Monday, February 3, 2020

XI. No. 28. B. 18. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : GUGON-TUHON )

 Kasusastran Jawi 28 :

Gugon-tuhon :

     Gugon yaiku sipat wêwatakan kang gampang bangêt ngguguné marang gunêmé wong, utawa dêdongèngan.
     Tuhon yaiku wêwatakan kang gampang bangêt mituhu marang gunêmé wong, utawa dêdongèngan.

Gugon-tuhon :

1. 
Bisa atêgês têmbung watak kang wêrdiné : wêwatakan kang gampang nggugu lan mituhu marang gunêmé wong utawa dêdongéngan, kang pancèné ora pêrlu ginugu lan pinituhu.

2. 
Bisa atêgês têmbung aran kang têgêsé  : gunêmé utawa dêdongéngan déning wong-wong kang mituhu, dianggêp nduwèni daya.


        Gugon Tuhon ( têmbung aran ) kêna kapérang dadi têlu yaiku :

A. Gugon-tuhon Salugu.
B. Gugon-tuhon Wasita Sinandi.
C. Gugon-tuhon Pêpacuh ( wêwalêr ).



         ~~~ Tuladhané  :

A. Gugon-tuhon Salugu :
--- 1. 
Aja mangan korédan, mundhak  ing têmbé oleh jodho randha utawa dhudha.

--- 2. 
Aja mangan brutu, mundhak gunêmé méncla-ménclé / kêduwung mburi.

--- 3. 
Aja mangan tlampik 
( daging suwiwi )  mundhak ditampik déning priya utawa wanita.

--- 4. 
Aja mangan gêdhang dhèmpèt, mundhak ing têmbé duwé anak dhampit ( kêmbar ).



