Tuesday, January 14, 2020
XI. No. 16. B. 6. KASUSATRAN JAWI ( BAB : TÊMBUNG ÉNTAR )
Kasusastran Jawi 16 :
Têmbung Éntar :
Têgêsé Éntar yaiku :
1. Bablas, lunga, mangkat.---> kêparêng
kawula méntar sapunika Gusti ?
2. Silihan.
Têmbung éntar : têmbung silihan.
Manut têgêsé éntar : têgês kang ora saluguné yèn cara Basa Indonesia sinêbut " kiasan " .
Katrangan :
Têmbung kêthul, iku kang trêp kanggo ngandharaké sipating gêgaman ( gunting, péso, pêdhang, bêndho, lsp ).
Yèn ana têmbung kêthul sing ora atêgês sipating gêgaman, iku diarani nyilih.
Tuladha :
--- Wah sêjatiné aku kêpèngin nyinau Basa éndah, tapi rumasa atiku kêthul, mula mung bisa ngrungokaké éndahé sarana pangrungonku.
Ati dianggêp kaya déné gaman duwé sipat kang kêthul.
Têmbung mau atêgês nyilih gêgaman, kanggo nggathukaké sipating ati.
Ati kêthul : ati kang ora lantip, ati kang wêlu, ati kang ora pasah ditamakaké nggagas ngèlmu utawa kawruh.
Kanggo gunêm sabên dinané biasané ati kêthul iku padha karo bodho, ndablêg.
Ringkêsané têmbung kang isi surasa ora mung sawantahé utawa ora saluguné diarani têmbung éntar.
Tuladha Têmbung Éntar liyané :
1. Lobok atiné -----> sabar, ora gampang
muring.
2. Dawa tangané -----> climut, sênêng
njupuk darbèké liyan.
3. Jêmbar sêgarané ----> sugih
pangapura.
4. Lunyu ilaté -----> gunêmé méncla-
ménclé.
5. Tipis lambéné ----> sênêng nyatur,
sênêng mêmisuh.
6. Ènthèng tangané ----> cêngkiling,
sênêng milara.
7. Gêdhé sirahé -----> umuk, ambêk
cubriya-kibir.
8. Landhêp pèné ----> sênêng mèngêti
luputé bawahané.
9. Ngatonaké siyungé ---> nuduhaké
panguwasané, kêkêndêlané.
10. Udan tangis ----> akèh wong nangis.
11. Nggêdhèkaké puluk ----> mêntingaké
mangan, ora prihatin.
12. Kêlépétan ala ----> katut mèlu ala.
13. Nggugah susah ----> marakaké susah.
14. Kawruhé jêmbar ----> ilmuné akeh.
15. Manis èsêmé ----> ngrêsêpaké, gawé
kényut.
16. Mogèl ilaté ----> mêmangan akèh
sarwa énak.
17. Pinggêting ati ----> sêriking ati.
18. Mbalang liring ----> nglirik.
19. Kawruhé matêng ------> sêmpurna.
20. Mbukak wadi ----> ngandhakaké wadi.
21. Ngabangaké kuping ---> gawé nêpsu.
22. Métani luputing liyan ---> nggolèki.
23. Ora kuwat payung ----> ora kuwat
drajat.
24. Mbuwang tilas ---> nutupi alané.
25. Ngrabèkaké sikut ----> sénggolan
( ing pasar, tontonan ).
26. Panèn mata pailan gulu ---> wêruh ora
bisa mèlu ngrasakaké.
27. Padhang mripaté, pêtêng atiné --->
lairé sênêng, batiné ora sênêng.
28. Ngêndhalèni hawa napsu --->
mêpêr/nyêgah kêkarêpan.
29. Kuwat drajat ---> bisa dadi wong
gêdhé.
30. Kalis ing lêlara ---> ora kêtaman.
31. Têmbungé pêdhês ---> têmbungé
gawé sêrik.
32. Papan kang kiwa ---> papan ora
adhakan.
33. Adus kringêt ---> nyambut gawé
abot/ngaya.
34. Ngêtog karosan/ngêpuh kringêt --->
mêmpêng.
35.Wêdi wirang, wani mati ---> milih mati
tinimbang wirang/isin.
36. Nandur kabêcikan/ndhêdhêr
kautaman -----> nggawé.
37. Adu wulêding kulit --->
unggul-unggulan.
38. Ora ngrêngga prajané ----> ora njaga
awaké supaya kajèn.
39. Ora katon dhadhané ---> ora wani adu
arêp.
40. Nggilut kawruh ---> ngudi marang
kawruh.
41. Dhèwèké dadi murid kang katêngên
---> diasihi.
42. Cagak lèk ----> supaya bêtah mêlèk
43. Omongé ora cêtha bongkot-pucuké
----> ora cêtha urutané.
44. Wuduné durung matêng ----> durung
gampang mêcah.
45. Tumiba sangsara ----> nêmahi.
Têmbung éntar kang sinawung têmbang :
Sêkar Sinom :
1.
--- Rêmbêsing madu sudana.
--- Dharahing handana warih.
--- Wijiling amara tapa.
--- Iku akèh kang ngarani.
--- Amung turasing aji.
--- Yèn dudu turasing ratu.
--- Tan kêna sinêbuta.
--- Têrahing kusuma adi.
--- Satêrusé kaya kang kasêbut ngarsa.
2.
--- Jatiné nora mangkana.
--- Têrahing kusuma adi.
--- Wong kang arum gandanira.
--- Liré kang misuwur bêcik.
--- Rêmbêsing madu kaki.
--- Kang sabdané manis-arum.
--- Nor-raga manuhara.
--- Dharahing handana warih.
--- Iya iku wong kang ambêk paramarta.
3.
--- Wijiling wong mara tapa.
--- Iku wong sabar ing budi.
--- Kang wus sêpên napsu-hawa.
--- Lah iku anggonên kaki.
--- Nadyan sutèng narpati.
--- Yèn nora mangkono mau.
--- Iya dudu kusuma.
--- Kusumaa amung lamis.
--- Jaba baé ing jêroné kumprung kompra.
--- wjg ---
---> Ana candhaké BAB : PARIBASAN
XI.17.B.7
Monday, January 13, 2020
XI. No. 15. B. 5. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : TÊMBUNG KÉRATA BASA )
Kasusastran Jawi 15 :
Têmbung Kérata Basa :
Kérata têgêsé :
1. Grêma, tukang mbêburu ( kéwan galak ).
2. Asal-asaling têgêsé têmbung manut
wandawé.
Dikérata têgêsé : ditêgêsi miturut asal-asalé têmbung manut wandané utawa kêcapé.
Kérata basa têgêsé : basa utawa têmbung kang dikérata, yaiku ditêgêsi kanti kapirid saka wêwancahané digothak-gathukaké manut sunduk-prayogané.
Kérata basa uga ana kang sinawung têmbang.
Tuladhané :
Sêkar Macapat Pangkur :
--- Tan mungkur kérata basa.
--- Wahanané krikil kêri nèng sikil.
--- Tandur nata karo mundur.
--- Kutang sikut dèn utang.
--- Garwa iku sigaraning nyawa tuhu.
--- Wanita wani mranata.
--- Siti isi bulu bêkti.
Têmbung-têmbung Kérata basa liyané kayata :
1. Wédang = gawé kadang, ngawé
kadang, wé kang didang
( godhog ).
2. Tandur = ditata karo mundur.
3. Kutang = sikuté diutang ( ora
katutupan ).
4. Tipas .= titip napas.
5. Tarub = ditata supaya murub.
6. Cangkir = nancang pikir.
7. Tuwa = ngêntèni mêtuning nyawa.
8. Wanita = wani nata, wani ditata.
9. Garwa = sigaraning nyawa.
10. Siti = isi bulu bekti.
11. Bêlo = lambéné nggêdabêl matané
mlolo.
12. Jaran = yèn diuja sêparan-paran.
13. Gêdhang = digêgêt bubar madhang.
14. Kêrikil = kêri ana ing sikil.
15. Dubang = idu abang.
16. Cangkêm = yèn ora dicancang
( dijirêt ) ora mingkêm.
17. Rambut = pêra tur lêmbut.
18. Sirah = isiné rah ( gêtih )
19. Lsp.
--- wjg ---
------> Ana candhaké BAB : TÊMBUNG
ÉNTAR XI.16.B.6
XI. No.14. B. 4. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : TÊMBUNG RURA BASA )
Kasusastran Jawi 14 :
Têmbung Rura Basa :
Têmbung rura utawa rurah iku nduwèni têgês rusak.
Têmbung rurah iku tinêmu ana ing Kasusastran kang sinawung ing têmbang.
Tuladhané 1 :
Sêkar Macapat Sinom :
--- Mangkya darajating praja.
--- Kawuryan wus sunyaruri.
--- Rurah pangrèhing ukara.
--- Karana tanpa palupi.
--- Para paramèng Kawi.
--- Kawilêting tyas malat kung.
--- Kongas kasudranira.
--- Tidhêm tandhaning dumadi.
--- Hardayèngrat déning karoban rubéda.
( buku Kalatidha ; R. Ng. Ranggawarsito ).
Rura basa atêgês : basa kang rusak, basa luput kang wis ora kêna dibênêraké. Olèhé ora kêna dibênêraké, jalaran pancèn ora lumrah mênawa dibênêraké.
Yèn dibênêraké, malah dadi basa sing ora lumrah, utawa basa kang anèh, ora kaprah kanggo.
Tulada 2 :
Sêkar Macapat Pocung :
--- Timbang nganggur, nggodhog-
nggodhog wédang ta ndhuk.
--- Golèka nyamikan.
--- Sukur bangsa klêthik-klêthik.
--- Kêna kanggo bah-obah janggut
prayoga.
Katrangan :
Ukara nggodhog wédang yèn dirasakaké lan digagas, satêmêné klèru utawa luput.
Sing digodhog iku dudu wédang nanging banyu.
Kêna diarani wédang iku banyu sing wis digodhog.
Nanging saupama anggoné ngucapaké nggodhog banyu supaya dadi wédang, senajan bênêr, nanging ora kaprah.
Mula têmbung mangkono iku diarani rura basa.
Tuladha liyané kayata :
1. Ngulêg sambêl.
2. Adang sêga.
3. Mikul dhawêt.
4. Ndhêplok gêthuk.
5. Nglêlês coban ( nglêlês lulub dadi
coban ).
