Sunday, February 2, 2020
Home »
» XI. No. 27. B. 17. KASUSASTRAN JAWI ( UKARA : SÊSUMBAR )
XI. No. 27. B. 17. KASUSASTRAN JAWI ( UKARA : SÊSUMBAR )
Kasusastran Jawi 27 :
Ukara Sêsumbar :
Sumbar utawa sêsumbar têgêsé : nglairaké têtêmbungan kang ngêmu surasa nantang ngadu tiyasa, ngadu kaluwihan, unggul-unggulan karosan, kasêktèn, lsp.
Disumbari = ditantang ngadu tiyasa, ngadu kaluwihan, lsp.
Nyumbari = nantang ngadu tiyasa, nantang ngadu kaluwihan,lsp.
Ukara sêsumbar iku lumrahé kaucapaké kanthi santak, têrkadhang kawoworan têmbung kasar, isi surasa ngêpak marang wong kang disumbari.
Kang kalêbu ukara sêsumbar, kayata :
1.
--- Wani kowé karo aku ?
2.
---Loro sing kaya kowé ! Masa aku wêdia.
3.
---Yèn nyata lanang, mêtua njaba !
4.
--- Ngajak pirang dina, dak ladhèni ! Ngajak rupak apa ngajak jêmbar ! Yèn papan iki kurang jêmbar, ayo tandhing ana ing alun-alun.
5.
--- Wah, sumbarmu kaya bisa mutungaké wêsi gligèn ! Kaya lanang-lananga
dhéwé !
Baya sacêngkang kulitmu !
Majua, dak tètèr kaluwihanmu !
Ukara sêsumbar kang kalêbu basa pacakan ( rinêngga ) lumrahé kanggoné ana ing padhalangan.
~~~ Tuladha :
1.
--- Yèn dak kêdhèpaké ora ilang, dak untal malang masa ngambaha ing cêthak kowé !
2.
--- Mlêbua mênyang lak-lakaning naga, ora wurung sida karasa ing tanganku !
3.
--- Njêrokna jugang, dhuwurna kapurancang, masa wurunga nêgara kéné sida dak gawé karang abang !
4.
--- Kêrigna sacindhilé abang, cawêtna sawadoné !
5.
--- Ampyakên kaya wong njala, rêbutên kaya mênjangan mati !
6.
--- Aja gênti mara barênga mara, ora-orané dak tinggal mlayu.
7.
--- Kopat-kapita kaya ula tapak angin, kekêjêra kaya manuk branjangan !
Dak saut dak sabêtaké prabatang, sirna-ilang kuwandamu !
8.
--- Tumêngaa ing akasa, tumungkula ing pratiwi, sambata mring sudarmamu !
Ukara sêsumbar kang kamot ing Kasusastran sinawung ing têmbang.
Kayata :
Sêkar Macapat Pocung :
1.
--- Sugal muwus, èh si Tirtayuda asu.
--- Têka nguman-uman.
--- Praduli apa sirèki.
--- Mêmalangi mring wong nyudaké
tambangan.
2.
--- Adol gêndhung, banjur nantang ngajak
gêlut.
--- Apa Ranukarya.
--- Kokira kalamun wêdi.
--- Wus sêdhêngé wong lanang padha lèk
sanga.
( Abimanyu kèrêm : Sukir ).
Sêkar Macapat Pangkur :
1.
--- Dènirarsa mangsulana.
--- Wrêkudara krodha sru turirèki.
--- Èh pambarêp kadangingsun.
--- Aja mangsuli sira.
--- Ingsun ingkang mangsuli prakara iku.
--- Durung tutug wong Astina.
--- Nggoné ngajak nora bêcik.
2.
--- Têkan Si Bulé Mandura.
--- Wiwit milu-milu atining iblis.
--- Jalithêngé têka katut.
--- Yèn parêng karsanira.
--- Si Janaka ingsun arak sésuk-ésuk.
--- Sarta sun payungi gada.
--- Sun iring kêprabon jurit.
3.
--- Pangantèné wadon kana.
--- Si Bulé kung amayungana bindhi.
--- Kurang Kurawa kang wuwuh.
--- Kang njajari gêgaman.
--- Mring pangantèn sun tunjangé
ganjuringsun.
--- Singa tiwas ing ayuda.
--- Kang raka datan nauri.
( Parta krama : R. Ng. Sindusastra )
Sêkar Macapat Durma :
1.
Ménakjingga :
--- Damarwulan tuhu prajurit utama.
--- Tan pasah dèning gêni.
--- Lah ta Damarwulan.
--- Mara sira malêsa.
Damarwulan :
--- Tadhahana kêris mami.
Ménakjingga :
--- Iya tibakna.
--- Sayêkti sun tadhahi.
2.
Ménakjingga :
--- Lah ta padha yèn padhaa imbang-
imbang.
--- Sasat padha lan mami.
--- Ingsun Hurubisma.
--- Rêbutên ing ayuda.
--- Damarwulan tunggalmundi.
--- Barênga mara.
--- Amuk-amuk ngajurit.
( Langêndriyan IV Balai Pustaka )
Sêkar Macapat Pangkur :
--- Lah papak mangsa padhaa.
--- Damarwulan tangiya sun antèni.
--- Iki Hurubisma Prabu.
--- Wong sêkti mandraguna.
--- Kalok ing rat pilih tandhing yèn prang-
pupuh.
--- Sura mrata jaya mrata.
--- Rêbutên ingsun ing nurit.
( Langêndriyan Ménakjingga sêsumbar ).
Pêpèngêt :
Sêsumbar iku ngêmu maksud ngungasaké kuwanèn, lan ngêpak marang liyan.
Dadi klêbu tindak gunêm kang kurang prayoga.
Manut pituturé wong tuwa-tuwa, sing sapa sêsumbar, adaté banjur nandhang apês.
Aja sok sêsumbar, mundhak " mutah jamuné pépé ", têgêsé : ilang dayané utawa apês jayané.
--- wjg ---
------> ana candhaké :
BAB : GUGON-TUHON 28. B. 18.
0 comments:
Post a Comment