Friday, March 27, 2020
Home »
» XI. No. 37. B. 27. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : BASA RINÊNGGA )
XI. No. 37. B. 27. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : BASA RINÊNGGA )
Kasusastran Jawi 37 :
Basa Rinêngga :
Têmbung " rinêngga " têgêsé : pinacak, dipajang-pajang, dipaèsi, kinarawista ; prêluné supaya éndah, supaya brêgas, supaya ngêngrêng, supaya ngrêsêpaké.
" Basa rinêngga " iku basa kang dipacaki, dipajang, dipaèsi, digawé brêgas.
Mulané " basa rinêngga " uga diarani
" basa pacakan " .
Basa rinêngga iku mêsthi baé ngêmu rasa kaéndahan yaiku kaéndahaning basa.
Basa sing éndah ora atêgês basa kang angèl, sênajan mêsthi baé ya akèh basa éndah kang angèl.
Wondéné carané " ngrêngga basa " nganti dadi " basa rinêngga " :
--- 1.
Sarana dikandhakaké ( diucapaké ) nganggo ukara liya kang darbé rasa luwih brêgas.
--- 2.
Diganti têmbungé sawêtara, nganggo têmbung Kawi.
~~ Tuladha :
Tuladha I :
--- Têmbung " kudu " yèn dikandhakaké " ora kêna ora " utawa " aja tan ora " iku banjur yèn dirasa têmbungé dadi brêgas, mula kêna diarani " basa rinêngga " .
" Ora kêna ora " ----> têgêsé kudu.
" Aja tan ora " -------> têgêsé kudu.
Tuladha II :
--- Têmbung " tandangé kaya banthèng kêtaton ".
Yèn dikandhakaké " tandangé kadi andaka kanin " , iku rinasa luwih brêgas, mula diarani " basa rinêngga ".
Tuladha III :
--- Têmbung " sêdhéla bangêt ", yèn diganti " sêkêdhap nétra " banjur dadi basa rinêngga, amarga rinasa luwih brêgas.
Basa rinêngga iku tarkadhang nganggo têtêmbungan kang ndakik-ndakik, sing ora lumrah kanggo gunêm padinan ing alam sêsrawungan.
Akèh unèn-unèn kang nganggo basa rinêngga kang lumarah, kayata :
A. Basa Rinêngga kang lugu :
1. Ngrêpèpèh-ngrêpèpèh pindha sata
mangih krama =
--- Diarani pêpindhan nganggo basa rinêngga, isiné bab candra.
--- Nduwèni têgês, candrané wong kang solahé mêndhak-mêndhak andhap-asor angasih-asih.
2. Gagah kêjibah, mingkuh kêtêmpuh =
--- Iku diarani paribasan nganggo basa rinêngga, utawa paribasan nganggo purwakanthi guru-swara.
--- Déné têgêsé, kudu nindakaké amarga mauné wis kêbanjur saguh.
3. Majua sayuta ngarsa, sakêthi wuri =
--- Iku diarani ukara sêsumbar nganggo basa rinêngga.
--- Nduweni têgês, nantang supaya dikroyok.
4. Ngangsu apikulan warih =
--- Diarani isbat nganggo basa rinêngga.
--- Déné isiné ngandhut maksud ; wong arêp maguru ngèlmu, kudu wis duwé dhasar ngèlmu sing arêp diudi.
5. Kalpa sru sêmuné kanaka putung =
--- Diarani lambang praja nganggo basa rinêngga.
--- Isiné mralambangi Kangjêng Sultan Mangkurat Têgalarum.
Kalpa sru = ali-ali sêsak dianggo. Lambangé Ratu kang ora sugih pangapura.
Kanaka putung = kuku putung.
Lambangé akèh para andêl-andêlé Mataram kang nêmahi séda, amarga saka siyané Kangjêng Sultan Têgalarum.
Kanthi tuladha kasêbut dhuwur, para nupiksa mêsthiné wis gamblang mungguh kang diarani " Basa Rinêngga ", apa déné silah-silahé karo sing diarani "pêpindhan, lan candra " .
