Sunday, February 9, 2020

XI. No. 29. B. 19. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : JAPA-MANTRA )

 Kasusastran Jawi 29 :


Japa-mantra :

     Bab Japa-mantra kang bakal diwêdharaké iki sing kapacak ing ngèlmu kasusastran, utawa éndahing dhapukaning ukara, dadi ora atêgês nyêbaraké supaya ngamalaké.

    Ukara-ukara mantra sing arêp tinulis, magêpokan karo babad, layang kang kawêntar ing sujarah.

    Japa = mantra lumrahé kasaroja dadi japa-mantra, kang nduwèni têgês donga.

        Japa-mantra utawa donga iku, unèn-unèn utawa ukara kang lumrahé diarani rapal, kang diucapaké minangka srana murih kasêmbadan kang dadi panuwuné.

      Pêlênging panuwun iku lumrahé marang Gusti Kang Maha Kuwasa ( Gusti Allah ).

        Dijapani = dimantrani, didongani, têgêsé ditamani japa awujud rapal kang bisa ndayani marang kalêksanané sêdya wong kang ngucapaké.

        Tumrap ing Sêni Padhalangan, katêmbungaké
  " Sinidikara ".
Saka têmbung lingga sidikara kang têgêsé puja, japa, mantra, donga.



~~~ Tuladha :

     Sêkar Macapat Asmaradana :

1.
--- Sang Baradhah laju mulih.
--- Têkan gisiking sagara.
--- Amasang têtunggangané.
--- Godhong kaluwih kinambang.
--- Tumuli ingancikan.
--- Mak-blêdhês kaclop ing banyu.
--- Bola-bali jinapanan.


2.
--- Cubag-cubug dèn anciki.
--- Godhong nora kuwat nyangga.
--- Sang Wiku ngrasa karêngon.
--- Kyai Kuturan aduka.
--- Dènnya tan pinamitan.
--- Sang Baradhah lajêng wangsul.
--- Anyuwun sih pangak sama.


      Ing dhuwur iku kapratélakaké manawa japané Sang Baradhah cabar, têgêsé ora ndayani.  Mangka nalika tindaké, godhong kluwih kêna kinarya palwa, barêng ditamani japa-mantra déning Sang Baradhah.

      Mung émané déné rapalé japa-mantra mau, ora kasêbut ana ing buku Calonarang.
Bisa uga godhong kluwih iku mung pralambang baé, yaiku pralambang kaluwihané Sang Baradhah.

        Sawênèhing japa-mantra utawa donga ana kang diarani " aji-aji ".
Ing ngisor iki ana ukara japa-mantra lan donga sawatara pêtikan saka buku Mantra-yoga  kang dikumpulaké déning Harumdjati, babaran Boêkhandêl " Karti-Dharma " Tulungagung.


1. Aji Sirêp Bégananda :

--- Hong wilahèng.
--- Niyatingsun matak ajiku.
--- Aji sirêp Bégananda.
--- aji Patinggêngan saka Ajisaka.
--- Sing sapa kêtiban : jim-sétan, pêri-               prayangan padha mati.
--- aja manèh asipat janma-manungsa.
--- oraa mati amblêk-sêk turuné kaya mati.
--- ora pisan-pisan tangi yèn aku durung ...

( Titik-titik iku isiné bab kang dikarêpaké ).


2. Aji Sênggara Macan :

      Aji Sênggara Macan iku cêkak bangêt, mung rong gatra kang kadadéan saka sawêlas wanda, yaiku :
--- Ya jabarut.
--- pêtak gêlap sakêthi.



3. Aji Balasakêthi :

--- Hong !
--- Niyat ingsun  matak ajiku
--- aji Balasakethi.
--- aji jagad Gedhé saka dayané
--- Sang Hyang Logos kang luhur
--- sakèhing para Wali manjing
--- ana ing saliraku tunggal
--- aja manèh wadya-bala janma-manungsa
--- sakêthi oraa tundhuk marang aku
--- para jin-sétan pêri-prayangan
--- padha tatas kocar-kacir kasabêt déning      aku.
--- kasabêt mandhuwur tatas mandhuwur
--- kasabêt mangisor tatas mangisor
--- kasabêt mangétan tatas mangétan
--- kasabêt mangulon tatas mangulon
--- kasabêt mangalor tatas mangalor
--- kasabêt mangidul tatas mangidul
