.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Atur Purwaka

--- Nuwun kawula nuwun !
Sanggya sutresna WJG ingkang sanget kinasih dahat sinudarsana.
Salam tabé aliman tabé mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik.
--- Minangka purwakaning atur, kawula ngraos prihatos kaliyan anak, putu, sarta buyut kula piyambak babagan Seni sarta Budaya ingkang adi-luhung punika, kathah ingkang sampun wuta ing angger-anggeripun.
--- Mila tan mokal laku unggah-ungguh, seni sarta budaya ingkang adi-luhung kasingkur dening para anak, putu, sarta buyut.
--- Kanthi kawontenan punika WJG nedya damel sesuluh minangka paugeran ing pangajap, sageda dados angger-angger tumrap ingkang kasdu nyinaoni, sarana kawula simpen wonten blog WJG.
--- Yektosipun taksih tebih saking saking sampurnanipun tumrap priyantun ingkang bontos ing kawruh babagan Seni Sarta Budaya.
Nanging sendyanta kirang sampurna ingkang sinerat wonten blog, ibaratipun tan manggih obor ingkang padhang, mawi sunaring lilin saged nyingkur saking swasana peteng.
--- Wasananing atur menawi wonten bab ingkang kirang damel rena ing panggalih, kawula mawantu-wantu anyenyadhong sih rumentahing gung samodra pangaksama.
--- Salam WJG rahayu...rahayu...rahayu ingkang samya pinanggih.
Nuwun.

Sunday, December 22, 2019

VIII. No. 38 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : UKARA SAMBAWA )

 Paramasastra Jawi 38 :


Ukara Sambawa :

     Ukara Sambawa yaiku ukara kang migunakaké têmbung-têmbung sambawa 
( titikané wis ditêrangaké ing ngarêp ).
     Déné warnané ukara sambawa ora mung siji.
Miturut kang dadi têgêsé.


      Kayata :


I. UKARA SAMBAWA KANG NGÊMU TÊGÊS
   SAUPAMA, DADI PAGAWÉAN DURUNG
    KLAKON.

~~ Tuladha :

1. Nggawaa payung, aku mau ora kodan-
     an.

2. Nulisa dhèk mau, saiki wis rampung.

3. Nyaponana  kamar dhèk mau, saiki wis 
    kari nyambut gawé liyané.

4. Nggawakna payungku sing kèri dhèk wi-
    ngi kaé, saiki aku ora pêrlu nyilih, lsp.




II. UKARA SAMBAWA KANG NGÊMU
    TÊGÊS SÊNAJAN.

~~ Tuladha :

1. Cilika kaé wong dhèwèké srêgêp.

2. Sugiha kaé wong dhèwèké cêthil ba-
     ngêt.

3. Gampanga  kaé nyatané aku ora bisa.

4. Pintêra  kaé wong dhèwèké umuk, lsp.




III. UKARA SAMBAWA KANG NGÊMU
     TÊGÊS NGARÊP-ARÊP.

~~ Tuladha :

1.1. Wis wêngi kok adhimu durung mulih,
        muga-muga slamêta lakuné.
1.2. Wis wêngi kok adhimu durung mulih,
        muga-muga di slamêt lakuné.

2.1. Muga-muga gampanga pitakoné.
2.2. Mugi-mugi di gampang pitakoné
    

3.1. Gèk ndang énggal maria larané.
 3.2. Larané gèk ndang di énggal mari.

4.1. Muga-muga lulusa anggoné ujian.
4.2. Muga-muga di lulus ujiané.




III. UKARA SAMBAWA KANG MINANGKA
      KRAMANÉ UKARA PAKON, SARTA
      NGÊMU TÊGÊS PAMUJI UTAWA
      PANGARÊP-ARÊP.


~~ Tuladha :

1.1. Mugi kêrsaa  pinarak sakêdhap.
1.2. Muga di gêlêm mampir.

2.1. Mugi kêparênga  kèndêl rumiyin.
2.2. Muga di gêlêm lèrèn dhisik
2.3. Mugi dipun kêparêngakên kèndêl
        rumiyin.

3.1  Mugi kêrsaa rawuh ing griya kula.
3.2. Muga  di gêlêm têka nang omahku

4.1. Mugi kêrsaa paring ular-ular.
4.2. Muga  di gêlêm awèh pitutur.



                     --- wjg ---


 ------> Ana candhaké BAB : UKARA
          SANANTA VIII. 39
           

VIII. No. 37 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : UKARA PITAKON )

 Paramasastra Jawi 37 :

Ukara Pitakon :

    Ukara pitakon iku, ukara wêdharing gagasan kang ngêmu karêp kêpèngin mangêrtèni utawa mêruhi apa kang durung dingêrtèni.

    Déné titènané ukarané nganggo têmbung : apa ;  sapa ;  lan ngapa ( punapa ; sintên ).


~~ Tuladha :

1. Kowé nggawa apa Mas Sardi ?

2. Apa dhèwèké durung mangan ?

3. Sapa sing dina wingi tuku pêlêm ?

4. Kênang apa adhimu nangis baé ?

5. Ana apa déné kowé ora wani mara ?

6. Sintên ingkang kécalan arta ?

7. Punapa punika kagunganipun ?

8. Ngapa baé kowé ora tau dolan ?

9.lsp


                       --- wjg ---

  ------> Ana candhaké BAB : UKARA
           SAMBAWA VIII. 38
           

Saturday, December 21, 2019

VIII. No. 36 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : UKARA PAKON )

 Paramasastra Jawi 36 :


Ukara Pakon :

     Ukara pakon yaiku wêdharing gagasan tumuju marang wong kang diajak gunêm
utawa wong kapindho supaya nglakoni utawa nindakaké pêgawéan.

     Ukara pakon bisa kapérang dadi rong
warna yaiku :


   I. UKARA PAKON TANDUK.
  II. UKARA PAKON TANGGAP.


--- Katrangané :

 I. UKARA PAKON TANDUK :
    Yaiku ukara kang migatèkaké tumindaké
 ( wasésané ).
     Dadi ing ukara pakon tanduk pérangan wasésané migunakaké têmbung Pakon Tanduk.


~~ Tuladha :

1. Sardi mangana dhisik yèn arêp budhal.

2. Surti milihana sing matêng-matêng baé.

3. Siti nyapokna latar buri kaé.

4. Boca-bocah sésuk nggawaa sapu sada.

5. Sarman maculana kêbon sisih wétan 
     kaé.

6. Sarmin mbalèkna barang-barang silihan
     iki ya !



II. UKARA PAKON TANGGAP :

   .Ukara pakon tanggap yaiku ukara kang migatèkaké lésané utawa barangé kang kudu katandangan.

      Déné ing ukara pakon tanggap péranganing wasésa nganggo têmbung Pakon Tanggap.

~~ Tuladha :
1.1. Sapunên kêrtas sing pating slêbar
        kuwi Sri !
1.2. Kêrtas sing pating slêbar kuwi, bokya
       di saponi.

2.1. Saponana jogan ngarêp kaé Sur !
2.2. Sur, jogan ngarêp kaé di sapu !

3.1. Sur, jupukna buku ing dhuwur méja
        ya !
3.2. Sur, buku dhuwur méja di jupuk ya !

4.1. Jupukên kapur sing tiba kuwi !
4.2. Kapur sing tiba kuwi di jupuk !

5.1. Tulisna angka 68 kuwi, nganggo
        angka Jawa !
5.2. Angka 68 kuwi, di tulis nganggo
       angka Jawa.

   ( Utawa Jênêngé kasêbut luwih dhisik ).


                        --- wjg ---


   ------> Ana candhaké BAB : UKARA
             PITAKON VIII. 37
            

VIII. No. 35 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : UKARA CARITA )

 
Paramasastra Jawi 35 :


Ukara Crita :


        Ukara carita iku, ukara wêdharing gagasan marang kang diajak gunêm, supaya ngêrti apa baé kang diwêdharaké.


~~ Tuladha :

1. Bésuk yèn liburan bocah-bocah arêp 
    padha darmawisata.

2. Dina Slasa kapungkur, Gunung Mêrapi 
    njêblug manèh.

3. Yèn anuju malêm Jumuah Kliwon akèh 
    wong lèk-lèkan.

4. Yèn pinuju padhang rêmbulan, bocah-
    bocah ing padésan akèh kang padha 
    dolanan jéthungan lan gobag sodor.

5. Kabaré dhèwèké saiki wis cêkêl gawé.



                     --- wjg ---


   ------->  Ana candhaké BAB : UKARA
               PAKON VIII. 36 
               

VIII. No. 34 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : UKARA KAPINDÊNG MITURUT WÊDHARING GAGASAN )

 Paramasastra Jawi 34 :


Ukara Anut Wêdharing Gagasan :


      Miturut wêdharing gagasan utawa surasa, ukara bisa kapérang dadi ênêm warna yaiku :


       I.  UKARA CARITA ( CRITA ).
      II.  UKARA PAKON.
     III.  UKARA PITAKON.
     IV.  UKARA SAMBAWA.
      V.  UKARA SANANTA.
     VI.  UKARA TANDANG.


     Bab jlèntrèhané ana ing nomêr bacuté.



                          --- wjg ---


------>  Ana candhaké BAB : IKARA CRITA 
          VIII. 35.
           