6. Ndondomi clana.
7. Mbathik ikêt.
8. Ngênam klasa.
9. Mbuntêli témpé.
10. Ngêkum landha ( ngêkum arêng
mêrang supaya dadi landha ).
11. Lsp.
--- wjg ---
---> Ana candhakê BAB : KÊRATA BASA
XI.15.B.5
XI. No. 13. B. 3. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : TÊMBUNG GARBA UTAWA SANDI )
Kasusastran Jawi 13 :
Têmbung Garba :
Garba iku têgêsé :
1. Wêtêng ( guwa-garba atêgês wêtêng
ing pérangan dununging bayi ).
2. Sêsambungan, rêrangkèn,
gêgandhéngan.
Nggarba têmbung têgêsé : nggandhèng têmbung loro utawa luwih, supaya suda cacahing wanda.
Têmbung garba têgêsé : têmbung rêrangkèn, yaiku têmbung loro utawa luwih kang digandhèng dadi siji lan banjur suda cacahing wanda.
Têmbung garba utawa sandi lumrahé kanggo ing Kasusastran kang sinawung ing têmbang. Samangsa ana gatra kang kakéhan wandané, pangripta bisa ngungkrêt wanda mau sarana nggarba têmbungé.
Tuladha Têmbung garba sinawung têmbang.
Sêkar Macapat Sinom
( Abimanyu kèrêm. Karangan M. Sukir )?
1.
--- Nahênta gancaring kata.
--- Mangka bêbukaning tulis.
--- Karajan Jênggalarêtna.
--- Inggih praja Dwarawati.
--- Wênang ingucap bilih.
--- Nagari panjang apunjung.
--- Kang jumênêng naréndra.
--- Maha Prabu Arimurti.
--- Ajêjuluk Narapati Padmanaba.
2.
--- Wau ta Sri Naranata.
--- Miyos siniwakèng dasih.
--- Alênggah dhampar kêncana
--- Pinatik ing sêsotyadi.
--- Pêpak andèr kang nangkil.
--- Sadaya marikêlu.
--- Kang munggwèng byantaréndra.
--- Putra pangéran dipati.
--- Anom Radyan Samba lêlancuring praja.
Sêkar Macapat Sinom
( Langendriyan )
1.
--- Lah sira iku wong apa.
--- Wani malbèng taman sari.
--- Rupamu bagus taruna.
--- Pinangkanira ing ngêndi.
--- Lan sapa kang wêwangi.
--- Angakua mumpung durung.
--- Palastra siya-siya.
--- Baya tan kulak pawarti.
--- Lamun Bisma lagya winowong Jawata.
2.
--- Sun iki dutaning Nata.
--- Prabu Kênya Majapait.
--- Kekasih Damarsasangka.
--- Atma-mantuné Ki Patih.
--- Magang anyar awak mami.
--- Lah ta Bisma praptaningsun.
--- Ingutus Sang Narpéndah.
--- Kinèn mocok murdantaji.
--- Marma ingsun ingutus ywa mindho
karya.
Katrangan :
Naréndra garbané têmbung = nara + éndra.
Nara = wong.
Éndra = ratu.
Naréndra = wong kang dadi ratu
( ngratoni ).
Pêpadhané---> Narèswara. ----> Nara + iswara.
Nara = wong
Iswara = bêndara, gusti.
Wong kang binandara, wong kang ginusti-gusti ----> yaiku Ratu.
Narapraja = wongé nêgara, punggawaning nêgara ---> têmbung liya piyayi ( basa pacalathon dadi priyayi ).
Naragiyota = wongé prahu, wong kang dadi punggawaning prahu.
Giyota = prahu.
Siniwakèng = siniwaka + ing = lênggah
diadhêp.
Sêsotyadi = sêsotya + adi = sêsotya =
linuwih.
Byantaréndra = byantara + éndra =
ngarsané ratu.
Malbèng = malebu + ing.
Narpéndah = narpa + éndah = ratu kang éndahing warna Ratu Ayu Kêncanawungu.
Murdantaji = murda + kita + aji
Murda = sirah.
Kita = kowé.
Aji = ratu.
Sirahmu, ya sirahé Sang Aji kang lagi wawan sabda karo Damarwulan.
Pêpèngêt :
1.
--- Têmbung loro kang siji-sijiné tanpa aksara y, manawa digarba banjur mawa aksara y.
--- Iki kasebut Garba Sutrayé.
--- Dupi + antuk = dupyantuk.
Sami + arsa = samyarsa.
2.
--- Têmbung loro kang siji-sijiné tanpa aksara w, manawa kagarba banjur mawa aksara w.
Iki kasebut Garba Sutrawan.
--- Jalu + éstri = Jalwestri.
--- Ratu + agung = Ratwagung.
3.
--- Têmbung kang kagarba karo têmbung maha, têmbungé maha, mung kaucap mah.
Iki diarani Garba Warga h.
--- Maha + raja = Mahraja ( ratu linuwih/agung ).
--- Maha + rêsi = Maharsi ( rêsi linuwih ).
4.
--- Têmbung garba iku tumrap kawruh Paramasastra diarani têmbung Camboran Tugêl.
5.
--- Têmbung garba nanging akèh kang nganggêp têmbung lingga.
--- Srêngéngé = Sang + hyang + wé.----> déwaning dina, awan.
--- Têngangé = têngah + ing + wé ----> têngah-têngahing dina, awan.
--- Klabang = kala + abang.
--- Kêbombang = kêbo + abang ----> sapi.
Kêbombang kalêbu wangsalan kang atêgês kapiran ora ana sing ngréwangi nandangi pagawéan kang arêp ditindakaké amarga kêtinggal kanca.
Déné têmbung garba liyané :
1. Maskwari = masku + ari ---->
nyêbut kêkasihé.
2. Kalokèngrat = kaloka + ing + rat --->
misuwur.
3. Kêbwalasan = kêbo + alasan --->
kêbo alas.
4. Yèku = iya + iku.
5. Lagyantuk = lagi + éntuk.
6. Sêdyarsa = sêdya + arsa.
7. Tumujwèng = tumuju + ing.
8. Pakyarsa = paksa + arsa.
9. Jalwèstri = jalu + èstri.
10. Sarwyanjogèd = sarwi + anjogèd.
11. Lumakwèng = lumaku + ing.
12. Kajwarèng = kajuwara + ing.
13. Wadwaji = wadu + aji ( abdi ratu ).
14. Mahraja = maha + raja.
15. Dupyarsa = dupi + arsa.
16. Nujwarip = nuju + arip.
17. Dhêmênyar = dhêmên + anyar.
18. Maharsi = maha + rêsi.
19. Taksyalit = taksih + alit.
20. Dadyéwuh = dadi + éwuh.
21. Ratwagung = ratu + agung.
22. Sudirèng = sudira + ing.
23. Kapindra = kapi + éndra.
24. Kawindra = kawi + éndra ( pujangga ).
25. Ratwambêk = ratu + ambêk
( ratu pinandhita ).
--- wjg ---
-----> Ana candhaké BAB : RURA BASA
XI.14.B.4
XI. No. 12. B. 2. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : TÊMBUNG YOGYASWARA ).
Kasusastran Jawi 12 :
Têmbung Yogyaswara :
Yogyaswara iku asalé saka têmbung yogya + swara.
Yogya atêgês = bêcik, prayoga, pantês, patut, apik.
Swara atêgês = uni kramané swantên.
Yogyaswara atêgês = swara apik, swarané kêprungu bêcik tur ngrêsêpaké.
Têmbung Yogyaswara iku têmbung kang ngrêsêpaké pangrungu.
Yaiku têmbung loro kang mèh padha swarané utawa pakêcapé, kang nduwéni têgês lanang-wadon.
Bédané : têmbung kang ngarêp wanda wêkasan lêgêna ( a ) mênga ora sigêg, déné têmbung sing buri wanda wêkasan mawa sandhangan wulu ( i ), uga ora sigêg.
Têmbung Yogyaswara iku kêrêp bangêt tinêmu ana ing Kasusastran Jawa, luwih-luwih Kasusastran sinawung ing têmbang.
~~ Pêpèngêt :
Kudu digatèkaké, sênajan têmbung wêkasan ngarêp a, têmbung wêkasan buri i, yèn ora nduwèni têgês lanang-wadon,
iku dudu têmbung Yogyaswara.
Tuladha :
1. Sarwa-sarwi, prapta-prapti,
pangaksama-pangaksami, lsp.
2. Yayah-wibi, yayah-rena, jalu-wanita,
mimi-mintuna, jaka-rara.
3. Umar-Umir, Suyanta-Suyanti,
Mulyana-Mulyani, Prapta-Prapti, lsp.
Sênajan nêrangaké lanang wadon, nanging kasêbut ing ndhuwur mau jênêngé bocah.
Mula ora kalêbu têmbung Yogyaswara.
Tuladha Têmbung Yogyaswara sinawung ing têmbang.
K i n a n t h i :
--- Sadaya kang sinung dhawuh.
--- Sandika wus samya mijil.
--- Samêkta lajêng angkatnya.
--- Widadara-widadari.
--- Tuwin kang para Jawata.
--- Nom-anom ingkang umiring.
( cuplikan : Parta Krama ;
R. Ng. Sindusastra ).
Katrangan :
Widadara-widadari ---> têmbung Yogyaswara sêbab atêgês lanang-wadon.
Widadara = Déwa lanang.
Widadari = widadara putri, déwa putri, têmbungé liya padha karo bêthari, dèwi.
Têmbung-têmbung liyané kayata :
1. Gana-gini.
2. Kêdhana-kêdhini.
3. Gêdhana-gêdhini.
4. Déwa- dewi.
5. Widadara-widadari.
6. Hapsara-hapsari.
7. Yaksa-yaksi.
8. Pêmudha-pêmudhi.
9. Rasêksa-rasêksi.
10. Pramèswara-pramèswari, lsp.
11. Lsp.
--- wjg ---
-----> Ana candhakê BAB : TÊMBUNG
GARBA UTAWA SANDI XI.13.B.3
Sunday, January 12, 2020
XI. No. 11. B. 1. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : TÊMBUNG SAROJA )
Kasusastran Jawi 11 :
Têmbung Saroja :
Saroja iku têgêsé ana wêrna loro :
1. Rangkêp.
2. Kêmbang Tunjung, kêmbang Têraté,
kêmbang Padma.
