Saturday, January 25, 2020
XI. No. 23. B. 13. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : DASANAMA )
Kasusastran Jawi 23 :
Dasanama :
Dasa têmbung Kawi kang mêngku têgês wilangan sêpuluh ( éka ; dwi ; tri ; catur ; panca ; sad ; sapta ; astha ; nawa ; dasa ).
Nama atêgês jênêng utawa aran.
Dasanama atêgês = sêpuluh jênêng.
Maksudé jênêngé ora mung siji, nanging akèh bangêt.
Ana ing candran Sêni Padhalangan ana kang uniné mangkéné :
" Sintên ta dasanamané ingkang angrênggani Kasatriyan ing Madukara.
Dasa aran sêpuluh nama wus ngarani ( maksudé nama iku wis jarwa ora pêrlu ditêgêsi ). Pranyata kathah jêjulukipun Sang Sinatriya ing Madukara.
Yèku ajêjuluk R. Janaka, ya R. Pêrmadi, ya R. Harjuna, ya R. Kombang Ali-ali, ya R. Margana, ya R. Arya Parta, ya R. Dananjaya, ya R. Panêngah Pandhawa...."
Asmané R. Janaka pancèné luwih saka siji, atêgês akèh bangêt.
Aran/jênêng kang luwih saka siji, nanging darbèké barang siji, ing kawruh Kasusastran diarani " Dasanama ".
Tuladha sinawung ing têmbang :
Sêkar Macapat Asmaradana :
--- Dhuk samana Sang Maharsi.
--- Lênggah anêng pacrabakan.
--- Ingadhêpan para cèkèl.
--- Cantrik manguyu jêjanggan.
--- Puthut tanapi éndhang.
--- Wasi sarta uluguntung.
--- Pêpak andhèr munggwing ngarsa.
~~~ Katrangan :
Têmbung-têmbung : cèkèl ; cantrik ; manguyu ; jêjanggan ; éndhang ( wadon ) ; puthut ; wasi ; kabèh mau têgêsé " muridé pandhita/ murid ngangsu kawruh " .
Têmbung kang têgêsé padha sênajan béda ucap utawa béda jênêng, ana ing kawruh Kasusastran diarani " dasanama ".
Têmbung " dasa " iku yêktiné mung kanggo " mbangêtaké surasa " kanggo mratélakaké kanthi têmên-têmên manawa cacahé ora mung siji.
Kêjaba iku uga ana têmbung wilangan kang trapé ing ukara mung kanggo mbangêtaké surasa, yaiku : atus ; èwu ; kêthi ; yuta.
~~~ Tuladhané :
1.
--- Tau-taté tandhing jitus = tau dikroyok siji lumawan satus.
Sênajan sing ngroyok ora nganti satus.
2.
--- Ing bawa cêluk Jinêman Ulêrkambang : " Sêkar pucang sèwu bêgja kêmayangan "
Sèwu bêgja = bêgja bangêt.
3.
--- Sêdyamu kang kaya mangkono mau, Mbah Gaul sakêthi jumurung.
Sakêthi jumurung = jumurung bangêt.
4.
--- Ing ukara sêsumbar ana sing muni mangkéné : " Majua sayuta ngarsa, sakêthi wuri, ...."
Têgêsé : Majua = kroyokên aku saka ngarêp lan saka buri bêbarêngan.
Sênajan cacahé sing dikon ngroyok iku mung loro.
Éwa samono ing ukara sêsumbar lumrahé " sayuta ngarsa, sakêthi wuri " iku mung kanggo mbangêtaké cacahé.
Têmbung-têmbung dasanama
( Kawi-dasanama ) kayata :
1.
--- Bantala ; kisma ; pratala ; pratiwi = lêmah.
2.
--- Wiyat ; wiyati ; gagana ; jumantara, akasa ; tawang ; widik-widik = langit.
3.
--- Baskara ; bagaskara ; bagaspati ; pratanggapati ; pratanggangkara ; radité ; radita ; arka ; aruna = srêngéngé.
4.
--- Sitakara ; sitarêsmi ; badra ; candra ; candrama ; sasi ; tèngsu ; sasadhara = rêmbulan.
5.
--- Tirta ; ranu ; warih ; udaka ; wé ; hèr = banyu.
6.
--- Agni ; pawaka ; dahana = gêni.
7.
--- Samirana ; pawana ; sindhung ; bayu ; bajra ; maruta ; pancawora ; pancaroba = angin.
8.
--- Kapi ; wanara ; réwanda ; palwaga ; wré = kêthèk.
9.
--- Ditya ; wil ; rasêksa ; diyu ; danawa = buta.
10.
--- Yuda ; rana ; pupuh ; jurit = pêrang.
11.
--- Lalis ; layon ; pralaya ; palastra ; antaka = mati.
12.
--- Prana ; nala ; wardaya ; kalbu ; tyas = ati.
13.
--- Tikbra ; rudita ; rudatin ; turidha ; sungkawa = susah.
14.
--- Katong ; naréndra ; nata ; naréswara ; naradipa ; narapati ; narpati ; pamasa ; pamasé = ratu.
15.
--- Nindyamantri ; mantrimuka ; mantriwrêdha ; mantripangayun ; warangkapraja = patihing ratu.
16.
--- Suta ; sunu ; siwi ; atmaja ; tanaya = anak.
17
--- Jaladri ; jalanidi ; samodra ; tasik = sagara.
18.
--- Diradha ; dipa ; dipangga ; èsti = gajah.
19.
--- Kapti ; sêdya ; kayun ; karsa = karêp.
20.
--- Wrin ; udani ; uniga : anon ; uning ; myat ( miyat ) = wêruh.
21.
--- Sunar ; sunu : sênên ; praba ; ujwala = sorot.
22.
--- Umi ; wibi ; réna = biyung.
23.
--- Rama ; yayah ; sudarma = bapa.
24.
--- Suka ; réna ; trusta = sênêng.
25.
--- Lir ; péndah ; kadi ; kadya ; pindha =
kaya.
26. Lsp.
--- wjg ---
-----> Ana candhaké BAB : PURWAKANTHI
XI.24.B.14.
-----> mirsanana IX. 40.D. 2
Wednesday, January 22, 2020
XI. No. 22. B. 12. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : WANGSALAN )
Kasusastran Jawi 22 :
Wangsalan :
Wangsalan iku unèn-unèn saèmpêr cangkriman, nanging batangané kasêbut pisan.
Olehé nyêbutaké batangané iku ora kanthi mêlok ( ora dicêplosaké ), nanging kanthi têmbung kang sinandi, mung kasêbutaké sawanda utawa luwih, ana ing ukara candhaké.
Tuladha :
1.
--- Jênang séla, wadêr kali sêsondhéran
( apu ~ sêpat ).
--- Apuranta, yèn wontên lêpat kawula.
2.
--- Sayuk karya, wulung wido mangsa
rowang ( saiyêg ~ bidho ).
--- Sayêktiné, wit saking bodho kawula.
3.
--- Gêlang swéda, kancing
gêlung munggwèng dhadha
( ali-ali ~ pêniti ).
--- Aywa lali, dèn nastiti barang karya.
4.
--- Jênu tawa, dhépoké Pandhita Durna
( tungkul ~ Sukalima ).
--- Ywa kêtungkul, ulah suka tan prayoga.
5.
--- Widhêng galêng, putra Krêsna
Paranggrudha ( yuyu ~ Samba ).
--- Tyas rahayu, agawé tibaning wahyu.
Wangsalan wêrna lima ing ndhuwur iku siji-sijiné ngrong ukara, saukarané kadadéan rong gatra.
Gatra sapisan patang wanda, gatra kapindho wolung wanda.
Nanging wangsalan ing ndhuwur iku dudu golongané wangsalan kang edi-peni. Wangsalan kang èdi-pèni bakal katêrangaké.
Kajaba saka iku ora kabèh wangsalan dhapukané rong ukara, nanging uga ana wangsalan dhapukané saukara.
Tuladha :
1.
--- Nyaron bumbung, ngantos cêngklungên anggèn kula ngantu-antu rawuh panjênêngan ( saron bumbung = angklung ).
2.
--- Wah, Mas panjênêngan punika mila mbalung ula, brêgas saèstu.
( balung ula = ragas ).
3.
--- Yak, rak inggih botèn dados punapa, ingkang baku rak pêkên alit, mangsa sandéa karsa panjênêngan
( pêkên alit = wandé ).
4.
--- Mrica kêcut, muni kok bab sing ora nyata ( mrica kêcut = wuni ).
5.
--- Sêkar arèn lo Mas, sampun dangu-dangu, tumuntên rawuh mriki malih
( sêkar arèn = dangu ).
6.
--- Wong mung dialokaké mangkono baé kok mêntil kacang, banjur mbêsêngut
( pêntil kacang = bêsêngut ).
7.
--- Êmbuh ya, aku ora ngapêm landa, ora ngêrti kapan bisa têka kéné
( apêm landa = roti ).
8.
--- Kêndhal Jêram, inggih mênawi kêparêng ing panggalih.
( kêndhal jêram = sêrêng ).
9.
--- Balung gêni, bok mênawa aku mréné manèh liya dina ( balung gêni = mawa ).
10.
--- Sarung jagung, bobot-timbang rak ana awaku ( sarung jagung = klobot ).
11.
--- Balung janur, apa sida budhal saiki
( balung janur = sada ).
12.
--- Kancing gêlung munggwing dhadha, ya titènana baé ( kancing gêlung =
peniti ).
13.
--- Balung jagung Mas,
kêtanggêlan mênawi botèn sêdaya
( balung jagung = janggêl ).
14.
--- Wong iku sing dadi rak kawiné mbako, nyatané ( basa kawi mbako = sata ).
15.
--- Macan galak wulu warak, mangsa
borong ( barongan ).