VIII. No. 33 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : UKARA TANDUK LAN UKARA TANGGAP )

 
Paramasastra Jawi 33 :


Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap :

      Ukara kapindêng miturut tumanduking jêjêr marang wasésa, lan wasésa marang lésan utawa marang katrangan bisa kapérang dadi rong warna, yaiku :

 I. UKARA TANDUK.
II. UKARA TANGGAP.


--- Katrangané :

 I.  UKARA TANDUK :

     Kang diarani UKARA TANDUK, yaiku ukara wêdharing gagasan, kang dadi wigatining gunêm ana ing wasésané lan jêjêré.

    Ana ing ukara tanduk  jêjêr nindakaké/nandukaké sawijining pagawéan, kaya kang kasêbut ing wasésa.
Wasésané adhapur : RIMBAG TANDUK.


~~ Tuladha :
1. Sudarman lagi nyapu latar.
2. Ibu nggorèngi gêdhang.
3. Saryadi mênthung asuné Pak Wardi.
4. Sarimin ndhudhuki téla.
5. Sarinêm lagi maca koran, lsp.

----- Katrangan : 1. nyapu.
                            2. nggorèngi.
                            3. mênthung.
                            4. ndhudhuki.
                            5. maca.

Iku mau wasésané, kang kabèh adhapur rimbag tanduk.




II. UKARA TANGGAP :

     Déné kang diarani ukara tanggap, yaiku ukara wêdharing gagasan kang dadi wigatining gunêm iku " lésané ".

    Ing ukara tanggap jêjêr minangka lésané yaiku kang nandhabg kriyané wasésa.
Wasésané adhapur : RIMBAG TANGGAP.


~~ Tuladha :
1. Asuné Pak Wardi dipênthung Saryadi.
2. Jagoné dipangan luwak.
3. Klambiné wis dikumbahi Tini.
4. Layangé wis dakwaca.
5. Narapraja tinanggênah jaga kêmit, lsp.



                          --- wjg ---


  ----> Ana candhaké BAB : UKARA
         KAPINDÊNG MITURUT WÊDHARING
         GAGASAN VIII. 34.
        

VIII. No. 32 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : UKARA RANGKÊP )

 Paramasastra Jawi 32 :


Ukara Rangkêp :


       Mungguh kang diarani Ukara Rangkêp, yaiku sarupaning ukara kang péranganing ukara jêjêr lan wasésané luwih saka siji.


~~ Tuladha :

1. Bapak lagi tindak, yèn Ibu ana ing  
    dalêm.

2. Ningsih ora sêkolah, sabab dhèwèké
    lara panas.

3. Bocah sing mêntas liwat iki mau, sing
    dadi bintang kêlas.

4. Tatik karo Nanik lagi padha nonton film.

5. Lsp.


                    --- wjg 

-----> Ana candhaké BAB : UKARA TANDUK
        LAN UKARA TANGGAP VIII. 33.
           

VIII. No. 31 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : UKARA ORA GANÊP )

 Paramasastra Jawi 31 :


Ukara Ora ganêp :

       Mungguh kang diarani Ukara ora ganêp, yaiku sarupaning ukara kang mung kadadéan saka sapérangan.

Upamané :  mung jêjêr.
                     mung wasésa.
                     mung lésan.

~~ Tuladha : 
       1.  Suratna.
       2.  Mlaku.
       3.  Bakso.

      Têmbung  :  Suratno ; mlaku ; bakso, iku durung kêna diarani ukara sênajan wis ngêmu surasa wêdharing gagasan.

      Déné murih dadi ukara kang ganêp, kudu ditambahi têmbung liya upamané dadi mangkéné :

      1. Sing dadi bintang kêlas Suratna.
      2. Adhimu mréné mlaku dhéwé.
      3. Bakul bakso mrénéa, aku arêp tuku. 



               --- wjg ---


------>  Ana candhaké BAB : UKARA
           RANGKÊP VIII.32
           

VIII. No.30 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : UKARA GANÊP/UKARA LAMBA )

 Paramasastra Jawi 30 :


Ukara Ganêp/Ukara Lamba :


    Mungguh kang diarani Ukara Ganêp/Ukara Lamba, yaiku sarupaning ukara kang kadadéan saka pérangan :

      a ). Jêjêr - wasésa.
      b ). Jêjêr - wasésa - lésan.
      c ). Jêjêr - wasésa - lésan - katrangan.



~~ Tuladha :
 1.  a. Bu Guru Rawuh.
      b. Suradi mênthung asu.
      c. Suradi mênthung asu nganggo kayu.



2.  a. Siti nangis.
     b. Siti nangisi gêdhang.
     c. Siti nangisi gêdhang goréng, lsp.



                       --- wjg ---


-----> Ana candhakê BAB : UKARA ORA
        GANÊP VIII.31
        

VIII. No. 29 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : UKARA MITURUT DHAPUKANÉ )

 Paramasastra Jawi 29 :


Ukara Miturut Dhapukané :

   Ukara iku ana pirang-pirang warna jinisé.
Déné araning ukara iku gumantung karo pamindêngé.

   Kapindêng miturut dhapukané, ukara iku kapérang dadi têlung warna, yaiku :



     I.  UKARA GANÊP utawa UKARA 
         LAMBA.
    II.  UKARA ORA GANÊP.
   III.  UKARA RANGKÊP.


                 --- wjg ---


-----> Ana candhaké BAB : UKARA GANÊP
         VIII. 30
        

VIII. No. 28. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : UKARA )

 Paramasastra 28 :


Ukara :

       Kang diarani ukara yaiku, dhapukaning têmbung-têmbung kang ngêmu têgês utawa ngêmu wêdharing gagasan.
Sênadjan têmbung-têmbung mau didhapuk, yèn ora ngêmu têgês iku dudu ukara ( ora kêna diarani ukara ).


~~ Tuladha :

1. Papat Slamêt buku tuku ---> 
     iki dhapukan saka têmbung-têmbung
     ---> nanging ora bisa diarani ukara, 
     marga ora duwé têgês ( ora ngêmu 
     wêdharing gagasan.


2. Slamêt tuku buku papat ---> 
     iki dhapukan saka têmbung-têmbung
      ---> iki bisa diarani ukara, amarga wis 
      nduwèni têgês ( wêdharing gagasan ).


    Miturut lungguhing têmbung ing ukara iku kadadéan saka :

     a. Jêjêr - wasésa.
     b. Jêjêr - wasésa - lésan.
     c. Jêjêr - wasésa - lésan - katrangan.


~~ Tuladha :

a ).     1. Surati nangis.
               Surati    =  jêjêr.
               nangis =  wasésa.

     
           2. Bapak tindak.
               Bapak    =  jêjêr.
               tindak    =  wasésa, lsp.



 b ).    1. Surti mangan roti.
               Surti        =  jêjêr.
               mangan  =  wasésa.
               roti          =  lésan.


           2. Siti nggorèng êndhog.
               Siti             =  jêjêr.
               nggorèng  =  wasésa.
               êndhog     =  lésan, lsp.


  c ).   1. Slamêt tuku buku papat.
               Slamêt          =  jêjêr.
               tuku              =  wasésa.
               buku             =  lésan.
               papat           =  katrangan- 
                                        wilangan.


          2. Bapak mundhut sarung ing Toko                  Bathik.
              Bapak             =  jêjêr.
              mundhut        =  wasésa.
              sarung           =  lésan.
              Toko Bathik  =  katrangan papan.


                          --- wjg --


 ------> Ana candhaké BAB : UKARA
          MANUT DHAPUKANÉ VIII. 29
          

Friday, December 20, 2019

VIII. No. 27. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : TÊMBUNG SAMBAWA )

 Paramasastra Jawi 27 :


Têmbung Sambawa :

---Têmbung Sambawa yaiku, sarupaning têmbung kang ngêmu surasa pagawéan mau durung klakon.

   PÊNGGAWÉNÉ TÊMBUNG SAMBAWA

 I. TÊMBUNG SAMBAWA SAKA TÊMBUNG
    TANDUK :

    Têmbung Sambawa saka têmbung tanduk kapérang dadi têlung warna yaiku :

 a. SAMBAWA TANDUK WANTAH.
 b. SAMBAWA TANDUK " i " KRIYA.
 c. SAMBAWA TANDUK " ké " KRIYA.


      Katrangané :

 a ).  SAMBAWA TANDUK WANTAH :

     Dadiné Sambawa, têmbung tanduk mau sarana kawuwuhan panambang " a ".
      Dadi wujudé = tanduk + a.

Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANDUK WANTAH.

~~ Tuladha :
1. nggawa + a ---> sambawané --->
                                nggawaa.
2. nyapu + a ------> sambawané ---> nyapua.
3. nulis + a  ------->  sambawané ---> nulisa.
4. milih + a ------->  sambawané ---> miliha.



b ). SAMBAWA TANDUK " i " KRIYA :

   Dadiné têmbung sambawa, têmbung tanduk msu kawuwuhan panambang "ana".
    Dadi wujudé = tanduk + ana.

Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANDUK " i " KRIYA.