Sadpada amripat sinaroja,
têgêsé kéwan asikil nênêm.
Yaiku kéwan gêgêlan utawa insect amripat rangkêp utawa amripat akèh. Maksudé mripat luwih saka sêpasang ; siji-sijiné mripat awangun maju nênêm prasaja, kang têmbungé basa Indonésia segi enam beraturan.
Sad = 6.
Pada = sikil.
Sadpada = sikil nênêm.
Têmbung Saroja, têgêsé têmbung rangkêp. Maksudé têmbung kang panganggoné dirangkêp utawa têmbung loro kang padha utawa mèh padha têgêsé kang lumrah dianggo bêbarêngan.
Tuladha ing Têmbang :
Sêkar Macapat Sinom :
--- Dharat lan sawadyanira.
--- Wong agung ing Jodhipati.
--- Mandi gada gêng angléla.
--- Kadya prabata lumaris.
--- Sawadyanira sami.
--- Mandi gada ting rênggunuk.
--- Wadya-bala pamênang.
--- Nêm atus pamuking jurit.
--- Busanané pan sami polèng sadaya.
( Lakon Parta Krama; R.Ng.Sindusastra ).
Katrangan :
Têmbung wadya-bala ing dhuwur mau diarani têmbung Saroja.
Wadya = bala = koswa.
Panyarojané têmbung loro kang padha têgêsé utawa mèh padha têgêsé iku ora kêna mung sagêlêmé dhéwé, kudu manut kalumrahan, kang wis gumathok.
Wadya-bala iku wis lumrah, ora kêna digawé utawa ditulis Bala-wadya, amarga ora lumrah kanggo.
Kosok baliné koswa-bala uga ora lumrah diênggo, lumrahé bala-kuswa, kaya kasêbut ana ing têmbang gêdhé ngisor iki :
Sêkar Agêng Salwarini : 8
--- Énjing bidhal gumuruh.
--- Saking nagri Wiratha.
--- Kèhing kang bala-koswa.
--- Abra busananira.
--- Lir Surya wêdalira.
--- Saking ing jalanidi.
--- Arsa madhangi jagat.
--- Dhuk mungup-mungup anêng.
--- Anêng puncaking wukir.
--- Marbabak bang sumirat.
--- Kênèng soroting Surya.
--- Méga lan gunung-gunung.
( Sêkar-sêkaran M. N. IV )
Tuladha liyané ukara gancaran :
1.
--- Aku krungu têmbang rawat-rawat, ujaré bakul-sinambéwara .....
Sambéwara = sudagar, wong kang pakaryané dagang.
Dadi padha têgêsé karo têmbung bakul, kêna diarani nunggal-misah.
Sinambéwara ----> saka têmbung lingga sambéwara kawuwuhan sêsêlan " in ".
2.
--- Nadyan aku buta, dudu buta pracoré. Aku isih kalêbu golongané buta manggala kang tau-taté mbêdhah praja mboyong putri.
Têmbung taté nunggal misah karo têmbung tau, mèh padha têgêsé.
Sing kêlumrah kanggo ing padinan têmbungé andhahan yaiku naté.
Têmbung naté linggané taté olèh wuwuhan atêr-atêr hanuswara han dadi naté.
Yèn mangkono têmbung tau-taté kêna diarani têmbung saroja.
3.
--- Mênawi sampun têrang-tarwaca dhawuh timbalanipun Gusti, lajêng kaparêng kawula bidhal bénjing punapa Gusti ?
Têmbung tarwaca iku têgêsé têrang utawa cêtha.
Yèn mangkono têmbung têrang-tarwaca uga kalêbu têmbung Saroja.
Têmbung aran uga ana sing kadadéan saka têmbung saroja, kayata : araning gêndhing, utawa gérong lan jênêngé wong.
Upamané :
1. Ranu tirta.
Ranu lan tirta padha-padha têgêsé banyu.
2. Dipamanggala.
Dipa lan manggala, padha-padha têgêsé gajah.
3. Puspakusuma.
Puspa lan kusuma têgêsé padha yaiku kêmbang.
4. Subakastawa.
Suba atêgês disungga, kastawa atêgês pakurmatan.
Atêgês nunggal misah padha déné dikurmati.
Ora ngemungaké têmbung kang disaroja, nanging ukara uga ana kang disaroja.
Upamané :
1.
--- Ora nyana ora ndhipé yèn kedhelé bisa dadi témpé.
Ora nyana = ora ngira.
Ora ndhipé = ora ngira.
2.
--- Ora mindu ora ngrêmpêlu.
Ora mindu = ora rasan apa-apa.
Ora ngrêmpêlu = ora rasan apa-apa.
3.
--- Rênggang gula kumêpyur pulut.
Rênggang gula = krakêt bangêt.
Kumêpyur pulut = krakêt bengêt.
4.
--- Cukat kadya kilat, kêsit kadya thathit.
Cukat kadya kilat = rikat bangêt.
Kêsit kadya thathit = rikat bangêt.
~~ Pêpèngêt :
--- Têmbung Saroja iku sing akèh ngêmu surasa : bangêt, kêluwih-luwih.
Conto :
Mudha-punggung/mudha-pingging.
Mudha = bodho ( ênom ).
Punggung/pingging = bodho.
Mudha-punggung = bodho bangêt.
Tuladha Têmbung Saroja Liyané :
1. Tumpang-tindhih.
2. Amrik-minging.
3. Gagag-prakosa.
4. Têguh-santosa.
5. Tata-krama.
6. Arum-wangi.
7. Mudha-pingging.
8. Mudha-dama.
9. Mudha-punggung.
10. Jugul-mudha.
11. Kongas-ngambar.
12. Nista-dama.
13. Andhap-asor.
14. Kukuh-bakuh.
15. Umyang-gumuruh.
16. Kajèn-kèringan.
17. Sungsun-timbun.
18. Éwuh-pakéwuh.
19. Baya-pakéwuh.
20. Godha-rêncana.
21. Lir-péndah.
22. Tindak-tanduk.
23. Tandang-grayang.
24. Watak-wantu.
25. Lagak-lagéyan.
26. Sabar-drana.
27. Ramé-gumuruh.
28. Dhêdhêp-tidhêm.
29. Kêngkêng-bangkêng.
30. Sayuk-rukun.
31. Sih-trêsna.
32. Kasèp-lalu.
33. Lalu-lungsé.
34. Nungsang-njêmpalik.
35. Solah-bawa.
36. Solah-tingkah.
37. Tingkah-laku.
38. Akal-budi.
39. Kapok-kawus.
40. Mukti-wibawa.
41. Éndah-pèni.
42. Adi-luhung.
43. Èdi-pèni.
44. Mula-buka.
45. Buka-sakawit.
46. Angkara-murka.
47. Budi-pakarti.
48. Akak-budi.
49. Sri-narédra.
50. Suka-rêna.
51. Ciri-wanci.
52. Sinuba-sinukarta.
53. Jêbat-kasturi.
54. Tapak-tilas.
55. Dhawuh-timbalan.
56. Glogok-sok.
57. Krama-niti.
58. Tata-trapsila.
59. Gêpok-sénggol
60. Bojana-andrawina.
61. Têpa-tuladha.
62. Têpa-palupi.
63. Japa-mantra.
64. Puji-pandonga.
65. Rahayu-slamêt.
66. Sato-kéwan.
67. Pêrang-pupuh.
68. Gilir-gumanti.
69. Utang-sêlang.
70. Nènès-kênès.
71. Candhak-cêkêl.
72. Iguh-pratikêl.
73. Nistha-papa.
74. Papa-cintraka.
75. Gandhês-aluwês.
76. Malang-mégung.
77. Tumpuk-undhung.
78. Tambal-sulam.
79. Sak-sêrik.
80. Pasang-rakit.
81. Sumbang-surung.
82. Wandu-wandawa.
83. Campur-adhuk.
84. Sindhung-aliwawar.
85. Bubak-bundhas.
86. Angkat-junjung.
87. Dijarah-rayah.
88. Njungkir-balik, lsp.
--- wjg ---
-----> Ana candhaké BAB : TÊMBUNG
YOGYASWARA XI.12.B.2
XI. No. 10. B. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : KANG KACAKUP ING KASUSASTRAN JAWI )
Kasusastran Jawi 10 :
Kang Kacakup ing Kasusastran :
Bab kang bisa kacakup ing Kasusastran Jawa iku akèh bangêt, nanging sing bakal kajlèntrèhaké ana ing kéné ( bakal katulis ) ana 29 bab.
Poma aja klèru panampa mênawa Kasusastran Jawa iku kêna kapérang dadi 29 warna.
Pérangan 29 warna iku yêktiné minangka dadi ubarampé kasusastran Jawa.
Mungguha Kasusastran Jawa iku digambaraké panganan, 29 pérangan iku minangka bahané utawa bumbuné.
Wondéné dadiné panganan kang nikmat rasané, éndah warnané kari gumantung karo sing ngolah bahan dadiné panganan kang nikmat, tur apik rupané.
Déné 29 bab kang bakal diandharaké ing kéné yaiku :
1. Têmbung Saroja.
2. Yogyaswara.
3. Têmbung Garba utawa Sandi.
4. Rura Basa.
5. Kérata Basa.
6. Têmbung Éntar.
7. Paribasan.
8. Bêbasan.
9. Saloka.
10. Sanépa.
11. Cangkriman.
12. Wangsalan.
13. Dasanama.
14. Purwakanthi.
15. Parikan.
16. Guritan.
17. Ukara Sêsumbar.
18. Gugon Tuhon.
19. Donga Japa-mantra.
20. Isbat.
21. Suluk.
22. Pralambang.
23. Basa Pêprênésan.
24. Kasusastran Tinêmu ing Gêndhing.
25. Pêpindhan.
26. Candran.
27. Basa Rinêngga.
28. Sandi Asma.
29. Sêngkalan.
Pituduh :
1.
--- Karangan iku kêna didawakaké nganti ngandhar-andhar angêndhukur, bisa uga kagawé cêndhak bêbasan karajut nganti mung samrica binubut.
