Saturday, February 29, 2020

XI. No. 32. B. 22. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : PRALAMBANG ).

 Kasusastran Jawi 32 :


Pralambang :

    Pralambang utawa lambang, têmbungé liya pralampita, kang ngêmu têgês : pasêmon utawa prasêmon.

     Carané gawé pralambang iku warna-warna, ana sing sarana gambar, sarana solah-bawa, sarana barang, lan sarana ukara.
Sarèhning Kasusastran iku atêgês " basa kang éndah, basa kang ngêmu surasa kaéndahan " pralambang sing kalêbu ing Kasusastran ya mung pralambang sing wêdharé awujud basa kang dilairaké sarana migunakaké basa, yaiku wujud " ukara ".

      Pralambang kang wêdharé sarana basa kêna kapérang dadi lima, yaiku :

   I. Lambang Jaman
  II. Lambang Praja
 III. Lambang Dhukun
 IV. Lambang Sasmita 
      ( Gêndhing lan Têmbang ).
  V. Lambang Liyané.


 ---* I. Lambang Jaman  : *---

    Pirang-pirang buku Kasusastran Jawa kang ngêmot Lambang Jaman, luwih-luwih buku Kasusastran Jawa babaran Jaman Kuna kang lumrahé katulis nganggo sastra Jawa, lan singg akèh-akèh ikêtaning ukara sinawung ing têmbang.

     Lambang Jaman iku unèn-unèn jasané pujangga, adhapur pêpindhan, ngêmu surasa pralambang utawa prasêmoning jaman.
Mungguh sing dipralambangi utawa diprasêmoni iku " kahanané " jaman.

       Lambang jaman kang kêrêp kêprungu nganti jaman saiki ana pitu, yaiku :


1. Andêrpati Kalawasésa :
     
     Pralambang kahanan ing jaman Pêjajaran.
Andêrpati atêgês : ora wêdi.
Kalawasésa iku jêjuluké Bathara Guru utawa Hyang Siwah.

     Jaman Pêjajaran, wong-wong Jawa padha ngrasuk agama Siwah.  Akèh wong padha ulah tapa ( wani ngêlih, wani ngêkêr kamurkan, wani maténi hawa-napsu, yaiku sing dipralambangi : " Andêrpati ", pêlênging cipta mung marang Hyang Siwa.


2. Raja-pati Déwa-nata :

     Pralambangé jaman Majapahit.
 Raja atêgês ratu, pati uga ratu.
Raja-pati ( têmbung saroja ) atêgês ratuning ratu, ratu agung binathara.
Raja-pati ing ukara kasêbut dudu atêgês akèh pêpati.
Déwa-nata uga atêgês ratu binathara.

      Jaman Majapahit sing jumênêng ratu prasasat Déwa tumurun, kuwasa bangêt, ratu ngratoni ratu, amarga jajahané tumêka sajabaning Nuswantara.


3. Adi Yati Kalawisaya :

      Pralambangé jaman Dêmak.
Adi atêgês linuwih, Yati atêgês pêndhita.
Adi Yati  padha karo suyati, atêgês pandhita linuwih ; ( Ing buku Sêngkalan ana têmbung Suyati ditegesi Pandhita linuwih ).
Sing dipralamangaké ( dipêpindhakaké ) Pêndhita linuwih ing jaman Dêmak yaiku Wali.
Kalawisaya iku jêjuluké Bathara Guru, Ratuning Déwa ; iku pêpindhané Ratu ing Dêmak.
      Ing jaman Dêmak kang jumênêng Ratu asipat Wali, sing njumênêngaké uga para wali.


4. Kalajangga :

     Pralambangé jaman Pajang.
Kalajangga iku jêjuluké Bêthara Asmara.
Têmbung asmara atêgês sêngsêm.


5. Kalasakti :

     Pralambangé jaman Mataram.
Kalasakti iku jêjuluké Bathara Wisnu, Déwa kang sênêng ulah kaprajuritan ( sarana nitis marang titah ing Marcapada, kang prêluné arêp mêmayu hayuning bawana ).
     Ing jaman Mataram ( wiwit Sang Panêmbahan Sénopati ), ratu sakawulané padha sênêng ulah kaprajuritan kaya Bathara Wisnu.


6. Kalajaya :

     Pralambangé jaman Wanakarta.
Ana ing ngêndi dunungé negara Wanakarta, lan sapa kang jumênêng Ratu, isih dadi kêkêraning Jawata.