B. Basa Rinêngga kang ndakik-ndakik :
1. Nadyan kathah titahing Déwa kang
kasangga ing pratiwi, kaungkulan ing
akasa, kaapit ing samodra, datan
wontên kadi praja....=
--- Têgêsé ing salumahing bumi, sakurêbing langit, kinubêngan sagara, ora ana titahing Déwa kang kaya praja....
2. Lir tinubruk ing mong tuna, sinambêr
ing gêlap lêpat =
--- Têgêsé, rasa gugup lan trataban, kaya ditubruk macan ora kêna, disamber blêdhèg ora kêna.
3. Kumurêb ing abahan =
--- Têgêsé pasrah pati-uripé amarga pancèn wis ora bisa upaya liyané ( pasrah kapêksa ), kaya déné gulu wis tumumpang abahan.
Abahan = ganjêling gulu kang arêp ditigas.
Têgêsé : upama arêp Kaukum pati sarana katigas guluné ya manut-miturut, lan saguh mapan dhéwé nkumurêb ana landhêsan kang kanggo ganjêling gulu kang arêp ditigas
4. Kajonjang sumangga asta, katuwêk
sumangga jaja, katigas sumangga
jangga, botèn nggrantês saluguting
kolang-kaling pinara sasra =
--- Têgêsé masrahaké pati-uripé kanthi rila-lêgawa.
Kajonjang = dikêthok tangané.
Katuwek = ditublês sarana barang lancip.
Katigas = dikêthok tumrap gulu.
Tigas pancing = dikêthok sêpisan tugêl.
Sasra = sèwu.
5. Mata-mata kapèn kaya kowé kulup
Pêrmadi =
--- Têgêsé, mripat kang wis kurang cêtha kanggo ngêmataké rêrupan.
Kapèn = asalé saka têmbung " apé " kawuwuhan ater-ater " ka " lan panambang " an " ---> Ka + apé + an = kapèn.
Apé = aling-aling, rana.
Mata-mata kapèn = mripat kaling-kalingan.
6. Mulané jênêng para adoh ingsun awé,
cêdhak ingsun rakêtaké =
--- Têgêsé " mulané kowé dakundang mréné " .
7. Nadyan akèh kawulaningsun kang
sakêpêl sisih rêrawisé, kang pinangku
jêjénggoté =
--- Têgêsé, akèh kawulaku kang pinunjul, pêng-pêngan.
8. Téja-téja sulaksana, téjané wong anyar
katon. Wingking pundi kang pinangka,
ngajêng pundi kang sinêdya ; tigas
kawuryan, sintên sinambating wêwangi
=
--- Têgêsé takon sapa kowé, saka ngêndi asalé arêp mênyang êndi.
Téja = sorot, ujwala, praba, sunar ( satriya dipindhakaké téja, amarga cahyané sumorot.
Sulaksana = su + laksana = kaya, kadya, lir.
Anyar katon = durung tau wêruh/têpung.
Pinangka = asalé ( yèn buta = dhangka ).
Tigas kawuryan = durung tau wêruh.
Sinambat ing wangi = jênêngé.
9. Paran karananira déné jênêng para "
sumêngka pangawak braja " , sowan ing
ngarsaningsun datan ingsun timbali =
--- Têgêsé sowan marang bangsa luhur tanpa ditimbali.
Sumêngka pangawak braja = têgêsé munggah kaya angin gêdhé.
Sumêngka = munggah.
Bangsa luhur iku kaupamakaké dunungé ana ing dhuwur ( tiyang inggil ).
10. Sèwu bêgja kêmayangan =
--- Unèn-unèn kasêbut luwih bêcik kaéwokaké têmbung saroja, amarga " Sèwu bêgja " = bêgja bangêt.
Déné " kêmayangan " = uga bêgja bangêt.
