Wednesday, December 18, 2019
VIII. No. 13. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG WISÉSA - " na " )
Paramasastra Jawi 13 :
Rimbag Wisésa - na :
--- Rimbag Wisésa " na " yaiku : têmbung-têmbung kang olèh wuwuhan panambang " an ".
--- Rimbag kasêbut kapérang dadi pitung warna yaiku :
I. WISÉSA - " na " LINGGA.
II. WISÉSA - " na " DWI LINGGA.
III. WISÉSA - " na " DWI PURWA.
IV. WISÉSA - " na " DWI WASANA.
V. WISÉSA - " na " BAWA " ka ".
VI. WISÉSA - " na " BAWA " ma ".
VII. WISÉSA - " na " TANDUK WANTAH.
--- Wigatèkna katrangan ngisor iki.
I. RIMBAG WISÉSA " na " LINGGA :
--- Yaiku têmbung lingga kang olèh wuwuhan panambang " an ".
~~ Tuladha :
1. jaran + an = jaranan.
2. wayang + an = wayangan.
3. kukus + an = kukusan.
4. saring + an = saringan.
5. tulis + an = tulisan.
II. RIMBAG WISÉSA " na " DWI LINGGA :
--- Yaiku têmbung dwi-lingga kang olèh wuwuhan panambang " an ".
~~ Tuladha :
1. omah + omah + an = omah-
omahan.
2. anak + anak + an = anak-anakan.
3. wong + wong + an = wong-
wongan.
4. bal + bal + an = bal-balan.
5. pit + pit + an = pit-pitan.
III. RIMBAG WISÉSA " na " DWI PURWA :
--- Yaiku têmbung dwi-purwa kang oleh wuwuhan panambang " an ".
~~ Tuladha :
1. gêguyu + an = gêguyonan.
2. gêgodhong + an = gêgodhongan.
3. kêkayu + an = kêkayon.
4. thêthukul + an = thêthukulan.
IV. RIMBAG WISÉSA " na " DWI WASANA :
--- Yaiku têmbung dwi-wasana kang olèh wuwuhan panambang " an ".
~~ Tuladha :
1. cêngèngès + an = cêngèngèsan.
2. cikikik + an = cêkikikan.
3. jêlalat + an = jêlalatan.
4. cêlili + an = cêlilian.
V. RIMBAG WISÉSA BAWA " ka " :
--- Yaiku têmbung bawa " ka " olèh panambang " an ".
Têmbung-têmbung kasêbut ngêmu surasa nandhang.
Kriyané ora sarana kajarag ( ora sêngaja ).
~~ Tuladha :
1. kê + lêbu + an = kêlêbon/klêbon.
2. kê + idu + an = kidonan.
3. kê + obong + an = kobongan.
4. kê + tatu + an = kêtaton.
5. kê + tiba + an = kêtiban.
~~ pêpèngêt ~~
--- Atêr-atêr " ka " asring kasêbut lan katulis " kê ".
VI. RIMBAG WISÉSA " na " BAWA " ma " :
--- Yaiku têmbung bawa " ma " kang olèh panambang " an ".
~~ Tuladha :
1. mati + an = matèn.
2. gumagus + an. = gumagusan.
3. mulung + an = mulungan.
4. mutung + an = mutungan.
VII. RIMBAG WISÉSA " na "
TANDUK WANTAH :
--- Yaiku têmbung tanduk wantah olèh panambang " an ".
~~ Tuladha :
1. nrima + an = nriman.
2. nglali + an = nglalèn, lsp.
TÊGÊS-TÊGÊSÉ RIMBAG WISÉSA " na " :
1. KANG NGÊMU TÊGÊS PÊPÊTHAN :
~~ Tuladha :
a. jaranan têgêsé = pêpêthaning jaran.
b. gunungan têgêsé = pêpêthaning
gunung.
c. pasaran têgêsé = pêpêthaning pasar.
d. kalènan têgêsé = pêpêthaning kali.
2. KANG NGÊMU TÊGÊS PIRANTI :
~~ Tuladha :
a. saringan têgêsé = piranti nyaring.
b. kukusan têgêsé = piranti ngukus.
c. ayakan têgêsé = piranti ngayaki.
d. garisan têgêsé = piranti nggaris.
3. KANG NGÊMU TÊGÊS OLÈH-OLÈHANÉ :
~~ Tuladha :
a. bathikan têgêsé = olèh-olehé mbathik.
b. bludiran têgêsé = olèh-olèhé
mbludhir.
c. gawéan têgêsé = olèh-olèhé nggawé.
d. cukuran têgêsé = olèh-olèhé nyukur.
4. KANG NGÊMU TÊGÊS MANGSA :
~~ Tuladha :
a. cacaran têgêsé = mangsa cacar.
b. rêmbangan têgêsé = mangsa
rêmbang.
c. panénan têgêsé = mangsa panèn.
5. KANG NGÊMU TÊGÊS GAMPANG :
~~ Tuladha :
a. tugêlan têgêsé = gampang tugêl.
b. kalahan têgêsé = gampang kalah.
c. mutungan têgêsé = gampang
mutung.
d. matèn têgêsé = gampang mati.
6. KANG NGÊMU TÊGÊS PADHA DÉNÉ NGLAKONI :
~~ Tuladha :
a. salaman têgêsé = padha déné
nyalami.
b. bijigan têgêsé = padha déné mbijig.
c. guyon têgêsé. = padha déné ngguyu.
d. gojégan têgêsé = padha déné gojèg.
7. KANG NGÊMU TÊGÊS DOLANAN KAYA DÉNÉ :
~~ Tuladha :
a. pincangan têgêsé = kaya déné
pincang.
b. jaranan têgêsé = kaya déné jaran.
c. bison têgêsé = kaya déné wong bisu.
d. wutan têgêsé = kaya déné wong
wuta.
8. KANG NGÊMU TÊGÊS NGANGGO :
~~ Tuladha :
a. bêbêdan têgêsé = nganggo bêbêd.
b. kacamatan têgêsé = nganggo
kacamata.
c. klambèn têgêsé = nganggo
klambi.
d. sarungan têgêsé = nganggo
sarung.
9. KANG NGÊMU TÊGÊS NANGGAP :
~~ Tuladha :
a. wayangan têgêsé = nanggap wayang.
b. topèngan têgêsé = nanggap topèng.
c. rudadan têgêsé = nanggap rudad.
d. pênthulan têgêsé = nanggap pênthul.
10. KANG NGÊMU TÊGÊS TÊTIRONING LINGGANÉ :
~~ Tuladha :
a. omah-omahan têgêsé = têtironing
omah.
b. anak-anakan têgêsé = têtironing
anak.
c. wong-wongan têgêsé = têtironing
wong.
d. manuk-manukan têgêsé = têtironing
manuk.
11. KANG NGÊMU TÊGÊS AKÈH :
~~ Tuladha :
a. godhong-godhongan têgêsé =
godhongé akèh.
b. kembang-kembangan têgêsé =
kêmbangé akèh.
c. woh-wohan têgêsé= wohé akèh, lsp.
--- wjg ---
------> Ana candhakê BAB : RIMBAG BAWA
WACAKA VIII.14
Tuesday, December 17, 2019
VIII. No. 12 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG ADIGUNA )
Paramasastra Jawi 12 :
Rimbag Adiguna :
--- Rimbag Adiguna iku sik cawuh karo Rimbag Bawawacaka.
Déné kanggo mangêrtèni bédané mung miturut têgêsé.
" Dêlêngên saka kadohan ".
Dêlêngên iku rimbagé Adiguna.
Kadohan iku rimbagé Bawa Wacaka, nanging têmbung " kadohan " kêna diganti " kadohên " kang atêgês rimbag Adiguna.
--- Rimbag Adiguna yaiku : têmbung-têmbung kang olèh wuwuhan atêr-atêr
" ké " lan panambang " ên ".
Têmbung Adiguna ngêmu têgês kêladuk utawa kakéhan.
--- Rimbag Adiguna kapérang dadi têlung warna kayata :
a ). Kang kadadéan saka têmbung
lingga.
~~ Tuladha :
1. kê + abang + ên = kabangên.
2. kê + asin + ên = kasinên.
3. kê + ijo + ên = kijonên.
4. kê + legi + ên = kêlêgèn.
b ). Kang kadadéan saka têmbung
bawa " ma ".
~~ Tuladha :
1. kê + mudhun + ên = kêmudhunên.
