Monday, January 13, 2020

XI. No. 12. B. 2. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : TÊMBUNG YOGYASWARA ).

 Kasusastran Jawi 12 :


Têmbung Yogyaswara :

    Yogyaswara iku asalé saka têmbung yogya + swara.

Yogya atêgês = bêcik, prayoga, pantês, patut, apik.
Swara atêgês = uni kramané swantên.

Yogyaswara atêgês = swara apik, swarané kêprungu bêcik tur ngrêsêpaké.

     Têmbung Yogyaswara iku têmbung kang ngrêsêpaké pangrungu.

     Yaiku têmbung loro kang mèh padha swarané utawa pakêcapé, kang nduwéni têgês lanang-wadon.

     Bédané : têmbung kang ngarêp wanda wêkasan lêgêna ( a ) mênga ora sigêg, déné têmbung sing buri wanda wêkasan mawa sandhangan wulu ( i ), uga ora sigêg.


         Têmbung Yogyaswara iku kêrêp bangêt tinêmu ana ing Kasusastran Jawa, luwih-luwih Kasusastran sinawung ing têmbang.


~~ Pêpèngêt :

Kudu digatèkaké, sênajan têmbung wêkasan ngarêp a, têmbung wêkasan buri i, yèn ora nduwèni têgês lanang-wadon, 
iku dudu têmbung Yogyaswara.


Tuladha :

1. Sarwa-sarwi, prapta-prapti, 
    pangaksama-pangaksami, lsp.

2. Yayah-wibi, yayah-rena, jalu-wanita, 
     mimi-mintuna, jaka-rara.

3. Umar-Umir, Suyanta-Suyanti, 
     Mulyana-Mulyani, Prapta-Prapti, lsp.

     Sênajan nêrangaké lanang wadon, nanging kasêbut ing ndhuwur mau jênêngé bocah.
Mula ora kalêbu têmbung Yogyaswara.


Tuladha Têmbung Yogyaswara sinawung ing têmbang.

               K i n a n t h i :

---  Sadaya kang sinung dhawuh.
---  Sandika wus samya mijil.
---  Samêkta lajêng angkatnya.
---  Widadara-widadari.
---  Tuwin kang para Jawata.
---  Nom-anom ingkang umiring.

            ( cuplikan : Parta Krama ; 
              R. Ng. Sindusastra ).


Katrangan :

Widadara-widadari ---> têmbung Yogyaswara sêbab atêgês lanang-wadon.
Widadara =  Déwa lanang.
Widadari = widadara putri, déwa putri, têmbungé liya padha karo bêthari, dèwi.



         Têmbung-têmbung liyané kayata :

  1.  Gana-gini.
  2.  Kêdhana-kêdhini.
  3.  Gêdhana-gêdhini.
  4.  Déwa- dewi.
  5.  Widadara-widadari.
  6.  Hapsara-hapsari.
  7.  Yaksa-yaksi.
  8.  Pêmudha-pêmudhi.
  9.  Rasêksa-rasêksi.
10.  Pramèswara-pramèswari, lsp.
11.  Lsp.


                      --- wjg ---


-----> ana candhaké : 
         BAB :TEMBUNG GARBA
         UTAWA SANDI  XI. 13. B. 3.

0 comments:

Post a Comment