16.
--- Lha sumangga mênawi badhé tindak kula dhèrèkakên, ulêr kambang satitahé kémawon Pak, botên ngaya ( ulêr kambang = lintah ).
Satitahé = alon-alonan
Wangsalan Èdi-pèni :
Wangsalan èdi-pèni iku kêna kapérang dadi loro yaiku :
1. Wangsalan wujud ukara siji. Wangsalan iki kadadéan saka rong gatra. Gatra kapisan 4 wanda, katra kapindho 8 wanda.
2. Wangsalan wujud ukara loro.
Wangsalan iki kadadéan rong ukara. Siji-sijining ukara, rong gatra. Gatra kapisan 4 wanda, gatra kapindho 8 wanda. Wangsalan èdi-pèni iku ukarané nganggo purwakanthi guru swara.
1. Wangsalan wujud ukara siji /saukara :
--- a.
Kapi jarwa ( kêthèk ), dakpêthèk mangsa luputa.
--- b.
Kawi banyu ( tirta ), nyata karangané Guru.
--- c.
Carang wrêksa ( pang ), nora gampang ngarang Basa Jawa.
--- d.
Kukus gantung ( sawang), daksawang sajaké bingung.
--- é.
Gayung sumur ( timba ), lamun kêmba aja mundur.
--- f.
Kêmbang ganyong ( midra, puspanyidra ), aja cidra marang aku.
--- g.
Bayêm arda ( latêng, klatêng ), putri antêng tur jatmika.
--- h.
Balung janur ( sada ), mangka usadaning nganggur.
--- i.
Rêca kayu ( golèk ), golèka kawruh rahayu.
--- j.
Wohing tanjung ( kêcik ), bêcik njunjung bapa-biyung.
--- k.
Jarum jala ( coban ), coba-coba ngikêt basa.
--- l.
Roning mlinjo ( êso ), sampun kêsêl nyuwun ngaso.
--- Pêpèngêt :
Têmbung ing jêro kurung aja diwaca, kuwi mung kanggo nudhuhaké batangané.
2. Wangsalan èdi-pèni wujud rong ukara :
Wangsalan èdi-pèni kang wujud rong ukara kang ditêrangaké ing kéné mung sing èdi-pèni dhéwé, yaiku sing dhapukané ukara :
--- a. Sabén wangsalan siji kadadéan saka rong ukara.
--- b. Sabên saukara kadadéan saka rong gatra.
--- c. Gatra kapisan 4 wanda, gatra kapindho 8 wanda.
--- d. Ukara kapisan ukara wangsalan, kudu wujud purwakanthi guru swara, lan têmbung ing wêkasan gatra kapisan, padha karo têmbung wiwitané gatra kapindho.
--- é. Ukara kapindho kêna wujud purwakanthi guru swara, cacahing wandané padha karo ukara kapisanan.
~~ Tuladha :
1.
--- Bayêm arga, argané ngrasuk busana
( latêng~bêsus )
--- Mari antêng, bêsusé saya katara.
2.
--- Kulik priya, priya gung Anjani putra
( manuk tuhu~Anoman )
--- Tuhu éman, wong anom wêdi kangélan.
3.
--- Têpi wastra, wastra kang tumrap
mustaka ( kêmadha~ikêt )
--- Para mudha ngudia angikêt basa.
4.
--- Kancing gêlung, gêlung kondhé
modhèl Bandhung ( susuk~ciodha )
--- Bésuk apa, damangé mring sastra
Jawa.
5.
--- Yaksa Déwa, Déwa Dewi lir danawa
( Btr. Kala~Btri. Durga ).
--- Kala mudha, bangkit ambéngkas
durgama.
6.
--- Carang wrêksa, wrêksa kang rinéka
janma ( pang~golèk )
--- Nora gampang, golèk kawruh mrih
kaonang.
7.
--- Ngréka puspa, puspa nêdhêng mbabar
ganda ( nggubah~mêkar )
--- Nggubah basa, mrih mêkar landhêping
rasa.
8.
--- Mong ing tirta, tirta wijiling salira
( baya~kringêt )
--- Sapa baya, bangêt ngudi basa Jawa.
9.
--- Ancur kaca, kaca kocak munggwing
nétra ( banyu rasa~têsmak )
--- Wong wruh rasa, tan mamak ing
tata-krama.
10.
--- Sayèng kaga, kaga krêsna mangsa
sawa ( kala~gagak )
--- Wong susila, lagaké anuju prana.
Kang kasêbut ing ndhuwur 10 warna wangsalan kang éndah dhéwé, maksudé nglungguhi wêwaton kang èdi-pèni.
Wondéné wangsalan kang sinawung têmbang uniné :
Pêtis manis, sariné kaca bênggala.
Aja ngucap, yèn durung wêruh ing rasa.
Iku uga kalêbu éwoning wangsalan kang èdi-pèni, sastra éndah, utawa basa pacakan, nanging kalah éndah karo kang tinulis 10 wangsalan ndhuwur mau.
Kajaba saka iku ana wangsalan kang batangané ora kasêbutaké, jalaran wong sing maca utawa sing krungu dianggêp wis ngêrti marang maksudé.
Amarga dianggep wis lumrah kêprungu ana ing pasrawungan padinan.
Kayata :
1.
Wah, éuk-ésuk kok wis mlaku-mlaku, sajaké arêp nggêntha dara ( apa arané gêntha dara ? ).
2.
Pak Guru barêng ngagêm agêman cara Jawa banjur mandhan rawa ( apa arané pandhan rawa ? ).
3.
Ah, éman têmên, ênom-ênom kok njangan gori ( apa arané jangan gori ? ).
4.
Wé hla njanur gunung têmên kowé, durung jam pitu wis budhal ( apa arané janur gunung ? ).
5.
Barêng wis dikandhani kok banjur ngrokok cêndhak ( apa arané rokok cêndhak ? ).
6.
Jênang gula lo, poma ! ( apa arané jênang gula ? ).
7.
Kutha gudhêg iku kasêbut kutha thêlênging pêrjuangan ( apa arané kutha gudheg ? ).
8.
Bapak lagi baé kondur saka kutha Bêngawan, malah durung nganti lukar agêman ( apa arané kutha Bêngawan ? ).
9.
Barêng krungu têmbang Jawa, bênêr larasé, trêp pathêté, éndah céngkoké, tur bêcik cakêpané, rak banjur ngêmbang durèn ( apa arané kêmbang durèn ? ).
10.
Ngunèni wong kok nganak cêcak têmên ( apa arané anak cêcak ? ).
Wangsalan kang kamot ing Kasusastran sinawung ing têmbang :
1. Sêkar Macapat Sinom :
--- Wêwangsalan roning kamal.
--- Pra anom dèn ngati-ati.
--- Wrêksa kang pinêtha janma.
--- Golèk kawruh kang sêjati.
--- Kulik priya upami.
--- Anganggoa rèh kang tuhu.
--- Kalpika pasrèn karna.
--- Gêgêlang munggwing dariji.
--- Aywa tinggal miwah lali pariwara.
~~~ Katrangan :
--- Godhong kamal = sinom.
--- Rêca kayu = golék.
--- Kulik lanang = tuhu.
--- Ali-ali pasrèn kuping = anting-anting.
--- Gêlang ing driji = ali-ali.
2. Sêkar Macapat Dhandhanggula :
--- Carang wrêksa ingkang jamang tambir.
--- Nora gampang wong mêngku nêgara.
--- Baligo amba godhongé.
--- Kudu santosèng kalbu.
--- Têngarèng prang andhêging riris.
--- Dèn tatag tranging cipta.
--- Sêndhang niring ranu.
--- Sasat ana ing palagan.
--- Kasang toya mênyan séta munggwing
ardi.
--- Yèn apês kuwirangan.
~~~ Katrangan :
--- Carang wrêksa = pang.
--- Jamang tambir = wêngku.
--- Baligo = labu.
--- Têngara pêrang =têtêg.
--- Mandhêgé riris = têrang.
--- Sêndhang nir ing banyu = asat.
--- Kasang toya = impês.
--- Mênyan séta = wlirang.
3. Sêkar Macapat Kinanthi :
--- Kinanthi liring pitutur.
--- Kênthang rambat mênyan putih.
--- Awasna dipun pratéla.
--- Nolèha wiranging wuri.
--- Cêcangkok wohing kalapa.
--- Kang dadi pathoking urip.
~~~ Katrangan :
--- Kênthang rambat = téla.
--- Mênyan putih = wlirang.
--- Wohing klapa = bathok.
4. Sêkar Macapat Asmaradana :
--- Sun lali-lali tan lali.
--- Sun kelipur saya brangta.
--- Sasolahé katon baé.
--- Gêmbili gung woh ing tawang.
--- Gêdêbugan wakingwang.
--- Jênang gamping rêca kayu.
--- Dalênjêt nggolèki dika.
~~~ Katrangan :
--- Gêmbili gung = jêbubug.
--- Jênang gamping = ênjêt.
--- Rêca kayu = golèk.
Wangsalan kang kanggo ing Karawitan :
1.
--- Trahing Nata, garwa Risang Dananjaya
--- Dèn prayitna, sabarang aywa sêmbrana.
2.
--- Jarwa Purwa, tunggal basané Baskara
--- Amiwiti, Sindhèn sêndhon ing
prasangga.
3.
--- Saji siswa, arané basa nawala
--- Nadyan lamong, nyalêmong tanpa
ukara.
4.
--- Ujung jari, balung Rondhoning kalapa
--- Kawêngkuwa, sayêkti dadya usada.
5.
--- Jarwa mudha, mudhané Sang Prabu
Krêsna
--- Mumpung anom, ngudi sarananing
praja.
6.
--- Téja tirta, atmaja Nata Rahwana
--- Kêkuwunging, karya rujiting wardaya.