Karangan kang éndah iku nglungguhi têlung prakara yaiku :
a ). Kang minangka wadhahé karangan yaiku tulisané ora akèh kang luput panulisé, lan kudu anut wêwaton Paramasastra.
b ). Kang minangka busanané karangan yaiku, basané apik, sukur bagé basa éndah.
c ). Isiné mêntês.
2.
--- Mênåwå ngarang kanthi basa gancaran, katindakna mangkéné :
a ). Bab apa kang dikarang diarani jêjêring karangan utawa irah-irahan.
Katulis ana ing ndhuwur sisih têngah-têngahing kertas.
b ). Sadurungé nulis ing papan tinamtu, luih bêcik gawéa tulisan ing dlancang sasuwèk minangka sêkèt, utawa orèt-orètan, supaya karangan mêngkoné bisa runtut.
c ). Aja lali, karangan kudu nganggo bêbuka, lan panutup.
Bêbuka lan panutup mung mburu cukup, yèn arêp dawa isiné karangan.
d ). Patrapé nulis, yèn nganggo aksara Latin, sabên ganti bab kawiwitan saka larikan anyar sarta nganggo aksara gêdhé ing wiwitaning têmbung.
Déné yèn katulis nganggo aksara Jawa, sabên ganti bab kudu kawiwitan nganggo adêg-adêg utawa ada-ada.
3.
--- Mênawa gawé karangan kang sinawung ing têmbang, prayoga gêgulangên supaya anggoné ngarang bisa karo nêmbang jroning batin.
Udinên supaya bisa ngarang têmbang ora kanthi nêkuki driji kanggo ngétung guru wilangan, lan ora njaplak guru lagu.
--- Wong kang ahli basa, yèn ngarang têmbang mêsthi karo nêmbang, sênajan mung nêmbang ing batin.
Mangkono uga manawa mriksa karangan kang sinawung ing têmbang.
--- wjg ---
-----> Ana candhakê BAB : TÊMBUNG
SAROJA.XI.11.B.1
XI. No. 9. A. 8. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : TÊMBUNG KAWI ING TÊMBANG )
Kasusastran Jawi 9 :
Têmbung Kawi ing Têmbang :
1. Kawi atêgês = karang, karangan,
anggitan, rêriptan, rumpakan, kang
awujud têmbang.
2. Kinawi atêgês = dikarang, dianggit,
dirumpaka, rinipta, ginita, didadèkaké
têmbang.
3. Paramèng kawi atêgês = wong kang
nduwèni kaluwihan bab ngarang, wong
kang bisa gawé karangan linuwih
( karangan kang éndah, kang edi-peni )
Têmbung liya diarani Pujangga.
Parama ateges linuwih, kawi atêgês
karangan, rêriptan, anggitan.
Têmbung kawi iku têmbung sing lumrahé kanggo mung ana ing karangan, kang sinawung têmbang.
Sêjatiné têmbung kawi iku têmbung-têmbung sangsêkêrta utawa têmbung Jawa Kuna kang ing jaman saiki isih kanggo, tinêmu sumêla ( sumlêsêp ) ana ing basa Jawa anyar, ana ing karangan, utawa Kasusastran Jawa.
Mulané diarani têmbung Kawi, marga têmbung-têmbungé ing jaman saiki mung kanggo ana ing karangan, lumrah manèh karangan kang sinawung têmbang.
Mirid andharan kasêbut ndhuwur, têtéla manawa wong ngarang têmbang wênang migunakaké têmbung Kawi.
Wênang ing kéné aja dianggêp kudu, mung baé karangan ( têmbang ) kang tanpa têmbung kawi rinasa ampang.
Nanging, lamun kakéhan têmbungé kawi uga rinasa njuwarèhi.
Prayogané manawa ngarang ( têmbang ) lamun sumêla têmbung kawi miliha têmbung kang lumrah kêsrambah.
Pangrasa marang éndahing basa :
Éndahing karangan ( têmbang ), éndahing gambar, éndahing gêndhing, éndahing bêksa, bisa dirasakaké dèning wong kang nduwèni pangrasa.
Wong kang kasinungan pangrasa marang éndahing warna lan asrining sêsawangan, samangsa wong iku sumurup patamanan ; bisa uga malah nganti kasêngsêm, lamun kurang prayoga bisa nuduhaké prayogané.
Samana uga ana ing babagan bêksa, gêndhing ( swara ), utawa sastra ( basa ), sarta sunggingan, lamun wong kang nduwèni rasa-pangrasa bisa mratitisaké prayogané.
Ing jaman globalisasi saiki, arang-arang wong Jawa kang ndhuwèni pangrasa marang éndahing basa Jawa.
Saya manèh ing kalangané para mudha, akèh kang landhêp dhêngkul, rasané marang éndahing Kasusastran Jawa.
Akèh uga para mudha Jawa kang ora wêruh marang Jawané, marga sêpi saka rasa sênêng ngudi, apa manèh marang éndahing Kasusastran Jawa, ngudi marang unggah-ungguhing basa baé sajak babar pisan ora nggapé.
Satêmah kêthul landhêping pangrasa.
Wong kang duwé sêdya nyinau Kasusastran, mênawa maca buku, ngrungokaké sêsorah, ora mung apiking isiné crita, nanging uga kudu nggatèkaké bab basané.
--- wjg ---
-----> Ana candhaké BAB : KANG KACAKUP
ING KASUSASTRAN JAWA XI.10.B.
Saturday, January 11, 2020
XI. No. 8. A. 7. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : NGGANCARAKÉ TÊMBANG )
Kasusastran Jawi 8 :
Nggancaraké Têmbang :
Nggancaraké têmbang iku maksudé ukara têmbang didadèkaké ukara gancaran utawa ukara gunêm utawa wicara umumé.
Sarèhning ikêtaning ukara ( gatra ) têmbang iku wênang nganggo wêwaton Baliswara, manawa wong nggancaraké têmbang ora kêna mung tansah manut dhapukané ukara ( gatra ) têmbang mungguhing urut-urutaning têtêmbungan.
Ukara gancaran iku dhapukané kudu kaya ukara kang kanggo ana ing pagunêman.
Supaya ukara-ukara têmbang bisa dadi ukara lumrah ( ukara gancaran ), kudu ngèlingi ancêr-ancêr ing ngisor iki :
1.
--- Ukara kang ikêtané wêwaton baliswara kudu diudhari, sarta dhapukaning têmbung kudu diwalik.
2.
--- Têmbung-têmbung kawi yèn ana, dijarwakaké nganggo têmbung lumrah kang biasa kanggo gunêm ing pasrawungan.
3.
--- Yèn ana têmbungé garba utawa sandi, garbané diudhari.
4.
--- Samangsa pêrlu, kêna nyuda utawa ngimbuhi têmbung kanggo nglarasaké ukara supaya dadi ukara gancaran kang sipaté ora wagu.
Wondéné pada-padané, êndi sing kudu pada koma, titik, titik loro, pambuka, panutup, pada pitakon, pada pakon, kudu manut wêwaton pênganggoné pada ing ukara gancaran.
--- Tuladha :
1. Cara nggancaraké Têmbang Pangkur :
~~ Éman-éman para mudha.
~~ Lamun tanpa sastra kagunan sêpi.
~~ Nadyan darbé rupa bagus.
~~ Tur sugih busanarta.
~~ Nanging lamun tanpa sastra rai
samun.
~~ Sêkar têpus saupama.
~~ Amrêngangah nora wangi.
Dadiné gancarané mangkéné :
~~ Éman-éman manawa wong ênom nganti wuta ing sastra sarta sêpi ing kagunan.
Sênajan darbé rupa bagus tur sugih raja-brana, nanging yèn wuta ing sastra, rainé mêsthi kucêm.
Pêpindhané kaya kêmbang têpus kang warnané mrêngangah éndah, nanging gandané ora wangi.
2. Cara nggancarake Têmbang
Maskumambang :
a).
~~ Gêrêng-gêrêng Gathutkaca
sru anangis.
~~ Sambaté mlas arsa.
~~ Luhnya marawayan mili.
~~ Gung tinamêng astanira.
b).
~~ Daringakan mulat nganan mulat
ngèring.
~~ Ngulati arinya.
~~ Kang wus kêlêm jroning warih.
~~ Sakêdhap-sakêdhap guritna.
c).
~~ Gogoh-gogoh tanapi slulup ing warih.
~~ Sarwi gung udrasa.
~~ Sêsambatira ngrêrintih.
~~ Dhuh-dhuh adhuh ariningwang.
Dadiné gancaran mangkéné :
~~ Gathutkaca nangis gêrêng-gêrêng, sambatipun mêmêlas.
Luhipun mili dléwéran tansah dipun tamèngi sarana tanganipun.
Lingak-linguk nolèh ngiwa-nêngên, madosi adhinipun ingkang sampun kumêlêm toya.
Sakêdhap-sakêdhap gogoh-gogoh kaliyan slulup sarwi nangis, sêsambatipun adhuh adhuh adhiku.
Pêpèngêt :
Aja duwé pangira manawa éndahing Kasusastran kang sinawung têmbang wis cukup samangsa wis nglungguhi wêwaton ing ndhuwur mau.
Bisané wong ngarang têmbang krasa éndah kudu bisa ndunungaké ing rasa.
--- wjg ---
----> Ana candhakê BAB : YÊMBUNG KAWI
ING TÊMBANG.XI.9.A.8
XI. No. 7. A. 6. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : BALISWARA LAN DAYASASTRA )
Kasusastran Jawi 7 :
Baliswara lan Dayasastra :
Tumrap ikêtaning ukara têmbang, wênang nganggo Baliswara, lan mênawa panulisé nganggo aksara Jawa, wênang migunakaké wêwaton Dayasastra.
I. Baliswara yaiku pamaliking têmbung ing gatraning têmbang.
Sangsaya pêrlu amarga mburu guru
lagu, wênang migunakaké ukara
walikan.
Kayata :
1. Kinanthi gatra wiwitan :
--- Tumrap ukara gancaran kuduné
: Anoman sampun malumpat.
--- Tumrap ukara gatra têmbang kêna
: Anoman malumpat sampun.
Amarga kanggo njumbuhaké guru lagu.
2. Pangkur gatra kapindho :
--- Tumrap ukara gancaran kuduné :
Lamun tanpa sastra, sêpi kagunan.
--- Tumrap ukara gatra têmbang kêna : Lamun tanpa sastra kagunan sêpi.
Amarga mburu guru lagu.
