Saturday, February 29, 2020
XI. No. 32. B. 22. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : PRALAMBANG ).
Kasusastran Jawi 32 :
Pralambang :
Pralambang utawa lambang, têmbungé liya pralampita, kang ngêmu têgês : pasêmon utawa prasêmon.
Carané gawé pralambang iku warna-warna, ana sing sarana gambar, sarana solah-bawa, sarana barang, lan sarana ukara.
Sarèhning Kasusastran iku atêgês " basa kang éndah, basa kang ngêmu surasa kaéndahan " pralambang sing kalêbu ing Kasusastran ya mung pralambang sing wêdharé awujud basa kang dilairaké sarana migunakaké basa, yaiku wujud " ukara ".
Pralambang kang wêdharé sarana basa kêna kapérang dadi lima, yaiku :
I. Lambang Jaman
II. Lambang Praja
III. Lambang Dhukun
IV. Lambang Sasmita
( Gêndhing lan Têmbang ).
V. Lambang Liyané.
---* I. Lambang Jaman : *---
Pirang-pirang buku Kasusastran Jawa kang ngêmot Lambang Jaman, luwih-luwih buku Kasusastran Jawa babaran Jaman Kuna kang lumrahé katulis nganggo sastra Jawa, lan singg akèh-akèh ikêtaning ukara sinawung ing têmbang.
Lambang Jaman iku unèn-unèn jasané pujangga, adhapur pêpindhan, ngêmu surasa pralambang utawa prasêmoning jaman.
Mungguh sing dipralambangi utawa diprasêmoni iku " kahanané " jaman.
Lambang jaman kang kêrêp kêprungu nganti jaman saiki ana pitu, yaiku :
1. Andêrpati Kalawasésa :
Pralambang kahanan ing jaman Pêjajaran.
Andêrpati atêgês : ora wêdi.
Kalawasésa iku jêjuluké Bathara Guru utawa Hyang Siwah.
Jaman Pêjajaran, wong-wong Jawa padha ngrasuk agama Siwah. Akèh wong padha ulah tapa ( wani ngêlih, wani ngêkêr kamurkan, wani maténi hawa-napsu, yaiku sing dipralambangi : " Andêrpati ", pêlênging cipta mung marang Hyang Siwa.
2. Raja-pati Déwa-nata :
Pralambangé jaman Majapahit.
Raja atêgês ratu, pati uga ratu.
Raja-pati ( têmbung saroja ) atêgês ratuning ratu, ratu agung binathara.
Raja-pati ing ukara kasêbut dudu atêgês akèh pêpati.
Déwa-nata uga atêgês ratu binathara.
Jaman Majapahit sing jumênêng ratu prasasat Déwa tumurun, kuwasa bangêt, ratu ngratoni ratu, amarga jajahané tumêka sajabaning Nuswantara.
3. Adi Yati Kalawisaya :
Pralambangé jaman Dêmak.
Adi atêgês linuwih, Yati atêgês pêndhita.
Adi Yati padha karo suyati, atêgês pandhita linuwih ; ( Ing buku Sêngkalan ana têmbung Suyati ditegesi Pandhita linuwih ).
Sing dipralamangaké ( dipêpindhakaké ) Pêndhita linuwih ing jaman Dêmak yaiku Wali.
Kalawisaya iku jêjuluké Bathara Guru, Ratuning Déwa ; iku pêpindhané Ratu ing Dêmak.
Ing jaman Dêmak kang jumênêng Ratu asipat Wali, sing njumênêngaké uga para wali.
4. Kalajangga :
Pralambangé jaman Pajang.
Kalajangga iku jêjuluké Bêthara Asmara.
Têmbung asmara atêgês sêngsêm.
5. Kalasakti :
Pralambangé jaman Mataram.
Kalasakti iku jêjuluké Bathara Wisnu, Déwa kang sênêng ulah kaprajuritan ( sarana nitis marang titah ing Marcapada, kang prêluné arêp mêmayu hayuning bawana ).
Ing jaman Mataram ( wiwit Sang Panêmbahan Sénopati ), ratu sakawulané padha sênêng ulah kaprajuritan kaya Bathara Wisnu.
6. Kalajaya :
Pralambangé jaman Wanakarta.
Ana ing ngêndi dunungé negara Wanakarta, lan sapa kang jumênêng Ratu, isih dadi kêkêraning Jawata.
7. Kalabêndu :
Ora kacarita pralambangé jamané nêgara ngêndi, lan sapa jêjuluké kang jumênêng Ratu.
Tandhané ing jaman Kalabêndu yaiku :
1. Lamun wis akèh wong
padha kèrêm marang kadonyan.
2. Awatak wani wirang wêdi mati.
3. Sugih pamrih.
4. Lali marang sêdulur.
5. Akèh dursila juti
6. Arang-arang wong kêna dipêrcåyå.
7. Sing gêmblung untung.
8. Sing murka mulya.
9. Sing nrima cilaka.
10. Sing jujur kojur.
11. Sing bêcik kacêlik, sing ala kasungga.
12. Sing jujur kasingkur, sing dora
kajuwara.
Nanging wusanané barêng ( Sang Nata kang ginaib ) Prabu Amisan wis jumênêng Ratu, sakabèhé :
1. Kang culika nêmu cilaka.
2. Kang murka antuk siksa.
3. Kang jujur dadi luhur, lan
4. Kang nyata suci dipundhi-pundhi.
--- Kamot ing kêkidungan :
-* Sêkar Dhandhanggula *-
--- Yèn wis ana pêndhita ngapusi.
--- Pra satriya laku dêdagangan.
--- Pamèr ngèlmu kabisané.
--- Pra jalma laku nguthuh.
--- Nindakaké bégal lan maling.
--- Kalawan apus krama.
--- Dosané wus numpuk.
--- Kamanungsané wus sirna.
--- Akèh jalma ingkang mati tanpa aji.
--- Buta butêng têgêlan.
( Sêrat kidungan Panggulawênthah ).
--* Sêkar Sinom *--
1.
--- Laksitaning janmå tama.
--- Ambêg rèrèh raras ririh.
--- Tan tinggal duga prayoga.
--- Rêringa tansah liniling.
--- Lamun micara manis.
--- Nêtya sumèh semu arum.
--- Tanggap ning nora calak.
--- Kawignyan dinèlèh wuri.
--- Ngarah-arah nut wahyaning
kalamangsa.
2.
--- Kaluwihaning sujanma.
--- Yêkti liyan kang mastani.
--- Nora ginunggung priyangga.
--- Saparan-paran cariwis.
--- Pamrihé dèn èringi.
--- Tinurutan kang kinayun.
--- Kèhing janma cinacat.
--- Anggêpé wus maha suci.
--- Wong mangkono yèn kadurus têmah
rusak.
3.
--- Marmané para satriya.
--- Kang padha ambêg utami.
--- Ingapura sarjuningrat.
--- Ngénaki tugasé sêsami.
--- Ujaré kuna nguni.
--- Yèn ana satriya agung.
--- Darbé ambêg mangkana.
--- Hyang Suksmaya nugrahani.
--- Kang dêrajat uripé nyrambahi praja.
4.
--- Lah êndi para satriya.
--- Darajaté kaya iki.
--- Kawéntar kéntar praningrat.
--- Wakèh-walèh wong winêling.
--- Marang sudarma nguni.
--- Saiki kang lagi kombul.
--- Drajating kasatriyan.
--- Sapraja mung siji iki.
--- Antarané momot-amoting wardaya.
( Pralambang patrap ala kalawan bêcik ).
---* II. Lambang Praja : *---
Lambang Praja, têgêsé prasêmoning nêgara, nanging sing dipralambangi Ratuné.
Lambang Praja iku uga yasané Pujangga.
Lambang Praja kang kêrêp kêprungu ana ing cêcaturan, cacahé ana 18 ( wolulas ) warna, yaiku :
1. Catur rana sêmuné sagara asat :
Iku pralambangé nagara papat kang tansah paprangan, yaiku :
Jênggala, Kêdhiri, Singasari, Urawan, kang nganti ngêsataké bandha nagara kanggo wragad paprangan.
Catur = papat. Rana = pêrang. Sagara = pêpindhané bandha nagara.
2. Ganda kéntar sêmuné liman pêpéka :
Iki pralambangé Ratu Pajajaran Sri Pamêkas.
Ganda kéntar = pêpindhané ratu kang dilabuh, disédani ing banyu.
Kéntar = atêgês kéndhang ; kang bisa ngéndhangaké iku ilining banyu.
Liman pêpéka = ratu kang kurang ngati-ati, yaiku Ratu Pajajaran kang wêkasan ; tandangé nganti kêna disédani dèning ingkang putra yaiku Siyungwanara, sarana dilabuh ing kali.
3. Macan galak sêmuné curiga kêthul :
Pralambangé Ratu Majapahit.
Macan galak = Pralambangé Ratu Kawasa. Curiga = pralambangé para sêntana sakawulané. Kêthul = ora lantip ing Kasusastran.
Sang Prabu ing Majapahit Ratu Agung, émané para putra santana sakawulané padha kêthul marang kawruh Kasusastran.
4. Lunga pêrang putung watangé :
Pralambangé para Ratu Demak.
Lunga pêrang = pralambangé Sultan Dêmak mêrangi nêlukaké para Adipati kang isih agama Budha, binantu para Wali.
Putung watangé = pralambangé akeh Wali kang tumêka ing séda.
5. Lêlungan datan kongsi bêbasahan,
kasêlak kampuhé bêdhah :
Pralambangé Sultan Hadiwijaya utawa Jaka Tingkir ing Pajang.