2. kê + maju + ên = kêmajunên
( kêmajon ).
3. kê + mulur + ên = kêmulurên.
4. kê + mundur + ên = kêmundurên.
c ). Kang kadadéan saka têmbung
tanduk.
~~ Tuladha :
1. kê + mucuk + ên = kêmucukên.
2. kê + mlérok + ên = kêmlérokên.
3. kê + minggir + ên = kêminggirên.
4. kê + lobok + ên = kêlobokên.
--- wjg ---
----> Ana candhaké BAB : RIMBAG
WISÉSA " na " VIII.13
VIII. No. 11. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG GUNA )
Paramasastra Jawi 11 :
Rimbag Guna :
--- Têmbung " guna " iku têgêsé ; pintêr, kapintêran, paédah, maédahi, gawé, watak, kaanan.
--- Têgêsé ana ing têmbung Rimbag Guna kang mathuk mung " kaanan ".
Dadi rimbag guna iku mratélakaké kaanan, nanging kaanan kang kurang nyênêngaké.
--- Mula bisa ditêgêsi " nandhang kaanan kang kasêbut ing linggané ".
--- Rimbag Guna yaiku : têmbung-têmbung kang olèh wuwuhan panambang " ên ".
Têmbung Guna iku ngêmu têgês nandhang kaya kasêbut ing linggané.
--- Rimbag Guna kapérang dadi têlung warna yaiku :
a ). Kang kadadéan saka têmbung lingga.
~~ Tuladha :
1. wudun + ên = wudunên.
2. panu + ên = panunên.
3. gudhig + ên = gudhigên.
4. bèlèk + ên = bèlèkên
5. bidhur + ên = bidhurên
b ). Kang kadadéan saka têmbung
rangkêp.
~~ Tuladha :
1. aras-arasên.
2. awang-awangên.
3. impèn-impènên.
4. ton-tonên
5. aras-arasên.
c ). Kang kadadéan saka têmbung
camboran.
~~ Tuladha :
1. mata-walangên.
2. mata-dhuwitên.
3. kami-thotholên.
4. kami-têtêpên.
5. kami-dêlêpên, lsp.
--- wjg ---
------> Ana candhaké BAB : RIMBAG GUNA
VIII.12
VIII. No. 10. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG TANGGAP )
Paramasastra Jawi 10 :
Rimbag Tanggap :
--- Rimbag tanggap iku cacahé ana ênêm warna yaiku :
I. TANGGAP UTAMA PURUSA ( dak ).
II. TANGGAP MADYAMA PURUSA ( ko ).
III. TANGGAP PRATAMA PURUSA ( di ).
IV. TANGGAP ( ka ).
V. TANGGAP ( na ).
VI. TANGGAP TARUNG.
I. TANGGAP UTAMA PURUSA :
--- Tanggap utama purusa yaiku : têmbung lingga kang olèh wuwuhan atêr-atêr " dak "
Tanggap utama purusa " dak ", iku kapérang dadi têlung warna :
a ). Tanggap utama purusa kriya-wantah.
~~ Tuladha :
1. dak + gawa = dak-gawa.
2. dak + tuku = dak-tuku.
3. dak + tulis = dak-tulis.
4. dak + sapu = dak-sapu, lsp.
b ). Tanggap utama purusa i- kriya.
~~ Tuladha :
1. dak + tulis + i = dak-tulisi.
2. dak + sapu + i = dak-saponi.
3. dak + gawa + i = dak-gawani.
4. dak + tuku + i = dak-tukoni, lsp.
c ). Tanggap utama purusa ké-kriya.
~~ Tuladha :
1. dak + tulis + aké = dak-tulisaké.
2. dak + sapu + aké = dak-sapokaké.
3. dak + tuku + aké = dak-tukokaké.
4. dak + pacul + aké= dak-paculaké.
5. dak + jajan + aké = dak-jajakaké
6. dak + gawa + aké = dak-gawakaké
8. dak + papan + aké = dak-papakaké
II. TANGGAP MADYAMA PURUSA :
--- Tanggap madyama purusa yaiku : têmbung lingga kang olèh wuwuhan atêr-atêr " ko ".
--- Tanggap kasêbut uga kapérang dadi têlung warna :
a ). Tanggap madyama purusa kriya
wantah.
~~ Tuladha :
1. ko + gawa = kogawa.
2. ko + sapu = kosapu.
3. ko + pacul = kopacul.
4. ko + tulis = kotulis, lsp.
b ). Tanggap madyama purusa i-kriya.
~~ Tuladha :
1. ko + gawa + i = kogawani.
2. ko + sapu + i = kosaponi.
3. ko + tulis + i = kotulisi.
4. ko + pacul + i = kopaculi.
c ). Tanggap madyama purusa ké-kriya.
~~ Tuladha :
1. ko + sapu + aké = kosapokaké.
2. ko + tulis + aké = kotulisaké.
3. ko + tuku + aké = kotukokaké.
4. ko + gawa + aké = kogawakaké.
III. TANGGAP PRATAMA PURUSA :
--- Tanggap pratama purusa yaiku : têmbung lingga kang olèh wuwuhan atêr-atêr " di ".
--- Tanggap kasêbut uga kapérang dadi têlung warna yaiku :
a ). Tanggap pratama purusa kriya
wantah.
~~ Tuladha :
1. di + gawa .= digawa.
2. di + sapu = disapu.
3. di + tulis = ditulis.
4. di + pacul = dipacul.
b ). Tanggap pratama purusa i-kriya .
~~ Tuladha :
1. di + gawa + i = digawani.
2. di + sapu + i = disaponi.
3. di + waca + i = diwacani.
4. di + pacul + i = dipaculi.
c ). Tanggap pratama purusa ké-kriya.
~~ Tuladha :
1. di + pakan + aké = dipakakaké.
2. di + sapu + aké = disapokaké.
3. di + tuku + aké = ditukokaké.
4. di + tulis + aké = ditulisaké.
5. di + papan + aké = dipapakaké
IV. TANGGAP " ka " :
--- Tanggap " ka " yaiku : têmbung lingga kang olèh wuwuhan atêr-atêr " ka ".
Tanggap " ka " kanggoné mung ana basa tulis, ing basa lésan ora tau kaucapaké, sing mêsthi kaucapaké padinan nganggo tanggap " di ".
--- Tanggap iki kapérang dadi têlung warna yaiku :
a ). Tanggap " ka " kriya wantah.
~~ Tuladha :
1. ka + jupuk = kajupuk.
2. ka + suwèk = kasuwèk.
3. ka + pangan = kapangan.
4. ka + balang = kabalang.
b ). Tanggap " ka " i-kriya.
Tanggap kasêbut ana ing pangêtrapé panambang " i " diganti dadi " an ".
~~ Tuladha :
1. ka + rêsik + an = karêsikan ---> dirêsiki
2. ka + waca + an = kawacanên --->
diwacani
3. ka + tulis + an = katulisan ---> ditulisi
c ). Tanggap " ka " ké-kriya.
~~ Tuladha :
1. ka + dadi + aké = kadadèkaké --->
didadèkaké
2. ka + tulis + aké = katulisaké ---> ditulisaké
3. ka + waca + aké = kawacakaké --->
diwacakaké.
4. ka + jajan + aké = kajajakaké --->
dijajakaké.
5. ka + papan + aké = kapapakaké --->
dipapakaké.
6. ka + pakan + aké = kapakakaké --->
dipakakaké.
V. TANGGAP " na " :
--- Yaiku têmbung lingga oleh sêsêlan " in "/ padha karo tanggap " di ".
--- Tanggap iki kapérang dadi têlung warna yaiku :
a ). Tanggap " na " wantah.
~~ Tuladha :
1. tulis + √ in = tinulis ( ditulis ).
2. kèn + √ in = kinèn ( dikèn ).
3. kon + √ in = kinon ( dikon ).
b ). Tanggap " na " kriya wantah.
~~ Tuladha :
1. rêsik + √ in + an = rinêsikan ---> dirêsiki
2. waca + √ in + an =winacanan --->
diwacani
3. kanthi + √ in + an = kinanthèn --->
dikanthèni
c ). Tanggap " na " ké-kriya.
~~ Tuladha :
1. suwèk + √ in + aké = sinuwèkaké --->
disuwèkaké.
2. dadi + √ in + aké = dinadèkaké --->
didadèkaké.
VI. TANGGAP TARUNG :
--- Tanggap tarung iku têmbung lingga kagandhèng tanggap " na ", kang duwé têgês pada déné nindakaké.