Mula ora mokal lamun ana pêsindhèn nglagokakê Jinêman Ulêr Kambang asring kinucap mangkené :
" Sêkar pucang, sèwu bêgja kêmayangan " Sayuk-sayuk rukun karo kanca-kancané. Aja lali karo kowé gotong-royong nyambut gawé, lst.
Sêkar pucang = mayang.
11. Tri madya candra =
--- Iku têgêsé kang lugu, têlung sasi sêtêngah ( têlu - têngah - sasi ).
Tri = telu
Madya = têngah
Candra = sasi, wulan.
12. Kèmêngan badra irawan =
--- Iku têgêsé, praupaning wong kang lagi susah, rainé katon ora sumringah.
Kèmêngan = kêtutupan.
Kèmêngan = lali, atêgês lali pikirané ketutupan bab liyané.
Badra = rêmbulan.
Irawan = mêndhung.
Kèmêngan badra irawan = kaya rêmbulan katutuapan mêndhung/méga, soroté ora bisa sumunar-sumunu.
13. Lagya éca imbal wacana, kêsaru
sowané wadya-bala kang nggantung
laku, dumrojog tanpa larapan =
--- Têgêsé lagi padha rêrêmbugan, kêtêkan wadya-bala kang nêmbé nindakaké ayahané.
Imbal wacana = gênténan gunêm.
Nggantung laku = nindakaké ayahan ana sajabaning kutha ( tapêl watêsing praja ).
Dumrojog = tanpa larapan = rikat bangêt, lumarap tanpa mandhêg.
14. Ngamuk punggung sura tan taha, nir
baya nir wikara =
--- Têgêsé ngamuk tanpa pétung.
Ngamuk punggung = ngamuk kanthi nékad.
Sura tan taha = kèndêl tan taha-taha.
Nir baya = bêbaya wis dianggêp ora ana, ilang rasa kuwatiré.
Nir wikara = ora ana apa-apa, ilang pikiré, lali sakabèhé.
Wikara = kara = prakara, bab.
Punggung = bodho, pingging, jugul, dama, mudha.
Ngamuk punggung = ngamuké kaya wong bodho, ora ngêrti bêbaya mêrga saka bodhoné.
15. Radèn Gathutkaca dicritakaké " otot
kawat balung wêsi, driji gunting
asungsum gêgala, adhêngkul paron
Akotang antrakusuma, acaping
basunanda.
Bisa mabur tanpa êlar, mlêtik tanpa
suthang. Teguh-timbul sêkti-
mandraguna, tinatah mêndat jinara
mèntèr, tan padah tapak-paluning
pandhé miwah sisaning gurinda ".
--- Têgêsé sêkti bangêt.
Gêgala = jabung ---> dijabung supaya atos utawa krakêt. Yèn Gathutkaca isining jabung bêbalungé ( sungsum ) jaréné saka jèr-jèran timah.
Asungsum gêgala = sungsumé saka jèr-jèran timah.
Paron = landhêsané wêsi kang digêmblèng.
Kotang antrakusuma/anantakusuma = iku kotang paringing Déwa, kang bahané saka manéka-warna kêmbang = bisa kanggo napak dirgantara ( mabur ).
Caping basunabda = caping paringing Déwa, duwé daya = yèn panas ora kêpanasên, yèn udan ora kudanan.
Teguh timbul = digdaya bangêt ( sêkti mandra-guna.
Tapak paluning pandhé = kang tilas tapak palu iku gêgaman saka wêsi.
Gurinda/grénda = wungkal ( watu asahan ).
Sisaning gurinda = têgêsé turahané wungkal yaiku gêgaman saka wesi.
Turahané wungkal = atêgês gaman kang wis diasah, dadiné gêgaman kang landhêp.
Gaman kang landhêp = maksudé gaman turahané wungkal ( grénda ).
16. Sêdhakêp asuku tunggal, nutupi
babahan hawa sanga =
--- Têgêsé lungguh sila, tangan sêdhakêp, kanthi ora ngrasakaké apa-apa kang ana ing donya ( muja-semadi ).