7.
--- Jarwèng jalma, janma kang koncatan
jiwa
--- Wong prawira, mati alabuh nagara.
8.
--- Witing klapa, klapa mudha saupama
--- Saluguné, wong mikir sapadha-padha.
9.
--- Sêkar pisang, pisang sêsaji ing karya
--- Patut lamun, linulutan mring sesama.
10.
--- Janur gunung, ukuran bundêr pinola
--- Aywa lèrèn, yèn jangkané durung têka.
11.
--- Tirta maya, supaya anyar kinarya
--- Nênging driya, tan anggaling amung sira
12.
--- Kawis pita, kang lara kéntaring toya
--- Dèn sumarah, marang kang Maha
Kawasa
13.
--- Yaksa déwa, déwa dèwi lir danawa
--- Kala mudha, bangkit ambéngkas
durgama
14.
--- Barat madya, Sri Maha Prabu Pancala
--- Sun kêpèngin, ngèstu pada raja putra.
15.
--- Rubèng garwa, dhusta Wasi Jaladara
--- Kaya ngapa, agawé lara Wiyoga.
16.
--- Manis rêngga, satriya ing Lésanpura
--- Sêtyanana, yèn laliya marang sira.
17.
--- Jarwa néndra, naréndra yaksa
Ngalêngka
--- Rukun trêsna, dadya srana njunjung
bangsa
18.
--- Tirta maya, Supana anyar kinarya
--- Ninging driya, Tanna ngalih amung sira.
19.
--- Lalu mangsa, panusuling magut Yuda
--- Yèn kasèpa, mbantoni lara asmara
20.
--- Wêlut wisa, sawung alit liyan praja
--- Ywa ngrêsula, dadi Bantên ing Nagara
21.
--- Kawi Déwa, giwanging wulan purnama
--- Anjênthara, lumpat pasanging grahita
22.
--- Roning tanggung, bêbasan tanpa
maléca
--- Antêpana, budi têmên anarima
23.
--- Déwa tirta, wantahé amungu néndra.
--- Pra taruna, pangkal lêlabuh nêgara.
24.
--- Wohing arèn, Rukmi jingga saupama
--- Dèn èlinga, ya mung Gusti kang Kuwasa
25.
--- Séna yoga, wanita garwa Bathara
--- Sing prasaja, dimèn lêstari widada
26.
--- Garwa Nata, Nata Agung ing Cêmpala
--- Sari ratri, kudu èling lan waspada
27.
--- Jarwa néndra, Naléndra yaksa
Ngalêngka
--- Rukun trisna, dadya srana njunjung
praja
28.
--- Nata Déwa, prajurit nata pangarsa
--- Nggêgurua, marang jalma kang utama
29.
--- Iring muka, wayang wadung winursita
--- Sun pepinta, aja wangkal marang priya
30.
--- Ngluri marga, pusara rakiting wisma
--- Anuruta, raorané nêmu siya.
31.
--- Lali jiwa, sotya rêkta ing kalokå
--- Asaréa, mirah sun bantali asta.
32. Lsp.
--- wjg --
-------> Ana candhaké BAB : DASANAMA
XI.23.B.13
Sunday, January 19, 2020
XI. No. 21. B. 11. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : CANGKRIMAN )
Kasusastran Jawi 21 :
Cangkriman :
Cangkriman yaiku têtêmbungan utawa unèn-unèn kang kudu dibatang maksudé. Têmbungé liya capéan utawa bêdhékan.
Cangkriman iku kêna kapérang dadi têlu yaiku :
A. Cangkriman Wujud Têmbung
Wancahan
B. Cangkriman Wujud Irib-iribing Barang
( pêpindhan ).
C. Cangkriman Kang Ngêmu Surasa
Bléndéran.
Katrangan :
A. Cangkriman Wujud Têmbung
Wancahan :
Têmbung-têmbungé diwancah :
1.
Pakbolétus = têpak kêbo ana léléné satus.
2.
Pakbomba, paklawa, pakpiyut, pak lêr êmbut-êmbut = têpak kêbo amba, têpak ula dawa, têpak sapi ciyut, têpak ulêr lêmbut-lêmbut.
3.
Wiwawité lêsmbadhongé = uwi dawa wité, talês amba godhongé.
4.
Burnas kopên = bubur panas kokopên.
5.
Pipiru, ndhang-ndhang moh, thong-thong jur = sapiné padha kuru, kandhangé wis amoh, tléthongé ajur.
B. Cangkriman Wujud Irib-iribing Barang
( pêpindhan ) :
1.
Sêga sakêpêl dirubung tinggi = salak.
2.
Pitik walik saba kêbon = nanas.
3.
Embokné wuda, anaké tapihan = pring.
4.
Maling papat oyak-oyakan = undar ( ngikal bênang kanggo nênun ).
5.
Gajah nguntal sangkrah = luwêng pawon.
6.
Embokné diêlus-êlus, anaké diidak-idak = andha.
7.
Kebo njêrum, ngêmu êmas = pawon.
8.
Sing éndhèk didhudhuki, sing dhuwur diurugi dadi padha = timbangan, traju, dhacinan.
Conto cangkriman wujud pêpindhan ing Kasusastran kang sinawun têmbang yaiku :
Sêkar Macapat Pocung :
1.
--- Bapak Pucung blêgêr sirah lawan
gêmbung.
--- Padha dikunjara.
--- Mati sajroning aurip.
--- Mbijig bata nuli urip sagêbyaran.
( batangané rèk ).
2.
--- Bapak Pucung rupané saéngga gunung.
--- Tan ana kang trêsna.
--- Sabên uwong mêsthi sêngit.
--- Yèn kanggonan dèn lus-êlus tinangisan.
( batangané wudun )
Ana uga cangkriman awujud pêpindhan kang sinawung ing têmbang saliyané Pocung.
Sêkar Têngahan Balabak :
1.
--- Kabalabak jroning jagad gêdhé ana,
yêktiné.
--- Jagad cilik sinorotan surya kêmbar,
pindhané.
--- Soring surya ana gunung gung sajuga,
blêgêré.
2.
--- Nèng dhêdhampèng gunung gêdhé ana
sêndhang, andhèmpèt.
--- Sêndhang loro arang wijiling kang tirta,
nyatané.
--- Sandhing sêndhang mawa guwa gung
sajuga, nging gêdhé.
3.
--- Guwa growong awis-awis kawistara,
wujudé.
--- Lumrah lamun kasêbut guwa siluman,
luguné.
--- Lamun mênga amba yèn tumutup rata,
tangkêpé.
4.
--- Jroning guwa kinarya umpêtan baya,
ndhêpèpès.
--- Bajul putih rinajêg wêsi santosa,
galigèn.
--- Yèn ngantia bajul ucul wèh bêbaya,
luwih gêdhé.
Batangané :
--- Jagad gêdhé iku jagad kang gumêlar iki, déné jagad cilik maksudé manungsa ( angganing manungsa ).
--- Sinorotan surya kêmbar = mripat loro.
--- Ngisor surya ana gunungé siji = irung.
--- Ngisor gunung ana sêndhang loro =
bolonganing irung.
--- Sandhing sêndhang ana guwa gêdhé
= tutuk ( cangkêm ).
Guwa ( tutuk ), iku growongané arang-arang katon, marga lumrahé tutuk iku mingkêm, kajaba yèn anuju gunêman.
Tutuk kang mlongo ( ora mingkêm ) ora apik, sênajan lagi mangan prayoga kêcapé ora mangap, yèn angob uga prayoga ditutupi.
Jroning guwa kinarya umpêtan baya = ilat.
Ilat iku lumrahé warnané sêmu putih.
Baya iku pinagêr rajêg wêsi = untu.
Yèn baya putih nganti ucul mbêbayani bangêt = ilat nganti nguculaké ( ngucapaké ) têmbung ora prayoga, mbêbayani tumrap urip ing alam pasrawungan.
C. Cangkriman Kang Ngêmu Surasa
Bléndéran.
Cangkriman kang isi bléndéran iku, pambatangé kudu luwih ngati-ati bangêt, kudu nimbang-nimbang, karo nggathuk-nggathukaké.
Manawa kurang ngati-ati yèn nganti kêblèndèr ( kêplèsèt ) ing têmbung, sisip-sêmbiré digêguyu.
Tuladha Cangkriman ngêmu surasa bléndéran :
--- 1.
Wudunên iku marakaké sugih pari. ----> maksudé paringisan, marga lara pinuju kêseénggol.
--- 2.
Ngétung usuk wiwit mau kok durung rampung-rampung ----> maksudé turon mlumah.
--- 3.
Ora idhêp isin, wong wis tuwa kok ngguyu tuwa ----> maksudé nangis ( ngguyu yèn nganti kliwat adaté mêtu luhé ).
--- 4.
Dhèwèké wis anguk-anguk kubur ---> maksudé lara nêmên bangêt.
--- 5.
Wah, anaké lanang wis wiwit kluruk ----> maksudé wis ngancik birahi.
--- 6.
Gèk dina Ahad, aku sowan Pak Guru diparingi suguhan opak angin -----> maksudé ora disuguh apa-apa.
--- 7.
Bakalé Cina padha digantngi ---> maksudé bakal klambi ( utawa bahan klambi ) sing padha digantungi.
--- 8.
Wong adol pitik disrimpungi ---> maksudé sing disrimpungi iku sikilé pitik.
--- 9.
Wong adol krambil dikêpruki -----> maksudé krambilé sing dikêpruki.
--- 10.
Wong adol mbako diambungi ---> maksudé mbakoné sing diambungi.
--- 11.
Wong dodol témpé diwudani ----> sing diwudani ( diudhari buntêlané ) iku témpéné.
Cangkriman bléndéran kang kamot ing Kasusastran sinawung têmbang kayata :
Sêkar Macapat Dhandhanggula :
--- Ula-ula tan ana kang mandi.
