Thursday, February 13, 2020

XI. No. 30. B. 20. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : I S B A T )

 Kasusastran Jawi 30 :


Isbat :

    Isbat iku saka têmbung Arab kang nduwèni têgês :  " ibarat " ( ibarat uga têmbung Arab ), têmbungé Jawa mèh padha karo " Saloka ", nanging isiné bab ngèlmu gaib, utawa ngèlmu kasampurnaning pati.

    Ukara isbat iku ukara pêpindhan sing ngêmu surasa piwulang, nanging piwulang bab ngèlmu tuwa, utawa ngèlmu gaib yaiku ngèlmu murih kasampurnaning pati.

     Diisbataké utawa dingibarataké, 
têgêsé : " dipêpindhakaké kaya ...."


~~ Tuladha :

1. Kodhok ngêmuli lèngé :

--- Kodhok :  
Iku pepindhaning jiwa utawa suksma, nyawa, badan alus.
--- Lèng
Iku pêpindhané raga, awak, badan wadhag.
--- Ngêmuli
Têgêsé rumêksa, njaga, ngêrèh.

      Maknané : manungsa iku jiwané kudu bisa rumêksa ngêrèh marang ragané, suksma kudu bisa rumêksa ngêrèh marang badan-wadhagé, supaya ing têmbé samangsa mati, bisa mati kang sampurna.

       Wong urip ana ing donya iki arang sing " suksmané bisa ngêrèh " marang badan-wadhagé, amarga saka gêdhéning hawa-napsuné marang éndahing kadonyan, kèlu marang nikmating pangan, blêrêng marang gêbyaring salaka-rukmi kang iku mau kabèh, satêmêné mung kabutuhané badan-wadhag.

        Saya gêdhé kêkuwataning hawa-napsu marang gêbyaring lair lan éndahing kadonyan, suksma saya ora bisa ngalahaké, saya ora bisa ngêndhalèni marang ubaling hawa-kamurkan mau.

         Malah suksma dadi dirèh dèning raga, jiwa ditunggangi lan diêngkuk-êngkuk dening badan-wadhag.
Wongé banjur kêna diarani " kêrèh marang donya, dudu wongé sing ngêrèh donya ".

       Yèn kaya mangkono iku kêna di isbataké " Êlèng ngêmuli kodhoké ", jiwa utawa suksma ditunggangi lan diêngkuk-êngkuk dèning badan-wadhag, dèning hawa-napsu kang tumuju marang angkara-murka, marang kadonyan.

      Wong kang mangkono sipaté, ora bisa mati sampurna.


2. Ngangsu apikulan warih :

--- Ngangsu
Iku têgêsé apèk banyu,  njupuk banyu, golèk banyu.

--- Pikulan    : 
Piranti kanggo mikul banyu kang diangsu kang arêp digawa mulih.

--- Warih       : 
Iku têgêsé banyu.

       Ngangsu apikulan warih : têgêsé wantah " wong ngangsu sing kanggo mikul banyu ".

      Déné têgêsé ukara isbat utawa kawruh gaib : wong golèk ngèlmu kasampurnaning pati, utawa ngèlmu gaib, kudu wis adhêdhasar.
Dhasaré kasêbut kayata : wis asring ngêngurangi, asring prihatin, asring nggêgulang ngrêsikaké ati utawa nindakaké ibadah kanthi lila-lêgawa anut landhêsané.

       Iku mau pasinaoné wong kang arep mungkur kadonyan, kang asring sinêbut " mungkur gangsir " ( sinau nguwataké jiwa, ngêncêngaké tékad, mêpêr kamurkan ).

      Tumrap kawruh kanggo kadonyan " Ngangsu apikulan warih " ditêgêsi mangkéné :

      Wong kang duwé panjangka arêp sinau sawijining kawruh, kudu wis duwé dhasar kawruh kang arêp disinaoni.
Kayata : 

1. 
--- Arêp nyinau Ilmu Pasti  kudu wis ngêrti kawruh étung kanthi nyukupi. 

2. 
--- Arêp ngudi Ilmu Ukur Ruang, kudu wis ngêrti Ilmu Ukur Bidang.

3. 
--- Kêpèngin nyinau Sêni Padhalangan, kudu wus ngêrti kawruh bab têmbang, unggah-ungguhing basa, bisa nabuh gamêlan, lsp.

4. 
--- Kêpèngin nyinau Pambiwara ing pahargyan, kudu wis ngêrti tembang Macapat, ilmu Paramasastra, lan Kasusastran.


3. Amèt gêni adêdamar :

--- Isiné padha karo ngangsu apikulan
    warih.


4. Golèkana galihing kangkung :

--- Galih         : 
    Pêpindhaning " suksma "
--- Kangkung
    Minangka irib-iribing 
    " raga ".
    Isiné, ngêrtia marang jiwamu utawa
    marang suksmamu.


5. Apa isiné bumbung wungwang :

--- Jarwané bumbung wungwang iku pêpindhané raga, utawa badan-wadhag.

      Maksudé pitakon iku padha baé karo " Apa isiné kang ana ing sajroning raga ? "

--- Jawabé : ya badan-alus utawa jiwa  utawa suksma.
Bumbung wungwang iku atêgês wantah yaiku bumbung kang bolong Kiwa-têngên.


6. Golèkana têpaké kuntul nglayang :

--- Kuntul pêpindhané suksma.
Têgêsé : ngêrtia marang kêplasing nyawa.
Bisa dikandhakaké wong mati iku nyawané mênyang ngendi.


     Isbat kang tinêmu ing Kasusastran kang sinawung têmbang kayata :


     Sêkar Macapat Dhandhanggula :

1.
--- Ana pandhita akarya wangsit.
--- Mindha kombang angajap ing tawang.
--- Susuh angin ngêndi nggoné.
--- Lawan galihing kangkung.
--- Wêkasané langit jaladri.
--- Isining wuluh wungwang.
--- Lan gigiring punglu.
--- Tapaké kuntul anglayang.
--- Manuk mibêr uluké ngungkuli langit.
--- Kusuma njrah ing tawang.


2.
--- Ngambil banyu apikulan warih.
--- Amèt gêni sarwi adêdamar.
--- Kodhok ngêmuli êlèngé.
--- Miwah kang banyu dèn kum.
--- Myang dahana murub kabêsmi.
--- Bumi pinêtak ingkang.
--- Pawana katiyup.
--- Tanggal pisan kapurnaman.
--- Yen anênun sêntèg pisan anigasi.
--- Kuda ngrap ing pandêngan.


3.
--- Ana kayu amurwa sawiji.
--- Wit buwana êpang kéblat papat.
--- Agodhong méga rumêmbé.
--- Apradapa kêkuwung.
--- Kêmbang lintang salaga langit.
--- Sêmi Andaru kilat.
--- Woh surya lan tèngsu.
--- Asirat bun lawan udan.
--- Apêpucuk akasa bungkah pratiwi.
--- Oyodé bayu bajra.

   ( petikan saka Kidung ).


                    --- wjg ---


---> ana candhaké : 
      BAB :  S U L U K  XI. 31. B. 21.

0 comments:

Post a Comment