Sêdhakêp asuku tunggal = tangané sêdhakêp, lungguh sikilé kadhèmpètaké dadi siji ( sila ).
Babahan = iku têmbung Kawi têgêsé lawang, dalan, ( bolongan ).
Babahan hawa sanga = dalané hawa napsu iku ana 9 =
1. Mripat = 2
2. Irung = 2
3. Kuping = 2
4. Cangkêm = 1
5. Wajidan = 1
6. Palanangan/pawadonan = 1
--- Jumlah : 2 + 2 + 2 + 1 + 1 + 1 = 9.
Nutupi babahan hawa sanga = têgêsé kabèh hawa napsu kang alantaran bolongan mau katutup.
Maksudé = ana rupa ora dinulu ( ora dimataké ), ana swara ora dirungu, ana ganda ( ambu ) ora diambu, lan ana pêpènginan saka bolongan wajidan lan palanangan/pawadonan ora dirèwès.
17. Rintên dalu ingkang kawula
cêcadhong namung pakaryan ingkang
awrat. Kakarsakna mbêdhah praja
sawanci-wanci, kawula sandika
anglampahi ; " manawi putung
kasawatna, rêmuk kasawurna " =
--- Têgêsé têmên-têmên anggoné nindkaké pakaryan kang kadhawuhaké.
Mênawi putung kasawatna, rêmuk kasawurna = têgêsé yen nganti tatu balung putung, kulit cècèl ( wastra bêdhah kayu pokah ), pratandha ora pantês nampa kapêrcayan ngêntasi gawé, prayoga dijur sisan.
18. Wrêsniwira ya Radèn Arya Sêtyaki,
kêna ingupamakaké " suh-jêjêting
praja, ya sapu-kawat praja
Dwarawati " =
--- Têgêsé Radèn Arya Sêtyaki dadi kêkuwataning praja ( bisa ngêntasi gawé lamun ana bêbayaning praja ).
Suh = iku tali kang diênam kanggo njirêt sapu.
Jêjêt = iku talining wêngku ( tampah kajêjêt saka pênjalin supaya kuwat ).
Suh jêjêting praja = pikuwating praja.
Sapu-kawat = sapu kang digawé saka kawat ( sapu digawé saka sada baé wis kuwat bisa kanggo nyapu ngilangaké sakèhing rêrêgêd ).
Nyapu mungsuh = ngilangaké mungsuh, mbrastha mungsuh, nyirnakaké mungsuh.
19. Ngasta " bang-bang aluming praja " =
--- Têgêsé sing bisa gawé abang, lan aluming nêgara maksudé panguwasaning nagara, utawa kang nyêkêl kêndhalining papréntahan alias ratuné.
20. Jênêng para ingsun timbali ing
ngarsaningsun, poma aja darbé
pangira manawa bakal nampa
nugraha " kêris kang tuwa tangguhé,
kampuh kang pêra siginé, sabuk kang
dawa ubêdé " =
--- Têgêsé anggoné ditimbali aja ngarêp-arêp pawèwèh.
Kêris kang tuwa tangguhé = kêris kang gêdhé kasiyaté.
Kampuh = kampuh iku krama inggil, déné ngokoné dodot ( jarit amba kanggo pisowanan ).
Pêra siginé = dodot kang anyar.
Iku mau conto basa rinêngga kang awujud gunêm.
Ikêtan sinawung ing têmbang kang mawa basa rinêngga iku akèh bangêt, luwih-luwih lêlagon kang ana Sêni Padhalangan mliginé suluking Ki Dhalang.
Ing ngisor iki sawêtara tak aturaké basa rinêngga awujud têmbang ( suluk Ki Dhalang ) kang isi panyandra :
I. Sêndhon Kloloran :
( isi panyandra angganing manungsa )
3 3 3 5 6 6 5 3 ¹ ¹ ¹
Ga lak u lat ka di tha
¹ ¹ ¹ ² ¹ 6 2 2 2 12
thit am ba rung kang pa mu lu
2 3 3 6 5 3 2 1
a lus ma nis mu lat kung
2 1 ⒍ 12 3 3 32 1 ⒍ ⒌
O... sêm ba da gêng a dê
⒊ 1 1 1 1 2 1 ⒍
dêg man da ra na kung
2 2 2 1 2 3 3 6
a go rèh pan tês da dya
5 3 2 1 2 1 ⒍ ⒌ ⒊
ma wèh kung O.......
