Tuesday, March 10, 2020
Home »
» XI. No. 33. B. 23 KASUSASTRAN JAWI ( BAB : BASA PÊPRÊNÉSAN )
XI. No. 33. B. 23 KASUSASTRAN JAWI ( BAB : BASA PÊPRÊNÉSAN )
Kasusastran Jawi 33 :
Basa Pêprênésan :
Basa pêprênésan iku têtêmbungan utawa unèn-unèn kang sajak digawé-gawé, lumrahé ngêmu surasa pamiluta utawa mêméncut.
Wong nglairaké nganggo " basa pêprênésan " iku tarkadhang darbé sêdya " nuju prana " marang sawijining wong kang wêktu iku ana ing sacêdhaké.
Tarkadhang darbé pangangkah, supaya wong kang " katuju prana " kêtuwuhan rasa sênêng kang tundhoné banjur katêtangi rasa-pangrasané " sih-trêsna " marang wong kang nglairaké basa pêprênésan mau.
Basa pêprênésan iku nyêdhaki têtêmbungan " crêmêdan utawa lékoh ".
Tumrap wong sing alus budiné lan sugih wêwéka, nyirik marang basa pêprênésan.
Ngucapaké manèh gêlêma, ngrungu baé tarkadhang wis rumangsa ora sênêng.
Maca buku kang isi basa pêprênésan ora wêgah, mung mligi kanggo pêpaking kawruh Kasusastran.
Basa pêprênésan iku uga sok kêprungu ana ing pasrawungan, kanggo pacalathon lumrah utawa kanggo gunêman sajroning sêsrawungan.
Nanging sing luwih lumrah kêprungu kanggo " nggérongi gêndhing ", luwih-luwih ing pérangan kang diarani " umpak-umpak lan sênggakan ".
Pigunané Basa Pêprênésan ana wêrna loro :
1. Basa Pêprênésan ing Pasrawungan.
2. Basa Pêprênésan ing Gêndhing.
~~~ Katrangan :
1. Basa Pêprênésan ing Pasrawungan :
Basa pêprênésan kang kaucapaké ing pasrawungan lumrah, lèrègé ngandhut maksud " sêmbrana parikêna ".
Wong kang ngucapaké wong kang ngucapaké darbé mèlik nêdya ngarah sawijining bab, nanging panêmbungé kanthi sêsêmbranan.
Sajaké api ora, nanging atiné niyat têmênan.
~~~ Tuladha :
1.
Yèn barangku nêdya kotuku aku ora olèh, nanging yèn kojaluk baé malah dakwènèhaké kabèh.
2.
Rokoké larang, nanging mêksa daksêrang, wong sing dodol ora kalah karo Rara Mêndut.
3.
Jarité baé larang, apa manèh bakulé, mêsthi gêdhé pêpanggilé.
4.
Pangandikanipun sakêcap kémawon sagêd damêl ayêming raos ; punapa malih paringipun panggulawênthah mêsthi migunani sangêt tumrap agêsang.
Wong gunêman kaya kasêbut tuladha ing dhuwur, iku adaté ngandhut maksud sing jêro.
Wong gunêm tindak " sêmbrana parikêna " iku tarkadhang bisa kalêksanan sêdyané manawa wong iku pancèn agawé panujuning atiné kang disêdya.
Nanging yèn ora agawé panujuning atiné kang disêdya, sisip-sêmbiré tampa pêpisuh rêsik pêcêrèn têmênan, bisa nandhang wirang.
Mula wong sing sugih wêwéka, ngêdohi marang basa " pêprênésan ".
2. Basa Pêprênésan ing Gêndhing :
Basa pêprênésan kang sinawung ing gêndhing, tarkadhang kaprungu ana ing cakêpan ngiringi swarané gêndhing, nanging luwih adhakan ing pérangané " umpak-umpak sarta sênggakan ".
~~~ Tuladha :
2.1. Umpak-Umpak Ldr. Asmaradana :
--- " Sing jambon-jambon ya klambiné ".