Alêlungan = pralambangé wong jumênêng Ratu.
Datan kongsi bêbasahan = durung nganti nêmu wibawa.
Kasêlak kampuhé bêdhah = kasêlak séda.
Jaka Tingkir olehé jumênêng Ratu durung nêmu mukti kasêlak séda.
6. Sura kalpa sêmuné lintang sinipat :
Pralambangé Panêmbahan Sénapati ing Mataram.
Sura = kêndêl, Kalpa = sêsupé, ali-ali. Lintang sinipat = lintang karainan, pralambangé Panêmbahan Sénapati séda.
Kangjeng Panembahan Senapati olèhé nêlukaké para Adipati kang sêtya tuhu marang Sultan Pajang mung abandha kêkêndêlan, tanpa nganggo wadya-bala akèh.
Nanging durung nganti rampung olehé nênêlukaké para Adipati mau wis kêsêlak séda.
7. Kêmbang sémpol sêmuné lêbé
kêkêthu :
Pralambangé Sultan Séda Krapyak lan Sultan Agung.
Kêmbang sémpol = kêmbang tunjung, kêmbang têraté, pralambangé Ratu.
Lêbé = atêgês kayim, kaum, pralambangé wong kang ngêmên-êmênaké nglakoni agama Islam.
Kangjêng Sunan Séda Krapyak lan Kangjêng Sultan Agung iku padha sênêng ulah kasantrèn, mungkul marang agama Islam.
8. Kalpika sru sêmuné kanaka putung :
Pralambangé Kangjêng Mangkurat Têgalarum.
Kalpika sru = ali-ali sêsak, pralambang ora loboking panggalihing Kangjêng Sultan.
Kanaka putung = kuku putung, pralambangé para andêl-andêlé nêgara akèh kang nêmahi séda, amarga kapatrapan paukuman dèning Kangjêng Sultan, saking siyané Kangjeng Sultan mau.
9. Layon kèli sêmuné satriya brangta :
Pralambangé Ingkang Putra Kangjêng Sultan Têgalarum.
Layon kèli = layon kang kéndhang, pralambang layoné Kangjêng Sultan Têgalarum.
Satriya brangta = satriya susah, sungkawa, yaiku Ingkang Putra Kangjêng Sultan Têgalarum mau, amarga jumunêngé Ratu lagi ana sajroning nandhang sungkawa, jalaran lagi ndhèrèk lolosé Ingkang Rama.
10. Gunung kêndhêng sêmuné kênya
musoni :
Pralambangé K. Sunan Pakubuwana I.
Gunung kêndhêng = gunung dawa, pralambangé K. Sunan jumênêngé Ratu wis sêpuh.
Kênya musoni = prawan ngrêsiki kapuk, pralambangé K. Sunan ing atasé wis jumênêng Ratu kok isih manggalih barang sing rèmèh.
11. Lung gadhung sêmuné rara nglikasi :
Pralambangé K. Sunan Mangkurat, putra K. Sunan Pakubuwana I.
Lung gadhung = pupusing gadhung, pralambangé K. Sunan Mangkurat sarwa sêmbada, sarwa prigêl.
Rara nglikasi = prawan ngikal bênang, pralambangé K. Sunan rusuh tindakané marang wanita ( thukmis ).
12. Gajah mêta sêmuné têngu....:
Awas ! Titik-titik saburiné têmbung " têngu " ora kêna diisèni.
Pralambangé K. Sunan Pakubuwana II.
Gajah mêta = gajah nêpsu bangêt, gajah ngamuk, pralambangé K. Sunan kinéringan dening para ratu ngamanca.
Sêmuné têngu .....= pralambangé K. Sunan barêng ana mungsuh nêkani, panggalihé cilik ( mung satêngu ), mundhut marang Pranagari ( Madura ), sarana nggarwa putra putriné Sang Adipati Pranagari ( Madura ).
13. Panji loro sêmuné Pajang-Mataram :
Pralambangé ana Ratu loro yaiku : K. Sunan Pakubuwana III lan K. Sultan Hamengkubuwana I ( K. Pangéran Mangkubumi ).
14. Rara ngangsu randha loro anututi
pijêr atukar :
Pralambangé ana satriya oncat saka praja, ditututi Ratu loro, nanging sing nututi pijêr tukaran ( congkrah ).
Yaiku jaman K. Pangéran Mangkubumi lan R. M. Said madêg suraning Panggalih., kang wêkasané K. P. Mangkubumi jumênêng Sultan Hamengkubuwana I lan R. M. Said jumênêng mêngkoni tanah Sukawati.
15. Tan kobêr apêpaès amangun sinjang :
Pralambangé Kangjêng Sunan Pakubuwana IV, lan Kangjêng Sunan Pakubuwana V.
Tan kobêr pêpaès = ora kobêr ndandani utawa mranata nagara.
Mangun sinjang = pralambang mranata nagara, marga sajroné K. Sunan Pakubuwana IV lan K. S. Pakubuwana V akeh prakara lan akèh rêribêd.
16. Kalabêndu sêmuné Sêmarang lan
Têmbayat :
Pralambangé Kangjêng Pangéran Dipanagara nalika madêg suraning panggalih nganti klakon pêrang mungsuh Kompeni.
Kalabêndu = jaman nêpsu, wêktu muntab utawa duka, ya bênduné K. P. Dipanegara.
Sêmarang = pralambangé wadya-bala Kompêni.
Têmbayat = pralambangé wadya-balané Kangjêng Pangéran Dipanêgara.
17. Tunjung putih sêmuné pudhak
sinumpêt :
Pralambangé ana Ratu adil akêdhaton ing Kêtangga.
Tunjung putih = kêmbang traté warna putih, lambangé kasucian, kaadilan.
Pudhak = kêmbang pandhan warna putih, lambang satriya suci bêbudèné.
Sinumpêt = diwalik, dijungkir, lambang satriya kang ora katon satriya ( ora nudhuhaké kasatriyané ), yaiku satriya kang sadurungé jumênêng Ratu kocap Satriya kêsampar-kêsandhung.
18. Gandrung-gandrung ing lêlurung,
andulu gêlung kêkêndhon ; kêris
parung tanpa karya, êdolên tukokêna
ulêng-ulêng campur-bawur :
Pralambangé tanah Jawa ( Nuswantara ) sawusé têkan gêmah-ripah, raharja, murah kang sarwa tinuku, tulus kang sarwa tinandur.
Kêris parung tanpa karya = kêris kang mawa êluk ora ana kanggoné, lambangé gêgaman-gêgaman wus ora ana kanggoné, utawa ora dipêrlokaké amarga wus aman, tata, titi, têntrêm.
Êdolên tukokêna ulêng-ulêng campur-bawur = keris parung kon ngêdol, tukokaké kêmbang sing wangi-wangi ; lambang wong-wong wus wayahé sênêng-sênêng.
---* III. Lambang Dhukun : *---
Dhukun kang sêpi ing pamrih, kang ora ngalap opah, sing akèh-akèh pêng-pêngan.
( Ing taun likuran, sadurungé taun 1930, ing bawah Sala ana Dhukun kang pêng-pêngan asma Kyai Bêdor.
Uga ing Bandung ya ana asmané Raden Sasrakartana ).
Dhukun kang pêng-pêngan iku akèh kêtatalané, lumrahé sathithik gunêmé.
Yen nglairaké panêmuné sing gêgandhéngan karo kahananing wong-wong kang njaluk pitulungan marang dhèwèké, têrkadhang iguh-pratikêlé dikandhakaké sarana pralambang, ora dikandhakaké wêwantahan.
~~ Kayata :
1.
Yèn dhukun préntah supaya sing disuwunaké bisa kalêksanan ( nyuwun jampi supaya sing lara énggal mari ), Dhukun mau mêsthi nyêbutaké, wêdhakana " banyu adas-pulawaras ".
Awèh wêruh mênawa sing lara bakal énggal waras.
2.
Yèn Dhukun préntah supaya sing lara wêdhakana " gêgodhongan kang isih ênom ", pratandha awèh sasmita lamun sing lara ora bisa katulungan, kulawargané supaya mupus.
3.
Yèn Dhukun préntah supaya sing lara wêdhakana godhong " bayêm ", pratandha awèh sasmita lamun sing lara énggal mari, kulawargané ora pêrlu was-sumêlang, atiné kon sing ayêm.
---* IV. Lambang Sasmita : *---
Pralambang kang diarani sasmita, kêrêp tinêmu lan kêprungu ana ing gêndhing lan têmbang, yaiku kang lumrahé diarani : sasmitaning gêndhing utawa têmbang.
a. Sasmitaning Gêndhing :
Ana ing Sêni Padhalangan ( wayang ), yèn dhalang ngabani marang niyaga njaluk gêndhing apa baé, préntahé dhalang marang niyaga ora dilairaké ing sawantah, nanging kanthi sinamun ing pasêmon kang diarani " sasmita ".
~~~ Kayata :
1.
Gamêlan lagi mênêng, dhalang lagi crita. Dumadakan kêprungu wicarané dhalang kanthi swara santak : " Ora kaya miyosé Ratu Sabarang Sang Prabu Dasamuka ; kiprah-kiprah pating galidrah para wadya-bala danawa kang ndhèrèkaké !"
Maksudé : Dhalang ngabani niyaga, supaya nabuh gêndhing " Béndrong ".
Amarga joged kiprah iku uga diarani béndrong.
2.
Yèn kêprungu wicarané Dhalang mangkéné : " Tindakira Radèn Janaka sarimbit lan Dèwi Wara Sêmbadra, tansah akêkanthèn asta tan kêna bênggang sanyari ".