~~ Tuladha :
.1. tabok + tabok + √ in = tabok-tinabok.
2. jiwit + jiwit + √ in = jiwit-jiniwit.
3. cakot + cakot + √ in = cakot-cinakot.
--- wjg ---
-------> Ana candhaké BAB : RIMBAG GUNA
VIII.11
Monday, December 16, 2019
VIII. No. 9 . PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG TANDUK )
Paramasastra Jawi 9 :
Rimbag Tanduk :
--- Rimbag Tanduk yaiku : têmbung lingga kang oléh wuwuhan atêr-atêr hanuswara :
am ; any ; an ; ang ( han ; hany ; ham ; hang / ꦲꦩ꧀ ; ꦲꦚ꧀ ;.ꦲꦤ꧀ ; ꦲꦁ ).
~~ Tuladha :
1. an + damu = ndamu
2. any + sapu = nyapu
3. am + maca = maca
4. ang + goréng = nggorèng, lsp.
--- Ditilik saka panambangé, rimbag tanduk bisa kapérang dadi têlung warna, yaiku :
I. TANDUK KRIYA WANTAH.
II. TANDUK " i " KRIYA utawa TANDUK " i "
III. TANDUK " ké " KRIYA utawa TANDUK " ké ".
Andharan :
I. Tanduk Kriya Wantah yaiku : têmbung tanduk kang tanpa panambang.
~~ Tuladha :
1. ndhudhuk.
2. nyukur.
3. mbalang.
4. nggawa, lsp.
II. Tanduk " i " kriya yaiku : têmbung
tanduk kang mawa panambang " i ".
~~ Tuladha :
1. ndhudhuki.
2. nyaponi.
3. mbalangi.
4. nggawani, lsp.
III. Tanduk " ké " kriya yaiku : têmbung
tanduk kang mawa panambang " aké ".
~~ Tuladha :
1. ndhudhukaké.
2. nyapokaké.
3. mbalangaké.
4. ngawakaké, lsp.
--- TÊGÊS-TÊGÊSÉ RIMBAG TANDUK :
A. Tanduk Wantah :
I. Kang ngêmu têgês namakaké :
a. njênu -----> têgêsé namakaké jenu.
b. mênthung ---> têgêsé namakaké
pênthung.
c. nggraji ---> têgêsé namakaké graji.
II. Kang ngêmu têgês nganggêp :
a. ngakang ---> nganggêp kakang.
b. mbibi -------> nganggêp bibi.
c. mbapa ----->. nganggêp bapa.
III. Kang ngêmu têgês dadi :
a. nyantrik ---> dadi cantrik.
b. mbabu ----> dadi babu.
c. mbatur ----> dadi batur.
IV. Kang ngêmu têgês nuju utawa ngênêr :
a. ngalor -----> nuju êlor.
b. minggir ---> nuju pinggir.
c. ngiwa -----> nuju kiwa, lsp.
V. Kang ngêmu têgês gawé :
a. nyambêl ---> gawé sambêl.
b. ngrujak ----> gawé rujak.
c. majik -----> gawé wajik, lsp.
VI. Kang ngêmu têgês réwa-réwa/éthok-
éthok :
a. mbisu -------> éthok-éthok bisu.
b. mbodho -----> éthok-éthok bodho.
c. mbudhêg ---> éthok-éthok budhêg.
VII. Kang ngêmu têgês kaya :
a. mucuk êri ------------> kaya pucuk êri.
b. ngombak banyu ---> kaya ombak
banyu.
c. ngêtumbar -----------> kaya tumbar,
lsp.
B. TANDUK " i " KRIYA :
I. Kang ngêmu têgês dadi :
a. ngêpalani ---> dadi kêpala.
b. mandhori ---> dadi mandhor.
c. nuwani ------> dadi têtuwané.
d. nglurahi -----> dadi lurah, lsp.
II. Kang ngêmu têgês ngêtrapaké :
a. mêdhaki -----> ngêtrapaké wêdhak.
b. nglambèni --> ngêtrapaké klambi.
c. ngêcèti -------> ngêtrapaké cèt.
III. Kang ngêmu têgês kaya :
a. mriyayèni ------> kaya priyayi.
b. ngênomi -------> kaya wong ênom.
c. mbodhoni -----> kaya wong bodho.
IV. Kang ngêmu têgês mènèhi :
a. makani ----> mènèhi pakan.
b. nyandhangi ---> mènèhi
sandhangan.
c. ngombèni -----> mènèhi ombèn-
ombèn.
V. Kang ngêmu têgês njalari/nyêbabaké :
a. matuki ------> njalari watuk.
b. nggatêli ----> njalari gatêl.
c. mêdèni -----> njalari wêdi.
d. nglarani ---> njalari lara, lsp.
VI. Kang ngêmu têgês ngundhaki :
a. ngandêli -----> ngundhaki dadi
kandêl.
b. ndawani -----> ngundhaki dadi dawa.
c. nêlêsi ---------> ngundhaki dadi têlês.
d. ngabangi ---> ngundhaki dadi abang.
C. RIMBAG " ké " KRIYA :
I. Kang ngêmu têgês namakaké :
a. nyudukaké -----> namakaké suduk.
b. manahaké -----> namakaké panah.
c. mbêdhilaké ---> namakaké bêdhil.
II. Kang ngêmu têgês kanggo wong liya :
a. nulisaké ----> nulis kanggo wong
liya.
b. nukokaké --> tuku kanggo wong liya.
c. macakaké ---> maca kanggo wong
liya.
III. Kang ngêmu têgês nindakaké
pagawéyan :
a. nyingkiraké ---> nggawa sumingkir.
b. nginggataké --> nggawa minggat.
c. mlayokaké ----> nggawa mlayu, lsp.
IV. Kang ngêmu têgês gawé supaya :
a. nggumunaké ---> gawé supaya
gumun.
b. mintêraké --------> gawé supaya
pintêr.
c. nglancipaké ----> gawé supaya
lancip, lsp.
--- wjg ---
-------> Ana candhaké BAB : RIMBAG
TANGGAP VIII.10
Sunday, December 15, 2019
VIII. No. 8. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG BAWA )
Paramasastra Jawi 8 :
Rimbag Bawa :
--- Rimbag Bawa cacahé ana ênêm warna, yaiku :
I. BAWA KUMA.
II. BAWA KAMI.
III. BAWA KAPI
IV. BAWA KA.
V. BAWA MA
VI. BAWA HA.
I. BAWA " KUMA " :
--- Yaiku têmbung lingga kang oléh wuwuhan atêr-atêr " kuma " :
~~ Tuladha :
1. kuma + wani = kumawani ---> wani
bangêt.
2. kuma + ratu = kumratu ------> anggêpé
kaya ratu
3. kuma + lungkung = kumalungkung --->
anggêpé kaya iya-iyaa.
II. BAWA " KAMI " :
--- Yaiku têmbung lingga kang oléh
wuwuhan atêr-atêr " kami " :
~~ Tuladha :
1. kami + gila + an = kamigilan ---> gila
bangêt
2. kami + sêsêg + ên = kamisêsêgên
---> sêsêg banget
3. kami + tuwa = kamituwa --->
dianggêp tuwa.
III. BAWA " KAPI " :
--- Yaiku têmbung lingga kang oléh wuwuhan atêr-atêr " kapi " :
~~ Tuladha :
1. kapi + adrêng = kapiadrêng --->
adrêng bangêt
2. kapi + laré = kapilaré ---> sipaté
kaya laré ( bocah )
3. kapi + loyo = kapiloyo ---> sajak
loyo banget.
IV. BAWA " KA " :
--- Yaiku têmbung lingga kang oléh wuwuhan atêr-atêr " kê " :
~~ Tuladha :
1. kê + obong = kêobong = kobong.
2. kê + ulu = kêulu = kolu.
3. kê + ili = kêili = kèli.
4. kê + atut = kêatut = katut.
V. BAWA " MA " :
--- Yaiku têmbung lingga kang oléh wuwuhan sêsêlan " um " ( √um ). Déné pangêtrapé ana ing saburining aksara purwaning têmbung.
~~ Tuladha :
1. kênthus + √ um = kumênthus.
2. kaki + √ um = kumaki.
3. gandhul + √ um = gumandhul.
4. gêdhé + √ um = gumêdhé.
5. gantung + √ um = gumantung.