7. Kalabêndu :

     Ora kacarita pralambangé jamané nêgara ngêndi, lan sapa jêjuluké kang jumênêng Ratu.
      Tandhané ing jaman Kalabêndu yaiku :

  1. Lamun wis akèh wong
      padha kèrêm marang kadonyan.
  2. Awatak wani wirang wêdi mati.
  3. Sugih pamrih.
  4. Lali marang sêdulur.
  5. Akèh dursila juti
  6. Arang-arang wong kêna dipêrcåyå.
  7. Sing gêmblung untung.
  8. Sing murka mulya. 
  9. Sing nrima cilaka. 
10. Sing jujur kojur.
11. Sing bêcik kacêlik, sing ala kasungga.
12. Sing jujur kasingkur, sing dora     
       kajuwara.

     Nanging wusanané barêng ( Sang Nata kang ginaib ) Prabu Amisan wis jumênêng Ratu, sakabèhé :

1. Kang culika nêmu cilaka.
2. Kang murka antuk siksa. 
3. Kang jujur dadi luhur, lan
4. Kang nyata suci dipundhi-pundhi.

--- Kamot ing kêkidungan :

       -* Sêkar Dhandhanggula *-

--- Yèn wis ana pêndhita ngapusi.
--- Pra satriya laku dêdagangan.
--- Pamèr ngèlmu kabisané.
--- Pra jalma laku nguthuh.
--- Nindakaké bégal lan maling.
--- Kalawan apus krama.
--- Dosané wus numpuk.
--- Kamanungsané wus sirna.
--- Akèh jalma ingkang mati tanpa aji.
--- Buta butêng têgêlan.

 ( Sêrat kidungan Panggulawênthah ).


  --* Sêkar Sinom *--

1.
--- Laksitaning janmå tama.
--- Ambêg rèrèh raras ririh.
--- Tan tinggal duga prayoga.
--- Rêringa tansah liniling.
--- Lamun micara manis.
--- Nêtya sumèh semu arum.
--- Tanggap ning nora calak.
--- Kawignyan dinèlèh wuri.
--- Ngarah-arah nut wahyaning
      kalamangsa.

2.
--- Kaluwihaning sujanma.
--- Yêkti liyan kang mastani.
--- Nora ginunggung priyangga.
--- Saparan-paran cariwis.
--- Pamrihé dèn èringi.
--- Tinurutan kang kinayun.
--- Kèhing janma cinacat.
--- Anggêpé wus maha suci.
--- Wong mangkono yèn kadurus têmah
      rusak.

3.
--- Marmané para satriya.
--- Kang padha ambêg utami.
--- Ingapura sarjuningrat.
--- Ngénaki tugasé sêsami.
--- Ujaré kuna nguni.
--- Yèn ana satriya agung.
--- Darbé ambêg mangkana.
--- Hyang Suksmaya nugrahani.
--- Kang dêrajat uripé nyrambahi praja.

4.
--- Lah êndi para satriya.
--- Darajaté kaya iki.
--- Kawéntar kéntar praningrat.
--- Wakèh-walèh wong winêling.
--- Marang sudarma nguni.
--- Saiki kang lagi kombul.
--- Drajating kasatriyan.
--- Sapraja mung siji iki.
--- Antarané momot-amoting wardaya.

( Pralambang patrap ala kalawan bêcik ).




---* II. Lambang Praja  : *---

    Lambang Praja, têgêsé prasêmoning nêgara, nanging sing dipralambangi Ratuné.
Lambang Praja iku uga yasané Pujangga.
     Lambang Praja kang kêrêp kêprungu ana ing cêcaturan, cacahé ana 18 ( wolulas ) warna, yaiku :


    1. Catur rana sêmuné sagara asat :

       Iku pralambangé nagara papat kang tansah paprangan, yaiku :
Jênggala, Kêdhiri, Singasari, Urawan, kang nganti ngêsataké bandha nagara kanggo wragad paprangan.
Catur =  papat.  Rana =  pêrang.  Sagara = pêpindhané bandha nagara.



    2. Ganda kéntar sêmuné liman pêpéka :

       Iki pralambangé Ratu Pajajaran Sri Pamêkas.
Ganda kéntar  = pêpindhané ratu kang dilabuh, disédani ing banyu.
Kéntar = atêgês kéndhang ; kang bisa ngéndhangaké iku ilining banyu.
Liman pêpéka = ratu kang kurang ngati-ati, yaiku Ratu Pajajaran kang wêkasan ; tandangé nganti kêna disédani dèning ingkang putra yaiku Siyungwanara, sarana dilabuh ing kali.