3. Gambuh rong gatra kang wêkasan :
--- Tumrap ukara gancaran kuduné :
Si ula iku yèn nyakot ngêndêlkên
mandining wisa.
--- Tumrap ukara gatra têmbang kêna :
Si ula ngêndêlkên iku, mandiné wisa
yèn nyakot.
Kanggo jumbuhing guru lagu.
II. DAYASASTRA yaiku, dayaning sastra utawa aksara, utawa nganggêp sastra iku nduweni daya, yaiku daya mbrêngêngêng.
Atêr-atêr hanuswara kang ora luluh karo purwaning lingga ( tumrap têmbang kang katulis ing sastra Jawa ), kudu kawaca kaya wujudé atêr-atêr, ora kêna kawaca mung aksarané irung kang dadi sêsigêgé baé.
Samangsa atêr-atêr iku njalari luwihing guru wilangan, lumrah kabuwang baé.
Manawa ana têmbung tanduk, yèn tumrap ukara gancaran kudu katulis nganggo atêr-atêr hanuswara, tumrap ukara (gatra ) têmbang wênang ngilangi atêr-atêr iku ( yèn katulis ing sastra
Jawa ).
Nanging pamacané kudu kaya atêr-atêr hanuswara.
Tuladha :
1. Pangkur gatra wêkasan :
--- ꦧꦼꦝꦃꦥꦿꦗꦧꦺꦴꦪꦺꦴꦁꦥꦸꦠꦿꦶ = Bêdhah praja boyong putri.
Tembung ꦧꦼꦝꦃ = bêdhah lan têmbung ꦧꦺꦴꦪꦺꦴꦁ = boyong, sênajan tanpa atêr-atêr, kudu kawaca ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦝꦃ = mbêdhah lan têmbung ꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦪꦺꦴꦁ = mboyong.
2. Gambuh gatra wêkasan :
--- ꦝꦼꦥꦺꦥꦺꦱ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦠꦤ꧀ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ = dhêpèpès nganti tan katon.
Têmbung ꦝꦼꦥꦺꦥꦺꦱ꧀ = dhêpèpès, sênajan tanpa atêr-atêr, kudu diwaca ꦲꦤ꧀ꦝꦼꦥꦺꦥꦺꦱ꧀ = ndhêpèpès.
3. Mijil gatra 3 :
--- ꦒꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁꦠꦺꦁꦒꦺꦴꦏ꧀ꦲꦚꦁꦏꦶꦁꦏꦼꦤ꧀ꦝꦶꦤꦺ = géndhong ténggok anyangking kêndhiné.
Têmbung ꦒꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁ = géndhong, kudu kawaca ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁ = nggéndhong sênajan ora nganggo atêr-atêr.
Wondéné bab liyané kang pêrlu dièlingi kang magêpokan karo bab têmbang ana ing pérangan liyané.
--- wjg ---
----> Ana candhaké BAB : CARANÉ
NGGANCARAKÉ TÊMBANG XI.8.A.7.
XI. No. 6. A. 5. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : PÊDHOTAN GATRA TÊMBANG )
Kasusasatran Jawi 6 :
Pêdhotan Gatra Têmbang :
Pêdhotan iku kanggo andhêging napas nalika nglagokaké têmbang.
Têmbung pêdhotan sawênèh ana sing ngarani wirama, iku yêktiné klèru, sêbab wirama iku atêgês rindhik-rikating swara.
Déné pêdhotan gatra têmbang iku ana warna loro yaiku :
1. Pêdhotan Kêncêng.
2. Pêdhotan Kêndho.
Wijang-wijangé mangkéné :
Pêdhotan Kêncêng : yaiku pêdhotan kang têmbungé ora wutuh utawa têmbungé tugêl ( ora tiba wêkasaning têmbung ).
~~ Tuladha :
Têmbang Kinanthi gatra kapisanan :
--- Anoman ma ; lumpat ; sampun
---> 4 ; 2 ; 2.
Déné kang apik iku, pêdhotan kang tiba ing wêkasaning têmbung, kang diarani pêdhotan kêndho.
Ing kéné sing bakal kajlèntrèhaké yaiku pêdhotan kang apik utawa pêdhotan kêndho.
Amarga luwih cêtha maksudé ukara lamun dadiné têmbang.
Wêwaton pêdhotan kêndho :
1. Gatra kang isi 5 wanda, kapêdhot :
3 ~ 2 utawa 2 ~ 3.
Kayata :
Durma gatra kaping 6 :
--- Kadanga ~ déwa ---> 3 ~ 2.
--- Kocak ~ samodra ---> 2 ~ 3.
2. Gatra kan isi 6 wanda, kapêdhot : 4 ~ 2.
utawa 3 ~ 3. utawa 2 ~ 4.
Kayata :
Mijil ing gatra kaping 2 :
--- Dunungé ~ adoh ----------> 4 ~ 2.
--- Gumrojog ~ toyanjog ---> 3 ~ 3.
--- Aywa ~ anyalêmong ----> 2 ~ 4.
3. Gatra kang isi 7 wanda, kapêdhot :
4 ~ 3 utawa 3 ~ 4 utawa 2 ~ 3 ~ 2.
Kayata:
Pangkur ing gatra kaping 4 :
--- Kanthi dora ~ wicara -------> 4 ~ 3.
--- Mundhu lit ~ dhaunira ------> 3 ~ 4.
--- Yèn tan ~ mikani ~ rasa ---> 2 ~ 3 ~ 2.
4. Gatra kang isi 8 wanda, kapêdhot :
4 ~ 4 utawa 3 ~ 3 ~ 2 utawa
3 ~ 2 ~ 3.
Kayata :
Maskumambang ing gatra wêkasan :
--- Dhêdhêp-tidhêm ~ sabuwana ----> 4 ~ 4.
--- Tanapi ~ sagung pra ~ wadya --->
3 ~ 3 ~ 2.
--- Bimanyu ~ kèrêm ~ ing tirta --->
3 ~ 2 ~ 3.
5.Gatra kang isi 9 wanda, kapêdhot 4 dhisik, turahé manut wêwaton gatra 5 wanda.
Kayata :
Dhandhanggula gatra kang kaping lima :
--- Akawuryan ~ sangyaning ~ dhasih
----> 4 ~ 3 ~ 2.
--- Apan ana ~ ingkang ~ akardi --->
4 ~ 2 ~ 3.
6. Gatra kang isi 10 wanda utawa luwih, kapêdhot 4 dhisik, banjur kapêdhot manut wêwaton gatra kang isi 6 wanda, turahé yèn ana, manut gatra kang isi 7 wanda.
Kayata :
a). Sinom gatra wêkasan : 12 wanda :
--- Lintring-lintring ~ lir limun nèng ~
jroning gêlas ----> 4 ~ 4 ~ 4.
b). Pangkur ing gatra kapindho : 11 wanda :
--- Mrih tan kêmba ~ kêmbênganing ~
pambudi ----> 4 ~ 4 ~ 3.
c). Mijil ing pada katêlu : 10 wanda :
--- Wani ngalah ~ luhur ~ wêkasané --->
4 ~ 2 ~ 4.
d). Mêgatruh ing gatra kapisan : 12 wanda :
--- Sigra milir ~ kang gèthèk ~ sinangga ~ bajul ----> 4 ~ 3 ~ 3 ~ 2.
--- wjg ---
-----> Ana candhakê BAB : BALISWARA
LAN DAYASASTRA XI.7.A.6
Wednesday, January 8, 2020
XI. No. 5. A. 4. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : GURU GATRA, GURU WILANGAN, GURU LAGU ( KATRANWA 5.A.4 )
Kasusastran Jawi 5 :
Kawruh Bab :
Guru Gatra, Guru Wilangan, Guru Lagu.
Guru atêgês : ugêr-ugêr, wêwaton, paugêran, pathokan.
Guru Gatra :
Yaiku paugêran cacahing gatra utawa larik sabén satêmbang ( sapada ).
Guru Wilangan :
Yaiku paugêran cacahing wanda utawa kêcap sabên sagatra ( salarik ).
Guru Lagu :
Yaiku paugêran dhong-dhinging swara ing pungkasaning gatra ( larik ).
Sapadapala :
Sagatra utawa salarik tumrap têmbang Têngahan utawa têmbang Gêdhé diarani Sapadapala.
Salampah :
Salampah yaiku cacahing wanda utawa kêcap sabên sapadapala, diarani salampah utawa salaku.
Wondéné cacahing gatra, guru lagu, lan guru wilangan siji-sijining têmbang kapratélakaké ing ngisor iki :