Pêpèngêt :
Têmbung lingga kang oléh wuwuhan sêsêlan " ing " ora ajêg panggah wujudé, kadhang-kala owah aksara purwaning wanda.
~~ Tuladha :
a ). Têmbung lingga kang purwané mawa aksara " p ", aksara " p " mau dadi ilang.
Kayata :
1. pati + √ um = mati.
2. putung + √ um = mutung.
--- Ing ngisor iki têmbung-têmbung kang aksarané " p " owah dadi aksara " k ".
1. panggang + √ um = kumanggang
2. pintêr + √ um = kumintêr
3. parut + √ um = kumarut
4. plinthi + √ um = kumlinthi
b ). Têmbung lingga kang purwané mawa aksara " w ", aksarané " w " owah dadi aksara " k ".
Kayata :
1. wasis + √ um = kumasis.
2. waras + √ um = kumaras.
3. warêg + √ um = kumarêg.
c ). Têmbung lingga kang purwané mawa aksara " b ", aksarané " b " owah dadi aksara " g ".
Kayata :
1. bobor + √ um = gumobor.
2. bagus + √ um = gumagus.
3. bantêr + √ um = gumantêr.
d ). Têmbung lingga kang purwané mawa aksara " u " aksarané " u " dadi ilang.
Kayata :
1. ulur + √ um = mulur.
2. udhun + √ um = mudhun.
3. ulung + √ um = mulung.
TÊGÊSÉ RIMBAG BAWA MA :
A. Kang ngêmu têgês pênganggêp
( rumangsa ).
Kayata :
1. Kumintêr = anggêpé kaya pintêr-
pintêra.
2. Sumugih = anggêpé kaya sugih-sugiha.
3. Gumagus = anggêpé kaya bagus-
bagusa.
4. Kumayu = anggêpé kaya uayu-ayua.
5. Gumêdhé = anggêpé kaya gêdhé-
gêdhéa.
B. Kang ngêmu têgês nêdhêng-nêdhêngé ( lagi wayahé ).
Kayata :
1. Kumêruk = lagi nêdhêng-nêdhêngé
dikêruk.
2. Kumanggang = lagi nêdhêng-nêdhêngé
dipanggang.
3. Rumujak = lagi nêdhêng-nêdhêngé
dirujak.
C. Kang ngêmu têgês nindakaké
( nglakoni ) linggané.
1. Lumaku = nindakaké laku
2. Jumangkah = nindakaké jangkah
3. Tumandang = nindakaké tandang
4. Gumandhul = nindakaké gandhul
( nggandhul ).
5. Tumoléh = nindakaké tolih ( noléh ).
D. Kang ngêmu têgês kêna ing.
1. Tumanduk. = kêtaman tanduké...
2. Tumiba. = kêtaman tibané...
3. Sumrambah = kêtaman srambahé...
4. Tumuwuh. = kêtaman tuwuhé...
E. Kang ngêmu têgês kandunungan.
1. Gumludhug = kandunungan swara
gludhug-gludhug.
2. Gumilap. = kandunungan sorot gilap
3. Kumêcêr. = kandunungan rasa kêcêr
4. Sumêlèt. = kandunungan rasa sêlèt
5. Jumêgur. = kadunungan swara jêgur.
Rimbag Bawa " ma " kagunakaké
amarga rinasa luwih ngajèni.
Tuladha :
1. Sumangga tindak " rumiyin ". Luwih aji
katimbang :
---> Sumangga tindak " riyin " utawa
" kriyin ".
2. Bapak " dumugi " dalêm jam pintên ?
Luwih aji katimbang :
---> Bapak " dugi " dalêm jam pintên ?
3. " Dhumatêng " panjênênganipun
Bapa Camat. Luwih aji katimbang :
---> " Dhatêng " panjênênganipun Bapa
Camat.
VI. BAWA " HA " :
--- Yaiku têmbung lingga kang oléh wuwuhan atêr-atêr " ha " ( a ), lan têmbung lingga kang oléh wuwuhan atêr-atêr " ma ".
~~ Tuladha :
Atêr-atêr " ha " :
1. Gêdhé-adhuwur ----> gêdhé tur dhuwur.
2. Gandhês-aluwês ---> gandhês lan luwês.
3. Abandha-abandhu --> duwé bandha lan
bandhu.
Atêr-atêr " ma " :
1. Maguru ---> golèk guru, nganggo
2. Madhukun ---> golèk dhukun, nganggo
3. Matumpa-tumpa ---> kêrêp
4. Maèwu-èwu ---> akèh bangêt
5. Mangilèn ---> ngênêr, nuju, mara
6. Mangidul ---> ngênêr, nuju, mara.
--- wjg ---
-------> Ana candhaké BAB : RIMBAG
TANDUK VIII.9
VIII. No. 7 . PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG LINGGA ANDHAHAN )
Paramasastra Jawi 7 :
Rimbag Lingga Andhahan.
--- Mungguh kang diarani Lingga Andhahan yaiku têmbung kang wis wujud Andhahan, nanging dianggêp kaya déné têmbung Lingga.
--- Wondéné têmbung-têmbung kang kagolong Lingga Andhahan, titikané ana têlung warna yaiku :
I. Têmbung lingga kang oléh atêr-atêr :
sa ; pa ; pi ; pra ; tar ; ka ; para ; pari
II. Têmbung lingga kang oléh atêr-atêr :
pan ; pang ; pan ; pang.
III. Têmbung lingga kang oleh sêsêlan :
êl ; êr .
~~~ Tuladhané :
I. 1. Kang mawa atêr-atêr " sa " :
a. sa + iji = siji.
b. sa + atus = satus.
c. sa + olah = solah.
d. sa + ithik = sithik.
2. Kang mawa atêr-atêr " pa " :
a. pa + omah = pomah.
b. pa + emong = pamong.
c. pa + ro = paro.
d. pa + amrih = pamrih.
3. Kang mawa atêr-atêr " pi " :
a. pi + wulang = piwulang.
b. pi + andel = piandêl.
c. pi + tutur = pitutur.
d. pi + ala = piala.
4. Kang mawa atêr-atêr " pra " :
a. pra + lambang = pralambang.
b. pra + jurit = prajurit.
c. pra + titis = pratitis.
d. pra + wira = prawira.
5. Kang mawa atêr-atêr " tar " :
a. tar + tamtu = tartamtu.
b. tar + buka = tarbuka.
c. tar + waca = tarwaca.
d. tar + kadhang = tarkadhang.
6. Kang mawa atêr-atêr " ka " :
a. ka + ubêng = kubêng.
b. ka + arsa = karsa.
c. ka + arêp = karêp.
d. ka + wruh = kawruh.
7. Kang mawa atêr-atêr " para " :
a. para + gapit = paragapit.
b. para + miyarsa = paramiyarsa.
c. para + iswari = pramèswari.
d. para + déné = parandéné.
8. Kang mawa atêr-atêr " pari " :
a. pari + wisata = pariwisata.
b. pari + purna = paripurna.
c. pari + gawé = parigawé.
d. pari + mirma = parimirma.
II. 1. Kang mawa atêr-atêr " pan " :
a. pan + tiyung = pantiyung.
b. pan + dhêlis = pandhêlis.
c. pan + têlung = pantêlung.
d. pan + tholos = pantholos.
2. Kang mawa atêr-atêr " pany " :
a. pany + colot = pancolot.
b. pany + jajah = panjajah.
c. pany + jurung = panjurung.
d. pany + jêpit = panjêpit.
3. Kang mawa atêr-atêr " pan " :
a. pam + bagya = pambagya.
b. pam + awas = pamawas.
c. pam + budi = pambudi.
d. pam + wuwus = pamuwus.
4. Kang mawa atêr-atêr " pang " :
a. pang + gêdhé = panggêdhé.
b. pang + gulu = panggulu.
c. pang + rakit = pangrakit.
d. pang + rawit = pangrawit.
III. 1. Kang mawa sêsêlan " êl " :
a. kèwèr + √ êl = kêlèwèr.
b. bêbêr + √ êl = bêlêbêr.
c. gêrêng + √ êl = gêlêrêng.
d. gêro + √ êl = gêlêro.
2. Kang mawa sêsêlan " êr " :
a. kêlip + √ êr = kêrêlip.
b. gandhul + √ êr = gêrandhul.
c. ugêt + √ êr = kêrugêt.
d. êngkèt + √ êr = kêrêngkèt.