--- Tatas kersané Allah.
--- Hong !



4. Mantra ngilangaké wisaning ula :

--- Sang rara wingwang
--- laki Déwa Somataya
--- patutan Nagawasésa
--- ilmu ora mandi
--- siyungmu ora mandi
--- isih mandi iduku.



 5. Donga kaslamêtané wong omah-omah :

--- Cing-cing kalicing
--- bojoné maling duwé bayi
--- tatuné arang kranjang
--- tumulak bali mangétan
--- bali mangulon, bali mangidul, bali            
    mangalor.


       Japa-mantra kang kamot ing Kasusastran sinawung tembang, kang kasêbut ana ing " Buku Kidung ".  

Tuladhané :

I. DHANDHANGGULA :
  ( kanggo ngêdohaké wong ala ) :

1.
--- Ana kidung rumêksa ing wêngi.
--- Têguh ayu luputa ing lara.
--- Luputa bilai kabèh.
--- Jim-sétan dhatan purun.
--- Panêluhan tan ana wani.
--- Miwah panggawé ala.
--- Gunané wong luput.
--- Gêni atêmahan tirta.
--- Maling adoh tan wani pêrak ing mami.
--- Kêmat-duduk pan sirna.


2.
--- Sakèh lara apan samya bali.
--- Sakèh ama pan samya miruda.
--- Wêlas-asih panduluné.
--- Sakèhing braja luput.
--- Kadi kapuk tibaning wêsi.
--- Sakèhing wisa tawa.
--- Sato galak tutut.
--- Kayu aèng lêmah sangar.
--- Songing landhak guwaning rong lêmah 
     miring.
--- Dadi pakipon mêrak.


3.
--- Pagupakaning warak sakalir.
--- Pan winaca ing sagara asat.
--- Têmahan rahayu kabèh.
--- Dadya sarira ayu.
--- Ingidêran  pra widadari.
--- Rinêksa Malaékat.
--- Sakathahing Rasul.
--- Pan dadya sarira tunggal.
--- Ati Adam utêkku Bagéndha Êsis.
--- Pangucap Nabi Musa.


4. 
--- Napasku Nabi Ngisa linuwih.
--- Nabi Yakup pamiyarsaningwang.
--- Yusup ing rupaku mangké.
--- Nabi Dawud swaraku.
--- Jeng Suléman kasêktèn mami.
--- Nabi Ibrahim nyawa.
--- Idris ing rambutku.
--- Bagéndha Li kulitwang.
--- Gêtih-daging Abubakar Umar singgih.
--- Balung Bagéndha Usman.


5.
--- Sungsumingsun Fatimah linuwih.
--- Siti Aminah bayuning angga.
--- Ayub ing ususku mangké.
--- Nabi Nuh ing jêjantung.
--- Nabi Yunus ing otot mami.
--- Nétraku ya Muhammad.
--- Pamuluku Rasul.
--- Pinayungan Adam sarak.
--- Sampun pêpak sakathahing para Nabi.
--- Dadi sarira tunggal.



II.  KINANTHI ( kanggo ngidungaké jabang bayi ):

1.
--- Yèn anangis laré iku.
--- Léla-lélanên lan dzikir.
--- Supaya adoh kang lêlara.
--- Sarap-sawané tan wani.
--- Saking rahmating Hyang Suksma.
--- Lab supangaté Jêng Nabi.


2.
--- Winacaa puji iku.
--- Sétané lumayu nggêndring.
--- Sarap-sawané sumimpang.
--- Kala-kalané sumingkir.
--- Cacing racak padha mêndhak.
--- Kruna-krami padha mati.


3. 
--- Pitik tulak pitik tukung.
--- Têtulaké jabang-bayi.
--- Ngêdohakên cacing racak.
--- Sarap-sawané sumingkir.
--- Si tukung mangungkung ngarsa.
--- Si tulak bali ing margi.


4. 
--- Si jabang-bayi puniku.
--- Kêkasihira Hyang Widi.
--- Rinêksa ing Malaékat.
--- Dèn êmong ing Widadari.
--- Pinayungan ing Hyang Suksma.
--- Kinêbutan para Nabi.


5.
--- Sakathahing Wali kutup.
--- Ngulama lan para mukmin.
--- Samya angrêksa ki jabang.
--- Mila têbih ing sêsakit.
--- Sirna larané ki jabang.
--- Walagang slamêt ki bayi.



III. PANGKUR ( kanggo srana nunggu wong lara ) :

1.
--- Singgah-singgah kala singgah.
--- Pan suminggah durga-kala sumingkir.
--- Singa ama sing awulu.
--- Sing asuku asirah.
--- Sing atênggak lawan kala sing abuntut.
--- Padha sira suminggaha.