Maksudé Dhalang préntah marang niyaga supaya nabuh gendhing " monggang " utawa gendhing " Bondhèt ".
3.
Yèn Dhalang ngucap : " Jlêg têdhak saking dhampar kêncana, Sang Prabu anyampar ponang canéla ; gugup sakathahing para manggung-kêtanggung myang parêkan-cèthi, piyak ngarsa tangkêping wuri ".
Maksudé Dhalang njaluk gendhing Ayak-ayak.
4.
Manawa Dhalang ngucap mangkéné : " Lakuné duta panglawung gugup gap-gapan, mlayu-mlayu pindha binuru sardula ".
Maksudé Dhalang njaluk unining gamelan " Playon/Srêpêgan ".
5.
Yen Dhalang nglairaké têtêmbungan mangkéné : " Miyosé Sang Bêgawan ing pacrabakan, dèn dhèrèkaké para cantrik, manguyu-jêjanggan, katon saiyêg-saéka praya tan ana suwala ing karsa ".
Maksudé Dhalang njaluk gendhing " Rajaswala ".
Kajaba kang lumrah kêprungu ana ing carita Padhalangan, ana manèh sasmitaning gêndhing kang kaprah kêprungu ing Panêmbrama, kang diiringi gamêlan.
Dunungé sasmita ana ing wêkasaning gatrané têmbang Gêdhé, Têngahan, Macapat kang kanggo mbawani Panêmbrama.
~~~ Tuladha :
I. Bawa Tembang Gedhé Rêtnamulya
Pl. Br :
--- Sukèng driya, kadya manggih rêtna
mulya.
--- Para siswa S.G.A. ing Surakarta.
--- Tur pambagya Panêmbrama mring
paduka.
--- Binarung ing gêndhing Ladrang
Sriwidada.
II. Bawa Têmbang Gêdhé Mustikèngrat
Sl. 9 :
--- Mustikèngrat, purwakaning, cakêpan
Panêmbrama.
--- Para siswa, S.G.A. ing, asrama
Surakarta.
--- Sung pambagya, basukyarja, widada
trus wardaya.
--- Dé paduka, kasdu sudi, sung tandha
Srihascarya.
~~~ Katrangan :
Ing tuladha romawi I wêkasan bawa ana têmbung Ladrang " Sriwidada ".
Maksudé ngabani marang para among pradangga ( niyaga ), awèh wêruh sarana sasmita yèn satibaning Bawa kudu ditampani gêndhing Ladrang Sriwidada.
Ing tuladha rimawi II wêkasané bawa ana têmbung " Srihascarya ", iku maksudé nyasmitani para niyaga, ing pungkasaning Bawa têrus ditampani " Ladrang Srihascarya ".
b. Sasmita Tumrap ing Tembang :
" Wong Jawa iku ênggoning sêmu ".
Mangkono têtêmbungan kang kêrêp kêprungu.
Sêmu, pasêmon, pralambang, pralampita, têgêsé : " pitudhuh kang ora cumêplos, wêtuning karêp kang kawêdharaké sarana sasmita, kanthi têtêmbungan kang sinamun.
Kasusastran Jawa ing jaman kuna, luwih-luwih karangané para Pujangga, akèh kang isi prasêmon-prasêmon utawa pralampita.
Para pangripta dhèk jaman kuna carané mêdharaké cipta-ripta, lumrahé sinawung ing pralambang utawa prasêmon kang angèl ditlusur surasané.
Nanging tumrap wong Jawa kang lêbda marang Kasusastran Jawa, kang landhêp pangrasané marang éndahing basa, adaté uga lêbda marang ulah-kridhaning pralampita.
Buku-buku Kasusastran kang sinawung ing têmbang babaran jaman kuna, prasasat ora ana kang nyêbutaké jênêngé pupuh kanthi cumêplos.
Kabèh pupuh utawa têmbang, jênêngé sinamun ing prasêmon kang ing jaman saiki lumrahé diarani " ukara sasmita jênênging têmbang ".
Dunungé ukara sasmita jênênging têmbang ana wêrna loro, yaiku :
--- a.
Sasmita ing bêbukaning pupuh :
Isiné nudhuhaké jênêngé pupuh iku.
--- b.
Sasmita ing wêkasaning pupuh :
Isiné pitudhuh arané " pupuh candhaké ", yaiku jênêngé pupuh ing salêbaré pupuh iku.
~~ Tuladha :
--- a.
Sasmita ing bêbukaning pupuh :
1.
--- Mamèt prana rèh " kawuntat ".
--- Kang winangun nalikanira nguni.
--- Sang pra Kawi Wali wolu.
--- Mrih harja wuryèng praja.
--- Pinitaya déra Kangjeng Sang aPrabu.
--- Sri Wasésa ing Bintara.
--- Pinilala murwèng wangsit.
( Lambang praja M. Ng. Mangunwijaya ).
2.
--- " Manis-arum " sinawung langênsri.
--- Sru kawuryan pamudyaning raras.
--- Kang mulya pangrèh sarèhé.
--- Lir manik mandaya gung.
--- Brêmingrat wus winayang ing sih.
--- Sih wigunaning karya.
--- Akarya wulangun.
--- Wulanguning tama-harja.
--- Harjèng déya sinêmangkara suksmadi.
--- Pangèsti murwèng sastra.
( Langêndriyan I, Balai Pustaka ).
3.
--- " Kasmaran " ingkang pinuji.
--- Luputa ing ila-ila.
--- Dèn dohna tulak-sariké.
--- Ngétang sagunging lêlêmbat.
--- Kang karèh Goplêm ika.
--- Dhêmit alit-alit sadarum.
--- Pan dédé dhêmit pra raja.
( Pêtikan Kidung ).
~~ Katrangan :
Ing tuladha no. 1 têmbung " Kawuntat " iku têgêsé kawuri, kêpungkur.
Yèn mangkono iku no. 1 arané têmbang " Pangkur ".
Ing tuladha no. 2 têmbung " Manis " têgêsé lêgi.
Barang kang ana sesambungané karo rasa lêgi iku jasading " gula ".
Yèn mangkono no. 2 iku arané têmbang " Dhandhanggula ".
Ing tuladha no. 3 têmbung " Kasmaran " linggané asmara.
Yèn mangkono no. 3 iku arané têmbang " Asmaradana ".
--- b. Sasmita ing wêkasaning pupuh :
1. Pocung ( Wulangrèh Pakubuwana IV ).
--- Éwuh têmên babo wong urip puniku.
--- Apan nora kêna.
--- Kinira-kira ing budi.
--- Arang mantêp " wijiling " basa raharja.
2. Mêgatruh ( Wulangrèh Anggitan
Pakuwuwana IV ).
--- Tulisané ing Lohkilmakpul rumuhun.
--- Pêpancèn sawiji-wiji.
--- Tan kênå owah sarambut.
--- Tulising badan puniki.
--- Aja " mundur " ing pakéwoh.
3. Sinom ( Arjunasasrabahu R. Ng.
Sindusastra ).
--- Bedhahé nagri Ngayodya.
--- Para Mantri kèh umiring.
--- Ngungsi nèng wukir Dandaka.
--- Iku carita mangsuli.
--- Mangkana kang winarni.
--- Rahwana ingkang ngadatun.
--- Anêng nagri Ngayodya.
--- Sawadya-balanirèki
--- Anggung dènnya pêpara " anganthi "
bala.
~~~ Katrangan :
Ing tuladha no. 1 wêkasané muni " wijiling ", iku sasmitané têmbang " Mijil ".
Yèn mangkono karêpé pupuh salêbaré pupuh Pocung, gantiné pupuh " Mijil ".
Ing tuladha no. 2 wêkasané muni " mundur ", iku sasmitané têmbang " Durma ".
Yen mangkono karepé pupuh salêbaré Mêgatruh iku nyandhak pupuh Durma.
Ing tuladha no. 3 wêkasané muni " anganthi " linggané kanthi, iku sasmita têmbang Kinanthi.
Yèn mangkono karêpé pupuh salêbaré Sinom iku nyandhak pupuh Kinanthi.
~~~ Ringkêsé :
1. Dhandhanggula =
Sarkara, manis, madu, artati,
dhandhang, gula, gagak, kaga krêsna.
2. Sinom =
Taruna, srinata, ronkamal, pangrawit,
logondhang, anom, wèni.
3. Asmaradana =
Kasmaran, asmara, kingkin, brangta,
brangti.
4. Kinanthi =
Kanthi, gandhèng, kanthèt.
5. Pangkur =
Wuntat, wuri, yuda, kanaka, lan
têmbung kang mawa wanda " kur ".
6. Durma =
Mundur, lan têmbung kang mawa
kêcap " dur ".
7. Mijil =
Wiyos, wijil, wêtu, rarasati, sulastri.
8. Maskumambang =
Timbul, kéntar/kèntir, kumambang.
9. Pocung =
Kaluwak, ancung, lan têmbung kang
mawa wanda " cung ".
10. Jurudêmung =
Juru, mung.
11. Wirangrong =
Mirong, wirang.
12. Balabak =
Klêlêp, kêblabak.
13. Gambuh =
Êmbuh, gambuh, jumbuh, kambuh.
14. Mêgatruh =
Pêgat, duduk, truh.
15. Girisa =
Giris.
Tambahan bab sasmitaning têmbang :
-** D H A N D H A N G G U L A **-
1.
--- Jumuwah Pon wêktu wèh " mêmanis ".
--- Sangalikur lèking wulan Jawa.
--- Madilawal taun Éhé.
--- Candra sêngkala nuju.
--- " Wohing Slira Ngèsthi Sajati ".