II. Pathêt Kedhu :
( isi panyandra kaananing alam ):
6 6 6 6 6 6 5 6
Myat la ngên ing ka lang yan
2 2 2 2 2 1 ⒍
a glar pan dam mun car
5.6 2 2 2 2 2 1 2
O... ti non lir kê ko nang
3 5.6 3 5 5 5 5 3
su rêm so rot é tan pa
2 235 235 2 2 21 ⒍⒌
dhang ka sor lan pa jar ing
¹ ²¹653 ¹ ¹ ¹ ¹ ¹ 6¹
O O... pur na mèng ga ga na
²¹6536 2 2 2 2 2 2
O..... dha sar é mang sa ka
2 1 . ⒍ 5 .6 2 2 2 2
ti ga O... hi ma ma na
2 1 2 3 5 6 3 5 5
wèng i mring u jung an ca
3 2 235 235 2 2 2 2
la A sê nèn kar ya wi
2 1 ⒍ ⒌ ⒍ 12 2 2
gê na O... mi wah si
2 2 1 .2 121⒍⒌⒊ 2 2
ning wa na O...... wrêk sa
2 2 2 21⒍ 2 . 1
gung ti nu nu O...
III. Sendhon Rencasih Sl 9 :
( panyandra kaanabing alam ):
2 2 2 2 2 2 1 2
La wa la wa gu man dhul
5 5 5 5 5 1 2
nèng pang kê bêt kê bêt
1 2 5 5 5 5 3 5
O.... lir mè lu su sah
6 ¹ . ² 6 ¹ 6 5
yèn ta bi sa mu wus
5 6 ¹ 5 6 ¹ 5 5 53 21
pa gé né Pan dha wa
6 6 6 6 6 5 6 ¹² 6
tan a na tu mu tri pa ti
¹ 6 5 5 6 ¹ 5 6 ¹ 5
a min ta pra jan ta
5 5 3 2 1 2 2 2 2
sa pa lih kang sê kar tun
1 2 6 5 5 5 5 5 3 5
jung ru ru am ba la sah
6 ¹ ² 6 ¹ 6 5 56¹
lê sah ka di su sah lu
56¹ 5 5 3 2 1 6 5 5
sah ka pi sah A su sah
5 5 3 2 5 3
ka pi sah O....
~~ Pêpèngêt :
Wong manganggo, yèn kakèhan rêrênggan dadi njuwarèhi.
Upamané ; nganggo ali-ali driji lima dianggoni ali-ali kabèh, nganggo kalung gulu siji dianggoni kalung loro.
Mangkono uga basa kang kakéhan rêrênggan, malah rinasa kurang éndah.
Sing marakaké éndahing basa iku dudu " akèhing rêrênggan " nanging pintêr pamilihing rêrênggan lan prigêling cara matrapaké rêrênggan iku ing papan kang mungguh.
Ing ngisor iki ana tuladha têmbang kang basané ora kakéhan rêrênggan, éwadéné bisa agawé sêngsêmé wong kang maca, rêsêping atiné wong sing ngrungokaké.
Têmbungé urutu aruntut, tur isiné mêntês. Upama diapalaké iya gampang, marga pêdhotané mapat, unèn-unèné laras.
Têmbang kasêbut asalé saka Pêtikan Kêpèk, tilarané Kyai Bèi Tjitrasantika, Wêdana Pamijèn ing Sambungmacan, Sragèn.
Mangkéné uniné :
I. Dhandhanggula :
1.
--- Tibra layu wayahé Hyang Rawi.