1. Kinanthi 6 ( ênêm ) gatra :
I. 8 - u. II. 8 - i. III. 8 - a. IV. 8 - i.
V. 8 - a VI. 8 - i.
2. Pocung 4 ( patang ) gatra :
I. 12 - u. II. 6 - a. III. 8 - i. IV. 12 - a.
3. Asmaradana 7 ( pitung ) gatra :
I. 8 - i. II. 8 - a. III. 8 - é/o. IV. 8 - a.
V. 7 - a. VI. 8 - u. VII. 8 - a.
4. Mijil 6 ( ênêm ) gatra :
I. 10 - i. II. 6 - o. III. 10 - é. IV. 10 - i.
V. 6 - i. VI. 6 - u.
5. Maskumambang 4 ( patang ) gatra :
I. 12 - i. II. 6 - a. III. 8 - i. IV. 8 - a.
6. Pangkur 7 ( pitung ) gatra :
I. 8 - a. II. 11 - i. III. 8 - u. IV. 7 - a.
V. 12 - u. VI. 8 - a. VII. 8 - i.
7. Sinom 9 ( sangang ) gatra :
I. 8 - a. II. 8 - i. III. 8 - a. IV. 8 - i.
V. 7 - i. VI. 8 - u. VII. 7 - a. VIII. 8 - i. IX. 12 - a.
8. Dhandhanggula 10 ( sapuluh ) gatra :
I. 10 - i. II. 10 - a. III. 8 - é. IV. 7 - u.
V. 9-i. VI. 7 - a. VII. 6 - u. VIII. 8 - a.
IX. 12 - i. X. 7 - a..
9. Durma 7 ( pitung ) gatra :
I. 12 - a. II. 7 - i. III. 6 - a. IV. 7 - a.
V. 8 - i. VI. 5 - a. VII. 7 - i.
10. Gambuh 5 ( limang ) gatra :
I. 7 - u. II. 10 - u. III. 12 - u. IV. 8 - u. V. 8 - o.
11. Mêgatruh/Dudukwuluh 5 ( limang )
gatra :
I. 12 - u. II. 8 - i. III. 8 - u. IV. 8 - i.
V. 8 - o.
12. Balabak 6 ( ênêm ) gatra :
I. 12 - a. II. 3 - é. III. 12 - a. IV. 3 - é. V. 12 - a. VI. 3 - é.
13. Wirangrong 6 ( ênêm ) gatra :
I. 8 - i. II. 8 - o. III. 10 - u. IV. 6 - i.
V. 7 - a. VI. 8 - a.
14. Jurudêmung 7 ( pitung ) gatra :
I. 8 - a. II. 8 - u. III. 8 - u. IV. 8 - a.
V. 8 -u. VI. 8 - a. VII. 8 - u.
15. Girisa 8 ( wolung ) gatra :
I. 8 - a. II. 8 - a. III. 8 - a. IV. 8 - a.
V. 8 - a. VI. 8 - a. VII. 8 - a.
VIII. 8 - a.
--- wjg ---
----> Ana candhaké BAB : PÊDHOTAN
GATRA TÊMBANG XI.6.A.5
Tuesday, January 7, 2020
XI. No. 4. A. 3. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : BASA KANG KANGGO ING KASUSASTRAN )
Kasusastran Jawi 4 :
Basa Kang Kanggo ing Kasusastran :
Mungguh basa kang kanggo ing Kasusastran manut ikêtan ukarané bisa kapérang dadi rong warna, yaiku :
1. Basa Gancaran.
2. Basa Têmbang.
Déné pêprincèné :
1. Basa Gancaran :
Basa Gancaran yaiku basa lumrah kanggo gunêm sabén dinané, utawa basa bébas.
Maksudé basa kang ora kaikêt ing paugêran-paugêran, utawa pathokan-pathokan tinamtu.
2. Basa Têmbang :
Basa Têmbang yaiku, basa kang kaikêt ing paugêran-paugêran, utawa pathokan-pathokan tinamtu.
Wondéné paugêrané têmbang Jawa iku ana têlung warna yaiku :
2.1. Guru Gatra.
2.2. Guru Wilangan.
2.3. Guru Lagu.
Têmbang kang lumrah kanggo ing Kasusastran cacahé ana 15 ( limolas ) warna, kang digolongaké dadi 3 ( têlung ) golongan yaiku :
a. Têmbang Macapat.
b. Têmbang Tengahan.
c. Têmbang Gêdhé.
a. Têmbang Macapat :
Têmbang Macapat iku diarani têmbang Cilik, cacahé ana 9 ( sanga ) :
1. Kinanthi.
2. Pocung.
3. Pangkur.
4. Asmaradana.
5. Maskumambang.
6. Mijil.
7. Sinom.
8. Durma
9. Dhandhanggula.
b. Têmbang Têngahan :
Têmbang Têngahan utawa têmbang Dhagêlan, cacahé ana 5 ( lima ) :
1. Gambuh.
2. Mêgatruh ( Dudukwuluh ).
3. Balabak.
4. Wirangrong.
5. Jurudêmung.
c. Têmbang Gedhé :
Tembang Gedhé utawa têmbang Kawi cacahé kang lumrah kanggo Kasudastran Jawa mung 1 ( siji ) :
1. Girisa.
~~~ Pêpèngêt :
Aja klèru tampa banjur duwé pangira manawa Têmbang Têngahan cacahé mung 5, Têmbang Gêdhé cacahé mung 1.
Satêmêné Têmbang Têngahan lan Têmbang Gêdhé iku cacahé akèh bangêt.
Mung baé kang lumrah kanggo ana ing Kasusastran Jawa, kaya kasêbut ndhuwur mau.
Panggonané Têmbang Limolas Warna :
Sarèhning bola-bali bakal mrangguli têmbang, mulané prayoga bab Têmbang diandharaké luwih dhisik.
Panggonané têmbang limolas warna ing Kasusastran, mêsthi baé kudu dicundhukaké karo watak siji-sijiné têmbang.
Déné watak siji-sijining têmbang kasêbut ngisor iki :
1. Kinanthi, awatak = sênêng, asih, trêsna.
Mathuké kanggo mêdharaké piwulang, carita kang ngêmu rasa asmara utawa gandrung-gandrung.
2. Pocung, awatak = kêndho, tanpa
grêgeêt-saut.
Mathuké kanggo ing carita kang sajak mung sakapénaké, tanpa kamêmpêngan.
3. Asmaradana, awatak = sêngsêm,
sêdhih, prihatin marga kataman ing
rasa asmara.
Mathuké kanggo ing carita kang mêdharaké asmara.
4. Mijil, awatak = wêdharing rasa.
Mathuké kanggo mêdharaké pitutur, nanging uga kêna kanggo crita gandrungan.
5. Maskumambang, awatak = nalangsa.
Mathuké kanggo mêdharaké rasa pangrasa kang ngêrês, nggrêgês, nalangsa karanta-ranta.
6. Pangkur, awatak = sêrêng.
Mathuké kanggo ing crita kang ngêmu surasa sêrêng. Yèn pitutur ya pitutur kang sêrêng, yèn gandrung ya gandrung kang sêrêng, utawa gandrung kapirangu. Lumrah uga kanggo nyritakaké pêrang.
7. Sinom, awatak = gapyak, rênyah.
Mathuké kanggo sêsorah mituturi.
8. Dhandhanggula, awatak = luwês, rêsêp.
Mathuké kanggo crita kang surasané kapriyé baé bisa luwês. Nanging lumrahé kanggo bêbuka, mêdharaké piwulang gandrungan, lan kanggo panutuping karangan kang sinawung ing têmbang.
9. Durma, awatak = galak, muntab.
Mathuké kanggo mêdharaké rasaning ati kang nêpsu, utawa crita pêrang.
10. Gambuh, awatak = rumakêt, kulina.
Mathuké kanggo mêdharaké pitutur kang rada sêrêng marga wis kêduga, lumrahé nganggo basa Ngoko, ya basané wong wis kulina, anggoné sêsrawungan.
11. Mêgatruh, awatak = sêdhih-kingkin kaworan nglokro.
Mathuké kanggo mêdharaké rasa gêgêtun pungun-pungun, nalangsa keranta-ranta.
12. Balabak, awatak = sêmbrana parikêna.
Mathuké kanggo ing crita kang sajak mung sakêpénaké, cléwa-cléwo.
13. Wirangrong, awatak = mrabu, mrabawa.
Mathuké kanggo mêdharaké rasa sêdhih marga kasêngsêm, nanging kasêngsêm marang barang kang bêcik, utawa kang luhur.
14. Jurudêmung, awatak prênès, kênès-nènès.
Mathuké kanggo ing crita kang sajak isi pêprênésan.
15. Girisa, awatak = wanti-wanti.
Mathuké kanggo mêdharaké pitutur kang kanthi wanti-wanti bangêt marang kang dipituturi.
--- wjg ---
---> Ana candhaké BAB : GURU GATRA,
GURU WILANGAN, GURU LAGU
XI.5.A.4
Monday, January 6, 2020
XI. No. 3. A. 2. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : BASA LUMARAH LAN BASA ÉNDAH )
Kasusastran Jawi 3 :
Basa Lumrah lan Basa Éndah :
Gagasan utawa cipta-ripta kang dilairaké sarana basa ( dudu kang kawêdharaké sarana sasmita ), iku ana kang cara mêdharaké nganggo basa kang lumrah, waton wong sing krungu utawa sing maca bisa ngêrti marang maksudé kang diwêdharaké, ana uga kang carané nglairaké kanthi basa kang apik, yaiku basa kang èdi-pèni utawa basa kang ngêmu kaéndahan.
Basa kang ngêmu kaéndahan iku, bisa diarani basa kang ngêmu kasusastran.
Coba pêrmanakaké tuladha gunêm kang nganggo Basa Lumrah sarta kang nganggo Basa Éndah ing ngisor iki :
--- Basa Lumrah = BL.
--- Basa Éndah = BÉ.
1.1. BL = Wiwit isih cilik, aku urip ora
kêpénak, kêrêp nêmu cilaka.
1.2. BÉ = Wiwit cilik mula, uripku tansah
kêtula-tula kêtali.
2.1. BL = Kêkarêpan kang ora bêcik, yèn
ora dipêpêr bisa nênuntun
marang kacilakan.
2.2. BÉ = Sêdya ala, yèn dèn umbar bisa
mbabar dadi rubéda kang
ngrêribêdi.
3.1. BL = Kandhamu iku rak marakaké
tuwuhé kêkarêpan ala.
3.2. BÉ = Kandhamu mangkono iku rak
nggêgalak racak nênangi
kêmrêki.
4.1. BL = Aku saiki wis tuwa, umurku wis
kliwat adoh saka sêtêngah
tuwuh.
4.2. BÉ = Aku saiki wis tuwa, mungguha
Srêngéngé wis adoh saka
plêthèké, cêdhak marang
surupé.
5.1. BL = Guru iku kudu duwé watak
sabar, sugih pangapura.
5.2. BÉ = Guru iku kudu darbé watak
sabar, momot mêngku lir
pratala, jêmbar lir samodra.
6.1. BL = Ora ana sabab apa-apa,
dumadakan Pak Guru kok duka.
6.2. BÉ = Ora ana udan, ora ana angin,
Pak Guru kok duka dadakan.
7.1. BL = Wataké Parto iku yèn wis
mbrêngkunung ora kêna diêluk yèn kêbênêr gampang,
dipréntah apa baé mêsthi
tumandang.
7.2. BÉ = Wataké Parto iku, pêpindhané
yèn kaku kaya alu, yèn lêmês
kêna ginawé tali.
8.1. BL = Ora ngira babar pisan manawa
rêmbugé dhèwèké bakal
molah-malih.
8.2. BÉ = Ora nyana ora ndhimpé
manawa rêmbugé dhèwèké
méncla-ménclé, ésuk dhêlé,
soré témpé.
9.1. BL = Dhèwèké pancèn wis ora kêna
dikandhani, atiné ora pasah ing
pitutur, ora lumèr ing têmbung
manis.