~~ Tuladha :
1. milihi ---> sambawané ---> milihana.
2. nggawani ---> sambawané ---> 
    nggawanana.
3. nagihi ---> sambawané ---> nagihana.
4. nyaponi ---> sambawané ---> nyaponana.



c ). SAMBAWA TANDUK " " KRIYA :

   Dadiné têmbung sambawa, têmbung tanduk mau kawuwuhana panambang "na".
   Dadi wujudé = tanduk + na.
Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANDUK " ké " KRIYA.

~~ Tuladha :
1. nacahaké ---> sambawané ---> nacahna.
2. milihaké -----> sambawané ---> milihna.
3. mbalekaké--> sambawané---> mbalèkna.
4. nyapokaké--> sambawané---> nyapokna.



II. TÊMBUNG SAMBAWA SAKA TÊMBUNG
     TANGGAP :

--- Têmbung Sambawa saka têmbung Tanggap kapérang dadi têlung golongan yaiku :

A. SAMBAWA TANGGAP " dak ".
B. SAMBAWA TANGGAP " ko " .
C. SAMBAWA TANGGAP " di " .

--- Katrangan :

A. SAMBAWA TANGGAP " dak " .

     Têmbung iki uga kaprinci dadi têlung warna yaiku :

a. SAMBAWA TANGGAP " dak " WANTAH.
b. SAMBAWA TANGGAP " dak " i- KRIYA.
c. SAMBAWA TANGGAP " ké " KRIYA.

--- Jlèntrèhané mangkéné :

a. SAMBAWA TANGGAP " dak " WANTAH :

     Dadiné têmbung Sambawa sarana kawuwuhan panambang " a ".
     Dadi wujudé = dak + lingga + a
Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANGGAP " dak " WANTAH.

~~ Tuladha :
1.  dak bathik ---> sambawané
      ---> dak bathika.
2.  dak tulis ---> sambawané
       ---> dak tulisa.
3.  dak sapu ---> sambawané
      ---> dak sapua, lsp.


b. SAMBAWA TANGGAP " dak " i-KRIYA :
     Dadiné têmbung Sambawa, têmbung tanggap mau sarana kawuwuhan panambang " ana "
     Dadiné wujudé = dak + lingga + ana
Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANGGAP " dak " i - KRIYA.

~~ Tuladha :
1. dak bathiki ---> sambawané 
    ---> dak bathikana.
2. dak tulisi ---> sambawané
     ---> dak tulisana.
3. dak saponi ---> sambawané
     ---> dak saponana, lsp.


c. SAMBAWA TANGGAP " dak " ké - KRIYA.

     Dadiné têmbung Sambawa, têmbung tanggap mau kawuwuhan panambang " na "
       Dadi wujudé = dak + lingga + na
Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANGGAP " dak " " ké - KRIYA.

~~ Tuladha :
1. dak bathikaké ---> sambawané
     ---> dak bathikna.
2. dak tulisaké ---> sambawané
     --> dak tulisna.
3. dak sapokaké --> sambawané
     ---> dak sapokna, lsp.



B.  SAMBAWA TANGGAP " ko ".

      Têmbung iki uga kapérang dadi têlung warna yaiku :

a.  SAMBAWA TANGGAP " ko " WANTAH.
b.  SAMBAWA TANGGAP " ko " i - KRIYA.
c.  SAMBAWA TANGGAO " ko " ké- KRIYA.
 
  --- Jlèntrèhané mangkéné :

a. SAMBAWA TANGGAP " ko " WANTAH :

     Dadiné têmbung Sambawa , têmbung tanggap msu sarana kawuwuhan panambang " a ".
      Dadi wujudé : ko + lingga + a
Déné rimbagé diarani = RIMBAG SAMBAWA " ko " WANTAH.

~~ Tuladha :
1.  ko-garap ----> sambawané 
      ---> ko-garapa.
2.  ko-pacul ---> sambawané ---> ko pacula.
3.  ko-waca ---> sambawané ---> ko wacaa.
4.  ko-jupuk ---> sambawané ---> ko jupuka.

b. SAMBAWA TANGGAP " ko " i - KRIYA.

     Dadiné Sambawa, têmbung tanggap mau kawuwuhana panambang " ana "
      Dadi wujudé = ko + lingga + ana
Déné rimbagé diarani = RIMBAG SAMBAWA TANGGAP " ko " i - KRIYA

~~ Tuladha :
1. ko-garapi ---> sambawané
     ---> ko garapana.
2. ko-paculi ---> sambawané
     ---> ko paculana.
3. ko-wacani ---> sambawané
     ---> ko wacanana.
4. ko-jupuki ---> sambawané
     ---> ko jupukana.

c. SAMBAWA TANGGAP " ko " ké-KRIYA.

    Dadiné Sambawa, têmbung tanggap mau kawuwuhana panambang " na "
     Dadi wujudé = ko + lingga + na
Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANGGAP " ko " ké - KRIYA.

~~ Tuladha :
1. ko-garapaké ---> sambawané 
     ---> ko garapna.
2. ko-paculaké ---> sambawané
     ---> ko paculna.
3. ko-wacakaké ---> sambawané
     --> ko wacakna.
4. ko-jupukaké ---> sambawané
      ---> ko jupukna.



C. SAMBAWA TANGGAP " di ".

     Têmbung iki uga uga kaprinci dadi têlung warna yaiku :

a. SAMBAWA TANGGAP " di " WANTAH.
b. SAMBAWA TANGGAP " di " i - KRIYA.
c. SAMBAWA TANGGAP " di " ké -KRIYA.

--- Peprincèné :

a. SAMBAWA TANGGAP " di " WANTAH
    Dadiné Sambawa, têmbungé tanggap diwuwuhi panambang " a "
     Dadi wujudé = di + lingga + a
Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANGGAP " di " WANTAH

~~ Tuladha :
1. di-cukur ---> sambawané ---> di cukura.
2. di-tambal --> sambawané --> di tambala.
3. di-sambung --> sambawané 
     --> di sambunga.
4. di-gunting ---> sambawané
     ---> di guntinga.


b. SAMBAWA TANGGAP " di " i - KRIYA.

    Dadiné Sambawa, têmbungé tanggap kawuwuhana panambang " ana ".
    Dadi wujudé = di + lingga + ana
Déné rimbagé diarani RIMBAG SAMBAWA TANGGAO " di " i - KRIYA.

~~ Tuladha :
1. di-guntingi ---> sambawané 
     ---> di guntingana.
2. di-sambungi ---> sambawané
     ---> di sambungana.
3. di-tambali --> sambawané 
     ---> di tambalana.
4. di-cukuri ---> sambawané 
     ---> di cukurana.


c. SAMBAWA TANGGAP "di " ké - KRIYA.

    Dadiné Sambawa, têmbungé tanggao sarana kawuwuhan panambang " na "
    Dadi wujudé = di + lingga + na
Déné rimbagé diarani RIMBAG TANGGAP " di " ké - KRIYA.

~~ Tuladha :
1. di-cukuraké ---> sambawané
     ---> di cukurna.
2. di-luluraké ---> sambawané 
     ---> di lulurna.
3. di-tambalaké --> sambawané
     ---> di tambalna, lsp.

      Kajaba têmbung tanduk sarta têmbung tanggap, têmbung liyané kang wis wujud andhahan uga bisa utawa kena digawé têmbung Sambawa.



 --- DÉNÉ TÊTÊNGÊRÉ MANGKÉNÉ  :

   I. Têmbung kang isih awujud lingga utawa kang durung mawa panambang, dadiné têmbung Sambawa sarana diwuwuhi panambang " a ".

~~ Tuladha :
1. galak   banjur dadi =  galaka.
2. pinter   banjur dadi =  pintera.
3. gedhé   banjur dadi =  gedhéa.
4. sugih    babjur dadu = sugiha.


  II. Têmbung kang wis oléh panambang " aké ", dadiné têmbung Sambawa sarana diwuwuhi panambang " na ".

~~ Tuladha :
1. nirokaké   banjur dadi     =  nirokna.
2. nisihaké   banjur dadi     =  nisihna.
3. njupukaké banjur dadi    =  njupukna.
4. ngguyokaké banjur dadi = ngguyokna.


 III. Têmbung kang mawa panambang liyané, dadiné têmbung Sambawa sarana diwuwuhi panambang " ana ".

~~ Tuladha :
1. balapan  banjur dadi  =  balapana.
2. sudukên  banjur dadi =  sudukana.
3. nyugihi  banjur dadi   =  nyugihana.
4. gawanên banjur dadi = gawanana.


 IV. Têmbung kang mawa panambang " an ", dadiné têmbung Sambawa sarana kawuwuhan panambang "a ".

~~ Tuladha :
1. impèn ( impi + an ) banjur dadi = 
    impèna.
2. bithèn ( bithi + an ) banjur dadi = 
    bithèna.
3. wungon ( wungu + an ) banjur dadi =
     wungona.
4. sakloron ( sakloro + an ) banjur dadi =
    saklorona.


      TÊGÊSÉ TÊMBUNG SAMBAWA.

   I. Kang ngêmu têgês  sênajan :

~~ Tuladha :
1. Gampanga kaé, aku ora bisa.
2. Nakala kaé, wong dhêmên wèwèh.
3. Bagusa kaé, wong nyatané cêthil.
4. Sugiha kaé, wong ora gêlêm nyumbang.