  3. Macan galak sêmuné curiga kêthul :

       Pralambangé Ratu Majapahit.
Macan galak =  Pralambangé Ratu Kawasa.  Curiga = pralambangé para sêntana sakawulané.  Kêthul = ora lantip ing Kasusastran.
       Sang Prabu ing Majapahit Ratu Agung, émané para putra santana sakawulané padha kêthul marang kawruh Kasusastran.



  4. Lunga pêrang putung watangé :

         Pralambangé para Ratu Demak.
Lunga pêrang = pralambangé Sultan Dêmak mêrangi nêlukaké para Adipati kang isih agama Budha, binantu para Wali.
Putung watangé = pralambangé akeh Wali kang tumêka ing séda.


  5. Lêlungan datan kongsi bêbasahan,
      kasêlak kampuhé bêdhah :

      Pralambangé Sultan Hadiwijaya utawa Jaka Tingkir ing Pajang.
Alêlungan = pralambangé wong jumênêng Ratu.
Datan kongsi bêbasahan = durung nganti nêmu wibawa.
Kasêlak kampuhé bêdhah = kasêlak séda.
       Jaka Tingkir olehé jumênêng Ratu durung nêmu mukti  kasêlak séda.


  6. Sura kalpa sêmuné lintang sinipat :

       Pralambangé Panêmbahan Sénapati ing Mataram.
Sura = kêndêl,  Kalpa = sêsupé, ali-ali.  Lintang sinipat = lintang karainan, pralambangé Panêmbahan Sénapati séda.
       Kangjeng Panembahan Senapati olèhé nêlukaké para Adipati kang sêtya tuhu marang Sultan Pajang mung abandha kêkêndêlan, tanpa nganggo  wadya-bala akèh.
Nanging durung nganti rampung olehé nênêlukaké para Adipati mau wis kêsêlak séda.


  7. Kêmbang sémpol sêmuné lêbé
      kêkêthu :

      Pralambangé Sultan Séda Krapyak lan Sultan Agung.
Kêmbang sémpol = kêmbang tunjung, kêmbang têraté, pralambangé Ratu.
Lêbé = atêgês kayim, kaum, pralambangé wong kang ngêmên-êmênaké nglakoni agama Islam.
Kangjêng Sunan Séda Krapyak lan Kangjêng Sultan Agung iku padha sênêng ulah kasantrèn, mungkul marang agama Islam.



  8. Kalpika sru sêmuné kanaka putung :

       Pralambangé Kangjêng Mangkurat Têgalarum.
Kalpika sru =  ali-ali sêsak, pralambang ora loboking panggalihing Kangjêng Sultan.
Kanaka putung = kuku putung, pralambangé para andêl-andêlé nêgara akèh kang nêmahi séda, amarga kapatrapan paukuman dèning Kangjêng Sultan, saking siyané Kangjeng Sultan mau.



  9. Layon kèli sêmuné satriya brangta :

        Pralambangé Ingkang Putra Kangjêng Sultan Têgalarum.
Layon kèli =  layon kang kéndhang, pralambang layoné Kangjêng Sultan Têgalarum.  
Satriya brangta = satriya susah, sungkawa, yaiku Ingkang Putra Kangjêng Sultan Têgalarum mau, amarga jumunêngé Ratu lagi ana sajroning nandhang sungkawa, jalaran lagi ndhèrèk lolosé Ingkang Rama.



10. Gunung kêndhêng sêmuné kênya
       musoni :

        Pralambangé K. Sunan Pakubuwana I.
Gunung kêndhêng =  gunung dawa, pralambangé K. Sunan jumênêngé Ratu wis sêpuh.
Kênya musoni = prawan ngrêsiki kapuk, pralambangé K. Sunan ing atasé wis jumênêng Ratu kok isih manggalih barang sing rèmèh.



11. Lung gadhung sêmuné rara nglikasi :

       Pralambangé K. Sunan Mangkurat, putra K. Sunan Pakubuwana I.
Lung gadhung = pupusing gadhung, pralambangé K. Sunan Mangkurat sarwa sêmbada, sarwa prigêl.
Rara nglikasi =  prawan ngikal bênang, pralambangé K. Sunan rusuh tindakané marang wanita ( thukmis ).



