Thursday, December 4, 2025

Sêsorah Atur Pambagya Sasana Parêpatan

 Sêsorah Atur Pambagya Sasana Parêpatan.

( 𝑷𝒊𝒅𝒂𝒕𝒐 𝑺𝒂𝒎𝒃𝒖𝒕𝒂𝒏 𝑻𝒖𝒂𝒏 𝑹𝒖𝒎𝒂𝒉 𝑻𝒆𝒎𝒑𝒂𝒕 𝑴𝒖𝒔𝒚𝒂𝒘𝒂𝒓𝒂𝒉 )


--- Sanggya para rawuh Parêpatan RT 2, RW 3, Dusun Dhusun Kêmiri, ingkang winantu ing pakurmatan.


--- Kawula/kula ngaturakên Pambagé panakrama, mugi sagung  para rawuh Parêpatan, tansah winantu ing karaharjan, tinebihna ing iladuni myang tulak sarik.

Mugi Gusti Kang Murbèng Dumadi amarêngana.


--- Kêparênga kawula/kula ndhèrèk matur, tri ari kawuri ( 𝒕𝒊𝒈𝒂 𝒉𝒂𝒓𝒊 𝒚𝒂𝒏𝒈 𝒍𝒂𝒍𝒖 ), kawula karawuhan  Pangarsa RT 2, RW 3, Dhusun Kêmiri, nun inggih Panjênênganipun Rama ( Bapak ) Purwantòrò, ingkang suraosipun badhé nyuwun ngampil Griya kawula ( kula ), minangka sasana Parêpatan Warga RT 2, RW 3 Dhusun Kemiri.


--- Kawula ( kula ) namung atur palilah nyumanggakakên mênawi badhé sarana kagêm sasana Parêpatan, sacêkapipun.


--- Namung kéwala griya kula singlar saking kaéndahan awit saking cublukipun kawula ( kula ), ngrukti papan Balé Somah.


--- Kados namung makatên atur salamba kawula ( kula ), bokbilih wontên atur kula sarta papan ingkang adamel kirang rêna ing panggalih sagung para rawuh, kula mawantu-wantu tansah anyênyadhong sih rumêntahing gung samodra pangaksama.

Nuwun...nuwun...nuwun matur nuwun !.


Katrangan:

Bédané 𝐊𝐚𝐰𝐮𝐥𝐚 karo 𝙆𝙪𝙡𝙖 :

~ 𝐊𝐚𝐰𝐮𝐥𝐚 = aku munangka wong asor bangêt ( kanggo ngasoraké awak dhéwé )

~ 𝙆𝙪𝙡𝙖 = aku

Padha karo :

~ Sumangga pinarak 𝐆𝐮𝐛𝐮𝐠 kula.

( Sênajan omahé Gêdhong magrong-magrong, ngakuné Gubug ) ngasoraké awaké dhéwé.

~ Sumangga pinarak 𝐆𝐫𝐢𝐲𝐚 kula.

( Basa umum, senajan omahé réyat-réyot, ngaku omah.

0 comments:

Post a Comment