--- wjg ---
------> Ana candhaké BAB : RIMBAG BAWA
VIII.8
VIII. No. 6 . PARAMASASTRA JAWI ( BAB : ARAN-ARANÉ RIMBAG ING TÊMBUNG ANDHAHAN ).
Paramasastra Jawi 6 :
Arané Rimbag Têmbung Andhahan :
--- Arané rimbag ing têmbung andhahan miturut wuwuhané kapérang dadi sêwêlas golongan, yaiku :
I. RIMBAG LINGGA ANDHAHAN.
II. RIMBAG BAWA.
III. RIMBAG TANDUK.
IV. RIMBAG TANGGAP.
V. RIMBAG GUNA.
VI. RIMBAG ADIGUNA.
VII. RIMBAG WISÉSANA.
VIII. RIMBAG BAWA WACAKA.
IX. RIMBAG DAYAWACAKA.
X. RIMBAG KRIYALINGGA.
XI. RIMBAG KARANAWACAKA.
--- wjg ---
--------> Ana candhaké BAB : RIMBAG
LINGGA ANDHAHAN.VIII.7
VIII. No. 5. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : TÊMBUNG ANDHAHAN )
Paramasastra Jawi 5 :
Wondéné wujudé wuwuhan utawa imbuhan iku ana têlung golongan yaiku :
I. Wuwuhan/imbuhan ing ngarêp, diarani
II. Wuwuhan/imbuhan ing têngah, diarani
III. Wuwuhan/imbuhan ing buri, diarani
I. WUJUDÉ ATÊR-ATÊR :
1. Atêr-atêr " Hanuswara " cacahé ana
2. Atêr-atêr " Tripurusa ", cacahé ana têlu yaiku :
dak ; ko ; di ( utama purusa ; madyama purusa ; pratama purusa ).
3. Atêr-atêr liyané kayata :
sa ; pa ; pi ; pra ; tar ; ka ; kê ; pan ; pany ; pam ; pang ; para ; pari.
II. WUJUDÉ SÊSÊLAN :
--- Sêsêlan cacahé mung ana papat yaiku :
III. WUJUDÉ PANAMBANG :
--- Panambang iku cacahé ana rolas yaiku :
ku ; mu ; é; aké ; a ; i ; an ; ên ; né ; ané ; ana ; na.
~ PÊPÈNGÊT :
--- Ngowahi têmbung lingga dadi têmbung andhahan iku diarani " ngandhahaké
Tuladha ngisor iki gatèkna :
I. Têmbung Andhahan :
--- Kang diarani Têmbung Andhahan yaiku : Têmbung kang wis owah saka linggané, amarga wis sarana diwuwuhi/diimbuhi têmbung liyané.
Wondéné wujudé wuwuhan utawa imbuhan iku ana têlung golongan yaiku :
I. Wuwuhan/imbuhan ing ngarêp, diarani
" atêr-atêr "
II. Wuwuhan/imbuhan ing têngah, diarani
" sêsêlan " .
III. Wuwuhan/imbuhan ing buri, diarani
" panambang " .
I. WUJUDÉ ATÊR-ATÊR :
1. Atêr-atêr " Hanuswara " cacahé ana
papat yaiku :
an ; any ; am ; ang
( ꦲꦤ꧀ ; ꦲꦚ꧀ ; ꦲꦩ꧀ ; ꦲꦁ / han ; hany ; ham ; hang/ n ; ny ; m ; ng ).
2. Atêr-atêr " Tripurusa ", cacahé ana têlu yaiku :
dak ; ko ; di ( utama purusa ; madyama purusa ; pratama purusa ).
3. Atêr-atêr liyané kayata :
sa ; pa ; pi ; pra ; tar ; ka ; kê ; pan ; pany ; pam ; pang ; para ; pari.
II. WUJUDÉ SÊSÊLAN :
--- Sêsêlan cacahé mung ana papat yaiku :
um ; ing ; êl ; êr.
III. WUJUDÉ PANAMBANG :
--- Panambang iku cacahé ana rolas yaiku :
ku ; mu ; é; aké ; a ; i ; an ; ên ; né ; ané ; ana ; na.
~ PÊPÈNGÊT :
--- Ngowahi têmbung lingga dadi têmbung andhahan iku diarani " ngandhahaké
têmbung utawa ngrimbag.
--- Ngrimbag = nggawé têmbung andhahan
saka têmbung lingga.
Tuladha ngisor iki gatèkna :
|
No
|
Têmbung Lingga
|
Wuwuhan
|
Têmbung Andahan
|
||
|
Atêr-atêr
|
Sêsê
lan
|
Panam
bang
|
|||
| 1 | pacul |
am
|
-
|
i
|
maculi |
| 2 | pakan |
am
|
-
|
i
|
makani |
| 3 | tangis |
an
|
-
|
i
|
nangisi |
| 4 | sapu |
any
|
-
|
aké
|
nyapokaké |
| 5 | gawé |
ang
|
-
|
aké
|
nggawèkaké |
| 6 | tampa |
-
|
in
|
-
|
tinampa |
| 7 | gawé |
-
|
in
|
-
|
ginawé |
| 8 | guyu |
-
|
um
|
-
|
gumuyu |
| 9 | gundhul |
-
|
um
|
-
|
gumandhul |
| 10 | kèwèr |
-
|
èr
|
-
|
kêleèwèr |
| 11 | kêlip |
-
|
êr
|
-
|
kêrêlip |
| 12 | tulis |
dak
|
-
|
é
|
daktulisé |
| 13 | waca |
ko
|
-
|
i
|
kowacani |
| 14 | tali |
di
|
-
|
-
|
ditalèni |
| 15 | pênthung |
am
|
-
|
-
|
mênthungi |
| 16 | cukur |
any
|
-
|
aké
|
nyukuraké |
| 17 | tamba |
an
|
-
|
i
|
nambani |
| 18 | kêndhang |
ang
|
-
|
i
|
ngêndhangi |
| 19 | kukus |
-
|
-
|
an
|
kukusan |
| 20 | takon |
an
|
-
|
i
|
nakoni |
--- wjg ---
------> Ana candhaké BAB : ARANÉ
RIMBAG.ING.TÊMBUNG ANDHAHAN
VIII.6
VIII. No. 4. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : TÊMBUNG KANG WIS OWAH SAKA LINGGANÉ )
Paramasastra Jawi 4 :
2. Têmbung kang owah saka linggané :
--- Têmbung kang wis owah saka linggané iku bisa kapérang dadi têlung golongan yaiku :
I. TÊMBUNG ANDHAHAN.
II. TÊMBUNG RANGKÊP.
III. TÊMBUNG CAMBORAN.
--- wjg ---
------> Ana vandhaké BAB TÊMBUNG
ANDHAHAN VIII.5
VIII. No. 3. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : TÊMBUNG LINGGA )
Paramasastra Jawi 3 :
1. Têmbung Lingga :
--- Mungguh sing diarani " Têmbung Lingga " yaiku : têmbung-têmbung kang durung owah saka asalé, utawa têmbung kang isih asli.
Kayata :
--- 1. Macul -----------> linggané --> "pacul "
--- 2. Nglambèni ---> linggané --> " klambi "
--- 3. Nalèni ----------> linggané --> " tali "
--- 4. Kélangan -----> linggané --> " ilang "
--- 5. Kêpatèn -------> linggané --> " pati "
--- 6. Nulisaké ------> linggané --> " tulis "
--- 7. Mapakaké ---> linggané --> " papan "
--- 8. Makakaké ---> linggané --> " pakan "
lsp.
--- Miturut katrangan para sarjana kang marsudi marang bab basa, ana têmbung kang umumé diarani têmbung asal kang kedadéan saka têmbung kang luwih tuwa.
Déné têmbung asal, kang luwih tuwa iku asring diarani têmbung " wod " .
--- Mara gatèkna tuladha ing ngisor iki :
1. Têmbung wod " suk "
Banjur bisa nganakaké têmbung lingga ---> usuk ; ésuk ; susuk ; lsp.
2. Têmbung wod " pis "
Banjur bisa nganakaké têmbung lingga ---> lapis ; tipis ; tapis ; lsp.
3. Têmbung wod " lur "
Banjur bisa nganakaké têmbung lingga ---> ulur ; dulur ; alur ; lsp.
4. Têmbung wod " wur "
Banjur bisa nganakaké têmbung
---> lingga-> dhuwur ; tawur ; uwur ; lsp.