12. Gajah mêta sêmuné têngu....:

        Awas !   Titik-titik saburiné têmbung " têngu " ora kêna diisèni.
Pralambangé K. Sunan Pakubuwana II.
Gajah mêta =  gajah nêpsu bangêt, gajah ngamuk, pralambangé K. Sunan kinéringan dening para ratu ngamanca.
Sêmuné têngu .....=  pralambangé K. Sunan barêng ana mungsuh nêkani, panggalihé cilik ( mung satêngu ), mundhut marang Pranagari ( Madura ), sarana nggarwa putra putriné Sang Adipati Pranagari ( Madura ).



13. Panji loro sêmuné Pajang-Mataram :

        Pralambangé ana Ratu loro yaiku : K. Sunan Pakubuwana III lan K. Sultan Hamengkubuwana I ( K. Pangéran Mangkubumi ).



14. Rara ngangsu randha loro anututi 
       pijêr atukar :

        Pralambangé ana satriya oncat saka praja, ditututi Ratu loro, nanging sing nututi pijêr tukaran ( congkrah ).
Yaiku jaman K. Pangéran Mangkubumi lan R. M. Said madêg suraning Panggalih., kang wêkasané K. P. Mangkubumi jumênêng Sultan Hamengkubuwana I lan R. M. Said jumênêng mêngkoni tanah Sukawati.



15. Tan kobêr apêpaès amangun sinjang :

      Pralambangé Kangjêng Sunan Pakubuwana IV, lan Kangjêng Sunan Pakubuwana V.
Tan kobêr pêpaès = ora kobêr ndandani utawa mranata nagara.
Mangun sinjang = pralambang mranata nagara, marga sajroné K. Sunan Pakubuwana IV lan K. S. Pakubuwana V akeh prakara lan akèh rêribêd.


      
16. Kalabêndu sêmuné Sêmarang lan
      Têmbayat :

        Pralambangé Kangjêng Pangéran Dipanagara nalika madêg suraning panggalih nganti klakon pêrang mungsuh Kompeni.
Kalabêndu = jaman nêpsu, wêktu muntab utawa duka, ya bênduné K. P. Dipanegara.
Sêmarang = pralambangé wadya-bala Kompêni.
Têmbayat = pralambangé wadya-balané Kangjêng Pangéran Dipanêgara.



17. Tunjung putih sêmuné pudhak 
       sinumpêt :

         Pralambangé ana Ratu adil akêdhaton ing Kêtangga.
Tunjung putih = kêmbang traté warna putih, lambangé kasucian, kaadilan.
Pudhak = kêmbang pandhan  warna putih, lambang satriya suci bêbudèné.
Sinumpêt = diwalik, dijungkir, lambang satriya kang ora katon satriya ( ora nudhuhaké kasatriyané ), yaiku satriya kang sadurungé jumênêng Ratu kocap Satriya kêsampar-kêsandhung.



18. Gandrung-gandrung ing lêlurung,
       andulu gêlung kêkêndhon ; kêris
       parung tanpa karya, êdolên tukokêna
      ulêng-ulêng campur-bawur :

         Pralambangé tanah Jawa ( Nuswantara ) sawusé têkan gêmah-ripah, raharja, murah kang sarwa tinuku, tulus kang sarwa tinandur.
Kêris parung tanpa karya = kêris kang mawa êluk ora ana kanggoné, lambangé gêgaman-gêgaman wus ora ana kanggoné, utawa ora dipêrlokaké amarga wus aman, tata, titi, têntrêm.
Êdolên tukokêna ulêng-ulêng campur-bawur =  keris parung kon ngêdol, tukokaké kêmbang sing wangi-wangi ; lambang wong-wong wus wayahé sênêng-sênêng.



---* III. Lambang Dhukun : *---

       Dhukun kang sêpi ing pamrih, kang ora ngalap opah, sing akèh-akèh pêng-pêngan.
 (  Ing taun likuran, sadurungé taun 1930, ing bawah Sala ana Dhukun kang pêng-pêngan asma Kyai Bêdor.
Uga ing Bandung ya ana asmané Raden Sasrakartana ). 
         Dhukun kang pêng-pêngan iku akèh kêtatalané, lumrahé sathithik gunêmé.
Yen nglairaké panêmuné sing gêgandhéngan karo kahananing wong-wong kang njaluk pitulungan marang dhèwèké, têrkadhang iguh-pratikêlé dikandhakaké sarana pralambang, ora dikandhakaké wêwantahan.

~~ Kayata :

1. 
Yèn dhukun préntah supaya sing disuwunaké bisa kalêksanan ( nyuwun jampi supaya sing lara énggal mari ), Dhukun mau mêsthi nyêbutaké, wêdhakana " banyu adas-pulawaras ".
       Awèh wêruh mênawa sing lara bakal énggal waras.