--- Aja wêdi singa nêmonana.
--- Waton êmpuk pijêtané.
--- Ana mênir sabêruk.
--- Banyu pait yèn tètès lêgi.
--- Banyu bisa sêkolah.
--- Nora bisa luluh.
--- Sapa bisa ngukur méja.
--- Ucêng-ucêng nèng banyu tan bisa urip.
--- Tak kuwat mêlèk sêjam.
Batangané :
--- Ula-ula = iku ora atêgês ulané akèh bangêt, nanging maksudé balung gêgêr ( tulang belakang ).
Pancèné ya ora ana balung gêgêr sing mandi.
--- Singa = iki maksudé sadhéngah wong, dudu singa bangsané macan.
--- Waton = sing dikarepaké dudu waton ambèn, nanging têmbung waton iku karepé janjiné, paugêrané.
--- Mênir sabêruk = iku dudu gêdhéné mênir, nanging akèhé sabêruk
( bêruk = jinising takêran ).
--- Tètès = sing dikarepaké dudu tètès têmbung kriya tètès bangsané sêtrup
( ombèn-ombèn ).
--- Banyu bisa sêkolah = maksudé akèhé, saka têmbung aran kolah ( kulah ).
--- Luluh = luluh iku araning kéwan gêgêlan ( luwing ), dudu luluh atêgês ajur.
--- Ngukur = saka têmbung lingga kukur, dudu sing linggané ukur.
--- Ucêng-ucêng = sing dikarêpaké dêlês
( sumbu ), dudu arané iwak kali.
--- Mêlèk sakjam = sing dikarêpaké dudu suwéné, nanging gêdhé ambané padha karo jam témbok.
--- wjg ---
-----> Ana candhaké BAB : WANGSALAN
XI.22.B.12
XI. No. 20. B. 10. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : SANÉPA )
Kasusastran Jawi 20 :
Sanépa :
Sanépa yaiku ukara pêpindhan kang kadadéan saka dhapukané têmbung watak utawa kahanan sinambung têmbung aran.
Pêthikan candran ing Padhalangan :
" Laraping warastra kang tumama ing hanggané Sang Binagus Radèn Angkawijaya mbarubul anarawata.
Nadyan sarirané wus nandhang brana arang kranjang, éwadéné Radèn Angkawijaya nora mingkêd sêjangkah têrus ngêsuk wani nrajang barisané Kurawa karo sêsumbar : " Hèh Kurawa ! Aja agé-agé girang gumuyu.
Ora ana trahing Pandhawa nganti ngucirèng ayuda ...."
Unèn-unèn arang kranjang diarani sanépan. Arang iku têmbung watak utawa kahanan.
Kranjang éwoning têmbung aran.
Apa sing arang kranjang ? Jawabé : " tatuné ".
Dadi yèn sampurnané ukara kudu muni : tatuné arang kranjang.
Tatu dipindhakaké bolonganing kranjang. Sênajan kranjang bolongané kuwi wis kêrêp, éwadéné yèn dipadhakaké karo tatu-tatu kang ana awaké Radèn Angkawijaya isih kêrêp tatuné.
Sanépa kêrêp kamot ing Kasusastran Jawa.
Tuladha manèh kang dumunung ana cakêpan panêmbrama pangantèn :
Sêkar Macapat Kinanthi :
--- Tut-runtut kumêpyur pulut.
--- Ywa nganti bênggang sanyari.
--- Kaya mimi lan mintuna.
--- Têrus widada lêstari.
--- Puji-puja amba samya.
--- Mring pangantèn kakung-putri.
Katrangan :
Kumêpyur kalêbu golongané têmbung watak utawa kahanan.
Pulut kalêbu éwoning têmbung aran.
Sanépa iku lumrahé kasaroja ( dianggo bêbarêngan, dirangkêp ) karo rênggang gula, dadi muni : Rênggang gula, kumêpyur pulut.
Têgêsé : rakêt bangêt, lèngkèt prasasat ora tau pisah.
Tuladha Sanépa liyané yaiku :
1.
Arang wulu kucing ----> kèhing
utangé.
2.
Antêng kitiran ----> polahé.
3.
Pait madu ----> suwarané,
pangandikané, èsêmé.
4.
Wulêd godhong lumbu ----> kulité.
5.
Atos dêbog ----> balungé.
6.
Lêgi bratawali ---> rasané.
7.
Pêrêt bêton ----> rêmbugé.
8.
Abot mêrang sabêlah ----> boboté.
9.
Agal glêpung ---> wujudé.
10.
Kuru sêmangka ---> awaké.
11.
Lonjong botor ---> playuné.
12.
Bêning lêri ---> cahyané.
13.
Jêro tapak mêri ---> kawruhé.
14.
Abang dluwang ---> cahyané.
15.
Dhuwur kêncur ---> dêdêgé.
16.
Arum jamban ---> gandané.
17.
Abot kapuk ---> boboté.
18.
Kumêpyur pulut ----> pasêdulurané.
19.
Lsp.
--- wjg ---
------> Ana candhaké BAB : CANGKRIMAN
XI.21.B.11.
Thursday, January 16, 2020
XI. No. 19. B. 9. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : SALOKA )
Kasusastran Jawi 19 :
Saloka :
Saloka iku unèn-unèn kang ajêg panganggoné ( ora kêna diowahi ) ngêmu surasa pêpindhan, lan kang dipêpindhanaké iku wongé sing gêgandhéngan karo wêwatakané utawa kahanané.
Tumrap saloka têmbungé kang isi pêpindhaning wong sing akèh dumunung ana ing wiwitaning ukara utawa unèn-unèn.
Tuladha :
1. Kêbo bulé mati sétra :
Têmbung kêbo ing ukara iku kang dikarêpaké dudu kêbo éwoning kéwan sikil papat, nanging pêpindhaning wong utawa wong sing dipêpindhanaké kêbo.
Kêbo bulé = kêbo kang warnané putih, iku pêpindhaning wong kang pintêr.
Jaman kuna wong sing duwé warna putih iku bangsa Éropa ( Walanda, Inggris lsp ) sing njajah Indonesia.
Wong Éropa kuwi dianggêp mêsthi pintêré.
Mati = pêpindhané cilaka, sêngsara.
Sétra = têmbung kawi
( Sangsêkêrta ) kang têgêsé :
1. Têgal
2. Pasétran = papan pambuwangané
bangké.
Disétrakaké = dibuwang ing papan pêmbuwangan bangké.
Tumrap Saloka têmbung sétra karêpé panggonan kang ora nyênêngaké, papan kang marakaké wong ora sênêng ing papan kono.
Mati sétra = nêmu cilaka utawa sêngsara, marga ana papan kang ora nyênêngaké.
Kêbo bulé mati sétra = wong pintêr nêmu sangsara marga urip ing panggonan kang wongé ora mbutuhaké kapintêrané.
2. Asu bêlang kalung wang :
Asu bêlang pêpindhaning wong asor, utawa wong asor dipêpindhanaké asu bêlang.
Kalung wang = kêmpyong wang = sugih dhuwit.
Saloka asu bêlang kalung wang dipatrapaké marang wong kang asor, nanging sugih.
3. Kutuk nggéndhong kêmiri :
Kutuk iku pêpindhané wong kang ora nduwèni kêkuwatan, tanpa daya, ora bisa nglawan sêmangsa ana bêbaya.
Nggéndhong kêmiri pêpindhané manganggo sarwa mompyor kang akèh pêngajiné.
Kutuk nggéndhong kêmiri = wong manganggo sarwa mompyor lumaku nêmu cilaka saka pênggawéné wong ala ( copèt, bégal ).
Saloka iku cacahé akèh bangêt ana sing nganggo purwaknthi guru swara, ana sing lugu ( barès ).
Kayata ;
1.
Gajah ngidak rapah = wong kang tindakané ora padha karo gunêmé, utawa wong kang nglanggar wêwalêré dhéwé.
2.
Sumur lumaku tinimba = wong kang kumudu-kudu dijaluki wêwarah.
3.
Cuplak andhêng-andhêng ora prênah panggonané = wong kang njalari ala, sêdulur, kanca prayoga disingkiraké.
4.
Kêtépang ngrangsang gunung = wong sèkèng duwé panjangka gêdhé, utawa nduwé panjangka ora ngèlingi karo kahanané.
Kêtépang = bangsané krokot, kang mrambat ing wit ( bangsané krokot ).
5.
Kêmladhéyan ngajak sêmpal = sanak-sêdulur kang ngajak marang karusakan.
6.
Kêbo mulih ing kandhangé = pangkat oncat saka sawijining waris, bisa bali marang waris kasêbut ( wong nalika ênom nyambut gawé ana ing papan adoh saka asalé, barêng wis tuwa bisa nyambut gawé manèh ana ing asalé dhéwé.
7.
Kêbo nusu gudèl = wong tuwa njaluk wuruk marang wong ênom.
8.
Gong lumaku tinabuh = wong kang kumudu-kudu ditakoni.
9.
Têkèk mati uloné = nêmu cilaka marga saka gunêmé dhéwé.
10.
Timun wungkuk jaga imbuh = wong bodho, kanggoné samangsa ana kêkurangané ( sèrêp ).
11.
Tigan kaapit ing séla/êndhog kêjêpit watu = wong ringkih mêmungsuhan karo wong kuwasa, tur dibut loro.
12.
Cêngkir kêtindhihan kiring = wong kang kalah prabawa, amarga kalah tuwa/ kêpèngin mbojo, kapêksa ora bisa amarga sêdulur tuwa durung mbojo.
13.
Dudutan lan anculan = wong loro kang wis kêkêthikan.
Anculan = mêmêdi sawah arupa wong.
Dudutan = tali kanggo nyêndhal anculan.