B. Gugon-tuhon Wasita Sinandi :
     Gugon tuhon kang isi wasita sinandi iku satêmêné unèn-unèn kang isi pitutur sinandi ( pitutur samar ), supaya bocah sing dipituturi nggugu.
Amarga ukara surasané mêmêdèni.

 ~~~ Tuladha :

1. 
Aja lungguh ing ngarêp lawang, mundhak wong sing nglamar kowé mbalèk :
--- Bocah sapa baé lungguh ana ngarêp lawang iku kajaba agawé éwuhé wong kang mlêbu-mêtu, uga bisa anjalari masuk angin tumrap bocah kang lungguh ing ngarêp lawang mau.

2. 
Aja lungguh ing bantal, mundhak wudunên :
--- Bocah lungguh ing bantal iku kêjaba ora patut ( saru ), uga bisa agawé rêgêdé bantal.

3. 
Aja ngidoni sumur, mundhak lambéné suwing :
--- Idu kang nganti tumiba ing banyuning sumur, anjalari rêgêding banyu sumur, luwih-luwih tumrap kang nduwèni lêlara nular, bisa mbêbayani.

4. 
Aja kudhungan ( kêkudhung ) kukusan, mundhak dicaplok baya :
--- Kukusan iku barang kang gampang rusak, kêjaba iku yèn kanggo kêkudhung, marakaké ora bisa sumurup ngarêpé yèn lumaku.

5. 
Aja nglungguhi sapu, mundhak dicakot lintah :
--- Sapu iku sing cêtha kêbak rêrêgêd. Yèn bocah nglungguhi sapu, kêjaba awaké rêgêd, bisa anjalari lêlara saka dayaning kruma-krêmi kang némplék ana ing sapu kasêbut.

6. 
Kaulmu ( nadarmu ) kudu tumuli koluwari, mundhak kowé dicakot ula :
--- Wong duwé nadar kuwi kudu ditêtêpi, apa manèh yèn wis kêprungu wong akèh.  Mundhak kisinan marga diwêlèhaké déning wong sing krungu.
Yèn sakira ora bisa nêtêpi nadar, bêcik aja sok ngucapaké nadar utawa kaul.

7. 
Janjimu rak arêp mènèhi potlot aku.  Lah êndi ?  Yèn ora sida, kowé mêsthi timbilên lo ! :
--- Wong wis janji arêp mènèhi apa-apa kudu ditêtêpi. Yèn ora, arané nyidrani janji.  Nyindrani janji iku klêbu tindakan ala.

8. 
Barang wis kowènèhaké aja kojaluk bali, mundhak kowé gondhokên ;
--- Wong wèwèh dijaluk manèh, iku saru atêgês ora nglungguhi kaprawiran, tur iya nêrak tata krama, amarga nyênyongah liyan, agawé cuwaning liyan.

9. 
Bocah wadon uwis prawan, yèn wis wayah rêp aja dolan, ora ilok :
--- Prawan lungan wayah rêp, sandya-kala, candhik-kala, ora bêcik. Marga gampang kêtaman ing godha.

       Têmbung prawan iku yèn ditêgêsi manut kérata basa : pêpara kudu awan, yèn bêngi kanggo lêlungan luwih-luwih ijèn, ora prayoga.

        Déné têgêsé kang satemené, asalé saka saka têmbung " prawa " = sorot utawa cahya.

       Prawan iku bocah wadon kang nêdhêng-nêdhêngé ngêtokaké " prawa/cahya ". Prawan iku bocah wadon kang nêdhêng-nêdhêngé ngêtokaké " sorot ", rainé katon sumorot.
Têmbungé liya " lagi nêdhêng-nêdhêngé pêcah pamoré utawa mbabar sari " , yaiku mêtu kaéndahané.

        Têmbung " ora ilok " iku têgêsé ora élok utawa ora bêcik, utawa ora apik.

10. 
Mênawa mangan, ajangé aja disangga, ora ilok :
--- Ajang ( wadhah panganan/piring ), yèn disangga gampang ngglimpang, marakaké isiné wutah, bisa-bisa ajangé pêcah.

11. 
Aja mangan karo ngadêg, mundhak wêtêngé dawa :
--- Wong mangan prayogané nganggo " tata-kramané mangan " 
Kayata ; lungguh, ora kêna kêcap, ora kêna gunêm/guyon, panyêkêlé séndhok sing apik, lêbar mangan aja nganti antob sêru, supaya luwih bêcik.

12. 
Bocah wadon aja lungguh jégang, ora ilok :
--- Lungguh jégang iku klêbu tumindak murang tata, sênajan bocah lanang pisan.
Bocah wadon yèn lungguh léséhan prayoga timpuh utawa sila panggung.

13. 
Yèn kabênêr ana tundhan, gêdhèg pagêring omah kudu digêbyagi, mundhak ana lêlêmbut wadya-balané Nyai Rara Kidul sing tumèmplèk ing gêdhèg :

--- " Tundhan " iku têgêsé ditindakaké sarana tundha-tumundha.
Sing diarani " tundhan " jaman kuna-makunané satêmêné swara lumrah baé, dudu swara orêging wadya-balané Nyai Rara Kidul kang budhal mênyang Gunung Mêrapi.

     " Swara gumuruh kang wiwitan " kêprungu déning wong-wong kang omahé cêdhak Pasisir iku mau, sêjatiné swara jumêguré ombak utawa alun kang katut kabuncang angin mênyang dharatan.

       Sarèhning wong-wong sandhing pasisir sisih kidul krungu swara gumuruh, banjur awèh kabar marang wong-wong kang dêdunung ana ing désa saêloré sarana kênthongan, lêsung, lsp.
Wong-wong ing désa sisih êloré iku mau, banjur nundhakaké kabar marang wong kang dumunung ana désa sisih êloré uga.
Mangkono iku kang diarani " tundhan ".

     Lakuning angin kang nggawa swara gumuruh mau adhakané uga katutan wijining lêlara ( kruma lan liya-liyané ).
Wong tuwa-tuwa padha préntah nggêbyagi gêdhèg ( pagêr omah saka pring ), maksudé aja nganti ana wijining lêlara kang tumèmplèk ana gêdhèg, mêrga mbêbayani ( kapitayan jaman biyen ).



    C. Gugon-tuhon Pêpacuh ( pêpali ) :

1. 
Putra-wayahé Panêmbahan Sénopati, samangsa mangsah yuda, ora kêna nitih titihan " bathilan ".

2. 
Wong-wong ing Banyumas ora kêna lêlungan ing dina Sêtu Paing.

3. 
Wong-wong Kêndhal, ora kena gawé omah " gedhong ".

4. 
Wong-wong ing Kudus, kang manggon ing wétan kali ora kêna bêbésanan karo wong-wong kang manggon ing kulon kali.

5. 
Wong-wong ing Bagêlèn, ora kêna nganggo ikêt utawa jarit " gadhung mlathi ".

6. 
Wong Bagêlèn ora kêna ngingu sapi ( mliginé pawongan asli ).

    Gugon tuhon kang kalêbu wêwalêr utawa pêpacuh iku lumrahé, asalé saka lêluhur kang cakal-bakal ing sawijining panggonan.
Amarga lêluhur mau wis tau ngalami nêmu cilaka dening anggoné nindakaké sawijining bab.  Banjur nganakaké pêpali/pêpacuh supaya anak-putu ora nindakaké tumindak kang gawé cilaka kaya kang wis ditindakaké lêluhur mau.

     ~~ Tuladhané :

--- Panêmbahan Sénopati nalika pêrang mungsuh Arya Pênangsang ing Jipang, nitih jaran suriné bathilan ( jênêngé jaran Gagakrimang ).
Barêng satriya loro wis padha ayun-ayunan, titihané ( jarané ) Panêmbahan Sénopati mbandhang, mèh baé nêmu cilaka.

      Jalaran saka iku, Sang Panêmbahan Sénopati banjur  ngêndikakaké wêwalêr kang surasané : " Saturun-turunku, yèn baju pêrang , poma-dipoma aja nunggang jalan bathil ".

       Sêmono uga Sang Adipati Banyumas, manggih cilaka nalika tindakan ing dina Setu Paing.
Sang Adipati ya ngêndikakaké wêwalêr : " Anak-putuku poma-dipoma ora kêna lunga dina Sêtu Paing supaya ora cilaka kaya awakku ".

      Wêwalêr kasêbut umumé nganti sapréné diugêmi bangêt karo pawongan ing wêwêngkoné.


                           --- wjg ---


-----> ana bacuté : 
        BAB :  JAPA-MANTRA LAN
        DONGA  XI. 29. B. 19.






0 comments:

Post a Comment