   II. Kang ngêmu têgês saupama :

~~ Tuladha :
1. Radaa rikat lakuné, rak ora kêpancal 
     sêpur.
2. Kok akonana luputmu, kowé malah oléh 
     pangapura.
3. Nulisa dhèk mau, saiki wis rampung.


 III. Kang ngêmu têgês ngarêp-arêp :

~~ Tuladha :
1. Wis wêngi kok durung mulih, 
    muga-muga slamêta lakuné.
2. Mbok ya ndang maria larané.
3. Muga-muga lulusa anggoné ujian.


 IV. Minangka kramané ukara pakon, kang ngemu têgês : pamuji utawa pangarêp-arêp :

~~ Tuladha :
1. Mugi kêparênga kèndêl sakêdhap.
2. Mugi kêrsaha pinarak.
3. Mugi énggala rawuh.

   Wondéné ukarané kabèh mau uga diarani " UKARA SAMBAWA ".


                   --- wjg ---


--------> Ana candhaké BAB : UKARA VIII.28
            

VIII. No. 26. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : TÊMBUNG TANDANG )

 Paramasastra Jawi 26 :


Têmbung Tandang :

--- Têmbung-têmbung Sananta " dak " kaya kasêbut ing No. 25 mau, kanggoné mung ana  ing ukara, yaiku mênawa kang dipêrlokaké anggoné arêp tumandang nyambut gawé.

--- Nanging yèn têmbung Tandang  béda manèh, ing têmbung iki kang dipêrlokaké yaiku " lésané ".

--- Têmbung Tandang uga bisa kapérang dadi têlung warna yaiku :

   I. TÊMBUNG TANDANG WANTAH.
  II. TÊMBUNG TANDANG " i " KRIYA.
 III. TÊMBUNG TANDANG " ké " KRIYA.


--- Katrangané :

   I. TÊMBUNG TANDANG WANTAH :

--- Yaiku sarupané têmbung kang asalé saka têmbung Tanggap " dak " Wantah, dadiné têmbung tandang sarana kawuwuhan panambang " é ".
--- Dadi wujudé = dak + lingga + é.
Déné rimbagé diarani RIMBAG TANDANG WANTAH.

~~ Tuladha :

     1.  dak tuku -----> têmbungé tandang
          --->  dak tukuné.
     2.  dak tulis -----> têmbungé tandang
           ---> dak tulisé.
     3.  dak gawa----> têmbungé tandang
           ---> dak gawané.
     4.  dak sapu ----> têmbungé tandang
           ---> dak sapuné.



  II. TÊMBUNG TANDANG " i " KRIYA :

--- Yaiku sarupaning têmbung kang asalé saka têmbung tanggap " dak " i - kriya, dadiné têmbung tandang sarana kawuwuhan panambang " ana ".
--- Dadi wunudé = dak + lingga + ané
Déné rimbagé diarani RIMBAG TANDANG " i " KRIYA.

~~ Tuladha :
   1.  dak tukoni ---> têmbungé tandang 
         --->  dak tukonané.
   2.  dak tulisi -----> têmbungé tandang 
         ---> dak tulisané.
   3.  dak saponi --> têmbungé tandang 
         ---> dak saponané.
   4.  dak pacul ---> têmbungé tandang
         ---> dak paculané.



 III. TÊMBUNG TANDANG " " KRIYA :

--- Yaiku sarupaning têmbung kang asalé saka têmbung tanggap " dak " ké - kriya, dadiné têmbung tandang sarana kawuwuhan panambang " na ".
--- Dadi wujudé = dak + lingga + na
Déné rimbagé diarani RIMBAG TANDANG " ka " ké - KRIYA.

~~ Tuladha :
   1.  dak tukokaké ---> têmbungé tandang
         ---> dak tukokné.
   2.  dak balèkaké ---> têmbungé tandang
         ---> dak balèkné.
   3.  dak sapokaké --> têmbungé tandang
        ---> dak sapokné.
   4.  dak wacakaké ---> têmbungé tandang 
         ---> dak wacakné.


Tuladha panganggoné ing ukara :

--- Ukara Sananta adhapur ukara tanduk, yèn ukara Tandang adhapur ukara tanggap.

 I. Ukara Sananta :

    1. Aku dak nyapu latar.
    2. Aku dak nyaponi latar.
    3. Aku dak nyapokaké latar.


 II. Ukara Tandang :

    1. Lataré dak sapuné.
    2. Lataré dak saponané.
    3. Lataré dak sapokné.


                    --- wjg ---


 ---> Ana candhaké BAB : TÊMBUNG
       SAMBAWA VIII. 27
       


VIII. No. 25. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : TÊMBUNG SANANTA )

 Paramasastra Jawi 25 :


Têmbung Sananta :

--- Têmbung Sananta yaiku : sarupaning têmbung kang mratélakaké " anggoné arêp tumandang gawé " .

--- Têmbung Sananta kaprinci ( kapérang ) dadi têlung warna kang bakal kaandharaké ing kéné yaiku têmbung sananta " dak "
Déné têmbung sananta liyané rimbagé padha.

--- Têlung pérangan mau kayata :

   I. SANANTA " dak " WANTAH.
  II. SANANTA " dak " i - KRIYA.
 III. SANANTA " dak " ké - KRIYA.


--- Katrangané :

  I. TÊMBUNG SANANTA " dak " WANTAH :

--- Yaiku sarupaning têmbung kang kedadéan saka têmbung tanduk wantah, kawuwuhan atêr-atêr " dak ".

--- Déné wujudé = dak + tanduk wantah.

~~ Tuladha :
      1.  dak maca.
      2.  dak nulis.
      3.  dak nggambar.
      4.  dak nggawa.
      5.  lsp.



 II. TÊMBUNG SANANTA " dak " i - KRIYA :

--- Yaiku sarupaning têmbung kang kedadéan saka têmbung tanduk " i - kriya kawuwuhan atêr-atêr " dak ".
--- Déné wujudé = dak + tanduk i - kriya.

~~ Tuladha :
     1.  dak nyaponi.
     2.  dak nyirami.
     3.  dak nggorèngi.
     4.  dak maculi.
     5.  dak nglambèni.
     6.  lsp.


 III. TÊMBUNG SANANTA " dak " ké - KRIYA :

--- Yaiku sarupaning têmbung kang kedadéan saka têmbung tanduk i - kriya kawuwuhan atêr-atêr " dak ".

--- Déné wujudé = dak + tanduk ké - kriya.

~~ Tuladha :
      1.  dak nukokaké.
      2.  dak njupukaké.
      3.  dak nulisaké.
      4.  dak mbalèkaké.
      5.  dak nggawakaké.
      6.  lsp.

Katrangan :
--- Rimbag Sananta Utama Purusa uga kêna kanggo wong akèh, atêr-atêr " dak " , diganti têmbung " padha ".

Tuladha :
1. Dak mangkat ---> padha mangkat
2. Dak nêmbang ---> padha nêmbang
3. Dak mlayu ---> padha mlayu.

Lumrahé purwaning ukara ditambahi 
" Ayo ".

Ukarané " Ayo padha mangkat ".


 
                       --- wjg ---


 ----> Ana candhaké BAB : TÊMBUNG
        TANDANG VIII. 26
        
      
 

VIII. No. 24 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : TÊMBUNG PAKON )

 Paramasastra Jawi 24 :


Têmbung Pakon :

--- Têmbung " pakon " yaiku : sarupaning têmbung kang mratélakaké sawijining préntah.

--- Déné têmbung Pakon bisa kabédakaké dadi rong golongan yaiku :


A. TÊMBUNG PAKON TANDUK.
B. TÊMBUNG PAKON TANGGAP.



A. TÊMBUNG PAKON TANDUK :

--- Têmbung pakon tanduk uga kapérang dadi têlung warna yaiku :

   I. TÊMBUNG PAKON TANDUK WANTAH.
  II. TÊMBUNG PAKON TANDUK " i " KRIYA.
 III. TÊMBUNG PAKON TANDUK
       " ké " KRIYA.

 --- Katrangané :

 I. TÊMBUNG PAKON TANGGAP WANTAH :

--- Yaiku, têmbung pakon kang asalé saka têmbung tanduk wantah kawuwuhan panambang  " a ".
--- Wujudé = tanduk + a, déné rimbagé diarani RIMBAG TANDUK WANTAH.

~~ Tuladha :
     1.  maca + a --------->  macaa.
     2.  mangan + a -----> mangana.
     3.  nggawa + a ------> nggawaa.
     4.  nulis + a -----------> nulisa.
     5.  nggambar + a ---> nggambara.


II. TÊMBUNG PAKON TANDUK " i " KRIYA :

--- Yaiku têmbung kang asalé saka têmbung tanduk " i " kriya, kawuwuhan panambang " ana ".
--- Wujudé = tanduk + ana, déné rimbagé diarani RIMBAG PAKON TANDUK " i " KRIYA.

~~ Tuladha = 
       1. milihi + ana ---> milihana
       2. macani + ana --> macanan
       3. nyaponi + ana --> nyaponana
       4. njupuki + ana ---> njupuk ana
       5. nggawani + ana --> nggawanana.


 III. TÊMBUNG PAKON TANDUK " ké "
       KRIYA :

--- Yaiku sarupaning têmbung kang asalé saka têmbung tanduk " " kriya kawuwuhan panambang " na ".
--- Wujudé = tanduk + na, déné rimbagé diarani RIMBAG PAKON TANDUK " " KRIYA.