14.
Jati kêtlusuban ruyung = wong apik kalêbon wong ala wataké.
15.
Bèbèk mungsuh mliwis = wong pintêr mungsuh wong pintêr, nanging sijiné kalah ubêd.
16.
Bathok bolu isi madu = wong sêpélé nanging sugih kaluwihan.
17.
Kurung munggah lumbung = garwa ampéyan ( klangênan ), dadi garwa padmi.
18.
Kutuk marani sunduk = wong kang njarag marang kacilakan.
19.
Ula marani gitik = wong njarag marang kacilakan.
20.
Kêthèk sêranggon = wong ala sagrombolan.
21.
Tunggak kêmadhuh = tilas maru utawa mungsuh.
22.
Lahan karoban manis = wong kang rupané bagus/ayu luhur bêbudèné.
23.
Pêcruk tunggu bara = wong ala tumindaké pinarcaya rumêksa barang kang dadi pakarêmané.
24.
Yuyu rumpung mbarong rongé = omahé njênggarang gêdhé, nanging sêjatiné mlarat.
25.
Macan guguh = wong gêdhé, sanadjan wis ora dadi panguwasa, isih katon mêrbawani.
26.
Gambrèt singgang, mrêkatak ora ana sing ngangêni = prawan kênès, ora ana sing nakokaké, jalaran ora ana sing sênêng ngalap bojo.
27.
Bêlo mèlu sêton = mèlu grubyug, ora ngêrti rêmbug ( karêpé).
28.
Jaran krubuhan êmpyak = wong kang wis kanji.
29.
Pitik trondhol diumbar ing pêdaringan = wong kang ala timindaké dipêrcaya rumêksa barang kang dadi karêmané, ora wurung êntèk.
30.
Wédang lêlaku tumpêr cinawêtan = bocah jadah disirik déning wong akèh.
31.
Iwak klêbu ing wuwu = kêna ing pangapus kanthi gampang utawa nêmu bêbaya kang wis ora bisa ngoncati.
32.
Gajah tumbuk, kancil mati ing têngah = wong gêdhé pasulayan padha wong gedhé, sing disalahaké wong cilik lan wong cilik iku banjur nêmu cilaka.
33.
Têngu ngadu gajah = wong cilik ngadu wong gêdhé.
34.
Asu gêdhé mênang kêrahé = wong kuwasa yèn pêrkaran karo wong cilik, adaté mênang sênajan luput.
35.
Asu munggah ing papahan = mbojo tilasé sêdulur tuwa.
36.
Kawuk ora wêruh marang salirané = najad ora ngêrti marang awaké dhéwé kang sugih cacad.
37.
Cébol/kodhok nggayuh lintang = wong asor duwé pênggayuh kang ora murwat.
38.
Kêbo kabotan sungu = wong karépotan mêrga akèh anaké.
Kasusastran sinawung ing têmbang kang isi Saloka, tuladhané :
Sêkar Macapat Dhandhanggula :
--- Jamak lumrah jaman dhémokrasi.
--- Kèh lalakyan kang dhuk kuna-kuna.
--- Arang-arang karunguné.
--- Wong cilik dadi luhur.
--- Kang wis dhuwur dadi kawuri.
--- Wolak-waliking jaman.
--- Têmêné tinêmu.
--- Tunggak jarak padha mrajak.
--- Tunggak jati padha mati têmah dadi.
--- Nampa papan kang papa.
Katrangan :
Tunggak jarak = pêpindhané wong asor.
Tunggak jarak mrajak = pêpindhané wong asor kang tuwuh turuné.
Mrajak = sêmi.
Tunggak jati = pêpindhané wong gêdhé ( bangsa luhur ).
Mati = pêpindhané turuné ora tuwuh, maksudé dadi wong asor ( biasa ).
Tunggak jati mati = wong luhur, turunané dadi wong cilik.
--- wjg ---
-----> Anacandhaké BAB : SANÊPA
XI.20.B.10
Wednesday, January 15, 2020
XI. No. 18. B. 8. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : B Ê B A S A N )
Kasusastran Jawi 18 :
Bêbasan :
Bêbasan iku : unèn-unèn sing ajêg panganggoné ngêmu surasa pêpindhan, lan sing dipêpindhanaké iku kahanané wong, utawa tindak-tanduké.
Tulaha I :
--- Wastra bêdhah, kayu pokah.
Têmbung wastra têgêsé wantah (lugu ) : jarit, sandhangan.
Têmbung kayu ya wantah, saka têmbung aran kang kramané kajêng.
Nanging ing unèn-unèn wastra bêdhah, kayu pokah iku têmbung wastra ngêmu pêpindhaning kuliting manungsa, têmbung kayu ngandhut maksud pêpindhaning balunging manungsa.
Ukara ndhuwur mau ngêmu surasa : Wong kêtaton nganti katon dagingé, sarta putung balungé ( Wong tiba kang katon dagingé tur balungé tugêl ).
Tuladha II :
--- Ngudang siyungé Bathara Kala.
Unèn-unèn kasêbut diarani bêbasan kang nganggo basa rinêngga.
Tumêkané bêbasan iku sarana dongèng mangkéné :
Bêthara Kala munggah mênyang Kahyangan sapêrlu nggolèki bapaké yaiku Bathara Guru.
Bathara Guru gêlêm ngakoni anak, lamun Bathara Kala gêlêm kajabut siyungé loro kiwa-tengên kang gawé ala rupané.
Barêng kajabut, siyung mau dadi keris kaparingaké Raden Janaka ( Pulanggêni lan Kalanadhah ).
Nganti sapréné yèn ana wong nantang sudukan kabasakaké ngudang siyungé Bathara Kala .
Bêbasan iku akèh bangêt, ana sing dhapukané lumrah, ana sing nganggo purwakanthi guru swara.
Déné unèn-unèn kang kalêbu bêbasan yaiku :
1.
Kêbak luber kocak-kacik = wong kang owah pikiré lumrahé marga kabotan ngèlmu gaib.
2.
Lahang karoban manis = wong kang rupané bagus/ayu, tur tumindaké apik ( luhur budiné ).
3.
Nabok nyilih tangan = namakaké pênggawé ala sarana kongkonan wong liya.
4.
Kocak iku tandha lokak : wong sugih omong ( umuk ), pratandha durung akèh kawruhé. Lukak ( ora kêbak ).
5.
Suduk gunting tatu loro = "nindakaké sawijing bab wusanané nandhang kapitunan luwih saka sawarna.
6.
Nyangoni kawula minggat = ndadani barang kang wis rusak bangêt, têrkadhang biayané kêna kanggo tuku luwih apik.
7.
Nitipaké daging saêrép = masrahaké anak marang wong kang ngêpèk bojo ( rama kuwalon ) Saêrép = saêlèr, satêngkêl sablèbèk.
8.
Ngaub awar-awar = ngawula marang wong mlarat ( ora duwé psnguwasa ).
9.
Cêblok alu = wong loro nggarap pagawéan, tumindaké gênténan.
10.
Ngrêgêm kêmarung = momong wong kang angèl atèn-atèné, bisa-bisa gawé cilakané sing momong.
Kêmarung = oyod gêmbili kang mawa êri.
11.
Srama pinggir jurang = wong wèwèh kang bisa gawé cilakané kang wèwèh utawa kang diwènèhi.
Srama = pawèwèh.
12.
Lanang kêmangi = wong lanang kang jirih.
Kêmangi = godhong kanggo bumbu pêcêl.---> wong jirih bêcik dipêcêl.
13.
Bêras wutah arang mulih marang takêrané = barang kang wis owah, arang bangêt bisa pulih kaya asalé.
14.
Ora ganja ora unus = wong rupané kuciwa, atiné ya ala.
Bêbasan : nggêdêbog bosok.
15.
Sawat abalang wohé = nglamar wanita/priya alantaran sêduluré sing dilamar.
16.
Ora uwur ora sêmbur = wong tuwa kang ora mènèhi pawitan apa-apa karo anaké.
17.
Ngagar mêtu kawul = wong ngojok-ojoki, nanging ora pasah.
18.
Nututi barang wis tiba = nusuli rêmbug kang wis kawêtu.
19.
Nututi layangan pedhot = ngupaya baliné barang rèmèh kang ilang ( ora gutuk karo rêkasané ).
20.
Kêrot tanpa untu = duwé panjangka, tapi ora duwé wragad.
21.
Idu didilat manèh = njabêl janji kang wis dilairaké ( kuduné ora kêna babar pisan ).
22.
Madu balung tanpa isi = rêgêjêgan barang kang sêpélé.
23.
Padu jiwa dikanthongi = pintêr padu marga pintêr ngikal basa.
24.
Lawanan banda = mêmungsuhan karo wong lagi nandhang apês.
25.
Ngangsu banyu ing kranjang = mêguru barêng wis éntuk ngèlmu ora dipigunakaké.
26.
Ngubak-ubak banyu bêning = gawé rêrusuh ing panggonan kang yata-têntrêm.
27.
Dikêna iwaké aja nganti buthêk banyuné = kang sinêdya bisa kêna, nanging aja nganti gawé gêndra.
28.
Êmban cindhé êmban siladan = ora padha pangrêngkuhé siji lan sijiné. Silidan = inis pring.
29.
Bathang lêlaku = wong siji lumaku adoh, ngambah dalan kang mbêbayani. Yèn wong loro bathang ucap-ucap, yèn wong têlu gotong mayid.
30.
Nyugokaké bugêl kayu sêmpu = njagokaké wong bodho, marga isih mambu sêdulur utawa mitra rakêt.
31.
Cikal atapas limar = kabêgjan kang langka ( tuku lêmah, isi pêndhêman raja brana ).
32.
Katon cêpaka sêwakul : disênêngi dening wong akèh.
33.