~~~ PÊPÈNGÊT :
--- Têmbung iku kapérang dadi
2 ( loro ) yaiku :
1. Têmbung kang mung sakêcap kang
durung nduwèni têgês :
Kayata :
suk ; lur ; pis ; wur ; lsp.
2. Têmbung wod kang mung sakêcap nanging wis nduwèni têgês.
Kayata :
bal ; pit ; dom ; rèk ; lsp.
--- wjg ---
----> Ana candhaké BAB : TÊMBUNG KANG
WIS OWAH SAKA LINGGANÉ.VIII.4
VIII. No. 2. PARAMASASTRA JAWI ( BAB: WUJUDÉ TÊMBUNG )
Paramasastra Jawi 2 :
Wujuding Têmbung :
Têmbung yaiku unèn-unèn utawa dhapukaning aksara-aksara kang nduwéni têgês.
~~ Tuladha :
--- a ; m ; è ; t ; ê ; l ; s ; é ; ---> iki jênênging aksara.
Mênawa aksara : a ; m ; t ; ê ; l ; s, katulis kaya kasêbut ngisor iki :
--- " mtaslê " ---> iki wujuding dhapukan aksara ing ndhuwur mau ---> nanging iki dudu têmbung, amarga ora nduwèni têgês.
Mênawa anggoné ndapuk kasêbut kaya ngisor iki :
--- slamêt ---> iki wujuding dhapukan aksara ing ndhuwur mau ---> iki diarani têmbung, amarga dhapukan aksara
" slamêt " iku nduwèni têgês, yaiku ora kêna ing pakéwuh apa baé.
--- Têmbung iku manut wujudé utawa dhapuré kêna kapérang dadi rong golongan yaiku :
1. TÊMBUNG LINGGA
2. TÊMBUNG LINGGA KANG OWAH SAKA
LINGGANÉ.
--- wjg ---
----> Ana candhaké BAB : TÊMBUNG
LINGGA.VIII.3
VIII. No. 1. PARAMASASTRA JAWI ( WÊRDINÉ TÊMBUNG PARAMASASTRA )
Paramasastra Jawi 1 :
Wêrdiné Têmbung Paramasastra :
--- Paramasastra iku asalé saka têmbung : " parama + susastra " , kang nduwèni têgês :
Parama = paling unggul, paling apik.
Sastra = tulis.
--- Paramasastra = paugêran panulisan basa kang bêcik murih rinasa sarta kaprungu luwih apik.
--- Déné kang kamot ing ngèlmu paramasatra antarané yaiku :
1. Bab Wujuding Têmbung.
2. Bab Wujuding Rimbag.
3. Bab Jinising Têmbung.
4. Bab Dhapukaning Ukara.
5. Bab Ngudhal Ukara.
--- Limang bab iku mau kang bakal kajlèntrèhaké ana ing tulisan iki kanthi gamblang, utawa cêtha.
--- wjg ---
---> Ana candhaké BAB : WUJUDING
TÊMBUNG VIII.2
Friday, December 6, 2019
IV. NO. 4. WÊWATON PANULISÉ TÊMBUNG JAWA NGANGGO AKSARA LATIN ( BAB : TÊMBUNG CAMBORAN )
Wêwaton Panulisé Têmbung Jawa Nganggo Aksara Latin 4 :
D. Panulising Têmbung Camboran :
--- 3. Têmbung Camboran lan Têmbung Rangkêp :
--- a ). Pérang-pérangané têmbung camboran, panulisé kagandhèng utawa sarana tandha panggandhèng ( - ), kêjaba têmbung iku kalêbu têmbung camboran tunggal.
Tuladha :
Camboran Wudhar :
--- Saanak-bojoné
--- Pawong-mitra
--- Bapa-biyung
--- Méja-kursi
--- Ala-bêcik
--- Abot- ènthèng
--- Sanak-kadang
--- Gêdhé-cilik
--- Lanang-wadon
--- Dawa-cêndhak
--- Bongkot-pucuk
--- lsp.
Camboran Tunggal :
--- Jêruk-pêcêl
--- Randha-royal
--- Randha-balèn
--- Sêmar-mêndêm
--- Uler-kagèt
--- Têpa-slira
--- Têpa-palupi
--- Sato-kéwan
--- lsp.
Pêpèngêt :
Têmbung Camboran Tunggal kang wis dadi têmbung lingga andhahan, lan umum dianggêp kaya déné jênêng, panulisé kagandhèng.
--- Paramasastra
--- Suralaya
--- Rajaputra
--- Arcapada
--- Pramèswari
--- Pancasila
--- Bimaputra
--- Pandhuputra
--- Asthabrata
--- Dasadarma
--- Wédhatama
--- Wulangrèh.
--- lsp.
--- b ). Têmbung dwilingga lan dwilingga salin swara panulisé kudu nganggo tandha panggandhèng ( - ).
Tuladha :
--- Abang-abang.
--- Wit-witan.
--- Doh-dohé.
--- Maca-maca.
--- Mompar-mampir.
--- Grubyag-grubyug.
--- Mrana-mréné.
--- Lung-lungan.
--- c ). Têmbung kang rinangkêp ( pangrangkêpé wutuh utawa tugêlan ) prayoga katulis wutuh kanthi tandha panggandhèng ( - ), ora kêna cinêkak nganggo angka loro ( 2 ).
Tuladha :
--- Lawas-lawas ---> ora kêna katulis
Lawas2.
--- Sadina-dinané ---> ora kêna katulis
Sadina2né.
--- Sagêlem-gelêm ---> ora kêna tinulis
Sagêlêm2.
--- wjg ---
-----> Ana candhaké BAB : KAWRUH
BASA.V.
IV. NO. 3. WÊWATON PANULISÉ TÊMBUNG JAWA NGANGGO AKSARA LATIN ( BAB : PANULISING TÊMBUNG )
C. Panulising Têmbung :
--- Ing ngisor iki ngêmot wêwaton bab panulising têmbung Jawa nganggo aksara Latin.
--- C. 1. Panulising têmbung manut pakêcapé.
1 ). Aksara " w " kang ana saburining aksara " u " utawa " o ", lan aksara " y " kang ana saburining aksara " i " utawa " é ", iku kudu katulis ( kejaba yèn dumadiné " w " lan " y " mau jalaran saka atêr-atêr utawa panambang ).
Tuladha :
-- uwit
-- uwong
-- luwih
-- kuwat
-- rowang
-- owah
-- kéyong
-- iya
-- kriya, lsp.
--- Déné yèn swara " w " mau amarga saka ananing atêr-atêr utawa panambang, swara " w " lan swara " y " ora kêna katulis.
Tuladha :
-- tukua -----> ora kêna ditulis ---> tukuwa.
-- bodhoa ---> ora kêna ditulis --->
bodhowa.
-- karia ---> ora kêna ditulis ---> kariya.
-- sadéan ---> ora kêna ditulis ---> sadéyan
2 ). Aksara " h " yèn pakêcapé kaprungu cêtha kudu katulis.
Déné manawa " h " mau dadi sêsigêging wanda lan pakêcapané owah dadi " w " utawa " y " swara " h " mau kêna katulis, utawa kaganti ing owah-owahané.
Tuladha :
-- tahu ---> ora kêna ditulis ---> tau.
-- hawa ---> ora kêna ditulis ---> awa.
-- pohong ---> ora kêna ditulis ---> poung.
Nanging mligi :
-- kalihan ---> kêna ditulis ---> kaliyan.
-- palihan ---> kêna ditulis ---> paliyan.
-- kadohan ---> kêna ditulis ---> kadowan.
-- ngabotohan ---> kêna ditulis --->
ngabotowan, lsp.
3). Aksara loro kang padha lan ora kêlêtan panggonané, iku panulisé kudu kagandhèng.
Tuladha :
-- lungaa.
-- macaa, lsp.
4 ). Têmbung dwipurwa, wandané wiwitan katulis kanthi tandha " ê " ( pêpêt ).
Tuladha :
-- sêsulih ---> ora kêna ditulis ---> susulih.
-- lêlandhêp ---> ora kêna ditulis --->
lalandhêp.
-- sêsambat ---> ora kêna ditulis --->
sasambat.
-- gêgitik ---> ora kêna ditulis ---> gigitik.
Nanging " Susuhunan ", panulisé
panggah/ajêg, : Susuhunan.
--- C. 2. Panggandhèng sarta trapé aksara hanuswara lan aksara gêdhé.
1). Atêr-atêr :
--- a ) :
Atêr-atêr Hanuswara : han, ham, hany,
hang ( n, m, ny, m ).