--- " Sing luwês-luwês wiragané ".
--- " Sing manis-manis wicarané ". --->
gérong :
--- Dhasar sulistya ing warni --- " mrak-ati
jatmika ".
--- Ngêndi baya kang pinangka.
--- Sapa baya pêparabé --- " sapa
têpungané ".
--- Sapa baya kang ayoga.
--- Baya ta maksuh kênya.
--- Bata wus ana sung mêngku.
--- Baya karsa nanggapana.
~~ Katrangan :
Unèn-unèn ing dhuwur iku ora prayoga bangêt diucapaké kang nganti kêprungu dening wong akèh, sênajan mung kanggo lêlagon.
Luwih-luwih ana ing pasamuan, sênajan wong sing nggérong olehé ngucap unèn-unèn tanpa ngandhut maksud apa-apa.
Nanging saupama ing pasamuan wêktu iku ana wanita sing klambi jambon, bisa uga klèru tampa utawa ora dadi pênggalihé njalari kurang prayoga, bisa-bisa agawé sêrik atiné.
Njarag utawa ora, sing gérong/nyênggaki atêgês gawé tatuning ati.
Cakêpan ing dhuwur mau yêktiné bisa diganti unèn-unèn liya, sing isi pitutur.
Kayata :
--- " Dèn gêmi, nastiti uripé ".
--- " Dèn tlatèn, ing sabarang gawé ".
--- " Dèn prasaja, ing wicarané...." ---->
gérong.
--- Jaman dhémokrasi mangkin ---" padha,
èling poma ".
--- Béda lan dhuk kuna-kuna.
--- Sapa wongé sing suméndhé ----" ngêdir-
êdiraké ".
--- Ngêndêlaké mring wong tuwa.
--- Dupèh trahing awirya.
--- Moh ikhtiyar mamrih maju.
--- Tan wandé wurung dandanan.
2.2. Sênggakan Têmbang Pangkur :
--- " Ora susah koliwêtaké, waton alus
gêlungané ".
-----> Prayoga diganti mangkéné :
--- " Aja watak ngêndhé-êndhé, bêcik
têrus tumandang gawé ".
2.3.Sênggakan Sawênèhing Gêndhing :
--- " Gêndhulak-agêndhulik, apa sida apa
ora "
-----> Prayoga iganti mangkéné :
--- " Sêpia marang pamrih, ramé
tumandang gawé ".
2.4. Sapérangan Cakêpan Gérong :
--- " Suwé ra jêjamu, jamu godhong
suruh. Suwé ra kêtêmu, têmu pisan
jèjèr lungguh ".
-----> Bisa diganti mangkéné :
--- " Lir kêtiban daru, bêgja kêmayangan.
Dèn mêmpêng sinau, kanggo ngisi
pêmbangunan ".
2.5. Ing Jinêman Ulêr Kambang :
--- " Pipimu kêna dakdumuk, dakdumuk
nganggo langês, nora ala tambah
luwês ".
------> Bisa diganti mangkéné :
--- " Bêktia ibu Pratiwi, mêmpêng ngudi
ngèlmi kinarya mbangun nêgari ".
2.6. Ing Sinom Parijatha :
--- " Ing-ing priya bagus lêncir kuning /
Ing-ing dhanar-dhanar dhénok kuning ".
----- Bisa kaganti :
--- " Ing-ing aja nglokro tangi maning " /
Ing-ing kudu èling kang pêparing.
2.7. Sawênèh Sênggakan :
--- " Nyangking èmbèr, ngiwa nêngên.
Lungguh jèjèr, tamba kangên "
---- Bisa kaganti :
--- " Manuk glathik, mabur dhuwur.
Tindak bêcik, budi luhur ".
--- " Ngétan bali ngulon. Tiwas édan ra
kêlakon ".
----> Bisa diganti :
--- " Ngétan bali ngulon, apa sêdyané
kêlakon ".
2.8. Ing Ldr. Pangkur Wangsalan :
--- " Kêmbang gêdhang, mantèn wédok
nggodhog wédang. Gilang-gilang,
kêtungkul nyawang sing lanang ".