Ramban-ramban tanggung = ngèmbèt wong liya, tanpa cumêplos jênêngé ( pêndakwan ).
34.
Othak-athik didudut angèl = rêmbugé katon gampang, barêng ditêmêni jêbul angèl.
35.
Gumêmbrang ora adang = kélangan êntèk-êntèkan. Pari gumêmbrang pari gabug disêrang ama.
36.
Nglungguhi klasa gumêlar = kari nêmu pénaké, kabèh wis sarwa miranti/cumawis.
37.
Glundhung suling = wong lanang omah-omah ora nggêgawa apa-apa.
Glundhung sêmprong = wong wadon omah-omah ora gawa apa-apa.
38.
Mbalung usus = kêkarêpan kang kêndho-kêncêng.
39.
Dicuthat kaya cacing = ditundhung kanthi cara kang siya bangêt.
40.
Dudu bêrasé ditêmpuraké = urun rêmbug ora salaras karo kang dirêmbug.
41.
Sêdhakêp ngawé-awé = wis mari pênggawé ala, batiné isih kêpèngin nindakaké.
42.
Wêdi rai wani silit = waniné ana mburi, yèn sapangarêpan ora wani.
43.
Wong wadon cowèk gompèl = wong wadon mung gumantung sakarêpé wong lanang.
44.
Pandêngan karo Srêngéngé = mêmungsuhan karo wong kang nduwèni panguwasa.
45.
Pandhitaning antêlu = lahiré katon suci, batiné ala mêrga sênêng panggawé ala.
Antêlu = antiga.
46.
Nyêmpal sambi mancal = wong ngawula minggat kanthi nggawa barang-barangé sing dikawulani.
47.
Nyunggi lumpang kènthèng = ngalap wanita dharahing aluhur, niyaté golèk pangauban, nanging ora sumbut karo aboting tanggungané.
Lumpang kènthèng = lumpang watu.
48.
Awak pêndhèk, budi ciblèk = turuné wong asor, nistha tindakané
49.
Kêlacak kêpatak = ora bisa mungkir mêrga wis kabuktèn.
50.
Durung kêbak kêsêlak jujul = durung akèh kapintêrané, kêsêlak kepéngin mamèraké.
51.
Adol lênga kari busik = dundum, awaké dhéwé ora kanduman.
52.
Nyèrèd pring saka pucuk = pegawéyan kang gampang, dadi angèl marga klèru patrapé.
53.
Nggutuk lor kêna kidul = wong nyêmoni.
Padha karo krosak ing kéné, gêdêbug ing kana.
54.
Lambé setumang kari samêrang = mituturi bola-bali, sing dituturi ora nggapé.
55.
Diwènèhi ati ngrogoh rêmpêla = wis dilonggari, njaluk dilonggari manèh.
56.
Ora têmbung ora lawung = nyilih barang ora têmbung karo sing duwé.
57.
Ora totok-jawil = ora ngabari ora njaluk pamrayoga karo wong sing kudu dijaluki pamrayoga.
58.
Nggêgalak racak nênangi kêmrêki = nggugah marang kêkarêpan ala.
59.
Sandhing kirik gudhigên = srawung karo wong ala.
Sandhing kêbo gupak = sandhing cèlèng bolotên. Bolot = guluhé cèlèng.
60.
Lawas-lawas kawongan godhong = wong ngawula suwé-suwé ora kanggo.
61.
Nyundhang bathang banthèng = ndadèkaké priyayi dharahing aluhur kang wis apês.
62.
Nguthik-uthik macan dhédhé = gawé nêpsuné wong kang wis lilih anggoné nêpsu.
63.
Singidan nêmu macan = niyaté nyamur laku, jêbul konangan.
Pêpèngêt :
Bêbasan iku ana sing sok kêlantur kayata : Madu balung tanpa isi têrkadhang kêlantur Madu balung kêpèsing.
Kêjaba iku bêbasan iku tuwuhé ana gêgayutan karo kadadéyan kang wis klakon.
Kayata :
1. Padu jiwa dikanthongi.
--- Ing jaman biyèn ana wong pintêr ngikal basa jênêngé Jiwa.
Saking pintêré lamun pêpadon mêsthi mênang sênajan kuwi salah.
Mulané yèn ana wong padu mênang sarana pintêré ngikal basa, ditêmbungaké padu jiwa dikanthongi.
2. Kêpatak kêlacak.
--- Ing jaman kuna ana wong nyolong kêbo, barêng dilacak tapaké nganti tumêka omahé sing nyolong kabuktèn wêrna loro yaiku lacak lan patak, mula ora bisa mungkir.
Dadi yèn ana wong luput kadakwa ora bisa mungkir dibasakaké kêpatak kêlacak.
Bêbasan iku uga ana kang sinawung ing têmbang kayata :
I. Sêkar Macapat Dhandhanggula
--- Nadyan julig lakuné wong maling.
--- Nora wurung bakal kuwanguran.
--- Yen wis kêbak sundukané.
--- Têmah camah tinêmu.
--- Saturuné dipun cirèni.
--- Sinarang para rowang.
--- Dèn dohi sadulur.
--- Marma poma aywa padha.
--- Laku juti wasanané nêniwasi.
--- Kêbak rubêd rubéda.
Ukara sing muni Wis kêbak sundukané iku diarani bêbasan kanggo nêmbungaké wong kang wis akèh bangêt kaluputané.
Ing jaman kuna, wong tuwa ( êmbah ) lumrahé padha nyimpên sunduk kanggo nyunduki apa-apa sing kêna disunduk, minangka pangèling-èling kaluputané anaké utawa putuné.
Sabén ngêrti kaluputané banjur kanggo nyunduk barang. Saya akèh kaluputané, saya akèh sing disunduk.
Atêgês manawa sundukané wis kêbak, atêgês akèh bangêt kaluputané.
Bebasan kasêbut ing ndhuwur, cundhuk karo bêbasan kang uniné Olèh étungané, luput sunduké kang atêgês mungguh akal wis bênêr, nanging barêng dicakaké jêbul wohé ora apik.
II. Sêkar Sinom :
1.
--- Wau bagus Pranacitra.
--- Lagya kapêtêngên galih.
--- Amujung nèng pasaréan.
--- Kongsi byar siyang tan tangi.
--- Harda sungkawèng galih.
--- Tan néndra kéwala mujung.
--- Kang dadya raosing tyas.
--- Miyarsa ujar pawarti.
--- Têmbung rawat-rawat titir pinajaran.
2.
--- Lidhah sinambungan karna.
--- Binadhung kalamun mangkin.
--- Angadêgakên kalangan.
--- Tumênggung Prawiramantri.
--- Kalangan puyuh tuwin.
--- Sawung gêng-gêngan tohipun.
--- Kang para botoh prapta.
--- Pra bagus para priyayi.
--- Para lurah ngabèi kalawan dêmang.
( Buku Pranacitra ).
Ukara titir pinajaran tumrap gancaran titir pinajaraké.
Lidhah sinambungan tumrap gancaran lidhah sinambung.
--- Titir pinajaraké = dhawuh kang ditundhakaké.
--- Lidhah sinambung = timbal-tinimbal, sambung- sinambung, tundha-tumundha.
--- Bandhung = gêdhé, rangkêp, barêng.
--- Karna binandhung = kuping kang wis dirangkêp, mung krungu saka kuping liya.
Pêpèngêt :
--- Manawa paribasan, bêbasan, saloka, wangsalan, cangkriman, sanépa sinawung ing têmbang, têtêmbungan kêna kaulur utawa kaungkrêt kanggo njumbuhaké guru lagu, utawa guru wilangan.
--- wjg ---
-----> Ana candhaké BAB : SALOKA
XI.19.B.9.
Tuesday, January 14, 2020
XI. No. 17. B. 7. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : PARIBASAN )
Kasusastran Jawi 17 :
Paribasan :
Sadurungé nêrangaké bab PARIBASAN, pangimpun pêrlu mêdharaké andharan kaya kasêbut ngisor iki.
Kagawa saka kadrênging ati kumudu-kudu mangêrtèni béda-bédané PARIBASAN, BÊBASAN, lan SALOKA,
pangimpun ora wêgah narutus takon marang wong-wong kang kalêbu sênêng marsudi basa Jawa.
Nanging katrangan siji-sijiné têrkadhang adoh sungsaté, malah ana sing ngalor-ngidul blêjêd.
Malah ana sing waton nêrangaké, uga ana sing nêrangaké nganggo waton, yaiku awèh dalan supaya mbukaka Buku Bausastra Jawa.
Tinêmu pangajapé pangimpun mbukak Bausastra Jawa ing pérangan ngarep tinulis :
--- Bêbasan : têtêmbungan ( ukara ) kang ajêg panggonané.
--- Paribasan : têtêmbungan ( ukara ) saèmpêr saloka nanging têgêsé wantah dudu pêpindhan.
Jêbul ing pérangan liya ana katrangan kan uniné mangkéné :
Bêbasan, têtêmbungan kang ngêmu têgês pêpindhan.
Manut katrangan iki, unèn-unèn bêcik kêtitik, ala kêtara ora kêna diarani bêbasan, sêbab ora ngêmu têgês pêpindhan.
Mangka ing ngarêp wis kasêbutaké mênawa unèn-unèn kasêbut klêbu bêbasan.
Dadi rumasaku katrangan mau ngalor-ngidul.
Unèn-unèn asu bêlang kalung wang ing Bausastra kalêbu éwoning paribasan.
Wondéné kang katulis déning pangimpun ngisor iki, saringané saka wong-wong kang marsudi Basa Jawa.
Mangkéné olèhé mbédakaké PARIBASAN, BÊBASAN, SALOKA :
--- 1. Paribasan :
Unèn-unèn kang ajêg panganggoné, nanging atêgês wantah, ora ngêmu surasa pêpindhan.
