Monday, March 23, 2020
Home »
» XI. No. 36. B. 26. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : CANDRAN )
XI. No. 36. B. 26. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : CANDRAN )
Kasusastran Jawi 36 :
Candran :
Ing bab ngarêp wis katêrangaké manawa " nyandra " iku têgêsé nggambar utawa amarna kaéndahan utawa kaanan sarana pêpindhan.
Dudu " pêpindhané " sing diarani candra.
Pêpindhané iku mung kanggo srana nyaritakké candraning kaéndahan utawa kaanané apa-apa.
Wong nyandra kaéndahan utawa kaanan iku ora mêsthi nganggo têtêmbungan sing dakik-dakik kang diarani basa rinêngga.
Bisa baé mung nganggo têtêmbungan kang lumrah kanggo padinan, kayata :
--- 1 Mucuk êri drijiné.
--- 2. Nawon kêmit bangkèkané.
--- 3. Ngombak banyu swarané.
--- 4. Ngêmbang pudhak kémpolé, lsp.
Déné " candra " kang nganggo basa rinêngga mêsthi baé ya akèh.
Kayata :
--- 1. Grana rungih pindha kêncana
pinatar.
--- 2. Gugup gurawalan lir tinebak ing
mong tuna, sinambêr ing gêlap
lêpat, lsp.
Wondéné kang lumrah dicandra, kayata :
A. CANDRA ANGGANING MANUNGSA.
B. CANDRA ANGGANING DANAWA.
C. CANDRA KAANANING ALAM.
D. CANDRA LIYA-LIYANÉ.
~~~ Jlentrehané :
A. CANDRA ANGGANING MANUNGSA :
Candran angganing manungsa lan bab kang gegandhéngan karo manungsa iki, ana warna 4 yaiku :
I. Candran Angganing Manungsa.
II. Candran Manungsa Lagi Nêpsu.
III. Candran Manungsa Minum.
IV. Candran Tumrap Wadya-bala ing
Paprangan.
~~ Katrangané :
I. Candran Angganing Manungsa :
Candran angganing manungsa sinawung têmbang " Asmaradana ".
1.
--- Dhasaré putri linuwih.
--- Susila tyasé ngumala.
--- Yèn cinandra suwarané.
--- Slira srêntêg pngawak dara ¹).
--- Pamulu lir sasangka ²).
--- Réma mêmak ngêmbang bakung ³).
--- Sêsinomé micis wutah.
2.
--- Larapan nyéla cêndhani ⁴).
--- Imba ananggal sapisan.
--- Kêkincangé nggiwangaké ⁵).
--- Ibing tumênga ing tawang ⁶).
--- Nétra ndamar kanginan.
--- Liringé wèh wayang-wuyung ⁷).
--- Mblalak kocak lir mutyara.
3.
--- Grana rungih ngudup mlathi ⁸).
--- Pindha kêncana pinatar.
--- Ngudhup turi kêkêningé ⁹).
--- Nyangkal putung uwangira.
--- Lathi manggis karêngat ¹⁰).
--- Èsêmé apait madu.
--- Waja sinisig nglar kombang ¹¹).
4.
--- Pamêkak anawon kêmit.
--- Pamidhangan anraju mas.
--- Anglunging gadhung janggané ¹²).
--- Pêpocongé manjang-ilang ¹³).
--- Wêntis angêmbang pudhak ¹⁴).
--- Racikan merit angrayung ¹⁵).
--- Asta nggêndéwa pinênthang ¹⁶), lsp.
~~ Katrangan :
1).-----> tumrap priya dêdêg pidêksa.
2).-----> pamulu = wujuding praèn.
Pindha sangsaka = kaya rêmbulan.
3).-----> utawa mêmak ngandhan-andhan. Mêmak = kêtêl.
4).-----> utawa wungkal gêrang. Gêrangé wungkal iku alus bangêt, karêpé bathuk kang alus.
5).-----> ngincangaké alis = ngobahaké
alis. Kagiwang kincanging alis =
kêpéncut marang mêmanisé
wanita.
6).-----> idêp kang mlêngkung mandhuwur.
7).-----> liring = lirik. Mbalang liring =
nglirik. Wuyung = kasêngsêm =
gandrung.
8).-----> mbangir.
Kêncana pinatar = mas digilapaké
nganggo patar ( kikir ). Maksudé
padha karo mas sinangling =
digilapaké nganggo sangling.
9).-----> kaya kêmbang turi kang durung
mêgar, pucuké lancip lan
mlêngkung, lumrahé mlêngkung mêmburi.
10).-----> abang kaya manggis bênthèt iku candra warnané lambé. Yèn
candra wanguné lambé damis
nggula satêmplik.
11).-----> iki candran warnané untu.
Yèn candran wanguné untu = miji timun.
12).-----> utawa ngulan-ulan.
13).-----> panjang ilang = janur dinam
kawangun kaya panjang.
14).-----> warnané kémpolé putih, yèn
candran wanguné : njantung (
kêmbang gêdhang ).
15).-----> utawa mucuk êri, yaiku driji kang cilik-cilik lan mêrit.
16).-----> iki candran wanguné lêngên ;
yèn candran warnané :
nggêndéwa gadhing.