--- Pêpèngêting pahargyan.
--- Kursus para Guru.
--- K.L.P.S.G.B. kita.
--- Purwarêja kang kapisan amungkasi.
--- Dhuk dinadar widada.
2.
--- Saking siswa kakung miwah putri.
--- Klas sakawan namung kalih dasa.
--- Kang lulus sanga cacahé.
--- Tambah nêm kèhing pétung.
--- Saka jaba lulus satunggil.
--- Gunggung nêmlikur siswa.
--- Sapuluh kang lulus.
--- Para tamu kang mahargya.
--- Sung sasanti dadia têpa-palupi.
--- Panuntuning pra kanca.
3.
--- Kang samangké taksih êngkah-êngkih.
--- Kursus soré saminggu ping lima.
--- Tang ngrasa sayah slirané.
--- Telasing tutup taun.
--- Mugi antuk nugraha sami.
--- Klakon mungkasi karya.
--- Lêstari trus tulus.
--- Dadi samangsa dinadhar.
--- Tètèrané têtêpa tatas mrantasi.
--- Sêpi rasa kuciwa.
( Cuplikan : Panitya Pamaharja Siswa K.L.P.S.G.B. Purworejo ).
---* Lambang Liyané : *---
Kajaba lambang-lambang kang wis kasêbut ing dhuwur, isih ana kang kêna kaéwokaké lambang utawa pralambang, kayata :
1. Lambang Nêgara :
Lambang Nêgara Indonesia, awujud pêpêthaning Garudha mawa tulisan " Bhinêka Tunggal Ika " kang surasané : sanajan manéka warna, nanging manunggal.
Garudha iku têtungguling bangsa manuk, kêna diarani ratuning sakabehé bangsa manuk.
Garudha ora wêdi ing baya-pakéwuh.
Yèn golèk pangan utawa darbé sêdya apa baé, ora mundur kang marga katêmpuh ing prahara utawa pancawora. Ora gêlêm murungaké sêdya kang marga ana sindhung-riwut aliwawar.
Iku pralambangé bangsa Indonésia kang bangêt trêsnané marang kamardhikan.
Sênajan urip mardhika iku ora gampang, kudu wani rêkasa, ora dadi apa, janji têtêp mardhika.
Bangsa Indonésia iku kadadéan saka kumpuling golongan-bangsa warna-warna.
Sênajan mangkonoa bangsa Indonésia têtêp bisa manunggal.
2. Kangjêng Sultan Agung nggarwa
Nyai Rara Kidul :
Nyai Rara Kidul iku manut dêdongéngan, kang ngratoni Sêgara Kidul, kang dunungé ana ing sakidulé Tanah Jawa, kang lumrahé diarani Samodra Hindhiya.
Samodra kasêbut iku jêmbar bangêt.
Jêmbaring Sêgara Kidul iku pralambangé " jêmbaring panggalihing Kangjêng Sultan Agung.
Kangjêng Sultan Agung nggarwa Nyai Rara Kidul, iku pralambangé Kangjêng Sultan Agung pênggalihé " jêmbar pindha Samodra Kidul ".
Maksudé sugih samodra pangaksama, ora gampang duka.
3. Tembang Mêgatruh :
--- Sigra milir kang "gèthèk sinangga bajul ".
--- Kawandasa kang njagèni.
--- Ing ngarsa miwah ing pungkur.
--- Ing kanan miwah ing kèring.
--- Sang gèthèk lampahnya alon.
~~~ Katrangan :
Bajul kang nyangga gèthèk kang dititihi Radèn Jaka Tingkir kasêbut ing têmbang, iku dudu bajul saluguné, nanging ngèmpêri têtêmbungan kang ing jaman saiki kêrêp diucapaké dening wong-wong " bajul buntung ".
Mangkono uga têmbung " gèthèk " iku dudu gèthèk saluguné.
4. Sapérangan pituturé Ramawijaya
marang Wibisana ( sinawung têmbang
Mijil ) :
--- Damaring praja ja mati-mati.
--- Sadêging kaprabon.
--- Aywa kandhêg madhangi jagadé.
--- Mangka panariking rèh sayêkti.
--- Ing pati pinanggih.
--- Kautamèng Prabu.
Manawa diiji-iji maknané mangkéné:
--- Damar = diyan, maknané ati utawa pikir.
--- Praja = nagara, awak.
--- Sadêging kaprabon = salawasé keprabon isih madêg.
--- Aja kandhêg madhangi jagadé = aja lèrèn-lèrèn ulah kabêcikan.
--- Mangka panariking rèh sayêkti, ing pati pinanggih kautamèng Prabu = minangka pambudidaya, supaya patiné bisa nêmu utama.
Wong kang salawasé urip tansah ulah kabêcikan, tansah nindakaké bakti-darma, tartamtu matiné nêmu kamulyan.
Têmbang Mijil kasêbut dhuwur iku kêna kagolongaké " Suluk " kang isi ngèlmu gaib.
5. Lambang kang gêgayutan karo warna :
1. Abang =
Kuwanèn, kuwat, ora sabaran.
2. Putih =
Suci, masa bodho, ngalah.
3. Biru =
Sêtya-tuhu, gampang owah.
4. Ijo =
Pengarêp-arêp, baud omong,
dhêmên nglucu.
5. Kuning =
Gugupan, pêlit / cêthil, sênêng ijèn
( Eropah = gêthing ).
6. Ireng =
Antêng, kuat, sêpi.
7. Jambon =
Isin, ngati-ati.
8. Coklat =
Jujur, alus, manut.
9. Ungu =
Dhêmên pamèr, sombong.
10. Orange =
Samadya.
11. Klawu =
Ora pêrduli.
--- wjg ---
------> ana candhaké :
BAB : BASA PEPRENÉSAN
XI. 33. B. 23.
Thursday, February 27, 2020
IX. No. 40. D. 2. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : DASA NAMA TÊMBUNG KAWÊDHAR )
Tuladha Wicara Kawêdhar Pahargyan Pawiwahan 40 :
Dasanama Têmbung Kawêdhar :
Bab " DASA NAMA " uga bakal kapacak ana ing KASUSASTRAN mirsanana nomêr Romawi XI. No. 23. B. 13.
Dasanama iku ngandhut wêrdi :
Dasa = 10.
Nama = jênêng.
Têmbung ing ndhuwur mau, maksudé " Têmbung-têmbung kang padha têgêsé ".
~~~ Kayata :
Abjad : A :
1. Abang --->
rêkta, abrit, mirah.
2. Aku --->
amba, ingong, ingwang, ulun, ingsun,
kawula, patikbra, manira, robaya.
3. Allah --->
Hyang Widhi, Hyang Manon,
Hyang Murbèng Jagad, Hyang Maha
Kawasa.
4. Alus --->
mêrdu, mardawa, tanu.
5. Ambêgan --->
huswa, napas, swasa, huswasa.
6. Anak --->
suta, sunu, siwi, putra, atmaja, wéka,
tanaya.
7. Angin --->
sindhung, riwut, bayu, bajra, samirana,
wirayang.
8. Asor --->
sudra, ina, nistha, papa.
9. Ati --->
prana, driya, tyas, kalbu, galih,
wardaya bala.
10. Awak --->
angga, salira, sarira, badan, lingga,
raga, angga, dhiri.
11. Awan --->
rina, rahina, siyang.
Abjad : B :
12. Bagus ---->
sigit, rêspati, pêkik, jênthara.
13. Banyu ---->
tirta, wé, hèr, warih, sindu, udaka, jala,
ranu, jahnawi.
14. Bapa ---->
rama, yayah, sudarma.
15. Bêcik ---->
adi, luhung, tama, éndah, èdi, yogya,
pèni.
16. Béda --->
bèntên, wanèh, bênèh, séjé, liya, paé.
17. Bêngi --->
ratri, dalu, wêngi.
18. Bojo --->
kucumbi, sémah, garwa, somah,
kalulut.
19. Bumi --->
pratala, bantala, pratiwi, kisma,
buwana, mandhala.
20. Bungah --->
lalita, harsaya, trustha, énggar, girang,
wijah, gumbira, sênêng.
Abjad : C :
21. Cangkêm ----->
tutuk, lisan, nana, waktra.
Abjad : D :
22. Dhampar ---->
amparan, padmasana, palangka,
patarana.
23. Dhéwé ----->
pribadi, anggana, priyangga, juga.
24. Dhuwit ------>
arta, ardana, picis.
25. Dina -------->
ari, wara.
Abjad : Ê/É :
26. Êmas ----->
rukma, rukmi, lancana, kêncana, jené.
27. Éndah ----->
rêsmi, listya, raras, wicitra.
Abjad : G :
28. Gawé ------>
kirtya, kardi, karti, yasa, karya.
29. Gêni ------>
agni, api, latu, dahana, brama,
pawaka, bahmi.
30. Gulu ------>
jangga, lungaya, tênggak.
31. Gunêm ------>
wuwus, wacana, ujar, wicara,
sabda, ngling.
32. Gunung ----->
wukur, ardi, giri, abcala, parwata,
arga, prabata, aldaka.
Abjad : I :
33. Ibu ----->
biyung, biyang, umi, wibi,
réna, puyêngan.
34. Ijo ------>
wilis, ijêm.
35. Ilat ------>
lidhah, jihwa.
36. Intên ------>
rêtna, sotya, nila, kumala, manik.
37. Irêng ------>
langking, krêsna, cêmêng.
38. Irung ------>
parsana, grana, nasika.
Abjad : J :
39. Jagad ------>
ndonya, janaloka, marcapada, lam,
rat, buwana,manuswapada.
