

1. Kinanthi.
2. Pocung.
3. Pangkur.
4. Asmaradana.
5. Maskumambang.
6. Mijil.
7. Sinom.
8. Durma
9. Dhandhanggula.


b. Têmbang Têngahan :
        Têmbang Têngahan utawa têmbang Dhagêlan, cacahé ana 5 ( lima ) :

1. Gambuh.
2. Mêgatruh ( Dudukwuluh ).
3. Balabak.
4. Wirangrong.
5. Jurudêmung.


c. Têmbang Gedhé :
         Tembang Gedhé utawa têmbang Kawi cacahé kang lumrah kanggo Kasudastran Jawa mung 1 ( siji ) :

1. Girisa.



~~~ Pêpèngêt :
      Aja klèru tampa banjur duwé pangira manawa Têmbang Têngahan cacahé mung 5, Têmbang Gêdhé cacahé mung 1.
Satêmêné Têmbang Têngahan lan Têmbang Gêdhé iku cacahé akèh bangêt.

       Mung baé kang lumrah kanggo ana ing Kasusastran Jawa, kaya kasêbut ndhuwur mau.


Panggonané Têmbang Limolas Warna :

    Sarèhning bola-bali bakal mrangguli têmbang, mulané prayoga bab Têmbang diandharaké luwih dhisik.

     Panggonané têmbang limolas warna ing Kasusastran, mêsthi baé kudu dicundhukaké karo watak siji-sijiné têmbang.


     Déné watak siji-sijining têmbang kasêbut ngisor iki :

1. Kinanthi, awatak = sênêng, asih, trêsna.
     Mathuké kanggo mêdharaké piwulang, carita kang ngêmu rasa asmara utawa gandrung-gandrung.


2. Pocung, awatak = kêndho, tanpa
    grêgeêt-saut.
     Mathuké kanggo ing carita kang sajak mung sakapénaké, tanpa kamêmpêngan.


3. Asmaradana, awatak = sêngsêm,
    sêdhih, prihatin marga kataman ing
    rasa asmara.
     Mathuké kanggo ing carita kang mêdharaké asmara.


4. Mijil, awatak = wêdharing rasa.
      Mathuké kanggo mêdharaké pitutur, nanging uga kêna kanggo crita gandrungan.


5. Maskumambang, awatak =  nalangsa.
     Mathuké kanggo mêdharaké rasa pangrasa kang ngêrês, nggrêgês, nalangsa karanta-ranta.


6. Pangkur, awatak = sêrêng.
        Mathuké kanggo ing crita kang ngêmu surasa sêrêng. Yèn pitutur ya pitutur kang sêrêng, yèn gandrung ya gandrung kang sêrêng, utawa gandrung kapirangu.  Lumrah uga kanggo nyritakaké pêrang.


7. Sinom, awatak = gapyak, rênyah.
          Mathuké kanggo sêsorah mituturi.


8. Dhandhanggula, awatak = luwês, rêsêp.
          Mathuké kanggo crita kang surasané kapriyé baé bisa luwês. Nanging lumrahé kanggo bêbuka, mêdharaké piwulang gandrungan, lan kanggo panutuping karangan kang sinawung ing têmbang.


9. Durma, awatak = galak, muntab.
          Mathuké kanggo mêdharaké rasaning ati kang nêpsu, utawa crita pêrang.


10. Gambuh, awatak = rumakêt, kulina.
          Mathuké kanggo mêdharaké pitutur kang rada sêrêng marga wis kêduga, lumrahé nganggo basa Ngoko, ya basané wong wis kulina, anggoné sêsrawungan.


11. Mêgatruh, awatak =  sêdhih-kingkin kaworan nglokro.
           Mathuké kanggo mêdharaké rasa gêgêtun pungun-pungun, nalangsa keranta-ranta.


12. Balabak, awatak = sêmbrana parikêna.
          Mathuké kanggo ing crita kang sajak mung sakêpénaké, cléwa-cléwo.


13. Wirangrong, awatak = mrabu, mrabawa.
          Mathuké kanggo mêdharaké rasa sêdhih marga kasêngsêm, nanging kasêngsêm marang barang kang bêcik, utawa kang luhur.


14. Jurudêmung, awatak prênès, kênès-nènès.
          Mathuké kanggo ing crita kang sajak isi pêprênésan.


15. Girisa, awatak = wanti-wanti.
          Mathuké kanggo mêdharaké pitutur kang kanthi wanti-wanti bangêt marang kang dipituturi.


                      --- wjg ---

---> ana candhaké : 
      BAB : GURU GATRA, GURU
      WILANGAN, GURU LAGU.  XI. 5. A. 4.

0 comments:

Post a Comment