Thursday, April 2, 2020
Home »
» XI. No. 38. B. 28. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : SANDI ASMA )
XI. No. 38. B. 28. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : SANDI ASMA )
Kasusastran 38 :
Sandi Asma :
Têmbung " s a n d i " utawa
" s a n d y a " iku têgêsé " s a m b u n g ".
" Sandi-kala " kang lumrahé sinêbut " sandya-kala " iku têgêsé sambungané wêktu ( kala = wêktu ).
Sing disambung wêktu awan karo wêktu bêngi.
Déné wêktu sing nyambung yaiku wêktu suruping srêngéngé.
Yèn mangkono sandi-kala iku atêgês araning wêktu rikala srêngéngé surup, têkan saiki diarani " candhik-kala
( candhik-ala ) " .
Wêruh marang " sandining urip" , têgêsé : wêruh marang " sêsambungané urip, maksudé sing bisa " nyambung urip karo pati sing sampurna " , yaiku panggawé bêcik ( dharma ).
Jaman saiki têmbung " sandi " lumrahé ditêgêsi " w a d i ".
--- Polisi sandi = Polisi kang winadi, ing basa Indonesia sinêbut " Polisi Rahasia " ; yaiku Polisi kang nyamar wong umum.
--- Sandi-sastra = sastra kang winadi
( sinamar, sinamun ), atêgês " kodhê " .
--- Sandi-asma = asma kang sinandi, jênêng kang sinamar, jênêng kang ora dituduhaké kanthi mêlok utawa cêtha, nanging tinulis sinamar.
Sandi-asma umumé dianggo ing sajroning karangan kang sinawung ing têmbang.
Dunungé sandi-asma kang sinawung têmbang, cara kang wis lumrah ana warna têlu, yaiku :
1.
Ana ing sabén wiwitaning gatra.
2.
Ana ing sabén wiwitaning têmbang ( dadi dumunung ing sabén saburiné pada gêdhé / saburiné pada gêdhé kang uniné : " mangajapa " ).
3.
Ana ing sabén wiwitaning pupuh ( sapupuh iku sagolonganing têmbang ). Dadi wiwit saburiné " purwapada ", lan sabanjuré ing sabén saburiné " madyapada " kang uniné " mandrawa " .
Sarèhning sing akèh-akèh dunungé sandi-asma ana ing sabén wiwitaning gatra, mula tuladha kang kacêtha ngisor iki uga sandi-asma kang dumunung ing sabên wiwitaning gatra.
~~~ Tuladha sandi-asma kang tinulis ing purwakaning têmbang anut dhapukan wanda :
I. M i j i l
( Sandi-asma jênêngé Pêlajar Sêkolah Guru Purworejo kang tamat taun 1952 ).
1.
--- Sumundhul wyat sêmangat kang mijil.
---꧋ ꦱꦸꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦭ꧀ ꦮꦾ ꦠ꧀ꦱꦼꦩꦔꦠ꧀ꦏꦁꦩꦶꦗꦶꦭ꧀
--- Harsayèng tyas yêktos.
--- ꦲꦂꦱꦪꦺꦁꦠꦾ ꦱ꧀ꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀
--- Tita nyata dahat pangrêngguté.
--- ꦠꦶꦠꦚꦠꦢꦲꦠ꧀ꦥꦔ꧀ꦫꦼꦁꦒꦸꦠ꧀ꦠꦺ
--- Tatag tanggon pêmudha-pêmudhi.
--- ꦠꦠꦒ꧀ꦠꦁꦲꦺꦴꦤ꧀ꦥꦼꦩꦸꦝꦥꦼꦩꦸꦝꦶ
--- Yun ndhêpani nagri.
--- ꦪꦸꦤ꧀ꦝꦼꦥꦤꦶꦤꦒꦿꦶ
--- Nahan munah mungsuh.
--- ꦤꦃꦲꦤ꧀ꦩꦸꦤꦃꦩꦸꦁꦱꦸꦃ
2.