40. Jênêng ------>
asma, aran, nama, wêwangi, kêkasih,
jêjuluk, pêparab, awasta, sêsilih,
bêbisik, têngran, sambat.
Abjad : K :
41. Kabèh ----->
sanggya, sagung, sawêgung, sadarum.
42. Kasmaran ------>
kasêngsêm, kayungyun, kédanan,
gandrung, wuyung, wulangun, turida.
43. Katon --->
kawistara, kasatmata, kèksi, kaèksi
kèngis, kawuryan, kawangwang.
44. Kaya ---->
kadya, lir, kadi, pindha, yayah, péndah.
45. Kêmbang --->
kusuma, puspa, puspita, padma,
sari, sêkar.
46. Kêris ------>
dhuwung, curiga, wangkingan,
katga, suduk, patrêm.
47. Kondhang --->
misuwur, kaloka, kawéntar, kasusra,
kasub, kongas, komuk, kombul,
kajanapriya, kaonang-onang.
48. Kongkonan ----->
duta, caraka, cundhaka, gandhèk.
49. Kulit ---->
kusika, kumara, carma.
50. Kuning ---->
pita, jênar, punar, gadhing.
51. Kuping ----->
karna, talingan, karni.
Abjad : L :
52. Lambé ----->
lathi, bibir, kalpija.
53. Lan --->
lawan, kalawan, kalayan, tuwin,
saha, miwah, sarta, myang.
54. Lanang ---->
priya, jalu, jalêr, kakung.
55. Langit --->
akasa, awiyat, tawang, dirgantara,
gêgana, antariksa, jumantara, ambara.
56. Lara ------>
sakit, gêrah, wikara, rapuh, riga,
agring, marana.
57. Layang ---->
nawala, kintaka, pustaka, patra,
walgita, wilapa, sêrat.
58. Lawang ----->
wiwara, dwara, kori, kontên.
59. Lintang --->
kartika, taranggana, bintang, wintang,
sudama.
60. Lunga --->
méntar, médra, linggar, anis, anglês.
61. Lungguh --->
lênggah, sila, satata, pinarak.
Abjad : M :
62. Mata --->
mripat, aksa, èksi, soca, caksa, nétra.
63. Mati --->
lalis, léna, palastra, antaka, pralaya,
murud, séda, pêjah.
Abjad : N :
64. Nalika ----->
rikala, kala, tatkala, dhuk.
65. Nganggit --->
angripta, angrumpaka, anggubah,
anukarta, anggupita, nawunggita.
66. Nyêmbah --->
ngaraspada, mangèstupada,
mangarcana.
67. Nyunggi ----->
nuhun, mundhi, ngêmban.
Abjad : P :
68. Pakurmatan --->
astuti, pangastawa, panakrama,
kastawa.
69. Pamulangan --->
pawiyatan, pracabakan, kartawaran.
70. Panêngah --->
pamadya, pamadé, wirun.
71. Pangan ----->
boja, boga, baksa, bukti.
72. Pangarêp --->
pangarsa, pangayun, pramuka,
pramugari, pangajêng, krêtawadana.
73. Paturon ----->
pagulingan, tilam, gupit, palêrêman.
74. Pawèh ----->
wilasa, nugraha,parman, pitêdhan.
75. Pintêr --->
nimpuna, widagda, guna, putus,
wicaksana, wignya, lêbda, limpat,
bontos, buntas.
76. Pitutur --->
warsita, warah, wursita, darma,
wasita, wuruk.
77. Prawan ----->
rara, kênya, dara.
78. Putih ----->
séta, dawala, pêthak, pingul.
Abjad : R :
79. Rai ----->
pasuryan, praupan, muka, wadana.
80. Ratu --->
aji, dipa, raja, nara, naréndra, nararya,
naranata, buminata, maharaja, prabu.
81. Rêmbulan --->
wulan, sasi, candra, badra, basanta,
kirana, soma, sitorêsmi, sitakara,
sasadara.
Abjad : S :
82. Sadulur ----->
kadang, warga, wandawa, jalu,
sadhèrèk, sudara.
83. Sagara --->
samodra, jalanidhi, jaladri, tasik,
udadi, sagantên.
84. Sandhangan --->
busana, panganggo, agêm-agêman,
wastra.
85. Sikil ----->
suku, pada, samparan, sampéyan.
86. Sirah --->
murda, mustaka, utamangga, kumba,
kêpala, ulu, thothok, pathak,
êndhas, raksi.
87. Slamêt ----->
sugêng, basuki, rahayu, raharja,
yuwana.
88. Srêngéngé ----->
rawi, radité, raditya, bagaskara, surya,
arka, bagaspati, pratanggapati.
Abjad : T :
89. Tangan ----->
asta, lungayan, buja, bujaka.
90. Turu ----->
guling, néndra, tilêm, saré, mrêm.
91. Tuwa ----->
wrêdha, sêpuh, jimbun.
Abjad : U :
92. Untu ------>
dênta, danta, waja, udaka.
Abjad : W :
93. Wadon ----->
wanita, dyah, juwita, wanodya,
pawèstri, dayinta, rini, putri.
94. Wangi ------>
amrik, arum, sumrik, wida.
95. Waras ----->
saras, mari, waluya, pulih, dhangan.
96. Wêktu ------>
wayah, wanci, wêkdal, kala, mangsa,
ungsum.
97. Wêruh ------>
anon, uninga, wikan, upiksa, upiksi,
udani, wrin.
98. Wêtêng ----->
padharan, garba, udara.
99. Wong ------->
tiyang, jalma, janma, nara, jana,
manungsa, manusa, manuswa.
~~~ Tambahan :
--- Biru ------>
nila, maya, bintulu.
--- Araning Dina :
1. Ngahad
2. Sênèn
3. Sêlasa
4. Rêbo
5. Kêmis
6. Jêmuwah
7. Sêtu
--- Araning Pasaran :
1. Lêgi -----------> Manis
2. Pahing -------> Jênar, Abritan
3. Pon ------------> Palguna, Kuningan
4. Wagé ---------> Cêmêngan
5. Kliwon -------> Kasih
--- Araning Sasi :
1. Sura
2. Sapar
3. Mulud
4. Bakda Mulud
5. Jumadil awal
6. Jumadil akhir
7. Rêjêb
8. Ruwah
9. Puasa
10. Sawal
11. Dulkangidah
12. Bêsar
--- Araning Tahun :
1. Alip
2. Éhé
3. Jimawal
4. Jé
5. Dal
6. Bé
7. Wawu
8. Jimakir
--- Araning Windu :
1. Windu Adi --------------> linuwih
2. Windu Kunthara -----> ulah
3. Windu Sangara ------> banjir
4. Windu Sancaya -----> srawung
--- Araning Kéblat :
1. Wétan ---------> purwa
2. Kidul -----------> daksina
3. Kulon ----------> pracima
4. Lor --------------> utara
--- Araning Rasa :
1. Kêcut --------> amia
2. Lêgi ----------> manis
4. Pait ----------> tikta
--- wjg ---
---> ana candhaké :
X. BAB. KABUDAYAN.
Katrangan :
Sadèrèngipun Adi-cara Pawiwahan sarta Pahargyan langkung rumiyin kawontênakên LAMARAN.
Déné tuladhanipun wicara, mirsanana sêratan ing angka RUMAWI : XVI.
TATA-CARA ADAT LAMARAN.
Wednesday, February 26, 2020
IX. No. 39. D. 1. TULADHA WICARA KAWÊDHAR PAHARGYAN PAWIWAHAN ( BAB : WÊRDINING TÊMBUNG ING WICARA PAWIWAHAN )
Pratélan Wêrdining Têmbung ing Wicara Pawiwahan :
Abjad : A :
1. Adat =
tata cara kang lumrah.
2. Adat-widiwitana =
tata cara paringing Gusti Ingkang
Linangkung.
3. Aliman =
maha wikan, waskitha, ngêrti
sadurungé.
4. Amit =
kula nuwun, nuwun pangapuntên,
nyuwun sèwu, diucapaké yèn
rumangsa tumindak dêksura/murang
tata.
5. Amit pasang aliman tabé ( tabik ) =
nuwun sèwu, amatur salam
pakurmatan, kula nuwun aja dadi
atimu yèn aku ngêndhih ing
kawaskithan.
6. Amparan =
dhampar.
7. Anorraga =
andhap-asor, ngasoraké awak.
8. Antiga =
êndhog.
9. Anuraga =
digdaya, kinasihan.
10. Asta =
tangan.
11. Astuti =
sêmbah, sêmbah-bêkti.
12. Asung =
awèh, wèwèh.
Abjad : B :
13. Bangkit =
bisa
14. Binandhunging karna =
kabar kang durung mêsthi bênêr,
gotèking won akèh, kêbarung.
15. Bokor =
arané wadhah kaya cêmung mawa
sikilan
16. Bombong =
sênêng, bungah, mantêp atiné.
17. Brangta =
kasêngsêm, kédanan.
18. Budaya =
budi, nalar, pangangên-angên.
Abjad : C :
19. Candra =
sasi, rêmbulan.
20. Cinandhi =
dikubur, dipêpêtri, dipundhi-pundhi.
21. Cinandra =
dicritakaké sarana pêpindhan.
22. Céngkok =
pratingkah kang digawé-gawé murih
katon bêcik, êluking swaraning lêlagon.
23. Cumanthaka =
kumaki, kuwanèn, lumangkung.
24.Cundhaka =
utusan, kongkonan.
Abjad : D :
25. Dadya =
dadi, dados.
26. Dhomas =
wolungatus.