~~ Tuladha :
     .1.  nulisaké + na ----------> nulisna.
      2.  nggawakaké + na ---> nggawakna.
      3.  macakaké + na ------> macakna.
      4.  nyapokaké + na -----> nyapokna, lsp.


B. TÊMBUNG PAKON TANGGAP :

--- Têmbung pakon tanggap kêna uga digawé pakon, nanging mung têmbung tanggap " ko ".

--- Têmbung pakon tanggap, bisa kapérang dadi têlung warna yaiku :

   I. PAKON TANGGAP " ko " WANTAH.
  II. PAKON TANGGAP " ko " KRIYA.
 III. PAKON TANGGAP " ko " ké KRIYA.

--- Katrangané :

  I. PAKON TANGGAP " ko " WANTAH :

--- Yaiku kang asalé saka têmbung tanggap " ko " wantah, dadiné pakon kudu diwuwuhi panambang " ên ".
--- Déné wujudé = lingga + ên.

~~ Tuladha :
     1.  kowaca ---> pakoné ---> wacanên.
     2.  kojupuk ---> pakoné ---> jupukên.
     3.  kotulis -----> pakoné ---> tulisên.
     4.  kosapu ----> pakoné ---> sapunên, lsp.



 II. PAKON TANGGAP " ko " i-KRIYA :

--- Yaiku pakon kang asalé saka têmbung tanggap " ko "i- kriya, dadiné pakon kudu kawuwuhan panambang " ana ".

--- Déné wujudé = lingga + ana.
Rimbagé diarani RIMBAG PAKON TANGGAP " ko " i-KRIYA.

~~ Tuladha :
     1.  kopilihi ------> pakoné ----> pilihana.
     2.  kosaponi ---> pakoné ---> saponana.
     3.  kojupuki ----> pakoné ---> jupukana.
     4.  kotulisi ------>  pakoné ---> tulisana.



 III. PAKON TANGGAP " ko " ké KRIYA :

--- Yaiku têmbung pakon kang asalé saka têmbung tanggap " ko " ké - kriya, dadiné pakon sarana kawuwuhan panambang " na ".
--- Déné wujudé = lingga +na.
Rimbagé diarani RIMBAG TANGGAP " ko " ké - KRIYA.

~~ Tuladha :
     1.  kobalèkaké ---> pakoné ---> balèkna.
     2.  kojupukaké ---> pakoné ---> jupukna.
     3.  kogawakaké --> pakoné ---> 
          gawakna.
     4.  kotulisaké -----> pakoné ---> tulisna, 
          lsp.


                       --- wjg ---


-------> Ana candhaké BAB : TÊMBUNG
           SANANTA VIII. 25
           





VIII. No.23 PARAMASASTRA JAWI ( BAB:TÊMBUNG KRIYA OWAH-OWAHAN )

 Paramasastra Jawi 23 :


Têmbung Kriya Owah-owahan :


--- Kang diarani têmbung Kriya owah-owahan yaiku : sarupaning têmbung kang bisané dadi têmbung Kriya amarga ngalami owah-owahan sarana wuwuhan, dadi wis awujud têmbung Andhahan.
Mula uga bisa diarani têmbung KRIYA ANDHAHAN.


--- Déné warnané akèh bangêt, nanging ing kéné sing arêp dirêmbug mung kang baku-bakubaé, yaiku  ana pitung golongan kayata :


    I. TÊMBUNG TANDUK.
   II. TÊMBUNG TANGGAP.
  III. TÊMBUNG BAWA " ha " .
  IV. TÊMBUNG PAKON.
   V. TÊMBUNG SANANTA.
  VI. TÊMBUNG TANDANG.
 VII. TÊMBUNG SAMBAWA.



      ~~ pêpèngêt ~~ 

   I. TÊMBUNG TANDUK -----> mirsanana 
       No. 9, ing ngarêp.

  II. TÊMBUNG TANGGAP ---> mirsanana 
       No. 10, ing ngarêp.

III. TÊMBUNG BAWA " ha " ---> mirsanana 
      No. 9, pungkasan.



                            --- wjg ---


-------> Ana candhaké BAB : TÊMBUNG
           PAKON VIII. 24
           

VIII. No. 22 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : TÊMBUNG KRIYALINGGA )

 Paramasastra 22 :


Têmbung Kriyalingga :

--- Kang diarani têmbung Kriyalingga
 yaiku : sarupaning têmbung lingga kang nglungguhi dadi wasésa, kang wis ora pêrlu diwuwuhi, utawa diowahi sarana têmbung wuwuhan, nanging wis bisa mratélakaké solah-bawa/tumindak/
tumandang gawé.

~~ Tuladha :
       a.  adus.
       b.  turu.
       c.  lungguh.
       c.  dandan.
       d.  tangi, lsp.


--- Gatèkna ukara ngisor iki ! :

     1. Slamêt lagi adus.
     2. Lagi jam pitu kok wis turu.
     3. Wis awan kok durung tangi.
     4. Yèn wis, banjur dandan. lsp.



                        --- wjg ---


  ------> Ana candhaké BAB : TÊMBUNG
            KRIYA OWAH-OWAHAN VIII. 23
           
     

VIII. No. 21. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : TÊMBUNG KRIYA )

 Paramasastra Jawi 21 :


I. Têmbung Kriya :

--- Kang diarani têmbung Kriya iku sarupaning têmbung kang mratélakaké solah-bawa utawa tumandang gawé.
Ana ing ukara, têmbung kriya iku kang mratélakaké wasésa.

~~ Tuladha : 
      1. Sarimin " nangis "
      2. Sunarti " turu "
      3. Bagya " mênthung " asu.
      4. Surti " ndondomi " klambi.


--- Tuladha kasêbut kang ana tandhané "..." kayata : " nangis " ; " turu " ; " mênthung " ; lan " ndodomi " ing ukara iku, minangka wasésané sarta wujud têmbung kriya.

--- Mênawa dipêrmanakaké, têmbung kriya ing ukara mau ana bédané sathithik.
Yaiku ing ukara No. 1 lan No. 2 awujud têmbung kriya kang tanpa lésan.

--- Sênajan tanpa lésan, wong sing maca utawa krungu mêsthi wis ngêrti maksudé.

--- Déné ing ukara No. 3 lan No. 4 awujud têmbung kriya kang mawa lésan.
Manawa lésané diilangi, wong sing maca utawa sing krungu durung ngêrti maksudé, mêsthi isih takon : mênthung apa ? ; ndondomi apa ?

--- Dadi têmbung kriya sing kaya ngono mau ( No. 3 lan No. 4 ) kudu ditambahi lésan amrih cêtha sing dadi maksudé utawa karêpé.



   TÊMBUNG KRIYA MANUT DHAPURÉ :

--- Miturut dhapuré têmbung kriya iku kapérang dadi rong golongan yaiku :

         1. TÊMBUNG KRIYA LINGGA.
         2. TÊMBUNG KRIYA OWAH-OWAHAN.



                     --- wjg ---


----> Ana candhaké BAB : YÊMBUNG KRIYA
        LINGGA VIII. 22
       

VIII. No. 20 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : JINISING TÊMBUNG )

 Paramasastra Jawi 20 :


Jinising Têmbung :

--- Ana ing basa Jawa jinising têmbung iku ana sangang warna yaiku :

    I.  TÊMBUNG KRIYA ( Verba )
   II.  TÊMBUNG ARAN ( Nomina )
  III.  TÊMBUNG KAANAN ( Ejektiva ) 
  IV.  TÊMBUNG SÊSULIH ( Pronomina )
  V .  TÊMBUNG WILANGAN ( Numeralia )
  VI.  TÊMBUNG KATRANGAN ( Adverbia )
.VII.  TÊMBUNG PANGUWUH ( Interjeksi )
VIII.  TÊMBUNG PANYAMBUNG
         ( Konjungsi )
  IX.  TÊMBUNG SANDHANGAN ( Artikula )
   X.  TÊMBUNG PANGARÊP ( Preposisi ).



--- Katrangan :

    I. TÊMBUNG KRIYA :

--- Têmbung Kriya yaiku : sarupaning têmbung kang nêrangaké sawijining pakaryan utawa pagawéan.

~~ Tuladha :
       a.  macul.
       b.  nulis.
       c.  nggorèng.
       d.  mlayu.
       e.  nêmbang
       f.  nyapu, lsp.



     II. TÊMBUNG ARAN :

--- Têmbung Aran yaiku : sarupaning têmbung kang nêrangaké aran utawa jênêng.

~~ Tuladha :
       a.  buku.
       b.  gêlas.
       c.  jaran.
       d.  lintang.
       e.  kursi.
       f.  watu, lsp.



     III. TÊMBUNG KAANAN ( Sipat ) :

--- Têmbung Kahanan yaiku : darupaning têmbung kang nêrangaké kahanan utawa sipaté.

~~ Tuladha :
       a.  abang.
       b.  kuru.
       c.  crèwèt.
       d.  wani.
       e.  crèwèt.
       f.  sênêng, lsp.



     IV. TÊMBUNG SÊSULIH ( Ganti ) :

--- Têmbung sesulih yaiku : sarupaning têmbung kang mratélakaké ngganti aran.