2. 
Yèn Dhukun préntah supaya sing lara wêdhakana " gêgodhongan kang isih ênom ",  pratandha awèh sasmita lamun sing lara ora bisa katulungan, kulawargané supaya mupus.


3. 
Yèn Dhukun préntah supaya sing lara wêdhakana godhong " bayêm ", pratandha awèh sasmita lamun sing lara énggal mari, kulawargané ora pêrlu was-sumêlang, atiné kon sing ayêm.



---* IV. Lambang  Sasmita  : *---

      Pralambang kang diarani sasmita, kêrêp tinêmu lan kêprungu ana ing gêndhing lan têmbang, yaiku kang lumrahé diarani : sasmitaning gêndhing utawa têmbang.

a. Sasmitaning  Gêndhing  :

      Ana ing Sêni Padhalangan ( wayang ), yèn dhalang ngabani marang niyaga njaluk gêndhing apa baé, préntahé dhalang marang niyaga ora dilairaké ing sawantah, nanging kanthi sinamun ing pasêmon kang diarani " sasmita ".


~~~ Kayata :

1. 
Gamêlan lagi mênêng, dhalang lagi crita.  Dumadakan kêprungu wicarané dhalang kanthi swara santak : " Ora kaya miyosé Ratu Sabarang Sang Prabu Dasamuka ; kiprah-kiprah pating galidrah para wadya-bala danawa kang ndhèrèkaké !"

      Maksudé  : Dhalang ngabani niyaga, supaya nabuh gêndhing " Béndrong ".
Amarga joged kiprah iku uga diarani béndrong.


2. 
Yèn kêprungu wicarané Dhalang mangkéné : " Tindakira Radèn Janaka sarimbit lan Dèwi Wara Sêmbadra, tansah akêkanthèn asta tan kêna bênggang sanyari ".
      Maksudé Dhalang préntah marang niyaga supaya nabuh gendhing " monggang " utawa gendhing " Bondhèt ".


3. 
Yèn Dhalang ngucap  : " Jlêg têdhak saking dhampar kêncana, Sang Prabu anyampar ponang canéla ; gugup sakathahing para manggung-kêtanggung myang parêkan-cèthi, piyak ngarsa tangkêping wuri ".
       Maksudé Dhalang njaluk gendhing Ayak-ayak.


4. 
Manawa Dhalang ngucap mangkéné : " Lakuné duta panglawung gugup gap-gapan, mlayu-mlayu pindha binuru sardula ". 
         Maksudé Dhalang njaluk unining gamelan " Playon/Srêpêgan ".


5. 
Yen Dhalang nglairaké têtêmbungan mangkéné : " Miyosé Sang Bêgawan ing pacrabakan, dèn dhèrèkaké para cantrik, manguyu-jêjanggan, katon saiyêg-saéka praya tan ana suwala ing karsa ". 
       Maksudé Dhalang njaluk gendhing " Rajaswala ".
        Kajaba kang lumrah kêprungu ana ing carita Padhalangan, ana manèh sasmitaning gêndhing kang kaprah kêprungu ing Panêmbrama, kang diiringi gamêlan.
       Dunungé sasmita ana ing wêkasaning gatrané têmbang Gêdhé, Têngahan, Macapat kang kanggo mbawani Panêmbrama.


~~~ Tuladha :

 I. Bawa Tembang Gedhé Rêtnamulya
     Pl. Br :

--- Sukèng driya, kadya manggih rêtna
     mulya.
--- Para siswa S.G.A. ing Surakarta.
--- Tur pambagya Panêmbrama mring
     paduka.
--- Binarung ing gêndhing Ladrang 
    Sriwidada.