----> Bisa diganti :
--- " Kêmbang gêdhang, tumumpang
warnané abang. Bocah lanang, wajib
tumandang bêrjuang ".
~~ Têmbang kang isi basa pêprênésan :
I. Kinanthi :
1.
--- Kinanthi panglipur wuyung.
--- Rêrênggané prawan sunthi.
--- Durung pasah doyan nginang.
--- Tapih pinjung nging mantêsi.
--- Méndah baya yèn déwasa.
--- Bumi langit gonjang-ganjing.
2.
--- Lêléwané gawé gandrung.
--- Kincanging alis wèh brangti.
--- Ulat galak nggugah brangta.
--- Liringé angasmarani.
--- Wiraga mawèh wigêna.
--- Ngujiwaté milangoni.
II. Dhandhanggula :
( Pétruk nêmbang, Garèng nyênyamahi )
Pétruk :
--- Banowati rupané yu manis.
--- Bénjang lamun Suyudana séda.
--- Sayêkti sun pondhong dhéwé.
Gareng :
--- " Yak ! Kowé kuwi kok olèhmu
ngayawara. Dadiya randha pisan,
mangsa gêlêma Banowati koalap ".
Pétruk :
--- Kalamun dhatan purun.
--- Sun réwangi apati-gêni.
Gareng :
--- " Pati gênia nganti awakmu kuru-aking,
mangsa bisaa kêtêkan karêpmu.
Cêkaké salawasé nèng donya,
mangsa bisaha kowé sapatêmon
karo Banowati ".
Pétruk :
--- Yèn tan panggih nèng donya.
--- Nèng akérat bésuk.
Gareng :
--- " Nèng akérat saya mokal klakoné !
Kowé mêsthi nèng nêraka, mangka
Banowati nèng suwarga. Kepriyé
bisané sapatêmon ?! "
Pétruk :
--- Nadyan kawula nèng nraka.
--- Bok mênawa Banowati amèk gêni.
Gareng :
--- " Nèng suwarga, baturé Banowati saya
akèh. Yèn butuh gêni, mangsa jupuka
dhéwé ; mêsthi utusan baturé ".
Pétruk :
--- Yèn mangkono ya nrima.
III. Sinom Parijatha :
--- Bénjang yèn ingsun palastra.
--- Ywa kokirim mbang têlasih.
--- Kirimên layoning sêkar.
--- Ywa kopêndhêm anêng bumi.
--- Pêndhêmên kasur-sari.
--- Lurubana sutra wungu.
--- Ywa kokijingi séla.
--- Kijingana asta kuning.
--- Tangisana Palaran lan Parijatha.
Têmbang Gêdhé kang isi Basa pêprênésan :
1. Candrakumara :
--- Gusti yèn sinawang sira, lêkêr-lêkêring
wadana.
--- Lir Dèwi Warsiki nama, ayu tur raga
karana.
--- Mêrak ati yèn ngêndika, citra lir candra
purnama.
( Sêkar-sêkaran M. N. IV ).
2. Rarabéntrok :
--- Kang kataman laras maya, Rara Béntok
anglam-lami.
--- Paran tumamèng tilam-rum, baya
ruming sariranta.
--- Sumêr mamêrdu mênuhi, dhuh mas-
mirah sang kusuma.
--- Ambuka gandaning sêkar, gambir-sawit
maratani
( Sêkar-sêkaran M. N. IV ).
~~ Panêmuné WJG ~~
Mungguh panêmuné WJG, kang bêcik budiné, uga bêcik gunêmé, sênajan gérongan, sênggakan, umpak-umpak, prayoga nganggoa unèn-unèn kang bêcik, kang isi pitutur laras karo jamané yaiku " jaman pêmbangunan ".
Sênajan têmbang pêrlu digarap, ora mung laguné, nanging cakêpané uga pêrlu isi pitutur.
Iku mungguh lagu utawa cakêpan garap.