~~ Tuladha :
       a.  iki.
       b.  kowé.
       c.  dhèwèké.
       d.  aku kabèh.
       e.  ku
       f.  mu
       g. ibu, lsp.



       V. TÊMBUNG WILANGAN :

--- Têmbung Wilangan yaiku : sarupaning têmbung kang mratélakaké cacah utawa jumlah.

~~ Tuladha :
      a.  siji.
      b.  akèh.
      c.  kabèh.
      d.  kapat.
      e.  sêthithik.
      f.  sêtêngah, lsp.



       VI. TÊMBUNG KATRANGAN :

--- Têmbung Katrangan yaiku : sarupaning têmbung kang dadi katrangan utawa kang nêrangaké.

~~ Tuladha :
       a.  sésuk.
       b.  wingi.
       c.  kira-kira.
       d.  prayoga
       é.  dumadakan.
       f.   ngisor
       g.  kéné, lsp.



      VII. TÊMBUNG PANGUWUH :

--- Têmbung Panguwuh/Panyêru yaiku : sarupaning têmbung kang mujudaké panglairing rasa.

~~ Tuladha :
       a.  wah.
       b.  adhuh.
       c.  lho.
       d.  lah.
       e.  ah.
       f.  tulung, lsp.



     VIII. TÊMBUNG PANYAMBUNG :

--- Têmbung Panggandhèng yaiku : sarupaning Têmbung kang dadi gêgandhèngané têmbung karo têmbung.

~~ Tuladha :
      a.  karo
      b.  sarta.
      c.  lan
      d.  supaya, lsp.



     IX. TÊMBUNG SANDHANGAN :

--- Têmbung Sandhangan yaiku : sarupaning têmbung kang sandhangané jèjèr  ;

~~ Tuladha :
     a. Sang
     b. Sri
     c. Radèn
     d. Mas
     e. Dhik, lsp.



     X. TÊMBUNG PANGARÊP :

--- Têmbung pangarêp yaiku sarupaning têmbung kang dumunung dadi  pangarêping pituduh ing ukara.

~~ Tuladha :
    a.  sing.
    b.  dèn.
    c.  mung.
    d.  ing.
    e.  di.
    f.  saka.
   g.  mênyang.
   h.  kang.
    i.  yèn.
   j .  dak, lsp.



                         --- wjg -


-------> Ana Candhaké BAB : TÊMBUNG
           KRIYA VIII. 21
          

Thursday, December 19, 2019

VIII. No. 19. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : TÊMBUNG CAMBORAN )

 Paramasatra Jawi 19 :


Têmbung Camboran :


--- Kang diarani têmbung Camboran yaiku : têmbung loro utawa luwih dicambor utawa dicampur/digandhèng dadi siji.
--- Déné têmbungé ana kang wutuh, uga ana kang tugêl utawa cêkakan.

1. Kang têmbungé wutuh :
    a.  sisip + sêmbir       =  sisip-sêmbir.
    b.  baya + pakéwuh    =  baya-pakéwuh.
    c.  anak + bojo            =  anak-bojo.
    d.  salang + tunjang   =  salang-tunjang, 
         lsp.


2. Kang têmbungé tugêl/cêkakan :
    a.  gêdhé + bagus         =  dhégus.
    b.  idu + abang              =  dubang.
    c.  nglinting + dhéwé    =  tingwé.
    d.  balung + kulit             = lunglit, lsp.



I.   MANUT DHAPUKANÉ :

--- Manut dhapukané têmbung Camboran bisa kapérang dadi rong warna yaiku :

      1. CAMBORAN WUDHAR
      2. CAMBORAN TUNGGAL


Katrangan :

1. CAMBORAN WUDHAR :

--- Camboran Wudhar yaiku : têmbung camboran kang panyamboré isih cêtha pamisahé.

~~ Tuladha :
       a.  anak-putu.
       b.  méja-kursi.
       c.  bapa-biyung.
       d.  anak-bojo, lsp.



2.  CAMBORAN TUNGGAL : 

--- Camboran Tunggal yaiku : têmbung camboran kang panyamboré têmbung wis rakêt banget, utawa wis manunggal ora bisa pinisah, lan ngêmu têgês anyar kang ora ana sesambungané têmbung-têmbung mau.

~~ Tuladha :
     a.  jêruk-pêcêl.
     b.  naga-sari.
     c.  sêmar-mêndêm.
     d.  randha-royal.

Katrangan :
Têmbung " Randha-royal " ----> kuwi ora kêna dipisah " randha + royal " kang ngêmu têgês " randha sênêng royal " ---> nanging  " randha-royal "  iku jênêngé panganan.



II.  MANUT DHAPURÉ :

--- Manut dhapuré utawa wujudé, têmbung camboran bisa kapérang dadi rong warna yaiku :

      1. CAMBORAN WUTUH.
      2. CAMBORAN TUGÊL


Katrangan :

1.  CAMBORAN WUTUH :

--- Yaiku têmbung camboran kang sawisé dicambor, têmbungé isih wutuh.

~~ Tuladha :
       a.  tukang-sêpatu.
       b.  lêmari-kaca.
       c.  warung-kopi.
       d.  gêndhèng-kaca  lsp.



3.  CAMBORAN TUGÊL :

--- Yaiku têmbung camboran kang panyamboré dijupuk sêtugêl-sêtugêl, utawa têmbungé wancahan.

~~ Tuladha :
       a.  burjo     ----->    bubur + kacang + ijo.
       b.  lunglit ------->    balung + kulit.
       c.  dubang ----->    idu + abang.
       d.  dhégus ---->     gêdhé + bagus, lsp.


CAMBORAN WUDHAR MANUT TÊGÊSÉ :

1. KANG ATÊGÊS MBANGÊTAKÉ :

~~ Tuladha :
      a.  putih-mêmplak.
      b.  têlês-kêbês.
      c.  sêpi-mamring.
      d.  biru-kêcu.
      é.  irêng-thunthêng, lsp.



2. KANG ATÊGÊS KOSOK BALÈN :

~~ Tuladha :
      a.  gêdhé-cilik.
      b.  ala-bêcik.
      c.  abot-ènthèng.
      d.  lanang-wadon, lsp.



3. KANG ATÊGÊS KARO/LAN :

~~ Tuladha :
       a.  anak-putu.
       b.  bapa-biyung.
       c.  klasa-bantal.
       d.  anak-bojo, lsp.



4. KANG ATÊGÊS AKÈH CACAHÉ  :

~~ Tuladha :
       a.  wadya-bala.
       b.  sato-kéwan.
       c.  sanak-kadang.
       d.  sanak-sêdulur, lap.



5. KANG ATÊGÊS ORA GUMATHOK :

~~ Tuladha :
       a.  tambal-sulam.
       b.  gotong-royong.
       c.  sumbang-surung.
       d.  sayuk-rukun, lsp.



6. KANG ATÊGÊS TÊMBUNG NGARÊP
    NÊRANGAKÉ MBURI.
    BISA DISÊBUT CAMBORAN BALISWARA.

~~ Tuladha :
       a.  raja-putra.
       b.  parama-sastra.
       c.  arca-pada.
       d.  pandhu-putra, lsp.



7. KANG ATÊGÊS TÊMBUNG MBURI NÊRANGAKÉ NGARÊP :

~~ Tuladha :
       a.  tukang-sêpatu.
       b.  sikil-méja.
       c.  sarung-tênun.
       d.  lêmari-grabah, lsp.


                      --- wjg ---

------> Ana candhaké BAB : JINISING
          TÊMBUNG VIII. 20
          





VIII. No. 18. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : TÊMBUNG RANGKÊP )

 Paramasastra Jawi 18 :


Têmbung Rangkêp :


--- Kang diarani têmbung rangkêp yaiku : têmbung kang diucapaké kaping pindho utawa dirangkêp têmbungé.
--- Têmbung Rangkêp iku bisa kapérang dadi patang warna yaiku :

       I.  TÊMBUNG DWILINGGA
      II.  TÊMBUNG DWIPURWA
     III.  TÊMBUNG DWIWASANA
     IV.  TÊMBUNG DWILINGGA-SALIN
            SWARA.

--- Katrangané :

I.   TÊMBUNG DWILINGGA :

--- Têmbung Dwilingga yaiku têmbung lingga kang têmbung-têmbungé diucapaké kaping pindho.

~~ Tuladha :
       a.  udan    ----> dadi = udan-udan.
       b.  mlayu -----> dadi = mlayu-mlayu.
       c.  lunyu ------> dadi = lunyu-lunyu.
       d.  awan ------> dadi = awan-awan, lsp.


  TÊGÊSÉ RIMBAG RANGKÊP DWILINGGA :

1. KANG NGÊMU TÊGÊS ARANING
    BARANG :

~~ Tuladha :
       a.  ali-ali.
       b.  alun-alun.
       c.  orong-orong.
       d.  alèn-alèn.
       é.  alap-alap, lsp.



2. KANG NGÊMU TÊGÊS TÊMBUNG
    KAHANAN :

~~ Tuladha :
       a.  rintik-rintik.
       b.  mêthêng-mêthêng.
       c.  ringih-ringih.
       d.  mintis-mintis, lsp.