27. Dhuwung/wangkingan =
kêris.
28. Dodot/kampuh =
jarit amba lan dawa kanggo
pisowanan.
29. Dungkap =
mèh têkan ing...
30. Duta =
utusan ( cundaka )
31. Dwara =
kori, lawang, gapura.
Abjad : E :
32. Èmêng =
sêdhih, susah.
33. Èsmu =
sêmu, rada.
34. Èstha =
sêdya, cipta, pindha.
35. Èsthi =
yêkti sêdya.
Abjad : G :
36. Gantya =
ganti, lintu, gantos.
37. Gati =
wigati, pêrlu.
38. Gawok =
gumun, ngungun.
39. Grahita =
panyananing batin.
40. Guna =
kaluwihan, kapintêran, watak.
41. Guna kaya =
pamblanjaning wong lanang marang
bojoné.
42. Guru laki =
bojo lanang.
Abjad : H :
43. Hamêstuti =
ngêmban dhawuh.
44. Handulu =
handêlêng, mirsani.
45. Hangambar =
sumêrbak wangi, misuwur bangêt
( jênêngé ).
46. Hangambara =
mabur, ngambah awang-awang,
lunga mrana-mrana.
47. Hangêmbani wuwus =
nglantaraké dhawuh ngandika,
nyulihi ngandika.
Abjad : I :
48. Ijab =
nikahan.
49. Ijabah =
diparêngaké, kêlakon panyuwuné.
50. Iladuni =
pêthèk, wêwêcan ( ngèlmu gaib ).
51. Ila-ila =
wewalêr.
52. Ila-ila ujaring para kina =
wêwalêr para luhur kang kudu
dièstokaké.
Abjad : J :
53. Jalanidhi =
sagara.
54. Jalu lan wèstri =
lanang lan wadon.
55. Jangga =
gulu.
56. Jatmika =
tansah nganggo trapsila, tata-susila.
57. Jatukrama =
jodho.
58. Jaya-jaya wijayanti =
luwih ngunggulaké.
59. Jêmpana =
tandhu gedhé nganggo payon.
60. Jênar, jené =
kuning.
61. Jêngkar =
lunga, budhal, mangkat.
62. Jumurung =
nayogyani, mupakati.
63. Jurung =
ngréwangi, nayogyani.
64. Jurung wungon =
ngréwangi mêlèk ( tirakatan ).
Abjad : K :
65. Kadang =
sêdulur
66. Kaduk =
kakéhan, kêbangêtên.
67. Kadya =
kaya, kadi, kados.
68. Kalingga murda =
kapundhi.
69. Kalingga murdaning akrami =
bangêt kapundhi pranatan sing bêcik.
70. Kalis =
ora kêtaman, ora pasah.
71. Kalpika =
ali-ali.
72. Kancana, kêncana =
êmas
73. Karoban =
kêbanjiran, kêlêban.
74. Karna =
kuping.
75. Karsa =
karêp.
76. Kartika =
lintang
77. Kartika silih pêrnah =
lintang alihan.
78. Karya =
gawé, pênggawé.
79. Kasdu =
gêlêm, arêp.
80. Kasmaran =
kédanan, kasêngsêm.
81. Kasutapan =
babagan ulah tapa.
82. Kawibawan =
kaluhuran, kamuktèn.
83. Kawistara =
cêtha, kêtara.
84. Kawuryan =
Kawêdhar, katingal.
85. Kèkèt =
rakêt bangêt.
86. Kênya =
prawan.
87. Kridha =
tumindak, pagawéan, nindakaké.
88. Kumênyar =
sumorot.
89. Kumêsar =
kuwatir.
Abjad : L :
90. Laju =
têrus.
91. Lathi =
lambé
92. Lêbda =
mumpuni ing sawijining kawruh.
93. Lêgawa =
loma, dhêmên wèwèh kanthi rila
trusing ati.
94. Lêléda =
lêléwa, patrap digawé-gawé murih
narik kawigatèn.
95. Lingga =
pêpundhèn.
96. Lingsêm =
isin, wurang.
Abjad : M :
97. Madal pasilan =
lunga saka pajagongan.
98. Madya =
têngah.
99. Magut =
maju, nêmpuh, nuju, nrajang.
100. Magut wicara =
maju pangandikan, nuju papan
gunêm.
101. Manda =
alon, lirih, wêtara, manda-manda.
102. Mandrawa =
adoh.
103. Mangkana =
mangkono, makatên.
104. Mangarsa =
mangarêp, nuju ing ngarêp.
105. Mangku gati =
duwé gawé, duwé kajat.
106. Manjing =
lumêbu, mlêbu.
107. Marak =
séba, ngadhêp.
108. Maruta =
angin.
109. Mawa =
ngêmot, nganggo, kadunungan,
nggawa.
110. Méntar =
lunga, mangkat.
111. Mêrak ati =
nyênêngaké.
112. Mêrdu =
lêmês, nyênêngaké rasa
113. Mijil =
mêtu.
114. Mingkuh =
nyingkiri, ngêmohi.
115. Mirunggan =
mligi.
116. Mitra =
sanak, sadhèrèk, rowang.
117. Mongkog =
gêdhé atiné.
118. Mradapa =
tuwuh, thukul, sêmi.
119. Mrawata suta =
bungahé sagunung anakan.
120. Murwani =
miwiti.
121. Munggwing =
ana ing.
122. Myang =
karo, miwah.
Abjad : N :
123. Nangkaraké =
mêncaraké.
124. Nétra =
mripat.
125. Ngadi busana =
macak, dandan.
126. Ngaras =
ngambung.
127. Ngaras pada =
sungkêm, nyêmbah.
128. Ngéjawantah =
ngaton, ngatingal.
129. Ngracut =
nguculi, ngudhari.
130. Ngrasuk busana =
nganggo sandhangan.
131. Nir baya =
ora ana bêbaya.
132. Nir wikara =
ora ana bêbêndu.
133. Nyênyadhong =
ngêntèni, nganti-anti, ngadhang,
ngarêp-arêp.
Anjad : P :
134. Pada =
suku, ngisor.
135. Palakrama =
rabi, bêbojoan.
136. Pamawas =
pandêlêng.
137. Pambagya =
pambagé, anggoné mbagékaké,
pakurmatan.
138. Pambagyaharja =
pambagé kêslamêtan.
139. Pana =
pintêr, baud, wasis.
140. Pandam =
pêpadhang, diyan, obor.
141. Pandam kurung =
ting.
142. Pangarih =
wong wadon, kang dadi kanthiné
pangantèn wadon.
143. Pangarsa =
pangarêp.
144. Panglocitaning wardaya =
pangrasaning ati.
145. Panglipur =
kang njalari lipuring ati.
146. Paramasastra =
wêwaton bab panulis sarta
tatananing têmbung.
147. Paripurna =
rampung.
148. Patêmbayan =
sêmayan.
149. Pindha =
èmpêr, kaya, mirip.
150. Pinêtha =
diwujud, diwangun, digambar.
151. Piniji =
dipiji, diditugasi.
152. Pita =
kuning.
153. Prabawa =
kaluhuran, daya kang mêtu saka
kaluhuran.
154. Pracihna =
pratandha.
155. Pradangga =
gamêlan.
156. Pralampita =
pasêmon, pralambang.
157. Prana =
manah, rasaning ati.
158. Pringga bayaning marga =
bêbaya ing dalan.
159. Priyangga =
ijèn, dhéwé.
160. Puji =
pandonga.
161. Puput =
wêkasan.
162. Puput yuswa =
mati, séda, pêjah.
163. Purwa =
wiwitan, wiwit.
164. Puspa =
kêmbang.
165. Puspita =
kêmbang.
Abjad : R :
166. Raka =
sêdulur lanang kapêrnah tuwa.
167. Réma/rékma =
rambut.
168. Rênggang gula kumêpyur pulut =
rakêt bangêt, lèngkèt.
169. Rêspati =
pantês, sêdhêngan, pidêksa, Kêmis.
170. Rubéda =
pakéwuh, alangan.
171. Rucat =
cucul pênganggo.
172. Rukmi =
êmas.
Abjad : S :
173. Samapta =
sumadiya, samêkta, wis rampung.
174. Samar =
ora cêtha, sumêlang, kuwatir.
175. Sambékala =
kacilakan, alangan.
176. Samirana =
angin.
177. Sandéa =
sumêlang.
178. Sarik =
walad, bêndu.
179. Sarju =
cocok, sêtuju, condhong atiné.
180. Sarimbit =
sakloron lanang wadon, sêkaliyan.
181. Satuhu =
satêmêné, sanyata, saèstu.
182. Sêdya =
karêp, niyat, maksud.
183. Sêsanti =
donga, puji.
184. Séta =
putih.
185. Sidhêm =
kèndêl.
186. Sigêg =
lêrêb, mandhêg.
187. Sigra =
énggala, nuli.
188. Sih =
trêsna, kawêkasan.
189. Silih =
ganti, gumanti.
190. Sinawang =
dipandêng.
191. Singêb =
kêmul.
192. Singgah-singgah =
donga nyingkiraké lêlêmbut.
193. Singlar =
sélak, sumingkir nyimpang.
194. Sinuba =
diurmati.
195. Sitarêsmi =
rêmbulan.
196. Srah-srahan =
barang-barang sing diwènèhaké
pangantèn wadon.
197. Subasita =
tata-krama.
198. Sugata =
suguh, pisuguh.
199. Sumirat ----->
gumêbyar, sumorot, kumêpyur,
sumawur.
200. Sumunar =
sumorot.
Abjad : T :
201. Tabé =
sêsalaman, aja dadi atimu, tabik.