--- b ) :
Atêr-atêr Rimbag tanggap : dak/tak,
ko, di.
--- c ):
Atêr-atêr liyané :
ka, ké, sa, pa, pi, pra, pri, tar/têr, kapi, kami, kuma.
Panambang : é, i, aké, lan kramané yaiku : ipun, akên, ané, né.
Kramané : anipun, akên, ing, ku, mu, a, an, ên, ana, na.
Iku panulisé kagandhèng karo têmbung kang dirakêti.
Tuladha :
--- ndhudhuk, njaluk, mburu, nggambar.
--- dugawa, kogitik, daktulis.
--- kajarag, kasandhung, pakéwuh, prajurit, pribadi, tarkadhang ( têrkadhang ), kumawani, kamituwa, kapiluyu, parikudu, sakilo ( sêkilo ), gawéné, miwiti, nukokaké, sabinipun, nglêbêtakên.
2 ). Kang panulisé ora kêna kagandhèng karo têmbung liyané :
--- a). Têmbung purusa, yaiku têmbung kang mratélakaké wong kang gunêman, kang diajak gunêm, lan sing digunêm, têmbung mau wutuh.
Kayata :
--- aku, kula, kowé sampéyan, lsp ( dudu atêr-atêr dak, ko, di, lan dudu panambang ngoko : ko, mu, é, lan panambang krama : ipun.
Tuladha :
Tuladha :
--- aku mbêdhil.
--- dika nêdhi.
--- sampéyan numpak.
--- sêpédha kula.
--- griya sampéyan.
--- kêrsa panjênêngan.
--- anak dika.
--- dipun waos.
--- b ). Têmbung : sing, kang, di, dèn, bok ( mbok ), kang têgêsé pakon, panjaluk utawa pamuji, panulisé kapisah.
Tuladha :
--- sing tabêri.
--- kang ngati-ati.
--- dèn wêwéka.
--- bok budhal saiki.
--- di ngalor
--- di tlatèn
--- di ngati-ati.
--- c ). Têmbung : ing, pating ( ting ),
para, padha, uga kapisah.
Tuladha :
--- ing njaba.
--- ing ngisor.
--- pating tlusup.
--- para kadang.
--- padha pradandan.
--- d ). Têmbung : dak ( tak ), kula, lsp kang nganakaké rimbag tandang, uga kapisah.
Tuladha :
--- dak nêmbang.
--- dak makani.
--- tak ngêtutaké, lsp.
Pêpèngêt :
--- Aja kaanggêp padha karo katrangan
têmbung purusa ing dhuwur mau.
--- e ). Têmbung wilangan, kêjaba kang kanthi têmbung : las, likur , uga kapisah.
Tuladha :
--- pitung puluh sanga.
--- têlung èwu limang atus
sangang puluh ênêm.
--- wolung puluh pitu.
--- sangalas, patbêlas, sêwêlas,
pitulikur.
3 ). Têmbung kang panulisé manut sastra Jawa wis lumrah ora kanthi aksara hanuswara, ing mangka sok diunèkaké kanthi mbrêngêngêng, iku panulisané aksara Latin uga tanpa aksara hanuswara.
Tuladha :
--- botên ---> ora kêna ditulis ---> mbotên.
--- dika ---> ora kêna ditulis ---> ndika.
--- bésuk ---> ora kêna ditulis ---> mbésuk.
--- ing alas ---> ora kêna ditulis -->
ing ngalas.
--- wong désa ---> ora kêna ditulis --->
wong ndésa.
--- ing ratan ---> ora kêna ditulis --->
ing ngratan.
4 ). Têmbung : arêp ; ajêng ; isor ; andhap ; inggil ; riku ; riki ; êndi ; yèn sumambung ing têmbung : " ing ", panulisé wanda wiwitan, kanthi aksara hanuswara, ora kêna kagandhèng.
Tuladha :
--- ing ngarêp ---> ora kêna katulis
ingarêp.
--- ing ngajêng ---> ora kêna katulis
ingajêng.
--- ing ngisor ---> ora kêna katulis ingisor.
--- ing ngandhap ---> ora kêna katulis
ingandhap.
--- ing nginggil ---> ora kêna katulis
inginggil.
--- ing ngriku ---> ora kêna katulis ingriku.
--- ing ngêndi ---> ora kêna katulis ingêndi.
5 ). Têmbung kriya kang purwané katulis kanthi aksara hanuswara iku yèn katulis nganggo aksara gêdhé, aksarané hanuswara mau, dudu aksara purwaning lingga.
Tuladha :
--- Ndandani ---> ora kêna katulis nDandani.
--- Njaluk ---> ora kêna katulis nJaluk.
--- Mbêdhil ---> ora kêna katulis mBêdhil.
--- Nggambar ---> ora kêna katulis
ngGambar.
6 ). Aksara purwaning têmbung kang mratélakaké jênêng-jênêng ing ngèlmu bumi, lêlakon kang kasêbut ing babad, araning jaman, lan sapanunggalané kudu katulis nganggo aksara gedhé.
Tuladha :
--- Kutha Surakarta.
--- Kali Brantas.
--- Gunung Sêmèru.
--- Tlaga Toba.
--- Gègèr Diponêgaran.
--- Jaman Kartasura.
7 ). Têmbung-têmbung kang mratélakaké aran kang diluhuraké, jênêngé wong, araning kéwan, kang lumrahé ing dongèng, dianggêp kaya déné manungsa, arané sêsêbutan utawa pangkat, purwané katulis kanthi aksara gedhé.
Tuladha :
--- Gusti Allah.
--- Bathara Bayu.
--- si Kancil.
--- Radèn Jakatingkir.
--- Panêmbahan Mataram.
--- Bupati.
--- Panèwu.
8 ). Têmbung : " sang " yèn kagandhèng karo têmbung kang mratélakaké jênêng sarta trapé ing ukara kanthi ngèlingi pakurmatan lan têgêsé wis gumathok, iku panulisé kudu kanthi aksara gêdhé " Sang ".
Déné yèn ora pati ngèlingi pakurmatan kêna katulis aksara cilik " sang ".
Tuladha :
--- Sang Prabu.
--- Sang Nata.
--- sang Kancil.
--- sang Gèthèk.
--- wjg ---
----> Ana candhakê BAB : TÊMBUNG
CAMBORAN IV.4.
Thursday, December 5, 2019
IV. NO. 2 WÊWATON PANULISÉ TÊMBUNG JAWA NGANGGO AKSARA LATIN ( BAB : PAMILAHING WANDA )
B. Bab Pamilahing Wanda :
--- 1. Pamilahing wanda iku manut karo pakêcaping têmbungé.
Tuladha :
--- baya ---> ba - ya.
--- kapal ---> ka - pal.
--- sagantên ---> sa - gan - tên.
--- rêmbulan --- > rêm - bu - lan.
--- nyêkapakên ---> nyê - kap - a - kên.
--- nyumanggakakên ---> nyu - mang -
gak - a - kên.
Nanging tumrap têmbung kanthi panambang sing ora luluh karo wêkasaning têmbung lingga, panambang mau kaanggêp wanda siji.
Nanging tumrap têmbung kanthi panambang sing ora luluh karo wêkasaning têmbung lingga, panambang mau kaanggêp wanda siji.
Tuladha :
--- pagunungan ---> pa - gu - nung - an.
--- nulupi ---> nu - lup - i.
--- kêpanasên ---> kê - pa - nas - ên.
--- nulisa ---> nu - lis - a.
--- 2. Pakêcapan apa déné panulisé têmbung kang kanthi atêr-atêr hanuswara kang ora luluh karo purwaning lingga, tumraping têmbung utawa têmbung pacakan, wênang utawa asring diulur.
Tuladha :
--- njabut ---> diulur dadi hanjabut
--- ndarbèni ---> diulur dadi handarbèni.
--- mbarêngi ---> diulur dadi hambarêngi.
--- ndarbèni ---> diulur dadi handarbèni.
--- mbarêngi ---> diulur dadi hambarêngi.
--- nyênyadhong ---> hanyênyadhong.
--- njajari ---> hanjalari.
--- ngupadi ---> hangupadi.
--- ngundhuh ---> hangundhuh.
( tumrap basa padinan, ora pêrlu diulur ).
--- 3. Aksara : dh, kh, ng, ny, th ---> iku dianggêp saaksara, mula pamilahing wanda ora kapêdhot, utawa kapisah.