3. KANG NGÊMU TÊGÊS BANGÊT :

~~ Tuladha :
      a. Tulisané gêdhé-gêdhé têgêsé  = 
           gêdhé bangêt.
      b. Jangané aja asin-asin têgêsé  = asin 
           bangêt.
      c. Swarané aja sêru-sêru têgêsé  = 
           sêru bangêt.
      d. Mlakuné aja alon-alon têgêsé  = 
           alon bangêt, lsp.



4. KANG NGÊMU TÊGÊS TANSAH :

~~ Tuladha :
       a. Wis ajar ora pintêr-pintêr têgêsé = 
            tansah ora pintêr.
       b. Wis ditêrangaké ora ngêrti-ngêrti 
            têgêsé = tansah ora ngêrti.
       c. Wis diapalaké ora apal-apal
            têgêsé tansah ora apal, lsp.



5. KANG ATÊGÊS SÊNAJAN :

~~ Tuladha :
      a. Alon-alon waton klakon têgêsé = 
          sênajan alon.
      b. Cilik-cilik asal kumlêthik têgêsé = 
          sênajan cilik.
      c. Êmpuk-êmpuk anggêré mblêndhuk 
          têgêsé = sênajan êmpuk, lsp.



6. KANG ATÊGÊS WAYAH/MANGSA :

~~ Tuladha :
      a. Wêngi-wêngi aja lunga adoh têgêsé 
           wayah wêngi.
      b. Panèn-panèn kok golèk utangan 
          bêras têgêsé = mangsa panèn.
      c. Bêdhug-bêdhug aja pénékan têgêsé 
          = wayah bêdhug ( jam 12.00 ), lsp.



 II.  TÊMBUNG DWIPURWA :

--- Têmbung Dwipurwa yaiku : têmbung kang dirangkêp purwaning lingga ( purwa = ngarêp ).

~~ Tuladha :
     a.  gri + griya           =  gêgriya.
     b.  pa + padhang    =   pêpadhang.
     c.  ka + kadang       =   kêkadang.
     d.  thê + thênguk    =   thêthênguk
     é.  tu + tuku             =   têtuku, lsp.



III.  TÊMBUNG DWIWASANA :

--- Têmbung Dwiwasana yaiku : têmbung kang dirangkêp wanda pungkasan.

~~ Tuladha :
      a.  jêlat + lat              =  jêlalat.
      b.  cêkik + kik           =  cêkikik.
      c.  cêngès + ngès    =  cêngèngès.
      d.  mêthêt + thêt      =  mêthêthêt, lsp.



IV. TÊMBUNG DWILINGGA SALIN SWARA :

--- Têmbung Dwilingga-salinswara yaiku : têmbung kang dirangkêp linggané, nanging ana têmbung kang ganti/salin.

~~ Tuladha :
      a.  bali banjur dadi       = bola-bali.
      b.  ganyuk banjur dadi = gonyak-
           ganyuk.
      c.  mréné banjur dadi  =  mrana-mréné.
      d.  mlaku banjur dadi  =  mloka-mlaku.


       
                 --- wjg ---


---> Ana candhaké BAB : TÊMBUNG
      CAMBORAN VIII. 19
      

VIII. No. 17 PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG KARANAWACAKA )

 Paramasastra Jawi 17 :


Rimbag Karanawacaka :


--- Têmbung " karana " mêngku têgês srana, déné têmbung " wacaka " mêngku têgês cêtha.

--- Rimbag Karanawacaka yaiku : têmbung tanduk kang olèh atêr-atêr " pa " lan panambang " an ".
--- Dadi wujudé = pa + tanduk + an.

~~ Tuladha :
     a.  pa + nggiling + an    = panggilingan.
     b.  pa + nyukur + an      = panyukuran.
     c.  pa + nggorèng + an = panggorèngan.
     d.  pa + nêpi + an          = panêpèn, lsp.



      TÊGÊSÉ RIMBAG KARANAWACAKA

1. KANG NGÊMU TÊGÊS PANGGONAN :

~~ Tuladha :
       a.  panêpèn têgêsé        = panggonan 
            nêpi.
       b.  panggilingan têgêsé =  panggonan 
            nggiling.
      c.  pangadilan têgêsé     = panggonan 
            ngadili.
      d.  pambathikan têgêsé = panggonan 
           mbathik.



2. KANG NGÊMU TÊGÊS PIRANTI :

~~ Tuladha :
      a.  panggoréngan têgêsé = piranti 
           kanggo nggorèng.
      b.  panyaringan têgêsé    = piranti 
           kanggo nyaring.
      c.  panyukuran têgêsé     = piranti 
           kanggo nyukur, lsp.


                      --- wjg ---

       ~~~ pêpèngêt ~~~


--- Atêr-atêr " pa , racaké kaucapaké " pê " :

1. Panêpèn ---> pênêpèn.
2. Patêgalan ---> pêtêgalan.
3. Pasindhèn ---> pêsindhèn, lsp.



                         --- wjg ---


-----> Ana candhaké BAB : TÊMBUNG
        RANGKÊP VIII. 18
        

Wednesday, December 18, 2019

VIII. No. 16. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG KRIYAWACAKA )

 Paramasastra Jawi 16 :


Rimbag Kriyawacaka :


--- Têmbung " kriya "  têgêsé pagawéan, déné têmbung " wacaka " mêngku têgês cêtha.
Kriyawacaka bisa ditêgêsi cêthané saka pagawéan.
--- Sarèhné rimbag kriyawacaka iku kabèh têmbung aran, mula kriyawacaka karêpé têmbung aran kang asalé têmbung 
" kriya ", yaiku saka têmbung tanduk.

--- Rimbag Kriyawacaka yaiku : têmbung tanduk kang olèh atêr-atêr " pa " .
--- Dadi wujudé = pa + tanduk.

~~ Tuladha :
      a.  pa + ngrakit dadi       = pêngrakit.
     .b.  pa + ngêgong dadi    = pêngêgong.
      c.  pa + mbêsut dadi      = pêmbêsut.
      d.  pa + nyikat dadi         = pênyikat.
      é.  pa + momong dadi    = pêmomong.



  TÊGÊS-TÊGÊSÉ RIMBAG KRIYAWACAKA

1. KANG NGÊMU TÊGÊS TUKANG :

~~ Tuladha :
     a.  pêngêgong têgêsé =  tukang 
          ngêgong.
     b.  pêngêndhang têgêsé = tukang 
          ngêndhang.
     c.  pêmomong têgêsé = tukang 
          momong.
     d. pênggêndèr têgêsé = tukang    
         nggêndèr, lsp.




2. KANG NGÊMU TÊGÊS PIRANTI :

~~ Tuladha :
     a.  pênyikat têgêsé = piranti kanggo 
          nyikat.
     b.  pêningsêt têgêsé = piranti kanggo 
          ningsêt.
     c.  pênyangga têgêsé = piranti kanggo 
          nyangga.
     d.  pênggèrèd têgêsé = piranti kanggo
          nggèrèd


     
                   --- wjg ---

----> Ana candhaké BAB : RIMBAG
       KARANAWACAKA VIII. 17
       

VIII. No. 15. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG DAYAWACAKA )

 Paramasastra Jawi 15 :


Rimbag Dayawacaka :

--- Têmbung " daya " têgêsé kekuwatan, têmbung " wacaka " ngêmu têgês têrang, têtéla, cêtha.
--- Têmbung Dayawacaka iku kabèh dadi têmbung " aran ".

--- Rimbag Dayawacaka yaiku : têmbung lingga kang oleh atêr-atêr " pa " lan panambang " an ".
--- Dadi wujudé = pa + lingga + an.

~~ Tuladha :
       1.  pa + têgal + an   =  patêgalan.
       2.  pa + awu + an    =  pawon.
       3.  pa + guru + an   =  paguron.
       4.  pa + untir + an   =  puntiran, lsp.


 TÊGÊS-TÊGÊSÉ RIMBAG DAYAWACAKA

    1. KANG NGÊMU TÊGÊS 
        PAPAN/PANGGONAN :

~~ Tuladha :
     a.  pasukêtan têgêsé = panggonan 
          sukêt.
     b.  pawon têgêsé       = panggonan awu.
     c.   paguron têgêsé    = panggonan 
           guru.
     d.  pasantrèn têgêsé = panggonan 
          santri.



     2. KANG NGÊMU TÊGÊS MANGSA :

~~ Tuladha :
      a.  panèn têgêsé    = mangsa ani-ani.
      b.  pasaran têgêsé = mangsa pasar, 
           lsp.



    3. KANG NGÊMU TÊGÊS DADI LÉSANÉ :

~~ Tuladha :
      a.  prantéan têgêsé = wong kang 
           diranté.
      b.  puntiran têgêsé = barang kang 
           diuntir, lsp.



                        --- wjg ---

----->  Ana candhaké BAB : RIMBAG
          KRIYAWACAKA VIII. 16.
          

     

VIII. No. 14. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG BAWAWACAKA )

 Paramasastra Jawi 14 :


Rimbag Bawa Wacaka :


--- Têmbung " bawa " iku têgêsé swara, uni, wiwit, wêdhar, ulah, mukti, labêt, dhéwé, adêg.
Déné " wacaka " saka têmbung " waca " kang ngêmu têgês cêtha, têtêla, têrang.

--- Rimbag Bawawacaka yaiku : têmbung lingga kang olèh wuwuhan atêr-atêr " ka " lan panambang " an ".
--- Dadi wujudé : ka + lingga + an.