--- 2. Bêbasan :
Unèn-unèn kang ajêg panganggoné, isi surasa pêpindhan, sing dipêpindhakaké iku kahanané wong, têrkadhang tindak-tanduké.
--- 3.Saloka :
Unèn-unèn kang ajêg panganggoné, isi surasa pêpindhan.
Sing dipindhakaké wongé ( bisa karo kahanané ).
Tuladha :
1. PARIBASAN :
--- Angon ulat ngumbar tangan ( wantah ).
2. Bebasan :
--- Nututi layangan pêdhot ( pêpindhan
kahanané ).
3. Saloka :
--- Kêbo bulé mati sétra ( pêpindhan
wongé ).
Paribasan iku cacahé akèh bangêt, malah ana sing ikêtané ukara nganggo purwakanthi.
Tuladhané :
--- 1. Gêcul kumpul bandhol ngrompol.
Têmbung gêcul iku ora ngêmu surasa pêpindhan, atêgês wantah.
Mangkono uga bandhol atêgês wantah. Déné têmbungé liya kang nunggal misah karo gêcul lan bandhol, yaiku ndhugal, clunthangan. Paribasan mau mêsthi nggo maribasakaké wong kang ndhugal kumpul karo wong kang ndhugal.
Paribasan gêcul kumpul, bandhol ngrompol iku dhapukané ukara nganggo purwakanthi guru swara.
Nanging sarèhning ukara iku isi paribasan aja diarani ukara purwakanthi, sampurnané diarani paribasan kang nganggo purwakanthi guru swara.
--- 2. Kulak warta, adol pangrungon.
Unèn-unèn ing ndhuwur uga diarani paribasan, sênajan isi surasa éntar. Nanging panganggoné tansah ajêg, ora kêna diowahi.
Yèn éntar, panganggoné bisa kadhapuk liyané.
Kayata têmbung gêdhé, bisa kadhapuk ora ajêg.
Conto : 1
--- Gêdhé atiné.
--- Gêdhé kêkarêpané.
Conto : 2.
--- Landhêp atiné
--- Pèné landhêp, lsp.
--- Unèn-unèn liyané kang kalêbu
paribasan :
1.
Ana catur mungkur = Ora gêlêm ngrungokaké cêcaturan kang kurang prayoga.
2.
Undhaking pawarta sudaning kiriman = Kabar lumrahé mundhak saka kanyatan, nanging kiriman lumrahé suda saka asliné.
3.
Adigang, adigung, adiguna = ngêndêlaké kêkuwatané, kaluhurané, kapintêrané.
4.
Kêpara kêpéré = ora padha pangêdumé, ana sing kaduk, ana sing kêsêthithikên.
5.
Blaba wuda = marga saka lomané, nganti uripé dhéwé kêcingkrangan.
6.
Durung pêcus kêsêlak bêsus = durung kuwat, wis duwé panjangka sing ora-ora.
7.
Dudu sanak dudu kadang, yèn mati mèlu kélangan = wong liya nanging yèn nganti nandhang ora kêpénak, mèlu ngrasakaké prihatin.
8.
Mbidhung api rowang = sumêdya maéka, nanging réwa-réwa asung pambiyantu.
9.
Nambung laku / Tambuh laku = api-api ora ngerti.
10.
Criwis cawis = dipréntah sajak wêgah karo maidoni, nanging têtêp nindakaké préntahé.
11.
Cêkoh régoh = wong kang wis jêmpo ora bisa ngglawat.
12.
Cobolo mangan têki = wong bodho ora pantês mangan panganan salumrahé.
13.
Kuncung nganti gêlung = wiwit cilik nganti têkan déwasa.
14.
Kongsi jambul wanên = kongsi tuwa bangêt.
15.
Tulung mênthung = têtulung gawé sêngsarané sing ditulungi.
16.
Saksi rumêmbé = saksi susulan ( sakawit kandha duwé saksi siji, pamburiné duwé saksi loro utawa luwih ).
17.
Dahwèn ati opèn = nacat mêrga duwé mèlik sing dicacat.
18.
Tan-tan tuman = bisa kuwat mêrga kulina ( tan-tan wancahané : tahan-tahan )
19.
Wêlas têmahan lalis = wêlas marang sawijing wong, malah gawé cilakané sing diwêlasi ( mêrga mêlas mbanjur mbantu, sing dibantu kurang prihatin marga ngêndêlaké pitulungan ).
20.
Nyolong pêthèk = ora pas karo pêthèké ( dipêthèk pintêr jêbul bodho ).
21.
Giri lusi janma tan kêna ingina = manungsa ora kena diina ( no.20 ).
22.
Obah ngarêp, kobèt mburi = pêngarêpé tumindak, andhahané mêsthi mèlu.
23.
Ciri wanci lêlai ginawa mati = padatan ala ora bakal ilang yèn durung tumêka pati.
24.
Kinêban lawang tobat = ora olèh pangapura karo Gusti Allah.
25.
Kadang konang = sing diaku sêdulur mung sing nduwèni dêrajat.
26.
Tunggal wêlad = sêdulur nunggal bapa-biyung.
27.
Kêtula-tula kêtali = tansah nêmu sangsara/cilaka.
28.
Kalah cacak mênang cacak = samubarang bisa lan orané yèn wis tumandang.
29.
Njajah désa milang kori = nêkani têkan ngêndi-êndi.
30.
Sadumuk bathuk sanyari bumi = pêpadon nganti dilabuhi pati.
31.
Golèk-golèk kêtanggor wong luru-luru = mbutuhaké silihan marang wong kang lagi mbutuhaké uga.
32.
Jalukan ora wéwéhan = gêlêm njaluk, ora gêlêm awèh.
33.
Ulat mantêp ati karêp = atiné wis cocog, pancené ya karêp.
34.
Gliyak-gliyak tumindak = sênajan alon nanging tumindak.
35.
Jumambak manak, jumêbêng mêtêng = wong kang kêrêp duwé anak ( yèn anaké rambuté jumêbêng, mêtêng. Yèn anaké jumambak manak ).
36.
Njunjung ngantêbaké = ngalêmbana, nanging karêpé ngasoraké.
37.
Swarga nunut, nêraka katut = kabêgjané gumantung ana bojoné.
38.
Durung ilang pupuk
bawangé/lêmpuyangé = isih bayi.
39.
Ana dhaulaté ora ana bêgjané = arêp ana bêgjané, nanging ora sida tumiba.
40.Kêplok ora tombok = mèlu sênêng, ora mèlu wragad.
41.Yatna yuwana, léna kêna = sapa wêwéka raharja, sing sapa pêpéka cilaka.
42.
Léngkak-léngkok, ora wurung ngumbah popok = wong ditari jêjodhoan ora gêlêm, wusanané klakon têrus duwé anak.
43.
Yuwana mati léna = becik bêbudèné nêmu cilaka, amarga saka kurang wêwéka.
44.
Ladak kêcêngklak = wong angkuh nêmu pakéwuh.
45.
Kênès ora ètès = wanita sugih umuk, nanging bodho.
46.
Blilu tau, pintêr durung nglakoni = sênajan bodho wis tau nindakaké njalari prigêl, tinimbang pintêr durung tau nindakaké.
47.
Busuk kêtêkuk, pintêr kêblingêr = sing bodho lan sing pintêr, padha-padha nêmu cilaka. Sing bodho pancèn ora ngêrti, sing pinter kurang wêwékané.
48.
Anak molah bapa kêpradhah = wong tuwa nêmu pakéwuh, marga saka luput tindakané anaké.
--- Dipradhah = didadèkaké batur
--- Kêpradhah = diukum dadi batur marga
anaké gawé luput durung déwasa.
--- Wong pradhah = wong loma.
49.Sêmbur-sêmbur adas, siram-siram bayêm = saka pujiné wong akèh, bisa klakon.
50.
Bapa kêsulah, anak kêpolah = anak wajib nanggung marang pêrakarané bapaké sing wis tinggal-donya.
--- Sulah ( disulah ) =diukum sarana dikrocok gêgaman.
51.
Kèndêl ngringkêl, dhadhag ora godhag = ngaku pintêr, ora bisa nindakaké bab
sing nganggo kepintêrané.
52.
Kêbat kliwat, gancang pincang = tumindak kêsusu, banjur klèru.
53.
Tuna satak, bathi sanak = tuna sithik, tambah kanca/mitra.
54.
Tut wuri handayani = ing mburi tansah ngawat-awati.
55.
Têmbang rawat-rawt, ujaré bakul sinambéwara = kabar kang durung mêsthi bênêr luputé.
56.
Sêpi ing pamrih, ramé ing gawé = nyambut gawé kanthi mêmpêng, tanpa mèlik apa-apa.
57.
Gêmblung jinurung, édan kuwarisan = ndhugal nanging durung tau kêtanggor.
58.
Sluman-slumun slamêt = nadyan kurang wêwéka tansah nêmu slamêt.
59.
Dhêmit ora ndulit, sétan ora doyan = ora ana rubéda.
60.
Buntêl kadud, ora nginang ora udud = nyambut gawé kanti opah borongan, tanpa tampa ingon.
--- Kadud = bangsané bagor, kang digawé saka sêrating gêbang.
Tuladha paribasan kang sinawung tembang :
I. Sêkar Asmaradana :
--- Dèn nasti ngati-ati.
--- Tindak-tanduk dèn tumata.
--- Kanthi sarèh mrih pakolèh.
--- Aywa mburu kêbat kliwat.
--- Tandang kang gancang pincang.
--- Kêsusu sok dadi klèru.
--- Alon klakon lwih prayoga.
II. Sêkar Têngahan Gambuh :
1.
--- Wontên pocapanipun.
--- Adiguna adigang adigung.
--- Pan adigang kidang adigung pan èsti.
--- Adiguna ula iku.