202. Tambuh =
ora prêduli/mrêduli, ora ngêrti,
ora wêruh, api-api ora wêruh.
203. Tangkêp asta =
salaman.
204. Tawing =
tèbèng, pinggir.
205. Tepa palupi =
conto, tuladha.
206. Têpas =
papan panginêpan, balé.
207. Têpas wangi =
pajungutan, paturon.
208. Tilam sari =
paturon.
209. Tinon =
katon, didêlêng.
210. Tulak sarik =
walat, bêbêndu saka Allah
mêrga nêrak prakara suci.
Abjad : W :
211. Wadana =
rai, pasuryan.
212. Wandawa =
sanak-sêdulur, kadang.
213. Wandé/Sandé =
wurung.
214. Wardaya =
manah, pangrasaning ati.
215. Warta =
kabar, kandha.
216. Wasana =
wêkasan.
217. Wasita =
tutur, pitutur, basa langkung.
218. Wêrdi =
têgês, makna.
219. Wibawa =
mulya, mukti.
229. Wicara =
ujar, gunêm, rêmbug, omong.
221. Wijang =
apik, sarwa runtut.
222. Wilis =
ijo.
223. Wimbuh =
wuwuh, imbuh.
224. Wingit =
angkêr, tajêm mawa prabawa.
225. Wisma =
omah.
226. Wiwara =
lawang, bolongan.
227. Wiyati =
langit.
228. Wrêdha =
sêpuh, tuwa.
229. Wuntat =
wingking.
230. Wuri =
pêngkêr, mburi, pungkur.
231. Wuwus =
ucap, wicara.
Abjad : Y :
232. Yayah =
kaya, bapa, prasasat.
233. Yayah-réna =
bapa-biyung.
--- wjg ---
------> ana candhaké :
BAB : DASANAMA IX. 40. D. 2.
Friday, February 21, 2020
XV. No. 1. TULADHA WICARA KAWÊDHAR ADICARA PANGRUKTILAYA ( BAB : ATUR PAMBUKANING PAMBIWARA )
Aturé Pambiwara Ing Purwakaning Adicara Pangruktining Layon 1 :
Assalamu'alaikum w.w.
Sanggya para rawuh pambéla sungkawa utaminipun, para paranpara, para nimpuna, para tuwanggana, para sêsêpuh, para pinisêpuh, para pêpundhèn ingkang tansah kinabêktèn sarta ingkang dahat sinudarsana.
Kêparênga kawula marak mangarsa sarta matur, awit ri kalênggahan punika kula piniji déning panandhang duhkita, nun inggih panjênênganipun Bapa...( ingkang sripah ) dalah sagung kulawarga, kinèn hanjêjêri minangka pambiwara lumaksananipun upacara pangruktining layon.
--- Innalillaahi wa inna ilaihi raji'un ---
3 X
Sampun kapundhut ing kasédan jati, suwargi Bapa/Ibu/Éyang........( ingkang séda ) awit saking alantaran nandhang gêrah sawêtawis wêkdal.
Ingkang punika sasampunipun pangruktining layon sampun paripurna, kêparêngipun kulawarga panandhang duhkita ing ri kalênggahan punika, ngêrsakakên dipun wontênakên upacara sawêtawis, kados adat widhiwidana ingkang sampun lumampah.
Sadèrèngipun kawula hangaturakên lêkasing sêdya, dhumatêng sagung para rawuh pambéla duhkita, kawula dhèrèkakên hangluhurakên asmanipun Gusti Ingkang Murbèng Dumadi, ingkang sampun paring sih kawêlasan ingkang rumêntahing dhumatêng kita, kacihna ri kalênggahan punika kita sagêd handhèrèk béla sungkawa kanthi pinayungan karahajan.
Sumangga kula dhèrèkakên maos khamdalah sêsarêngan :
--- Alhamdulillah....
Sagunging pambéla sungkawa ingkang minulyèng budi, wus handungkap mangsa-kala tata upacara pangruktining layon panjênênganipun Bapa/Ibu/Eyang.............
( ingkang séda ) sigra katindakakên.
Wondéné rêrantaman lumaksananing adicara ingkang sampun karakit dèning sagung kulawarga panandhang duhkita, nun inggih :
1. Tinarbuka Anyolati Layon
2. Atur Pambagya Kulawarga Panandhang
3. Atur Panglipur Panandhang
4. Mangastungkara utawi Pamuji Donga.
5. Pungkasaning adicara, nun inggih tandha yêkti bidhaling layon, pamundhutipun kulawarga panandhang kawontênakên adicara " Brobosan ".
Makatên sagung pambéla sungkawa mênggah rêroncèning adicara.
Ngancik adicara angka 1 ( satunggal ), nun inggih Tinarbuka Anyolati Layon.
Dhumatêng ingkang piniji mratitisakên, kawula sumanggakakên.
Nuwun.
Katrangan :
Prayogi Pambiwara botèn mawi nambahi wicara, ingkang sampun tumapak.
Kantuna nêrasaken adicara candhakipun.
--- wjg ---
---> ana candaké : BAB XV. No 2..ATUR
PAMBAGYA KULAWARGA
PANANDHANG
Tuesday, February 18, 2020
XI. No. 31. B. 21. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : S U L U K )
Kasusastran Jawi 31 :
Suluk :
Suluk iku kalêbu dasanama saka têmbung lêlagon, kidung, utawa têmbang.
Suluk iku ana wêrna loro yaiku :
1. Suluk ing ngèlmu gaib.
2. Suluk ing Sêni Padhalangan.
--- Katrangan :
1.Suluk ing ngèlmu gaib :
--- Suluk kasêbut lumrahé sinawung ing tembang Macapat, kang isi piwulang ngèlmu gaib, kang uga diarani ngelmu tuwa.
~~~ Tuladha :
I. Sêkar Macapat Maskumambang :
--- Batur tukon lamun nrima mêsthi dadi.
--- Ing kamardikannya.
--- Nadyan wong mardika yêkti.
--- Yen loba dadi kawula.
( Majalah Tasawuf Islam 25 Juli 1938 ).
~~~ Maksudé :
Wong kang ngawula marang kadonyan ( kasêngsêm marang kadonyan, dadi batur tukoné kadonyan ), iku atiné ora mardika, tansah kêrèh marang kadonyan, amarga kêpèngin tansah wuwuh-wuwuh kadonyané ( kasugihané ).
Wong kang nduwèni sipat kaya mangkono iku, bisa mardika lamun ora kêrèh marang kadonyané, sarana bisa ngêndhalèni hawa-napsuné, utawa duwé rasa panarima, ora têrus ngangsa-angsa ngumbar harda-kamurkané.
Kosok-baliné wong wis ora kêrèh ing kadonyan ( mardika ), bisa dadi batur-tukoné kadonyan manawa wong mau ora bisa mêpêr ubaling hawa-napsuné.
II. Sêkar Macapat Mijil :
1.
--- Sagung pangkat kang sira alami.
--- Aywa sira raos.
--- Yèku apan warana jatiné.
--- Marma singkirna ywa sira pikir.
--- Têrusa lumaris.
--- Nyênyandhang pitulung.
2.
--- Samangsané sira sinung luwih.
--- Sing janma kinaot.
--- Poma aywa kasêngsêm dèn anggé.
--- Nadyan katon solan-salin warni.
--- Singkirana kaki.
--- Ywa nganti kalimput.
( Majalah Tasawuf Islam 25-10-1937 ).
~~~ Maksudé :
Aja bangêt-bangêt kasêngsêm marang kamulyaning kadonyan kang tumiba marang kowé.
Yen nganti mangkono kamulyan kang kotampa iku malah dadi warananing *) uripmu, nutupi lakumu kang tumuju marang kasampurnan.
Sênajan uripmu wus nêmu kamulyan, bêcik terusa tansah nênuwun marang kang Maha Kawasa, supaya bisa tinarbuka atimu kang tumuju marang kasampurnaning pati.
*) warana = aling-aling, tutup.
Manawa kowé tinitah luwih, tinimbang sapadhaning manungsa aja sêngsêm marang kaluwihan kang kotampa iku, sênajan kaluwihan iku bangêt éndahé lan ora mbosêni.
Singkirana aja nganti kowé kasinungan watak kaya mangkono, supaya ora gawé pêtênging atimu, anggoné arêp nuju marang kasampurnan.
Sampurna ing alam padhang, lan sampurna ing alam langgêng.
2. Suluk Ing Ngèlmu
Sêni Padhalangan:
Suluk ing ngèlmu Padhalangan, iku lêlagoning Dhalang ing sadurungé wiwit nyritakaké apa-apa, utawa sadurungé nggunêmaké wayang.
Kang kanggo lêlagon utawa suluk iku lumrahé têmbang Gêdhé utawa têmbang Cilik ( Macapat ).
Sênajan têmbang kasêbut jênêngé padha, nanging olehé nglagokaké ora padha karo têmbang kang kanggo mbawani Gêndhing utawa ditêmbangaké manut aturan kang wis gumathok.
Amarga suluk ing Sêni Padhalangan uga nduwèni anggêr-anggêr kang wis tinamtu ( gaya Solo utawa gaya Jogja ).
Suluking Dhalang iku lumrahé runtut utawa cundhuk karo bab kang arêp dicritakaké.
Mulané sabên arêp ganti bab kang dicritakaké, Dhalang mêsthi suluk utawa leylagon luwih dhisik.
Suluk uga digunakaké kanggo ngabani marang niyaga lamun ganti pathêt, kang diarani pathêtan.
Tuladhé kayata jêjêr ing Ngastina, sadurungé nggunêmaké wayang, suluk kang isi candraning kraton Ngastina.