~~ Tuladha :
      1.  ka + bupati + an = kabupatèn.
      2.  ka + sugih + an  = kasugihan.
      3.  ka + bau    + an  = kabaon.
      4.  ka + pintêr + an = kapintêran.
      5.  ka + dadi   + an  = kadadèn, lsp.



   TÊGÊS-TÊGÊSÉ RIMBAG BAWAWACAKA

 1. KANG NGÊMU TÊGÊS    
     PAPAN/PANGGONAN :

~~ Tuladha :
     a.  kabupatèn têgêsé = panggonané 
          bupati.
     b.  kalurahan têgêsé  = panggonané 
          lurah.
     c.  kawêdanan têgêsé = panggonané 
          wêdana.
     d.  kacamatan têgêsé = panggonané 
          camat, lsp.



 2.  KANG NGÊMU TÊGÊS TÊMBUNG ARAN :

~~ Tuladha :
     a.  kasugihan têgêsé = ndadèkaké 
          sugih.
     b.  kapintêran têgêsé = ndadèkaké 
          pintêr.
     c.  kadigdayan têgêsé = ndadèkaké 
          digdaya.
     d.  kasênêngan têgêsé = ndadèkaké 
          sênêng.
     é.  kautaman têgêsé    = ndadèkaké 
          utama.



                     --- wjg ---


------> Ana candhaké BAB : RIMBAG
         DAYAWACAKA VIII. 15.
         

VIII. No. 13. PARAMASASTRA JAWI ( BAB : RIMBAG WISÉSA - " na " )

 Paramasastra Jawi 13 :



Rimbag Wisésa - na :

--- Rimbag Wisésa " na " yaiku : têmbung-têmbung kang olèh wuwuhan panambang " an ".
--- Rimbag kasêbut kapérang dadi pitung warna yaiku :

   I.   WISÉSA - " na " LINGGA.
  II.   WISÉSA - " na " DWI LINGGA.
 III.   WISÉSA - " na " DWI PURWA.
 IV.   WISÉSA - " na " DWI WASANA.
  V.   WISÉSA - " na " BAWA " ka ".
 VI.   WISÉSA - " na " BAWA " ma ".
VII.   WISÉSA - " na " TANDUK WANTAH.


--- Wigatèkna katrangan ngisor iki.


   I. RIMBAG WISÉSA " na " LINGGA :

--- Yaiku têmbung lingga kang olèh wuwuhan panambang " an ".

~~ Tuladha :
      1. jaran + an          =  jaranan.
      2. wayang + an     =  wayangan.
      3. kukus + an        =  kukusan.
      4. saring + an       =  saringan.
      5. tulis + an          =  tulisan.


  II. RIMBAG WISÉSA " na " DWI LINGGA :

--- Yaiku têmbung dwi-lingga kang olèh wuwuhan panambang " an ".

~~ Tuladha :
      1. omah + omah + an   =  omah-    
          omahan.
      2. anak + anak + an      =  anak-anakan.
      3. wong + wong + an    =  wong-
          wongan.
      4. bal + bal + an             =  bal-balan.
      5. pit + pit + an               =  pit-pitan.


 III. RIMBAG WISÉSA " na " DWI PURWA :

--- Yaiku têmbung dwi-purwa kang oleh wuwuhan panambang " an ".

~~ Tuladha :
     1. gêguyu + an        =  gêguyonan.
     2. gêgodhong + an =  gêgodhongan.
     3. kêkayu + an          =  kêkayon.
     4. thêthukul + an     =  thêthukulan.


 IV. RIMBAG WISÉSA " na " DWI WASANA :

--- Yaiku têmbung dwi-wasana kang olèh wuwuhan panambang " an ".

~~ Tuladha :
      1. cêngèngès + an     =  cêngèngèsan.
      2. cikikik + an             =  cêkikikan.
      3. jêlalat + an             =  jêlalatan.
      4. cêlili + an               =  cêlilian.


   V. RIMBAG WISÉSA BAWA " ka " :

--- Yaiku têmbung bawa " ka " olèh panambang " an ".
Têmbung-têmbung kasêbut ngêmu surasa nandhang.
Kriyané ora sarana kajarag ( ora sêngaja ).

~~ Tuladha :
      1.  kê + lêbu + an     =  kêlêbon/klêbon.
      2.  kê + idu  + an      =  kidonan.
      3.  kê + obong + an  =  kobongan.
      4.  kê + tatu + an      =  kêtaton.
      5.  kê + tiba + an      =  kêtiban.


             ~~ pêpèngêt ~~

--- Atêr-atêr " ka " asring kasêbut lan katulis " ".


 VI. RIMBAG WISÉSA " na " BAWA " ma " :

--- Yaiku têmbung bawa " ma " kang olèh panambang " an ".

~~ Tuladha :
      1.  mati  + an           =  matèn.
      2.  gumagus + an.  =  gumagusan.
      3.  mulung + an      =  mulungan.
      4.  mutung + an      =  mutungan.


 VII. RIMBAG WISÉSA " na
       TANDUK WANTAH :

--- Yaiku têmbung tanduk wantah olèh panambang " an ".

~~ Tuladha :
      1.  nrima  + an   =  nriman.
      2.  nglali + an     =  nglalèn, lsp.


 
TÊGÊS-TÊGÊSÉ RIMBAG WISÉSA " na " :

1. KANG NGÊMU TÊGÊS PÊPÊTHAN :

~~ Tuladha :
   a.  jaranan têgêsé   =  pêpêthaning jaran.
   b.  gunungan têgêsé = pêpêthaning 
        gunung.
   c.  pasaran têgêsé = pêpêthaning pasar.
   d.  kalènan têgêsé = pêpêthaning kali.


2. KANG NGÊMU TÊGÊS PIRANTI :

~~ Tuladha :
    a.  saringan têgêsé = piranti nyaring.
    b.  kukusan têgêsé = piranti ngukus.
    c.  ayakan têgêsé   = piranti ngayaki.
    d.  garisan têgêsé  = piranti nggaris.


3. KANG NGÊMU TÊGÊS OLÈH-OLÈHANÉ :

~~ Tuladha :
   a.  bathikan têgêsé = olèh-olehé mbathik.
   b.   bludiran têgêsé  = olèh-olèhé 
         mbludhir.
   c.   gawéan têgêsé  = olèh-olèhé nggawé.
   d.   cukuran têgêsé  = olèh-olèhé nyukur.


4. KANG NGÊMU TÊGÊS MANGSA :

~~ Tuladha :
   a.  cacaran têgêsé = mangsa cacar.
   b.  rêmbangan têgêsé = mangsa 
        rêmbang.
   c.  panénan têgêsé    = mangsa panèn.


5. KANG NGÊMU TÊGÊS GAMPANG :

 ~~ Tuladha :
    a.  tugêlan têgêsé     = gampang tugêl.
    b.  kalahan têgêsé     = gampang kalah.
    c.  mutungan têgêsé = gampang 
         mutung.
    d.  matèn têgêsé       = gampang mati.


6. KANG NGÊMU TÊGÊS PADHA DÉNÉ NGLAKONI :

~~ Tuladha :
    a.  salaman têgêsé = padha déné 
          nyalami.
    b.  bijigan têgêsé = padha déné mbijig.
    c.  guyon têgêsé.  = padha déné ngguyu.
    d.  gojégan têgêsé = padha déné gojèg.


7. KANG NGÊMU TÊGÊS DOLANAN KAYA DÉNÉ :

~~ Tuladha :
    a.  pincangan têgêsé = kaya déné 
         pincang.
    b.  jaranan têgêsé = kaya déné jaran.
    c.  bison têgêsé = kaya déné wong bisu.
    d.  wutan têgêsé = kaya déné wong 
          wuta.


8. KANG NGÊMU TÊGÊS NGANGGO :

~~ Tuladha :
    a.  bêbêdan têgêsé      = nganggo bêbêd.
    b.  kacamatan têgêsé = nganggo 
         kacamata.
    c.  klambèn têgêsé      = nganggo 
         klambi.
    d.  sarungan têgêsé     = nganggo 
         sarung.


9. KANG NGÊMU TÊGÊS NANGGAP :

~~ Tuladha :
    a.  wayangan têgêsé = nanggap wayang.
    b.  topèngan  têgêsé = nanggap topèng.
    c.  rudadan têgêsé    = nanggap rudad.
    d.  pênthulan têgêsé = nanggap pênthul.


10. KANG NGÊMU TÊGÊS TÊTIRONING LINGGANÉ :

~~ Tuladha :
    a.  omah-omahan têgêsé = têtironing 
         omah.
    b.  anak-anakan têgêsé   = têtironing 
         anak.
   c.  wong-wongan têgêsé = têtironing 
        wong.
   d.  manuk-manukan têgêsé = têtironing 
        manuk.


11. KANG NGÊMU TÊGÊS AKÈH :

~~ Tuladha :
   a.  godhong-godhongan têgêsé = 
        godhongé akèh.
   b.  kembang-kembangan têgêsé = 
        kêmbangé akèh.
   c.  woh-wohan têgêsé= wohé akèh, lsp.



                       --- wjg ---

------> Ana candhakê BAB : RIMBAG BAWA
          WACAKA VIII.14