--- Sanadyana kurang gaman jurit.
--- ꦱꦤꦢꦾ ꦤꦏꦸꦫꦁꦒꦩꦤ꧀ꦗꦸꦫꦶꦠ꧀
--- Kadugi rêrêmpon.
--- ꦏꦢꦸꦒꦶꦉꦉꦩ꧀ꦥꦺꦴꦤ꧀
--- Kudu nglawan wong ala wataké.
--- ꦏꦸꦢꦸꦔ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦲꦭꦮꦠꦏ꧀ꦏꦺ
--- Thakah srakah arsa njajah nagri.
--- ꦛꦏꦃꦱꦿꦏꦃꦲꦂꦱꦚ꧀ꦗꦗꦃꦤꦒꦿꦶ
--- Gombèng tan ngengeti.
--- ꦒꦺꦴꦩ꧀ ꦧꦺꦁꦠꦤ꧀ꦔꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦶ
--- Bonggan déné nglurug.
--- ꦧꦺꦴꦁꦒꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦔ꧀ꦭꦸꦫꦸꦒ꧀꧈
II. G a m b u h.
1.
--- Murwani sêkar Gambuh.
--- ꦩꦸꦂꦮꦤꦶꦱꦼꦏꦂꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃ
--- Dipun émut pra mudha ywa limut.
--- ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦩꦸꦠ꧀ꦥꦿꦩꦸꦝꦪ꧀ꦮꦭꦶꦩꦸꦠ꧀
--- Aywa mbèbèr ambêk ujubriya
kibir.
--- ꦲꦪ꧀ꦮꦩ꧀ꦧꦺꦧꦺꦂꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦲꦸꦗꦸꦧꦿꦶꦪꦏꦶꦧꦶꦂ
--- Tilar tata atakabur.
--- ꦠꦶꦭꦂꦠꦠꦲꦠꦏꦧꦸꦂ
--- Jail drêngki srakah angkuh.
--- ꦗꦲꦶꦭ꧀ꦢꦿꦼꦁꦏꦶꦱꦿꦏꦃꦲꦁꦏꦺꦴꦃ
2.
--- Tibèng ndon wong gumêndhung.
--- ꦠꦶꦧꦺꦁꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦒꦸꦩꦼꦤ꧀ꦝꦸꦁ
--- Malah mlayu ngucira ing kéwuh.
--- ꦩꦭꦃꦩ꧀ꦭꦪꦸꦔꦸꦕꦶꦂꦫꦲꦶꦁꦏꦺꦮꦸꦃ
--- Langkung mérang mring hubaya.
mbalénjani.
--- ꦭꦁꦏꦸꦁꦩꦺꦫꦁꦩꦿꦶꦁꦲꦸꦧꦪꦩ꧀ꦧꦭꦺꦚ꧀ꦗꦤꦶ
--- Kliyêng lunga mundur clingus.
--- ꦏ꧀ꦭꦶꦪꦼꦁꦭꦸꦔꦩꦸꦤꦁꦢꦸꦂꦕ꧀ꦭꦶꦔꦸꦱ꧀
--- Rongkop ulaté wong mirong.
--- ꦫꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦥ꧀ꦲꦸꦭꦠ꧀ꦠꦺꦮꦺꦴꦁꦩꦶꦫꦺꦴꦁ
3.
--- Bagya wong momot mêngku.
--- ꦧꦒꦾꦮꦺꦴꦁꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦠ꧀ꦩꦼꦁꦏꦸ
--- Wahyu tiba trus luhur tumurun.
--- ꦮꦃꦪꦸꦠꦶꦧꦠꦿꦸꦱ꧀ꦭꦸꦲꦸꦂꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀
--- Kêtarik ing ati suci sêpi pamrih.
--- ꦏꦼꦠꦫꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦲꦠꦶꦱꦸꦕꦶꦱꦼꦥꦶꦥꦩꦿꦶꦃ
--- Budi jêjêg ajêg jujur.
--- ꦧꦸꦢꦶꦗꦼꦗꦼꦒ꧀ꦲꦗꦼꦒ꧀ꦗꦸꦗꦸꦂ
--- Mêntèr tata-têntrêm batos.
--- ꦩꦼꦤ꧀ ꦠꦺꦂꦠꦠꦠꦼꦤ꧀ꦠꦿꦼꦩ꧀ꦧꦠꦺꦴꦱ꧀
Sandi-asma iku lumrahé pancèn katata manut " dhapukan wanda " kaya tuladha ing dhuwur iku.
Nanging ing jaman saiki, barêng basa Jawa uga lumrah katulis nganggo aksara Latin, sok ana wong sing gawé sandi-asma manut " dhapukan aksara ".
~~ Ing ngisor iki tuladhané " sandi-asma " ing saben wiwitaning tembung :
P a n g k u r :
1.
--- Sasat mungkur basa Jawa.
--- Umumira pra mudha jaman mangkin.
--- Tan tumanggah ing panggrêgut.
--- Ras-arasên nggêgulang.
--- Ing ajuné basa Jawa mamrih luhur.
--- Sêdéné dhuk kuna-kuna.
--- Ngumala lir kala nguni.
2.
--- Apan mangké wus karasa.
--- Mundurira Kasusastran Jawi.
--- Upamané trus kêbanjur.
--- Rusak kang Kabudayan.
--- Ing bésuké sapa kang kélangan iku.
--- Datan lya wong Jawa pyambak.
--- Sayêkti kêduwung wuri.
3.
--- Glagaté wis kawistara.
--- Bakal rusak Kasusastran Jawi.
--- Iba gêtuné ing bésuk.
--- Nanging yèn para mudha.
--- Gêlêm agé nggagahi gumrégah
nggrêgut.
--- Padha glis gêlêm nggêgulang.
--- Umum sami têmên mardi.
4.
--- Rahayu Budaya Jawa.
--- Wus tartamtu têrus tulus lestari.
--- Ora mundur mandar mumbul.
--- Rusak kêna cinêgah.
--- Ênggih mangga gé-agé sing gênah
saguh.
--- Jak-ajak ajêg anjaga.
--- Ombèré Budaya Jawi.
~~~ Tuladha sandi-asma kang dumunung ing têngahing gatra :
1. Gambuh :
--- Dèn limpad sakèh ngèlmu.
--- Mrih utama uripmu ing bésuk.
--- Ywa kêsusu ngajap mulya nyipta mukti.
--- Mrih tumêka kang ginayuh.
--- Tan malêca dadi asor.
2. Pangkur :
--- Kang wus katon mobahing rat.
--- Yèku tandha dadi parênging Widhi.
--- Baya parêk kang kinayun.
--- Kawasa njunjung bangsa.
--- Mung marsudi jujuré kang sêdya maju.
--- Tanapi pra tuduh marga.
--- Poma aja tinggal èling.
Sandi-asma kang kadadéyan saka dhapukaning aksara Latin, yèn katulis nganggo aksara Jawa, dadi " ilang sipaté sandi-asma " .