--- Rawat-rawat sinamar Hyang Ima.
--- Amara sêmu sunaré.
--- Rèrèh dènnya tumurun.
--- Lir kêpalang malang tumolih.
--- Labêt masih karênan.
--- Myat rêsmining Dhukuh.
--- Wismané randha Dhadhapan.
--- Mèsi sotya kang lagi sinarawèdi.
--- Dinadar ing Jawata.
2.
--- Punang rêtna samana kaèksi.
--- Kèn Limaran nèng ngajuning wisma.
--- Nyaponi palatarané.
--- Sakêdhap kèndêl mangu.
--- Kang sinapon tinolih pulih.
--- Wola-wali mangkana.
--- Kèh rondhon kang luru.
--- Lir kênèng daya upaya.
--- Mbok parawan pêgêl ing tyas nawung
kingkin.
--- Têmah tunèng wêwéka.
3.
--- Katarucut ngucap pasanggiri.
--- Déwa gung kang amêngku kuwasa.
--- Saksinên ujar ngong mangké.
--- Sapa bangkit tinulung.
--- Ngilangana kalésa mangkin.
--- Kalamun jalu dadya.
--- Jatukramaningsun.
--- Déné yèn sipat wanodya.
--- Ingong rêngkuh sadulur sinarawèdi.
--- Têkèng Aribawana.
II. Pangkur :
1.
--- Samantara jlêg kawuryan.
--- Jaka Lodhang tumurun marêpêki.
--- Kén Rara arsa lumayu.
--- Ponang wanara mojar.
--- Èh ta rara tan nêdya sikara ingsun.
--- Mung ayun takin kéwala.
--- Ing wau ingsun miyarsi.
2.
--- Sira prasêtyèng Jawata.
--- Sapa bisa têtulung minangkani.
--- Laruding larahan luru.
--- Rêgêding palataran.
--- Lamun priya sira sumarah winêngku.
--- Yèn wadon dadiya kadang.
--- Sadulur sinarawèdi.
3.
--- Apa têmên ujarira.
--- Yèn cidraa kênèng upata yêkti.
--- Yèn sira nuhonu wuwus.
--- Nyatèdining kusuma.
--- Ywa sandéya nugrahanta mèh
dhumawuh.
--- Ingsun dutaning Jawata.
--- Anêkani pasanggiri.
III. Maskumambang :
1.
--- Rawat waspa Kèn rara dupi miyarsi.
--- Ngungun sru nalangsa.
--- Puwara aris nauri.
--- " Dhuh walèh-walèh punapa.
2.
--- Pan sanjata wuwu ulun kang kawijil.
--- Mêné mung sumangga.
--- Paran nggèn ulun nyinggahi.
--- Yèn wus karsaning Jawata ".
3.
--- Suka ing tyas réwanda tandya samadi.
--- Hyang maruta prapta.
--- Kalésa katut sumilir.
--- Rêroncèné tan winarna.
IV. Kinanthi :
1.
--- Baskara diwasa surup.
--- Ginantyan wimbaning sasi.
--- Sêdhêngé tanggal ping sapta.
--- Manda prabané marnani.
--- Sênèn jroning padhukuhan.
--- Sonya sabawaning janmi.
2.
--- Upama kalané dalu.
--- Ana karna kang tumiling.
--- Kaya mung myarsa na rasan.
--- Piwêling kang milangoni.
--- " Dhuh rara ing bénjang énjang.
--- Ing wayah banguning rawi.
3.
--- Sun méndra arsa anggaru.
--- Mring sawah si Randha kuning.
--- Sira rara rêratênga.
--- Sathithik kinarya ngirim.
--- Nora kudu salah éndah.
--- Nanging susulna pribadi ".
V. Balabak :
1.
--- Byar raina Kèn rara wus maring
sêndhang, mamèt wé.
--- Turut marga nyambi rêramban
janganan, antuké.
--- Praptèng wisma wusing nyapu
atêtêbah, jogané.
2.