II. Bawa Têmbang Gêdhé Mustikèngrat 
    Sl. 9 :

--- Mustikèngrat, purwakaning, cakêpan 
    Panêmbrama.
--- Para siswa, S.G.A. ing, asrama 
    Surakarta.
--- Sung pambagya, basukyarja, widada 
    trus wardaya.
--- Dé paduka, kasdu sudi, sung tandha 
    Srihascarya.


~~~ Katrangan :

     Ing tuladha romawi I wêkasan bawa ana têmbung Ladrang " Sriwidada ".
Maksudé ngabani marang para among pradangga ( niyaga ), awèh wêruh sarana sasmita yèn satibaning Bawa kudu ditampani gêndhing Ladrang Sriwidada.


     Ing tuladha rimawi II wêkasané bawa ana têmbung " Srihascarya ", iku maksudé nyasmitani para niyaga, ing pungkasaning Bawa têrus ditampani " Ladrang Srihascarya ".



b. Sasmita Tumrap ing Tembang  :

  " Wong Jawa iku ênggoning sêmu ".
Mangkono têtêmbungan kang kêrêp kêprungu.
     Sêmu, pasêmon, pralambang, pralampita, têgêsé : " pitudhuh kang ora cumêplos, wêtuning karêp kang kawêdharaké sarana sasmita, kanthi têtêmbungan kang sinamun.
      Kasusastran Jawa ing jaman kuna, luwih-luwih karangané para Pujangga, akèh kang isi prasêmon-prasêmon utawa pralampita.
      Para pangripta dhèk jaman kuna carané mêdharaké cipta-ripta, lumrahé sinawung ing pralambang utawa prasêmon kang angèl ditlusur surasané.
       Nanging tumrap wong Jawa kang lêbda marang Kasusastran Jawa, kang landhêp pangrasané marang éndahing basa, adaté uga lêbda marang ulah-kridhaning pralampita.
       Buku-buku Kasusastran kang sinawung ing têmbang babaran jaman kuna, prasasat ora ana kang nyêbutaké jênêngé pupuh kanthi cumêplos.
Kabèh pupuh utawa têmbang, jênêngé sinamun ing prasêmon kang ing jaman saiki lumrahé diarani " ukara sasmita jênênging têmbang ".


         Dunungé ukara sasmita jênênging têmbang ana wêrna loro, yaiku :

--- a. 
Sasmita ing bêbukaning pupuh :
     Isiné nudhuhaké jênêngé pupuh iku.

--- b. 
Sasmita ing wêkasaning pupuh :
     Isiné pitudhuh arané " pupuh candhaké ", yaiku jênêngé pupuh ing salêbaré pupuh iku.


~~ Tuladha :

--- a. 
Sasmita ing bêbukaning pupuh :

1.
--- Mamèt prana rèh " kawuntat ".
--- Kang winangun nalikanira nguni.
--- Sang pra Kawi Wali wolu.
--- Mrih harja wuryèng praja.
--- Pinitaya déra Kangjeng Sang aPrabu.
--- Sri Wasésa ing Bintara.
--- Pinilala murwèng wangsit.

( Lambang praja M. Ng. Mangunwijaya ).


2.
--- " Manis-arum sinawung langênsri.
--- Sru kawuryan pamudyaning raras.
--- Kang mulya pangrèh sarèhé.
--- Lir manik mandaya gung.
--- Brêmingrat wus winayang ing sih.
--- Sih wigunaning karya.
--- Akarya wulangun.
--- Wulanguning tama-harja.
--- Harjèng déya sinêmangkara suksmadi.
--- Pangèsti murwèng sastra.

( Langêndriyan I, Balai Pustaka ).


3.
--- " Kasmaran " ingkang pinuji.
--- Luputa ing ila-ila.
--- Dèn dohna tulak-sariké.
--- Ngétang sagunging lêlêmbat.
--- Kang karèh Goplêm ika.
--- Dhêmit alit-alit sadarum.
--- Pan dédé dhêmit pra raja.

( Pêtikan Kidung ).


~~ Katrangan :

     Ing tuladha no. 1 têmbung " Kawuntat " iku têgêsé kawuri, kêpungkur.
Yèn mangkono iku no. 1 arané têmbang " Pangkur ".

     Ing tuladha no. 2 têmbung " Manis " têgêsé lêgi.
Barang kang ana sesambungané karo rasa lêgi iku jasading " gula ".
Yèn mangkono no. 2 iku arané têmbang " Dhandhanggula ".

      Ing tuladha no. 3 têmbung " Kasmaran " linggané asmara.
Yèn mangkono no. 3 iku arané têmbang " Asmaradana ".



--- b. Sasmita ing wêkasaning pupuh :
1. Pocung ( Wulangrèh Pakubuwana IV ).

--- Éwuh têmên babo wong urip puniku.
--- Apan nora kêna.
--- Kinira-kira ing budi.
--- Arang mantêp " wijiling " basa raharja.



2. Mêgatruh ( Wulangrèh Anggitan
     Pakuwuwana IV ).

--- Tulisané ing Lohkilmakpul rumuhun.
--- Pêpancèn sawiji-wiji.
--- Tan kênå owah sarambut.
--- Tulising badan puniki.
--- Aja " mundur " ing pakéwoh.



3. Sinom ( Arjunasasrabahu R. Ng.
    Sindusastra ).

--- Bedhahé nagri Ngayodya.
--- Para Mantri kèh umiring.
--- Ngungsi nèng wukir Dandaka.
--- Iku carita mangsuli.
--- Mangkana kang winarni.
--- Rahwana ingkang ngadatun.
--- Anêng nagri Ngayodya.
--- Sawadya-balanirèki
--- Anggung dènnya pêpara " anganthi " 
     bala.