Kêjaba pancèn cakêpan lan lagu isiné pancèn cucut utawa gêcul.
Ing ngisor iki tuladha têmbang Gedhé kang ora isi basa pêprênésan, kang kapêtik saka buku " Lagu Jawi " jilid III, kaimpun déning Th. S. Martosoédirdjo. Cs.
I. Têmbang Gêdhé Candrakumara Pélog
6 :
( Lampah 16, pedhotan 8 ~ 8 )
6 6 ¹ ² .¹²³ ¹ ¹
Sang Ba la dé wa Nar
¹ ² ³ ¹. ² ¹ 6 6 6.¹ ² ³ ¹²¹6
pa ti tu win Na
56 53 3 3 2 3 5 . 6
rés wa ra Krês na
3 2 1 3 2 . 321 1
Ka lang kung ing três
1 1213 3 . 2 6 6¹²
na ni ra ma rang
6.53 5.6 2 5 32 121 ⒍
Dyah Ba non ci na wi
Jineman :
/ 6 ¹ ² ³ ³ ² ³ / ¹ ² 6 3
Mang ka pi sah ung gyan
1 3 2 1 / ⒍ 1 2
i pun Mi la tan
3 5 6 / 1 2 3 2 1 2 1 ⑥ //
sah tan nya war ta
5 6 5 3 ³ . ² ¹ . ²³ ¹³²¹6
Wa u Sri Na ré
5 ¹ 653 2321 1 1 2 3
dra ka lih mring Rêt na
3 1 2 2 3 1 2 1 ⑥.
Can dra ku ma ra.
II. Têmbang Gêdhé Rarabéntrok :
( tanpa Jinêman Lampah 16, pêdhotan 8 ~ 8, Sléndro 9 )
² ² ² ² ¹ 5.6¹² 6 ¹
Tê mê na na kang dèn an
6 .¹ 6 5 5 5. 6¹² ² ²
ti Gam bir sa wit
².³² ² ¹ ¹56¹²³² ¹.6 ²
du rung mu ni Tur
1. ² 6 ¹6 5 5356 3 3.2 5
i ku no ra mbo sên
6.532 2 5 6 6.¹² 6²¹65 2
i wit ku na ngan ti sa
3 5321 5 5.6¹ 532 3.235
i ki Na dyan sa jam
1 1 1 2. 1⒍⒌ 2 2 2
mu ni ping tri sê rêng é
2 2 1.235 2 5.6532 ²
du rung ngên dho ni pa
² ² ³ ² ¹.6¹² 6 ²¹65 2 3
na buh é mak sih u
5. 321 5 5. 6¹ 532 2 .3513
ti tan dha dhê mên é
2. 1 ⒍1⒍ ⑤
trus a ti.
III. Têmbang Gêdhé Rarabéntrok :
( mawi Jinêman )
5 5 6 ¹ ² 6 6 6¹ 6.5
Ra ras sa jro ning hu dya na
5 5 .6¹ 5 6 .532 2 2 .1 2
ti non sê kar man ca war
3 .5 ² ² ² ² ¹ 65 5. 6 52
ni Én dah pè ni a wor a
5 .321
rum
Jineman :
/ 5 6 ² ¹ .² / 5 2 321 ⒍/
Ma wèh as car ya ning dri ya
. . ⒌ ⒍ / 12 235 13 2
ka ti yup ma ru ta
. ⒍ 1 ⒍ ⑤ //
man da
5 5 5 6 . ¹ ¹ ² 6 .¹ 5
mi rut sa ri am mrik mi
6 .532 5 5 6 ¹ .² 2 2.32
nging lu mrang gan da ni ra
2 .32 1 ⒍ ⒍ 1 12 2
ko ngas Gam bir Sa wit
⒍ 1 1 2 ⒍ 1⒍ ⑤
ma ra ta ni.
--- wjg ---
--------> ana candhaké :
BAB : KASUSASTRAN TINÊMU ING
GÊNDHING XI. 34. B. 24.
0 comments:
Post a Comment