Tuladha :
--- budhal ---> ora kêna dipilah ---> bud - hal.
--- bathuk ---> ora kêna dipilah --> bat - huk.
--- banyu ---> ora kêna dipilah ---> ban - yu.
--- barêngan ---> ora kêna dipilah -->
ba - rên - gan.
--- wjg ---
----> Ana Candhaké : BAB PANULISING
TÊMBUNG IV.3.
Wednesday, December 4, 2019
IV. NO. 1. WÊWATON PANULISÉ TÊMBUNG JAWA NGANGGO AKSARA LATIN ( BAB : AKSARA )
A. Bab Aksara :
--- Wêwaton panulisé têmbung Jawa nganggo aksara Latin uga akèh bab-bab kang pêrlu digatèkaké, yaiku :
~~ A. Aksara
~~ B. Pamilahing Wanda.
~~ C. Panulising Wanda.
~~ D. Panulising Têmbung Camboran.
~~ A. Aksara :
--- Aksara Latin kang kanggo nulis têmbung Jawa yaiku :
a ---> ana ing têmbung : aja, bangsa,
ahad.
b ---> ana ing têmbung : bali, bibi, bolu.
c ---> ana ing têmbung : cacing, coro,
bocah.
d ---> ana ing têmbung : dadi, sida,
dodol.
dh ---> ana ing têmbung : dhuku
wadhah, wêdhi.
é --- > ana ing têmbung : édan, gulé,
élok.
ê ---> ana ing têmbung : sêrêt, sêgêr,
bênêr.
è ---> èmbèr, pamèr, klèwèr, ndowèr,
nènèr.
f ---> asring diganti " p " kayata : fajar
( pajar ), alif ( alip ).
g ---> ana ing têmbung : gagak, glêpung,
bêdhug.
h ---> ana ing têmbung : tahu, hawa,
gurih.
i ---> ana ing têmbung : siji, bayi pipi.
j ---> ana ing têmbung : ajur, jujur, banjir.
k ---> ana ing têmbung : kayu, kuku,
kêbak.
kh ---> asring diganti " k " upama :
khabar ( kabar ), khusus
( kusus ).
l ---> ana ing têmbung : lali, lila, bali.
m ---> ana ing têmbung : mèsêm, mari,
asêm.
n ---> ana ing têmbung : nongkrong,
tani, manuk.
ng ---> ana ing têmbung : miring, ngalor,
gosong.
ny ---> ana ing têmbung : nyapu, banyu,
nyacah.
o ---> ana ing têmbung : loro, ora, cocok.
p ---> ana ing têmbung : pupu, apa,
sulap.
q ---> saka têmbung manca, asring
diganti kw', k, w : upama : quitansi
( kwitansi ), quintal
( kwintal/kuwintal ).
r ---> ana ing têmbung : rabi, ajur, rujak.
s ---> ana ing têmbung : sasi, tapis,
pasar.
t ---> ana ing têmbung : tatu, tangga,
matêng.
th ---> ana ing têmbung : thuthuk,
cêtha, kêthul.
u ---> ana ing têmbung : dudu, kuku,
prau.
w ---> ana ing têmbung : awoh, duwé,
dawa.
y ---> ana ing têmbung : yuyu, ngguyu,
sêdya.
z ---> saka basa manca, asring
diganti " j "
upama : zakat ( jakat ), zaman
( jaman ), zabur ( jabur ).
--- wjg ---
----> candhaké : PAMILAHING WANDA
IV.2
Sunday, December 1, 2019
VII. BAB : KLÈRUNÉ NULIS TÊMBUNG AKSARA SWARA
Mbênêraké panulising têmbung Jawa bakuné aksara swara :
--- Nulis têmbung-têmbung Basa Jawa nganggo Aksara Latin, kanggoné
anak-putu, sarta buyutku racaké isih padha klèru, nyingkur saka paugêran.
--- Déné klèruné mung durung bisa mbédakaké sarana rasa.
--- Têmbung-têmbung kang asring kléru panulisé antarané :
1. Swara " i " jêjêg ( wulu ) karo " i " " miring ( taling ).
Conto :
--- " i " jêjêg kayata : mati, iki, lsp.
--- " i " miring = swara " i " olehé maca swara " é " kayata : uwit, pitik, lsp.
Kayata :
~~ Têmbung " kucing " klèruné olèhé nulis " kocéng " .
~~ Têmbung " kucing " klèruné olèhé nulis " kocéng " .
~~ Têmbung " urip " klèruné olèhé nulis " orép " .
2. Swara " u " jêjêg ( suku ), karo " u " miring ( taling-tarung ).
Conto :
--- Swara " u " jêjêg kayata : aku, buku, lsp.
--- Swara " u " olèhé maca swara " o " .
Kayata :
~~ Têmbung " sêdulur " klèruné olèhé nulis " sêdolor " .
~~ Têmbung " cukur " klèruné olèhé nulis " cokor " .
3. Swara " o " jêjêg ( taling-tarung ) karo
" o " miring ( nglêgêna ).
Conto :
--- Swara " o " jêjêg kayata : loro, jago, coro, lsp.
--- Swara " o " mirung olèhé maca swara
" a/å " .
Kayata :
~~ Têmbung " kanca/kåncå " klèruné olèhé nulis " konco ".
~~ Têmbung " kanca/kåncå " klèruné olèhé nulis " konco ".
~~ Têmbung " lara/lårå " ( sakit ) klèruné olèhé nulis " loro " ( dua ).
--- Murih ora klèru utawa ora nyingkur paugêran panulisé aksara swara mau, pêrmananakna ( gatèkna ) katrangan ngisor iki :
--- Têmbung êndi kang panulisé bênêr ?
1. " Ono " apa " Ana "
2. " Sêdolor " apa " Sêdulur "
3. " Bêcék " apa " Bêcik "
4. " Cokor " apa " Cukur "
5. " Orép " apa " Urip "
6. " Loro " apa " Lara "
--- Carané nggoléki sing bênêr, yaiku têmbung kasêbut, wuwuhana ( tambahi ) panambang ( é ; né ; aké ; ké ).
--- 1. Ono + né ---> yèn diwaca swarané mêsthi owah dadi " Anané ".
--- 2. Sêdolor + é ---> yèn diwaca swarané mêsthi owah dadi " Sêduluré ".
--- 3. Bêcék + é ---> yèn diwaca swarané mêsthi owah dadi " Bêciké ".
--- 4. Cokor + é ---> yèn diwaca swarané mêsthi owah dadi " Cukuré ".
--- 5. Orép + é ---> yèn diwaca swarané mêsthi owah dadi " Uripé ".
--- 6. Loro + né ---> yèn diwaca swarané ajêg, pratandha nulisé uga " Loroné ", mung duwé têgês " Loro " têmbung wilangan ( 2 ).
--- 7. Lara + né ---> yèn diwaca swarané ajêg, pratandha nulisé uga " Larané ", kang duwé têgês " Lara " têmbung kahanan
( kêtaman lêlara/sêsakit ).
~~~ Ya owah-owahan kuwi, sing bênêr kanggo nulis. ----> :
1. Ono ---> sing bênêr nulisé ----> Ana.
2. Sêdolor ---> sing bênêr nulisé
---> Sêdulur.
3. Bêcék ---> sing bênêr nulisé ---> Bêcik.
4. Cokor ---> sing bênêr nulisé --> Cukur.
5. Orép ---> sing bênêr nulisé ---> urip.
6. Loro ---> sing bênêr nulisé ---> loro.
7. Lara ---> sing bênêr nulisé ---> lara.
--- Inti sariné lamun nulis têmbung banjur kawuwuhan panambang yèn diwaca olehé maca swarané owah ( ora padha karo sing kotulis ), atêgês sing bênêr olehé nulis kaya owah-owahan mau.
Lamun kawuwuhan panambang yèn diwaca swarané panggah, atêgês panulisé migunakaké kaya têmbung linggané.
--- Mangkono mau carané anggolèki nulis têmbung, manut paugêran panulisan têmbung Basa Jawa nganggo Aksara Latin, mliginé aksara swara.
--- Mangkono mau carané anggolèki nulis têmbung, manut paugêran panulisan têmbung Basa Jawa nganggo Aksara Latin, mliginé aksara swara.
--- Muga bisa nambahi sêsurupan.
Nuwun.
--- wjg ---
---> Ana candhaké BAB : PARAMASASTRA
JAWI VIII.1