~~~ Katrangan :

      Ing tuladha no. 1 wêkasané muni " wijiling ", iku sasmitané têmbang " Mijil ".
Yèn mangkono karêpé pupuh salêbaré pupuh Pocung, gantiné pupuh " Mijil ".

         Ing tuladha no. 2 wêkasané muni " mundur ", iku sasmitané têmbang " Durma ".
Yen mangkono karepé pupuh salêbaré Mêgatruh iku nyandhak pupuh Durma.

         Ing tuladha no. 3 wêkasané muni " anganthi " linggané kanthi, iku sasmita têmbang Kinanthi.
Yèn mangkono karêpé pupuh salêbaré Sinom iku nyandhak pupuh Kinanthi.


 ~~~ Ringkêsé :

  1. Dhandhanggula = 
      Sarkara,  manis, madu, artati, 
      dhandhang, gula, gagak, kaga krêsna.

  2. Sinom =  
      Taruna, srinata, ronkamal, pangrawit,
       logondhang, anom, wèni.

  3. Asmaradana = 
      Kasmaran, asmara, kingkin, brangta,
      brangti.

  4. Kinanthi = 
      Kanthi, gandhèng, kanthèt.

  5. Pangkur = 
      Wuntat, wuri, yuda, kanaka, lan
      têmbung kang mawa wanda " kur ".

  6. Durma = 
      Mundur, lan têmbung kang mawa 
      kêcap " dur ".

  7. Mijil = 
      Wiyos, wijil, wêtu, rarasati, sulastri.

  8. Maskumambang = 
      Timbul, kéntar/kèntir, kumambang.

  9. Pocung =  
      Kaluwak, ancung, lan têmbung kang 
      mawa wanda " cung ".

10. Jurudêmung =  
      Juru, mung.

11. Wirangrong = 
       Mirong, wirang.

12. Balabak = 
      Klêlêp, kêblabak.

13. Gambuh = 
      Êmbuh, gambuh, jumbuh, kambuh.

14. Mêgatruh = 
      Pêgat, duduk, truh.

15. Girisa = 
      Giris.



Tambahan bab sasmitaning têmbang :

  -**  D H A N D H A N G G U L A  **-

1.
--- Jumuwah Pon wêktu wèh " mêmanis ".
--- Sangalikur lèking wulan Jawa.
--- Madilawal taun Éhé.
--- Candra sêngkala nuju.
--- " Wohing Slira Ngèsthi Sajati ".
--- Pêpèngêting pahargyan.
--- Kursus para Guru.
--- K.L.P.S.G.B. kita.
--- Purwarêja kang kapisan amungkasi.
--- Dhuk dinadar widada.


2.
--- Saking siswa kakung miwah putri.
--- Klas sakawan namung kalih dasa.
--- Kang lulus sanga cacahé.
--- Tambah nêm kèhing pétung.
--- Saka jaba lulus satunggil.
--- Gunggung nêmlikur siswa.
--- Sapuluh kang lulus.
--- Para tamu kang mahargya.
--- Sung sasanti dadia têpa-palupi.
--- Panuntuning pra kanca.


3.
--- Kang samangké taksih êngkah-êngkih.
--- Kursus soré saminggu ping lima.
--- Tang ngrasa sayah slirané.
--- Telasing tutup taun.
--- Mugi antuk nugraha sami.
--- Klakon mungkasi karya.
--- Lêstari trus tulus.
--- Dadi samangsa dinadhar.
--- Tètèrané têtêpa tatas mrantasi.
--- Sêpi rasa kuciwa.

( Cuplikan : Panitya Pamaharja Siswa K.L.P.S.G.B. Purworejo ).


       ---* Lambang  Liyané : *---

       Kajaba lambang-lambang kang wis kasêbut ing dhuwur, isih ana kang kêna kaéwokaké lambang utawa pralambang, kayata :

1. Lambang Nêgara :
       
       Lambang Nêgara Indonesia, awujud pêpêthaning Garudha mawa tulisan " Bhinêka Tunggal Ika " kang surasané  : sanajan manéka warna, nanging manunggal.

     Garudha iku têtungguling bangsa manuk, kêna diarani ratuning sakabehé bangsa manuk.
      Garudha ora wêdi ing baya-pakéwuh.
Yèn golèk pangan utawa darbé sêdya apa baé, ora mundur kang marga katêmpuh ing prahara utawa pancawora.  Ora gêlêm murungaké sêdya kang marga ana sindhung-riwut aliwawar.
          Iku pralambangé bangsa Indonésia kang bangêt trêsnané marang kamardhikan.
Sênajan urip mardhika iku ora gampang, kudu wani rêkasa, ora dadi apa, janji têtêp mardhika.
           Bangsa Indonésia iku kadadéan saka kumpuling golongan-bangsa warna-warna.
Sênajan mangkonoa bangsa Indonésia têtêp bisa manunggal.



2. Kangjêng Sultan Agung nggarwa 
    Nyai Rara Kidul :

       Nyai Rara Kidul iku manut dêdongéngan, kang ngratoni Sêgara Kidul, kang dunungé ana ing sakidulé Tanah Jawa, kang lumrahé diarani Samodra Hindhiya.
         Samodra kasêbut iku jêmbar bangêt.
Jêmbaring Sêgara Kidul iku pralambangé " jêmbaring panggalihing Kangjêng Sultan Agung.
          Kangjêng Sultan Agung nggarwa Nyai Rara Kidul, iku pralambangé Kangjêng Sultan Agung pênggalihé " jêmbar pindha Samodra Kidul ".
Maksudé sugih samodra pangaksama, ora gampang duka.



3. Tembang Mêgatruh :

 --- Sigra milir kang "gèthèk sinangga bajul ".
--- Kawandasa kang njagèni.
--- Ing ngarsa miwah ing pungkur.
--- Ing kanan miwah ing kèring.
--- Sang gèthèk lampahnya alon.