--- Cêtik gêni arêratèng tata-tata, sumbulé.
--- Samantara kirimané wus samêkta,
kabèhé.
--- Ngambil sléndhang Kèn rara nuli
pamitan, rénané.
3.
--- Nggéndhong cêthing manggul sumbul
sarwi ngêmban, kêndhiné.
--- Gya umangkat sêmparèt agêgancangan,
lampahé.
--- Praptèng têba winulat kawuryan sunya,
gubugé.
VI. Pocung :
1.
--- Nguwuh-uwuh : " Kakang nèng ngêndi
sirèku.
--- Jaré nggaru kakang.
--- Sawahé si Randha kuning.
--- Kari-kari dakgoleki nora ana " .
2.
--- Nêngna wau mêné gantya kang
winuwus.
--- Nênggih Radèn Putra.
--- Ing Jênggala Sang Apanji.
---Nuju arsa bêdhag-pikat amisaya.
3.
--- Myang nênumpu mring alas gung
.. liwang-liwung.
--- Namur brangtanira.
--- Manganti panjanmaning Sri.
--- Nitih kuda ingiring Ki Jodhèh-Santa.
VII. M i j i l :
1.
--- Sru kapyarsa trajanging turanggi.
--- Andhêgé pinargok.
--- Kumriciking kêndhali linêpèh.
--- Myang plêsating sêséla lit-alit.
--- " Tik-kalêtik krincing.
--- Bag-gêdêbug barus " .
2.
--- Praptèng têba Dyan Panji umèksi.
--- Ana raré wadon.
--- Kawistara éndah suwarané.
--- Tinakonan wus sajarwa jati.
--- Radyan dhuk miyarsi.
--- Ing driya kumênyut.
3.
--- Gya tumurun mara mirakêti.
--- Pagut ing patêmon.
--- Nikèn rara karênan ing tyasé.
--- Asrah jiwa mring Sang Raja-siwi.
--- Tan pantara prapti.
--- Joko Lodhang nguwuh.
VIII. D u r m a :
1.
--- " Èh ni rara êndi pêpunjunganira.
--- Suwé sun anti-anti.
--- Katuwoné sira.
--- Patêmon lan wong priya.
--- Lah apa nyata sirèki.
--- Wus gathuk ing tyas.
--- Tan kogèl mulat téngi.
2.
--- Katgandhèng tyas Radèn Putra dhuk
miyarsa.
--- Arsa ngayat jêmparing.
--- Réwanda sru sru mojar.
--- " Babo ywa salah cipta.
--- Ingsun dutaning Hyang Widdi.
--- Dadi pacalang.
--- Mêmulang tudhuh margi.
3.
--- Kèn Limaran pasti jatukramanira.
--- Trah-tumêrah mijèni.
--- Jroning pitung jaman.
--- Bénjang sapungkurira.
--- Dhihin jaman Andêrpati.
--- Kalawisésa.
--- Nèng Pajajaran nagri.
IX. Asmaradana :
1.
--- Dyan Sri Kala Rajapati.
--- Kuthané ing Majalêngka.
--- Rinusak putrané dhéwé.
--- Sumilih salin salaga.
--- Ngalih maring Bintara.
--- Adiyati jamanipun.
--- Sajroning Kalawisaya.
2.
--- Rusaké mring Pajang ngalih.
--- Aran jaman Kalajangga.
--- Tan lawas wus ngalih manèh.
--- Kekutha anêng Mataram.
--- Rinakêt wong nakodha.
--- Jaman Kalasakti iku.
--- Sirêp rêrêtuning praja.
3.
--- Jaman kaping nêm angalih.
--- Kuthané ing Wanakarta.
--- Pan Kalajaya jamané.
--- Puwara jaman ping sapta.
--- Kalabêndu ranira.
--- Pyarsakna lambanging sêmu.
--- Nanging sun lungguh sadhéla.
--- wjg ---
-------> ana candhaké :
BAB : SANDI ASMA XI. 38. B. 28.
0 comments:
Post a Comment