--- Têlu pisan mati sampyoh.
2.
--- Si Kidang ambêgipun.
--- Ngêndêlakên kêbat lumpatipun.
--- Pan si gajah ngêndêlakên gêng ainggil.
--- Si ula ngêndêlkên iku.
--- Mandiné wisa yèn nyakot.
Surasané têmbang ndhuwur iku, kêplok karo kang kasêbut ing candran ana sêni padhalangan :
~~ Adigang wataking kidang kang ngêndêlaké cukating malumpat.
~~.Adigung wataking gajah kang ngêndêlaké gêdhéning awak.
~~ Adiguna wataking ula kang ngêndêlaké mandining wisa.
Adigang = ngêdiraké kukuwatan.
Adigung = ngêdiraké kaluhuran.
Adiguna = ngêdiraké kapinteran.
Pêpèngêt :
Paribasan iku ana sing ukarané kêlantur owah saka asal-mulané kayata :
1.
--- Yèn manut asal-mulané wêlas têmahan lalis, terkadang sok kelantur dadi wêlas tanpa lalis.
2.
--- Nyolong pêthèk têrkadhang dilantur-lanturaké nyolong pêthèl sasangkal-sangkalé.
Ora mung Paribasan sing bisa kelantur, uga bêbasan.
Conto :
--- Idu gêni, têrkadhang ( ana ing Pêdhalangan ditambahi dadi idu
gêni, riyak mawa.
--- wjg ---
------> Ana candhaké BAB : BÊBASAN
XI.18.B.8.
XI. No. 16. B. 6. KASUSATRAN JAWI ( BAB : TÊMBUNG ÉNTAR )
Kasusastran Jawi 16 :
Têmbung Éntar :
Têgêsé Éntar yaiku :
1. Bablas, lunga, mangkat.---> kêparêng
kawula méntar sapunika Gusti ?
2. Silihan.
Têmbung éntar : têmbung silihan.
Manut têgêsé éntar : têgês kang ora saluguné yèn cara Basa Indonesia sinêbut " kiasan " .
Katrangan :
Têmbung kêthul, iku kang trêp kanggo ngandharaké sipating gêgaman ( gunting, péso, pêdhang, bêndho, lsp ).
Yèn ana têmbung kêthul sing ora atêgês sipating gêgaman, iku diarani nyilih.
Tuladha :
--- Wah sêjatiné aku kêpèngin nyinau Basa éndah, tapi rumasa atiku kêthul, mula mung bisa ngrungokaké éndahé sarana pangrungonku.
Ati dianggêp kaya déné gaman duwé sipat kang kêthul.
Têmbung mau atêgês nyilih gêgaman, kanggo nggathukaké sipating ati.
Ati kêthul : ati kang ora lantip, ati kang wêlu, ati kang ora pasah ditamakaké nggagas ngèlmu utawa kawruh.
Kanggo gunêm sabên dinané biasané ati kêthul iku padha karo bodho, ndablêg.
Ringkêsané têmbung kang isi surasa ora mung sawantahé utawa ora saluguné diarani têmbung éntar.
Tuladha Têmbung Éntar liyané :
1. Lobok atiné -----> sabar, ora gampang
muring.
2. Dawa tangané -----> climut, sênêng
njupuk darbèké liyan.
3. Jêmbar sêgarané ----> sugih
pangapura.
4. Lunyu ilaté -----> gunêmé méncla-
ménclé.
5. Tipis lambéné ----> sênêng nyatur,
sênêng mêmisuh.
6. Ènthèng tangané ----> cêngkiling,
sênêng milara.
7. Gêdhé sirahé -----> umuk, ambêk
cubriya-kibir.
8. Landhêp pèné ----> sênêng mèngêti
luputé bawahané.
9. Ngatonaké siyungé ---> nuduhaké
panguwasané, kêkêndêlané.
10. Udan tangis ----> akèh wong nangis.
11. Nggêdhèkaké puluk ----> mêntingaké
mangan, ora prihatin.
12. Kêlépétan ala ----> katut mèlu ala.
13. Nggugah susah ----> marakaké susah.
14. Kawruhé jêmbar ----> ilmuné akeh.
15. Manis èsêmé ----> ngrêsêpaké, gawé
kényut.
16. Mogèl ilaté ----> mêmangan akèh
sarwa énak.
17. Pinggêting ati ----> sêriking ati.
18. Mbalang liring ----> nglirik.
19. Kawruhé matêng ------> sêmpurna.
20. Mbukak wadi ----> ngandhakaké wadi.
21. Ngabangaké kuping ---> gawé nêpsu.
22. Métani luputing liyan ---> nggolèki.
23. Ora kuwat payung ----> ora kuwat
drajat.
24. Mbuwang tilas ---> nutupi alané.
25. Ngrabèkaké sikut ----> sénggolan
( ing pasar, tontonan ).
26. Panèn mata pailan gulu ---> wêruh ora
bisa mèlu ngrasakaké.
27. Padhang mripaté, pêtêng atiné --->
lairé sênêng, batiné ora sênêng.
28. Ngêndhalèni hawa napsu --->
mêpêr/nyêgah kêkarêpan.
29. Kuwat drajat ---> bisa dadi wong
gêdhé.
30. Kalis ing lêlara ---> ora kêtaman.
31. Têmbungé pêdhês ---> têmbungé
gawé sêrik.
32. Papan kang kiwa ---> papan ora
adhakan.
33. Adus kringêt ---> nyambut gawé
abot/ngaya.
34. Ngêtog karosan/ngêpuh kringêt --->
mêmpêng.
35.Wêdi wirang, wani mati ---> milih mati
tinimbang wirang/isin.
36. Nandur kabêcikan/ndhêdhêr
kautaman -----> nggawé.
37. Adu wulêding kulit --->
unggul-unggulan.
38. Ora ngrêngga prajané ----> ora njaga
awaké supaya kajèn.
39. Ora katon dhadhané ---> ora wani adu
arêp.
40. Nggilut kawruh ---> ngudi marang
kawruh.
41. Dhèwèké dadi murid kang katêngên
---> diasihi.
42. Cagak lèk ----> supaya bêtah mêlèk
43. Omongé ora cêtha bongkot-pucuké
----> ora cêtha urutané.
44. Wuduné durung matêng ----> durung
gampang mêcah.
45. Tumiba sangsara ----> nêmahi.
Têmbung éntar kang sinawung têmbang :
Sêkar Sinom :
1.
--- Rêmbêsing madu sudana.
--- Dharahing handana warih.
--- Wijiling amara tapa.
--- Iku akèh kang ngarani.
--- Amung turasing aji.
--- Yèn dudu turasing ratu.
--- Tan kêna sinêbuta.
--- Têrahing kusuma adi.
--- Satêrusé kaya kang kasêbut ngarsa.
2.
--- Jatiné nora mangkana.
--- Têrahing kusuma adi.
--- Wong kang arum gandanira.
--- Liré kang misuwur bêcik.
--- Rêmbêsing madu kaki.
--- Kang sabdané manis-arum.
--- Nor-raga manuhara.
--- Dharahing handana warih.
--- Iya iku wong kang ambêk paramarta.
3.
--- Wijiling wong mara tapa.
--- Iku wong sabar ing budi.
--- Kang wus sêpên napsu-hawa.
--- Lah iku anggonên kaki.
--- Nadyan sutèng narpati.
--- Yèn nora mangkono mau.
--- Iya dudu kusuma.
--- Kusumaa amung lamis.
--- Jaba baé ing jêroné kumprung kompra.
--- wjg ---
---> Ana candhaké BAB : PARIBASAN
XI.17.B.7
Monday, January 13, 2020
XI. No. 15. B. 5. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : TÊMBUNG KÉRATA BASA )
Kasusastran Jawi 15 :
Têmbung Kérata Basa :
Kérata têgêsé :
1. Grêma, tukang mbêburu ( kéwan galak ).
2. Asal-asaling têgêsé têmbung manut
wandawé.
Dikérata têgêsé : ditêgêsi miturut asal-asalé têmbung manut wandané utawa kêcapé.
Kérata basa têgêsé : basa utawa têmbung kang dikérata, yaiku ditêgêsi kanti kapirid saka wêwancahané digothak-gathukaké manut sunduk-prayogané.
Kérata basa uga ana kang sinawung têmbang.
Tuladhané :
Sêkar Macapat Pangkur :
--- Tan mungkur kérata basa.
--- Wahanané krikil kêri nèng sikil.
--- Tandur nata karo mundur.
--- Kutang sikut dèn utang.
--- Garwa iku sigaraning nyawa tuhu.
--- Wanita wani mranata.
--- Siti isi bulu bêkti.
Têmbung-têmbung Kérata basa liyané kayata :
1. Wédang = gawé kadang, ngawé
kadang, wé kang didang
( godhog ).
2. Tandur = ditata karo mundur.
3. Kutang = sikuté diutang ( ora
katutupan ).
4. Tipas .= titip napas.
5. Tarub = ditata supaya murub.
6. Cangkir = nancang pikir.
7. Tuwa = ngêntèni mêtuning nyawa.
8. Wanita = wani nata, wani ditata.
9. Garwa = sigaraning nyawa.
10. Siti = isi bulu bekti.
11. Bêlo = lambéné nggêdabêl matané
mlolo.
12. Jaran = yèn diuja sêparan-paran.
13. Gêdhang = digêgêt bubar madhang.
14. Kêrikil = kêri ana ing sikil.
15. Dubang = idu abang.
16. Cangkêm = yèn ora dicancang
( dijirêt ) ora mingkêm.
17. Rambut = pêra tur lêmbut.
18. Sirah = isiné rah ( gêtih )
19. Lsp.
--- wjg ---
------> Ana candhaké BAB : TÊMBUNG
ÉNTAR XI.16.B.6