9.2. BÉ = Dhèwèké wis ora luntur déning
pitutur, ora mêndha déning
têmbung manohara/manuhara.
10.1. BL = Kowé kok wêdi, iku apa ta
sababé ?
10.2. BÉ = Wêdi-wêdi, apa kang dadi
wadimu ?
--- wjg ---
-----> Ana vandhaké BAB : BASA KANG
KANGGO ING KASUSASTRAN
XI.4.A.3
Sunday, January 5, 2020
XI. No. 2. A. 1. BAB : KASUSASTRAN JAWI ( BAB : SÊSURUPAN BAB KASUSASTRAN )
Kasusastran Jawi 2 :
Sêsurupan Bab Kasusastran :
Kagunan adi-luhung kang kalairaké sarana éndahing basa Kulonan, diarani Kasusastran Kulonan, yèn kawêdharaké sarana èdi-pènining basa Indonésia diarani Kasusastran Indonésia, lan kang binabar sarana basa Jawa/Jawi kang éndah, diarani Kasusastran Jawa/Jawi.
Wondéné kang kalêbu ing Kasusastran Jawa yaiku sakabèhing kagunan adi-luhung kang isi kaéndahan basa Jawa.
Ora ngêmungaké kang katulis wujud buku utawa layang, nanging uga kang kaucapaké déning lésan.
Ora ngêmungaké kang katulis nganggo sastra/tulisan Jawa, nanging uga nganggo tulisan Latin utawa Arab * ).
Uga ora ngêmungaké kang dikarang déning wong Jawa asli, nanging uga kang karipta déning bangsa manca.
Ora ngêmungaké kang kababar ana ing tanah Jawa, nanging uga kang diwêtokaké ana ing manca nagara.
Pokoké, kabèh kang isi kaéndahaning basa Jawa, kalêbu Kasusastran Jawa.
*) = " Buku Ambiya lan Buku
Lokayanti " kalêbu Kasusastran Jawa.
--- wjg ---
----> Ana candhaké BAB : BAB BASA
LUMRAH LAN BASA ÉNDAH XI.3.A.2
XI. No. 1. A. BAB : KASUSASTRAN ( BAB : WÊRDINING TÊMBUNG KASUSASTRAN )
Kasusastran Jawi 1 :
Wêrdining Têmbung Kasusastran :
Têmbung Kasusastran asalé saka têmbung susastra kang oleh atêr-atêr " ka " lan panambang " an ".
Têmbung susastra iku dudu têmbung lingga, anut paramasastra diarani têmbung lingga andhahan.
Déné têmbung linggané susastra iku " sastra ", kang olèh atêr-atêr " su " .
Atêr-atêr " su " iku têgêsé : linuwih, pinunjul, éndah, apik bangêt.
Têmbung lingga sastra asalé saka têmbung wod " syaas " , kang nduwèni têgês : wulang, wuruk.
Wanda wuwuhan" tra " mratélakaké têmbung aran.
Têmbung syaastra, lumrahé ing jaman saiki ditulis sastra, kang nduweni têgês : tulis, wêwaton, paugêran, piwulang, kawruh, layang kang isi kawruh karangan.
Susastra atêgês : tulis kang linuwih, wêwaton linuwih, paugêran kang pinunjul, piwulang kang apik, kawruh kang éndah.
Kasusastran têgêsé : kawruh utawa kagunan kang apik, kagunan kang éndah, yaiku kagunan kang isi basa kang éndah, utawa basa kang apik lamun rinasa.
Wong guna kang bisa mahyakaké bab-bab kanthi basa kang éndah diarani " PUJANGGA " .
--- wjg ---
------> Ana candhaké BAB :
KASUSASTRAN JAWI XI.2.A.1
Saturday, January 4, 2020
X. BAB : KABUDAYAN ( BAB : WÊRDINÉ TÊMBUNG KABUDAYAN )
Wêrdiné Têmbung Kabudayan :
Têmbung Kabudayan iku, asalé saka têmbung lingga budaya kang olèh atêr-atêr ka lan panambang an.
Déné Budaya atêgês budi ( têmbung aran, dudu budi kang atêgês wasésa ) nalar, angên-angên, utawa panêmu.
Kabudayan atêgês : wohing budaya, wêdharing budaya, babaring nalar pambudi, wohing pangulah lakuning budaya utawa budi.
Manut katrangan ing dhuwur mau iku, apa baé kang anané marga saka akal-budining manungsa, kabèh kang kêna diarani wohing nalar pambudining manungsa iku diarani Kabudayan.
Kagawa saka daya lakuné akal budiné manungsa, mahanani ing donya iki kêbak kawruh-kagunan manéka warna.
Kayata : kawruh tèhnik, kagunan nyungging lan nggambar, apa déné natah, têmbang, jogèd, têtabuhan kang mawa wirama sarta laras ( gamêlan, musik ), kasusastran.
Kabèh iku mau, diarani Kabudayan.
Babaring pangulah lakuning budi, utawa Kabudayan, iku pantogé nganti têkan bab-bab kang alus angrêmit, nganti sasat ora gampang kagrayang ing kalairan, ora kêna dinulu ing nétra walaka.
Sapérangané Kabudayan kang isi kaéndahan, kang isi bab kang èdi-pèni, kang adiluhung, diarani Kagunan Karawitan utawa Kagunan adi-luhung, utawa mung diarani Kagunan.
Wong kang bisa mahyakaké Kagunan adi-luhung diarani wong guna.
Utawa kêna ditêmbungaké mangkéné :
Wong guna : yaiku wong kang bisa ngulah lakuning akal-budiné, kinanthénan kapintêran lan kaprigêlan, banjur bisa mahyakaké bab maujud kang isi kaéndahan.
Êmbuh éndahing swara, êmbuh éndahing solah-bawa, êmbuh éndahing basa, êmbuh éndahing apa baé, pokoké isi kaéndahan diarani wong guna. Bisa uga ditêgêsi seniman utawa seniwati.
Wondéné wijang-wijangé kang kalêbu kagunan adi-luhung iku ana wêrna lima yaiku :
1.
Kagunan swara ( sêni swara ), yaiku kagunan adi-luhung kang mahyakaké éndahing swara. Éndah mungguhing laguné, larasé, céngkoké, utawa éndah mungguhing wiramané.
2.
Kagunan nggambar lan nyungging apa déné natah ( sêni rupa ), yaiku kagunan adi-luhung kang mahyakaké rêrupan kang èdi-pèni utawa wêwujudan kang éndah kayata ; gambar, rêca, ukir-ukiran.
3.
Kagunan jogèd ( sêni tari ), yaiku kagunan adi-luhung kang mahyakaké solah-bawa kang éndah. Éndah mungguhing wiragané, wiramané, sarta éndah yèn rinasa.
4.
Kagunan tontonan ( sêni drama ), yaiku kagunan adi-luhung kang mahyakaké tontonan kang éndah. Éndah garapan lakoné, éndah sambung-rapêté karo kahanan.
5.
Kagunan kasusastran ( sêni sastra ), yaiku kagunan adi-luhung kang dilairaké sarana basa, basa sing dikarêpaké basa kang éndah dirungokaké, lan dirasakaké.
Kajaba saka iku, ana kagunan adi-luhung kang diarani Sêni Padhalangan. Akèh para sarjana-sujana kang nduwèni panêmu manawa Sêni Padhalangan iku ora kalêbu ing salah sijiné kagunan warna lima kang kasêbut ing dhuwur iku, nanging malah dadi pamoré kagunan lêlima mau.
Têgêsé Sêni Padhalangan wis ngêmot lima kagunan kayata :
1.
Suluké Dhalang, têmbangé Sindhèn, gérongé panggérong, swaraning gamêlan iku kagolong Kagunan Swara.
2.
Éndahé warnaning wayang, ( tatahané, sunggingané ) kaéwokaké Kagunan nggambar.
3.
Éndahing basa gunêmé wayang, cakêpan gérong lan sindhénan, cakêpan Suluking Dhalang, kalêbu Kagunan Kasusastran.
4.
Éndahing solah-bawané wayang kaéwokaké Kagunan jogèd.
5.
Éndahé garapan lakon utawa sanggité kalêbu Kagunan tontonan.
Kagunan warna lima mau kang kasêbut ing dhuwur, bakal karoncé utawa diandharaké ana ing Bab Kasusastran.
--- wjg ---
---> Ana candhaké BAB : KASUSASTRAN
JAWI XI.1.A
IX. No. 38. C. 8. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYANPAWIWAHAN ( BAB : ATUR SABDA TAMA/WASITA ADI/WULANG UTAMI )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 38 :
Tuladha Atur Sabda Tama :
Assalamu'alaikum Wr.Wb.
Nuwun kawula nuwun, sanggya para rawuh kakung sumawana putri ingkang minulyèng budi, kala wau kadang panatacara ngêndikakakên bilih kula kadhawuhan atur sabdatama utawi ular-ular wulang utami dhumatêng pangantèn sarimbit.
Pancènipun dèrèng darajat mênawi kula ngaturi sabdatama, jêr têmbung Sabda botèn wontên ingkang pantês hangagêm, kajawi namung Gusti Pangéran Ingkang Maha Agung, ingkang dados tuking samukawis, mandhapipun dhatêng salah satungaling Raja ingkang nêmbé siniwaka.
Awit mênggahipun kula têmbung sabdatama, mêngku têgês wulang utami adhêdhasar sadaya sabda-sabdaning Pangéran ingkang sampun kawahya ing sadaya sêrat-sêrat suci.
Sênadyan kanthi awrating raos, karana wontên mriki kathah rawuhipun para pêpundhèn, para sêsêpuh, para pinisêpuh, sarta para winasis babagan wulang utami, parikêdah botèn sagêd nolak minangkani pamundhutipun ingkang hamêngku gati, sawatawis suka wawasan ing babagan prayogining bêbrayan, jêr kasunyatan sênadyan langkung wasis tuwin pintêr anak mas pangantèn sarimbit katimbang kula, nanging tumraping gêsang patêmbayan bêbrayan, saèstu langkung rumiyin kula katimbang nak mas pangantèn sarimbit.
Bok mênawi punika ingkang kanggé gada supados kula dipun pêksa suka wawasan tumraping gêsang bêbrayan énggal.
Sanggya para pêpundhèn, para sêpuh, para pinisêpuh punapa déné panjênênganipun sagung para rawuh ingkang satuhu luhuring budi.