Ngisor iki sandi-asma katulis aksara Jawa :
I. ꧋ ꦱꦼꦏꦂꦥꦺꦴꦕꦸꦁ :
꧇ ꧑ ꧇
--- ꧋ꦱꦸꦮꦺꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦏꦸꦩꦶꦏꦶꦂꦩꦫꦁꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀꧈ ꦠꦶꦠꦶꦏꦭꦩꦁꦱ ꧈ ꦲꦠꦶꦒꦶꦤꦸꦒꦃꦲꦁꦒꦸꦫꦶꦠ꧀ ꦢꦶꦩꦺꦤ꧀ ꦊꦱ꧀ꦠꦫꦶꦤꦶꦁꦱꦼꦤꦶꦭꦤ꧀ꦧꦸꦢꦪ꧈
꧇ ꧒ ꧇
--- ꦱꦸꦥꦪꦤꦺꦏꦮꦕꦩꦿꦶꦁꦲꦤꦏ꧀ꦥꦸꦠꦸ꧈ ꦫꦮꦸꦠꦧꦸꦢꦪ꧈ ꦏꦂꦪꦏꦭꦲꦶꦁꦲꦱꦼꦥꦶ꧈ ꦠꦤ꧀ꦲꦤꦥꦏꦂꦪꦤ꧀ꦏꦁꦭꦸꦮꦶꦃꦲꦸꦠꦩ꧈
꧇ ꧓ ꧇
--- ꦲꦤ꧀ꦢꦪꦤꦶꦧꦶꦤꦸꦏꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈ ꦢꦶꦮꦕꦥꦼꦂꦩꦤ꧈ ꦤꦶꦁꦮꦼꦤꦶꦁꦱꦿꦤꦤꦶꦁꦲꦠꦶ꧈ ꦫꦠ꧀ ꦲꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦩꦏ꧀ꦲꦶꦁꦠꦠꦏꦿꦩ ꧉
( ꦱꦸꦠꦶꦲꦢꦶ ꦱꦸꦫꦏꦂꦠ ꦲꦢꦶꦤꦶꦁꦫꦠ꧀ )
2. ꧋ ꦱꦼꦏꦂꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀ :
--- ꧋ ꦱꦸꦤ꧀ꦫꦱꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦤꦭ꧈ ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦩꦁꦏꦶꦤ꧀ ꦲꦩꦸꦁꦲꦱꦔꦸꦢꦼꦢꦸꦒ꧈ ꦢꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦫꦶꦱ꧀ꦮꦭꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈ ꦱꦼꦤꦗꦤ꧀ꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦥꦶꦁꦒꦶꦁ꧈ ꦠꦾ ꦱ꧀ꦚ ꦫꦸꦩꦁꦱꦥꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦥ꧀
ꦢꦶꦏ꧀ꦱꦸꦫꦭꦏꦸꦤꦶꦫ꧈ ꦲꦂꦢꦤꦶꦁꦤꦭꦏꦸꦕꦶꦮ꧈ ꦗꦩꦤ꧀ꦠꦸꦮꦲꦏꦺꦃꦏꦁꦠꦤ꧀ꦮꦿꦸꦃꦩꦿꦶꦁꦫꦱ꧉
( ꦱꦸꦠꦶꦲꦢꦶ ꦱꦼꦠꦾ ꦢꦶꦲꦂꦗ )
3. ꧋ ꦮꦫꦸꦁꦗꦮꦒꦈꦭ꧀ :
--- ꦮ = ꦧꦸꦢꦪ ꦗ-ꦮ
--- ꦫꦸꦁ = ꦧꦏꦭ꧀ꦮꦸ -ꦫꦸꦁ
--- ꦗ = ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦶꦠ ꦢꦠꦤ꧀ꦔꦸ-ꦗ
--- ꦮ = ꦤꦶꦪꦠ꧀-ꦮ-ꦤꦶ
--- ꦒ = ꦲꦚ꧀ꦗ-ꦒ
--- ꦈꦭ꧀ = ꦈꦭꦃ-ꦠꦶꦁꦏꦃꦭꦏꦸꦤꦺ ꧈
4. Warung Jawa Gaul :
--- Wa = Budaya Ja-Wa
--- Rung = Bakal wu-Rung
--- Ja = Yèn kita datan ngu-Ja
--- Wa = Niyat Wa-ni
--- Ga = Anja-Ga
--- Ul = Ulah tingkah-lakuné.
--- wjg --
------> ana bacuté :
BAB : SÊNGKALAN XI. 39. B. 29.
0 comments:
Post a Comment