Friday, February 21, 2020

XV. No. 1. TULADHA WICARA KAWÊDHAR ADICARA PANGRUKTILAYA ( BAB : ATUR PAMBUKANING PAMBIWARA )

Aturé Pambiwara Ing Purwakaning Adicara Pangruktining Layon 1  :

         Assalamu'alaikum w.w.

       Sanggya para rawuh pambéla sungkawa utaminipun, para paranpara, para nimpuna, para tuwanggana, para sêsêpuh, para pinisêpuh, para pêpundhèn ingkang tansah kinabêktèn sarta ingkang dahat sinudarsana.

       Kêparênga kawula marak mangarsa sarta matur, awit ri kalênggahan punika kula piniji déning panandhang duhkita, nun inggih panjênênganipun Bapa...( ingkang sripah ) dalah sagung kulawarga, kinèn hanjêjêri minangka pambiwara lumaksananipun upacara pangruktining layon.

         --- Innalillaahi wa inna ilaihi raji'un ---
                                 3 X

      Sampun kapundhut ing kasédan jati, suwargi Bapa/Ibu/Éyang........( ingkang séda ) awit saking alantaran nandhang gêrah sawêtawis wêkdal.

      Ingkang punika sasampunipun pangruktining layon sampun paripurna, kêparêngipun kulawarga panandhang duhkita ing ri kalênggahan punika, ngêrsakakên dipun wontênakên upacara sawêtawis, kados adat widhiwidana ingkang sampun lumampah.

       Sadèrèngipun kawula hangaturakên  lêkasing sêdya, dhumatêng sagung para rawuh pambéla duhkita, kawula dhèrèkakên  hangluhurakên asmanipun Gusti Ingkang Murbèng Dumadi, ingkang sampun paring sih kawêlasan  ingkang rumêntahing dhumatêng kita, kacihna ri kalênggahan punika kita sagêd handhèrèk béla sungkawa  kanthi pinayungan karahajan. 
      Sumangga kula dhèrèkakên maos khamdalah sêsarêngan :

               --- Alhamdulillah....

      Sagunging pambéla sungkawa ingkang minulyèng budi, wus handungkap mangsa-kala tata upacara pangruktining layon panjênênganipun Bapa/Ibu/Eyang.............
( ingkang séda ) sigra katindakakên.

      Wondéné rêrantaman lumaksananing adicara ingkang sampun karakit dèning sagung kulawarga panandhang duhkita, nun inggih :

1. Tinarbuka Anyolati Layon
2. Atur Pambagya Kulawarga Panandhang
3. Atur Panglipur Panandhang
4. Mangastungkara utawi Pamuji Donga.
5. Pungkasaning adicara, nun inggih tandha yêkti bidhaling layon, pamundhutipun kulawarga panandhang kawontênakên adicara " Brobosan ".

       Makatên sagung pambéla sungkawa mênggah rêroncèning adicara.

      Ngancik adicara angka 1 ( satunggal ), nun inggih Tinarbuka Anyolati Layon.
Dhumatêng ingkang piniji mratitisakên, kawula sumanggakakên.
Nuwun.


Katrangan :
Prayogi Pambiwara botèn mawi nambahi wicara, ingkang sampun tumapak.
Kantuna nêrasaken adicara candhakipun.



                        --- wjg ---

---> ana candaké : BAB XV. No 2..ATUR
      PAMBAGYA  KULAWARGA       
      PANANDHANG 
      



0 comments:

Post a Comment