Uga lamun arêp ana tamu, utawa rasa susah, kagèt sajroning gunêm, munduring nayaka praja saka paséwakan Dhalang uga suluk.
Ing ngisor iki tuladha sawêtara suluking Dhalang kanthi titi-larasé :
I. Suluk Pathêt Nem Sléndro Jêjêran Sêpisanan :
3 3 3 3 3 23
Lêng lêng ram ya ning kang
235 5 5 5 5 35 6532
sa sang ka ku mê nyar O....
6 6 6 6 6 6¹ 65
mang rèng ga rum ing pu ri
²¹²¹6 32 2 2 2 2 12
O... mang kin tan pa si ring
3 56 3 5 3 2 235
ha lêp ning kang u mah mas
235 2 2 2 21 ⒍⒌ ⒍
lir... mu rub ing la ngit O
12 2 2 2 2 12
tê kan sar wa ma nik
121⒍⒌⒊
O........
2 2 2 2 2 12
Ta wing nya si na wung
6¹65 ²¹²¹6 32 2 2
O.... O.... sa sat sê
2 2 2 12 3 56 2
kar su nu ji ung gwan Ba
2 2 1⒍ 12 3 56 3
no wa ti O... ywa na mrêm
5 3 2 235 235 2 2
ma lê ngên lan Na ta Dur
2 2 21⒍⒌ ⒍ 12 2 2
yu da na O lan Na ta
2 2 2 12 121⒍⒌⒊
Dur yu da na O......
II. Têmbang Gêdhé Girisa pathêt nêm Sléndro :
6 ²¹² 6 5 5 5 5 5 5
O... O... Dé né u ta ma né Na
3 3 3 3 3 3 3 35 6
ta bèr bu di ba wa lêk sa na
²¹65356 2 2 2 2 2 2 2
O.... li ré bèr bu di mang ka
1 ⒍ 536 3 3 3 3 3 3
na O... li la lê ga wa ing
3 5 6 ²¹65356 2 2 2 driya O........ ang gung dèn
2 2 2 2 1 2 3 356
nya pa ring da na ang gê
3 5 5 5 5 3 2 235
gan jar sa ben di na lir...
235 2 2 2 2 2 1⒍⒌
é.... kang ba wa lêk sa na
⒍ 1 2 2 2 2 2 2
O.... a nê têp i pa ngan
2 1 2 121⒍⒌⒊
di ka O........
III. Ada-ada Astakuswala Alit Sl.6 :
6 6 6 6 6 6 6
Mun dur Rêk ya na pa tih
6¹² ² ² ² ² ² ²
un dhang ing pra wa dya sa
² ² ²³⁵ ² 6 6 6
mi sa né ga um yung ram
6 6 6 6 6 56 mya swa ra ning ben dhé
5 6 6 5 5 5 6 bè ri gu bar gur nang
556532 2 6¹² ² ² kla wan puk sur tam
² ² ² ² ² ² ² bur myang su ling pa pan jèn
² ³ ⁵ ³ ² 6 6 6 6
da lu dag bên dhé ra mi
6 6 6 6 6 6
mi wah ka kan dha war
6 6 5 6 5 5 5
na war na pin dha ja
5 5 6 5 3 2 35321⒍
la di an O.......
5 5 5 5 6 5 32
as ri ka wur yan.
IV. Ada-ada Mataram Agêng /Têmbang Gêdhé Salyaini Sl. 6 :
6 6 6 6 6 6 5
Én jing bi dhal gu mu ruh
² ³ ¹ ¹ ¹ ¹ ¹ 6 5
sa king sa jro ning pra ja
5 3 2 1 1 1 1 1 1
gung ing kang ba la kus wa
2 2 2 2 3 5 6
a bra bu sa na ni ra
6 6 6 6 6 6 5
lir sur ya wê dal i ra
² ³ ¹ ¹ ¹ ¹ ¹ 6 5
sa king ing ja la ni di
5 3 2 1 1 1 1 1
ar sa ma dhang i ja
1 2 2 2 2 2
gad dhuk mu ngup mu ngup
2 ...1 2 1 ⒍ ⒍ ⒍
a nèng a nèng pu cuk
⒍ ⒍ ⒍ 321⒍⒌
ing wu kir O.........
Tuladha-tuladha Suluk iku mau namung dhasar conto sawêtara.
Pathêting Suluk iku manut wêktuné ana warna têlu kayata :
1. Wiwit jejer jam 21.00 - 00.00 Pathêt 6.
2. Jam 00.00 - 03.00 Pathêt 9
3. Jam 03.09 - 05.00 Pathêt Manyura.
Tuladha Suluk ing Pathêt 9 :
2 2 2 2 2 2
Sang sa ya da lu a
2 2 2 2 2 2
ra ras ab yor kang lin
2 2 2 2 2 1 1
tang ku mê dhap ti ti
1 1 1 1 1 ⒍1
so nya tê ngah wê ngi
2 2 2 2 2 2
lu mrang gan da ning pus
2 2 2 3 5 5 5
pi ta ka rêng gya
5 5 5 5 3 5
ning pu dya ni ra
¹ ² 2 2 2 2 2
O.... Sang Dwi ja wa ra
2 2 1 ⒍ 2 1 1
brê ngê ngêng lir swa
1 1 1 1 1 ⒍ 1
ra ning ma du brang ta
2 1 ⒍ ⒌ 2 1 2 ⒍
O....... Ma nung sung sa
1 ⒍ 1 ⒍ ⑤
ri ning kêm bang.
II. Ada-ada ing Pathet 9 :
¹ ¹ ¹ ¹ ¹ ¹ ¹
Ra sêk sa kru ra ka gi
¹ ¹ 6 ¹ 6 6 6
ri gi ri gêng nya lir
6 6 5 3 56¹ ¹ ¹
pra ba ta a bang ka
¹ ¹ 6 ¹ 6 6 6
ka wê la gar ma ngu
6 6 6 5 3 5 5
wuh ing mung suh a min
5 5 3 5 2 1 1 1
ta la wan Ang gro sru
1 1 1 1 1 2 2
ma si nga nab da ka dya
2 2 2 2 2 2 1
éng gal jun ma nu bruk
⒍ 1
a O.....
III. Ada-ada Sanga Jugag :
1 1 1 1 1 1 Tan dya ba la Pan dha
1 1 2 2 2 wa mbyuk gu mu lung
2 2 1 2 1 ⒍
ma ngung sir ring Sa
⒍ ⒍ ⒍ ⒍ 1
ta Ku ra wa O....
Tuladha Suluk Pathet Manyura :
I. Pathet Manyura Wantah :
3 3 3 3 3 3
Mèh ra hi na sê mu
3 3 3 3 3
bang Hyang A ru na
3 3 3 2 3 2 2
ka di né tra ning
2 2 2 1 2 3
ang ga ra puh sab
3 3 3 3 3 3
da ning ku ki la ring
3 5 6 6 6 6 6 6
ka ni ga ra sa ki
5 6 ² ³ 3 3 3
têr O.... ki ni dung
3 3 2 2 1 3 2 2
an ing kung lir wu
2 2 2 2 2 12
wus ing pi ni pan ca
3 21 ⒍ 1 1 1 1 O....... sa pê tok ing
1 1 1 ⒍1 2 1⒍⒌⒊
a yam wa na O......
II. Ada-ada Jugag Manyura :
2 2 2 2 2 2 2
Bu ta ta ta ga ti wi
2 2 2 2 2 2 2
sa ya ind ri yak sa sa
2 2 2 2 2 2
. ra ma ru ta ba na
2 2 3 3 3 3
mar ga sa mi ra na
2 1 1 1 1 1
gu li ngan wil wa ra
1 2
yang O......
III. Ada-ada Jangkêp Manyura :
Kanggo nyuluki nalika Radèn Wêrkudara arêp lumaksana.
3 5 6 6 6 6 6 6
Ma ngan jur la ku ning
6 ¹ 6 6 ² ² ² ² ² a ngin gun tur a gra ning
² ² ³ ³ ³ ³ ³
ar ga go ra gur ni ta
³ ³ ³ ³ ² ³ ² ¹
ka gi ri gi ri o rêg
¹ ¹ ¹ ¹ ¹ ¹ bu mi pra kam pi ta
¹ 6 5 3 5 6
pra ta la ma ngam bak
6 6 ³ ⁵ ² ² ² am bak u dan drês wor
² ¹ 6 6 5 3 2 2 2
lé sus ka dya pi nu
2 3 3 3 3 3
sus gu mu ruh ma wa
3 2 3 2 1 1 1
lik an sin dhung ri wut
1 1 1 1 2 2
ma gên tur an ko mo
2 2 2 2 2 2
pak ma wê tu gê lap
2 2 2 2 2 3 5 6
sè tu sè tu ban da la ya
2.
O.......
( Banjur Sampak Manyura ).
IV. Pathêt Manyura Jugag :
1 1 1 1 1 1
Bre ma ra rèh ma ngus
1 1 1 1 1 1
wa a mung am brê ngêng
1 3 2 2 2 2 2
ngêng ka di ka ru na
2 2 2 1 2 321⒍
ning kas wa sih O.....
1 1 1 1 1 1 1
a nèng mar ga a lê la
⒍ 1 2 1⒍ ⒌⒊
ku .O.........
--- wjg ---
----> ana candhaké :
BAB : PRALAMBANG XI. 32. B. 22.
Katrangan Titi-laras Suluk :
² ---> manis dhuwur
⒌---> lima ngisor / êndhèp
⑥ ---> gong
2 ---> madya.