--- Muliha mring asalnèki.


2.
--- Ana kanung saka wétan.
--- Nunggang gajah têlalé êlar singgih.
--- Kullahu barang balikul.
--- Sétan lan brêkasakan.
--- Amuliha mring tawang tuwang prajamu.
--- Iblisé ywa kari karang.
--- Kulhu balik bolak-balik.


3.
--- Na kanung kidul sangkanya.
--- ...lsp


4. 
--- Na kanung kulon sangkanya
--- ...lsp.


5.
--- Na kanung elor sangkanya
--- ...lsp

( no. 3 ; 4 ; 5 ; gatra terusé padha karo no. 2 ).


6.
--- Ambalik marang awaknya.
--- Mbalik marang jasadira pribadhi.
--- Mbalik karsaning Hyang Agung.
--- Tamat pasinggah sétan.
--- Tulak sarap punika gantya winuwus.
--- Arané sarap dèn ucap.
--- Sagung pra nupiksa sami.


7.
---Arané sarap kang lanang.
--- Kulhu putih kang wadon Kulhu kuning.
--- Ywa purun sudi maringsun.
--- Ywa marang kaki jabang.
--- Sarap wangké sarap wédang sarap awu.
--- Padha sira suminggaha.
--- Muliha mring asalnèki.


8.
--- Samya gègèr sétan wétan.
--- Anrus jagad kulon playuning dhemit.
--- Kang têngah Bathara Guru.
--- Tinutup Nabi Sléman.
--- Iblis-sétan brêkasakan ajur mumur.
--- Ki jabang-bayi wus mulya.
--- Liwat sirotolmustakim.



IV. DURMA  ( Aji-aji Wringinsungsang ) :

1.
--- Wringin sungsang wayahira tumaruna.
--- Ngaubi awak mami.
--- Tur tinut ing bala.
--- Pinacak-suji kêmbar.
--- Pêpitu jajar maripit.
--- Asri yèn siyang.
--- Angkêr kalaning wêngi.


2.
--- Dhuk samana akêmpêl kumpuling rasa.
--- Nétraku dadi dingin.
--- Nétraningsun êmas.
--- Pêputihé mutyara.
--- Rêng-irêngé wêsi manik.
--- Cèploking nétra.
--- Walikèr udaratih.


3.
--- Idêp ingsun kêkêncang bang rêruwitan.
--- Alisku sarpa mandi.
--- Kiwa-têngên pisan.
--- Cupakku surya kêmbar.
--- Kêdhèpku pan kilat-thathit.
--- Kang munggwing sirah.
--- Wêsi kêkêntèn adi.


4.
--- Rambut kawat sinomku pamor 
    anglayap.
--- Bathuk séla cêndhani.
--- Kupingku salaka.
--- Pilinganingsun gangsa.
--- Irungku wêsi kang aji.
--- Pasu kuléwang.
--- Pipiku wêsi kuning.


5.
--- Watu itêm lungguhé ing 
     janggut ingwang.
--- Untuku rajêg wêsi.
--- Lidhah wêsi abang.
--- Aran wêsi mangangkang.
--- Iduku tawa sêkalir.
--- Lambéku iya.
--- Séla matangkêp kalih.


6.
--- Guluningsun paron wêsi galigiran.
--- Jaja wêsi sadhacin.
--- Pundhak wêsi akas.
--- Walikat wêsi ambal.
--- Salangku wêsi ngalungid.
--- Bauku dhêndha.
--- Sikutku pukul wêsi.


7.
--- Asta criga èpèk-epèk ingsun cakra.
--- Cakarwok jêmpol kalih.
--- Panudhuh trisula.
--- Panunggulku musala.
--- Memanisku supit wêsi.
--- Jênthik iya.
--- Ingaran pasopati.


8.
--- Bêbokongku séla agêng kumalasa.
--- Akawat wêsi gilig.
--- Êbolingsun karah.
--- Luput dhêndha kang tinja.
--- Balubukan êntut mami.
--- Uyuhku wédang.
--- Dhakarku purasani.


~~~ Katrangan :

1. 
--- Japa-mantra lan donga kang katulis ing ndhuwur mau, mung pêtikan sawêtara kang ngandhut kasusatran.

2. 
--- Manut critané Mbah Buyut jaman biyèn, japa-mantra, donga, sarta aji-aji iku bisané mandi kudu sarana laku.

3. 
--- Manut critané, aji-aji Wringin sungsang yèn pinuju diwaca ana wanita kang lagi ngandhut nyêpaki, bisa njalari kêluron.
Bisa uga, crita mau mung gugon-tuhon baé.


                          --- wjg ---


----->  ana candhaké : 
         BAB :  ISBAT  XI. 30. B. 20.

0 comments:

Post a Comment