Kêparênga kula suwun pamujinipun dhatêng jasad kula, supados sagêd dumugining purug anggèn kula hamakili handika para rawuh suka wawasan tumrap thêk-kliwêripun patêmbayan bêbrayan énggal.
Kagêm anak mas pangantèn sarimbit ingkang kula trêsnani, gêgaran tumrap gêsang bêbrayan énggal punika salah satunggalipun kêdah nindakakên pakarti gangsal pêrkawis ingkang sinêbat " Malima " .
Malima ing mriki saking têmbung : mlumah ; mêngkurêb ; modot ; mlêbu ; mêtu.
Mlumah punika ngandhut wêrdi nglumahakên tangan utawi kridha lumahing asta.
Têgêsipun dados tiyang gêsang wontên madyaning bêbrayan agung punika aja sênêng ngathung, utawi nggadhahi watak rêmên njagagakên dhatêng pawèwèhing liyan.
Punika pakarti ingkang botèn saé.
Mêngkurêb punika wêrdinipun ngurêbakên asta têgêsipun dados tiyang gêsang ing madyaning bêbrayan agung, punika sênênga wèwèh marang liyan ingkang tanpa pamrih.
Sênênga têtulung marang sapa baé sing mbutuhaké pitulungan nanging aja ngati diwêruhi dèning wong akèh.
Upama nindakaké dana driyah, tangan têngên mènèhi dhuwit, paribasané tangan kiwa aja nganti wêruh.
Modot têgêsipun punika modot pikirané, modot nalaré.
Dados tiyang tumitah wontên ing alam donya punika kêdah tansah mbudidaya murih undhaking kawruh dimèn jêmbar wawasanipun.
Mlêbu têgêsipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang lèrèkipun dhatêng kêsaénan, kêdah katampi saha dipun lêbêtakên dhatêng manah utawi raos, minangka dados gêgêbênganipun tiyang gêsang bêbrayan.
Mêtu mêngku têgês sêdaya kawruh utawi tumindak saé ingkang migunani dhumatêng bêbrayan, kêdah dipun tularakên dhatêng tiyang sanés.
Kajawi nindakakên Malima, rêsèpipun bêbrayan saé, punika kêdah : Dana ing têpa ; Têpa ing rasa ; saha Têmên tobating rila.
Miturut para winasis nyêbatakên wêrdinipun têtiga kala wau antawisipun :
Dana ing têpa têgêsipun, raos pangraos makatên punika, kula aturi ngêcakakên ing bêbrayan agung, supados sagêd sumingkir saking watak srèi, drêngki, jail, mêthakil, dahwèn, panastèn, kamiopèn.
Têpa ing rasa têgêsipun têpa punika ukuran, rasa punika pangraos.
Samukawis patrap lan makarti kêdah manut raosing piyambak.
Mênawi tumrap karaosakên botên sêkéca lan kirang prayogi, sampuna dipun cakakên/tindakakên dhatêng tiyang asanès.
Têmên tobating rila têgêsipun, kakung kanthi têmên trêsna dhatêng garwa, martobat sampun tuman rabi malih rila lêgawa narima trusing batos garwa satunggal botèn têlas salaminipun.
Adatipun sagêd nyakêtakên trêsna bêktinipun garwa.
Putri sêmantên ugi, adatipun sagêd nyakêtakên sih trêsnanipun kakung.
Kêjawi punika, ugi kêdah nindakakên Sa catur ( Sa papat ) :
Sarupa ; Sajiwa ; Sawanda ; Saékapraya.
Têgêsipun :
Sarupa : kêkalihipun rumaos mênawi garwanipun paling bagus/ayu dhéwé.
Sajiwa : kêdah sagêd momong watak satunggal-satunggalipun.
Sawanda : adêging bêbrayan, minangka pamoring jiwa kêkalih.
Saékapraya : kêdah jumurung dhatêng karsa, cipta tuwin sêdya ingkang saé sarta utami.
Anak mas pangantèn sarimbit ingkang kula trêsnani dalah sagung para rawuh, namung punika ingkang sagêd kula aturakên babagan wulang utami ing bêbrayan agung.
Déné mênawi kirang anuju prana, kula mawantu-wantu nyuwun agunging pangaksama.
Matur nuwun...nuwun...nuwun.
Wassalamu'alaikum Wr.Wb.
. --- cunthêl ---
--- wjg ---
-----> Ana candhaké BAB : WÊRDINING
TÊMBUNG ING WICARA PAWIWAHAN
IX.39.D.1.
Friday, January 3, 2020
IX. No. 37. C. 7. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : ATUR PAMBAGYAHARJA )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan
Pawiwahan 37 :
Tuladha Atur Pambagyaharja :
Assalamu'alaikum Wr.Wb.
Nuwun...kawula nuwun, dhumatêng panjênênganipun para pêpundhèn, para sêsêpuh, para pinisêpuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lêbda ing pitutur, kéblat ing panêmbah, ingkang pantês pinundhi saha kinabêktèn.
Panjênênganipun para sarjana sujanèng budi, para priyagung pangêmban pangêmbating praja, satriyaning nagari, minangka pandam-pandoming para kawula dasih ingkang pantês katuran sagunging pakurmatan.
Para kadang mitra wrêdha, mudha ingkang pantês sinudarsana, sumrambahipun dhumatêng panjênênganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturakên sèwu agunging pangaksama mugi kêparênga kawula hambuka wiwaraning suka, wênganing wicara, dwaraning kandha, kanthi cumanthaka marak mangarsa hanggêmpil kamardikan panjênêngan ingkang katêmbèn wawan sabda, inggih awit mradapa kêparêngipun ingkang hamêngku gati, nun inggib panjênênganipun Bapa/Ibu .... ( ingkang mêngku gati ), kawula piniji hangêmbani minangka talanging basa, kinèn ngaturakên mênggah wudharing gantha, babaring sêdya, wigatosing gati ing ari/dalu kalênggahan punika.
Inggih kabêkta saking mangkoging manah saha karoban ing sih panjênêngan sami, saéngga botèn kuwawi matur piyambak, ajrih mênawi botèn sagêd kawiyosing lathi, namung kandhêg wontên ing jangga, mila lajêng anyaraya dhumatêng jasad kawula.
Nanging sadèrèngipun kawula hamurwani lêkas wêkasing karti gatining sêdya, supados purwa, madya, wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubéda nir ing sambékala, kêparêng langkung rumiyin kawula dhèrèkakên ngunjukakên puji syukur wonten ngarsa Dalêm Gusti Kang Maha Murba, ingkang sampun kêparêng paring rahmat lan nikmat gumêlaring alam agêsang wontên madyaning bêbrayan agung, katitik Rahayu Sagung Dumadi tansah kajiwa lan kasarira dhumatêng kula lan panjênêngan sêdaya, saéngga kita sagêd anglonggarakên pênggalih dalah wêkdal, rawuh manunggal wontên dalêm pawiwahan punika, kanthi pangajap saha anunggal raos angèstrèni saha paring bêrkah pangèstu dhumatêng panjênênganipun Bapa/Ibu ....( ingkang mêngku gati ), anggènipun angrakit sêkar cêpaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, têtêpa winêngku ing suka basuki.
Para lênggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan prasaja ing kalênggahan punika, panjênênganipun Bapa/Ibu ....
( ingkang mêngku gati ), ngaturakên sugêng rawuh, sinarêngan raos panuwun ingkang tanpa upami, suka bingahing manah ngantos botèn sagêd rinumpaka ing ukara, mênggah rawuhipun handika sami.
Ing salajêngipun mugi kasêkécakna pinarak ing palênggahan kanthi mêrdu-mardikaning panggalih ngantos paripurnaning pahargyan.
Wondéné mênggah wigatosing gati panjênênganipun Bapa/Ibu .... ( ingkang mêngku gati ), angaturi rawuh handika sami kados ingkang sampun kacêtha ing sêrat sêdhahan utawi kintaka wara, bilih panjênênganipun Bapa/Ibu ...., hanêtêpi darmaning asêpuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngêntas pitulus kênya putrinipun ingkang asêsilih Rara ...., jinatukrama kaliyan Bagus .... putra kakungipun Bapa/Ibu .... ( bésan ), ingkang pindalêm ing ....
Ingkang sampun kalampah ijab anut satataning agami lan nagari, panggih miturut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah, kanthi rahayu kalis king rubéda.
Ingkang punika panjênênganipun Bapa/Ibu ....( mêngku gati ), mawantu-wantu panyuwunipun wontên ngarsa handika sami, mugi wontêna suka lilaning panggalih, paring jurung puja hastawa, puji hastuti dhumatêng pangantèn sarimbit, anggènipun badhé lêlumban wontên madyaning bêbrayan agung, mugi tansaha atut-runtut, manggih bagya-mulya ingkang sinêdya, rahayu ingkang tinêmu, basuki ingkang kaèsthi, énggala kaparingan pituwasing patêmbayan, momong putra, kanthi prajanjèn Brayat Rinancang.
Kalêksananing pahargyan ing kalênggahan punika sagêd kalampah, karana sih pambiyantunipun para sanak-kadang, pawong mitra, tangga-têpalih, saha para tamu, ingkang sampun kêparêng paring pisumbang awujud punapa kémawon, ingkang sanyata sagêd angènthèngakên sêsanggêman.
Awit saking punika Bapa/Ibu .... ngaturakên agunging panuwun tanpa upami, mugi sih kadarman panjênêngan dadosa amal kêsaénan, saéngga pikantuka lêlintu ingkang satraju, miwah bêbingah ingkang malimpah-limpah
( kathah ).
Minangka panutuping atur, mênawi wontên kuciwaning bojakrama ingkang botèn anuju prana, sarta wontên anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, anggèn kula angacarani rawuh handika sami, mugi lumèbèrna sih samodra pangaksami.
Botèn kêkilapan kula minangka talanging basa, bok bilih anggèn kula matur wontên tuna-dungkaping atur, ingkang singlar ing subasita, dalah tata-krama, mugi kêrsaha paring agunging samodra pangaksama.
Nuwun...nuwun...matur nuwun
Wassalamu'alaikum Wr.Wb.
--- wjg ---
-----> Ana candhakê BAB : TULADHA
ATUR SABDA TAMA UTAWI
WULANG UTAMI IX.38.C.8