~~~ Katrangan :
      
          Bajul kang nyangga gèthèk kang dititihi Radèn Jaka Tingkir kasêbut ing têmbang, iku dudu bajul saluguné, nanging ngèmpêri têtêmbungan kang ing jaman saiki kêrêp diucapaké dening wong-wong " bajul buntung ".
          Mangkono uga têmbung " gèthèk " iku dudu gèthèk saluguné.



4. Sapérangan pituturé Ramawijaya
    marang Wibisana ( sinawung têmbang
    Mijil ) :

--- Damaring praja ja mati-mati.
--- Sadêging kaprabon.
--- Aywa kandhêg madhangi jagadé.
--- Mangka panariking rèh sayêkti.
--- Ing pati pinanggih.
--- Kautamèng Prabu.


        Manawa diiji-iji maknané mangkéné:
--- Damar = diyan, maknané ati utawa pikir.
--- Praja = nagara, awak.
--- Sadêging kaprabon = salawasé keprabon isih madêg.
--- Aja kandhêg madhangi jagadé = aja lèrèn-lèrèn ulah kabêcikan.
--- Mangka panariking rèh sayêkti, ing pati pinanggih kautamèng Prabu = minangka pambudidaya, supaya patiné bisa nêmu utama.
Wong kang salawasé urip tansah ulah kabêcikan, tansah nindakaké bakti-darma, tartamtu matiné nêmu kamulyan.
       Têmbang Mijil kasêbut dhuwur iku kêna kagolongaké " Suluk " kang isi ngèlmu gaib.



5. Lambang kang gêgayutan karo warna :

  1. Abang = 
       Kuwanèn, kuwat, ora sabaran.

  2. Putih = 
      Suci, masa bodho, ngalah.

  3. Biru = 
      Sêtya-tuhu, gampang owah.

  4. Ijo = 
      Pengarêp-arêp, baud omong, 
      dhêmên nglucu.

  5. Kuning = 
      Gugupan, pêlit / cêthil, sênêng ijèn
      ( Eropah = gêthing ).

  6. Ireng = 
      Antêng, kuat, sêpi.

  7. Jambon = 
       Isin, ngati-ati.

  8. Coklat = 
      Jujur, alus, manut.

  9. Ungu = 
      Dhêmên pamèr, sombong.

10. Orange = 
      Samadya.

11. Klawu =  
      Ora pêrduli.


                         --- wjg ---


------> ana candhaké : 
          BAB : BASA PEPRENÉSAN
          XI. 33. B. 23.



       

      

0 comments:

Post a Comment