II. Candran Manungsa Lagi Nêpsu :
--- 1.
Lir sinêbit talingané, jajabang mawinga-winga, sinabêta mêrang sagèdhèng : bêl dadi gêni.
--- 2.
Angga pindha mubal dahana, nétra andhik angatirah, imba têpung, idêp mangada-ada.
Waja gathik, kumêdut padoning lathi. Saking bangêting nggêgêt waja, kêcoh marus ariyak ludira.
III. Candra Manungsa Minum :
--- 1. Éka padma sari =
Minum sasloki agawé sumringah rai, pêpindhané kaya sumringahing kêmbang traté utawa tunjung.
Padma = kêmbang tunjung, traté awarna abang.
--- 2. Dwi amartani =
Minum rong sloki marakaké rumasa ora bisa tumêka ing pati.
Mrêta = mati
Amêrta = ora mati.
--- 3. Tri kawula busana =
Minum têlung sloki wiwit duwé polah nganèh-anèhi ( owah adaté ), ibaraté kaya abdi kang manganggo sacara ( kaya ) bêndarané.
--- 4. Catur wanara rukem =
Minum patang sloki kaya wanara mêré-mêré ana ing wit rukêm ( gunemé wiwit ndlêming ).
--- 5. Panca sura panggah =
Minum limang sloki atiné dadi rumasa tatag-tanggon sugih kuwanèn, sarwa kêduga nadhahi gêgaman, sêpi ing rasa was-sumêlang.
--- 6. Sad guna wewéka =
Minum nêm sloki dadi sirna pangati-atiné.
--- 7. Sapta kukila warsa =
Minum pitung sloki pêpindhané kaya manuk kodanan njêdhindhil.
--- 8. Asta sacara-cara =
Minum wolung sloki, solahé wis ninggal tata-krama, lali marang kasusilané, tarkadhang gêlêm cucul panganggo ( wuda ).
--- 9. Nawa gra lupa =
Minum sangang sloki, awaké wis lungkrah nglumpruk tanpa daya amarga kêsêl olehé polah wiwit minum rong sloki.
-- 10. Dasa yaksa mati /dasa buta mati =
Minum sapuluh sloki, pêpindhané kaya danawa kang wis mati, nglêgorong tanpa obah.
IV. Candran Tumrap Wadya-bala ing
Paprangan :
1.
--- Untabing wadya-bala pindha wrêdu
angga sasra.
--- Kang nganggo abang kumpul padha
abang kaya alas kobar ( pindha wukir
kawlagar ).
--- Kang nganggo irêng kumpul padha
irêng kaya gagak rêraton.
--- Kang ngnggo putih kumpul padha putih
kaya kuntul barêng nêba utawa kuntul
sarawa .
--- Kang nganggo kuning kumpul padha
kuning kaya podhang rêraton.
2.
--- Swaraning gong-bèri, puksur-tambur,
têmpuk lan gatiking watang sarta
bêngingèhing jaran ( kuda ), kaya
mbêlah-mbêlahna bumi.
--- Polahé wadya-bala kaya gabah dèn
interi.
--- Tandangé kaya banthèng kêtaton
--- Kèhing pêpati kaya babadan pacing.
Ing paprangan prasasat banjir gêtih,
asarah wangké.
B. CANDRA ANGGANING DANAWA :
1.
--- Angga pindha prabata.
--- Nétra lis baskara kêmbar.
--- Grana canthuking baita.
--- Tutuk lir wiwaraning guwa.
--- Godhèg wok simbar jaja
2.
--- Antop-sêgu pindha gludhug sèwu, pêtak pindha gêlap ngampar.
C. CANDRA KAANAN ALAM :
---- Candran kaananing alam gêgayutan karo gonta-gantining mangsa :
1. Sotya murca saking êmbanan :
( 41 ari = 22-23/6 ~ 2/8 )
--- Mangsa Kasa :
wit-witan akèh kang pada brindhil.
Sotya = pêpindhaning gêgodhongan.
Êmbanan = pêpindhaning uwit.
Bayi lair : wêlasan.
2. Bantala rêngka :
( 23 ari = 2-3/ ~ 25-26/8 )
--- Mangsa karo :
akèh lêmah padha nêla ( mlêthèk ).
Bayi lair : crobo.
3. Suta manut ing bapa :
( 24 ari = 25-26/8 ~ 18-19/9 )
,--- Mangsa Katêlu :
wit gêmbili, gadhung wiwit padha mrambat.
Suta = pêpindhaning wit gêmbili.
Bapa = pêpindhané rambatané.
Bayi lair : antêng.
4. Waspa kumêmbêng jroning kalbu :
( 24 ari = 18-19/9 ~ 13-14/10 )
--- Mangsa Kapat :
tuk padha buntêt ( pimpêt ).
Yèn gawé sumur mangsa kapat mêsthi jêro bangêt.
Waspa = pêpindhaning banyu tuk.
Kumêmbêng = ora bisa mêtu.
Kalbu = pêpindhaning tuk kanggo mêtu banyu.
Bayi lair : rêsikan.
5. Pancuran mas sumawuring jagad :
( 25 ari = 13-14/10 ~ 9-10/11 )
--- Mangsa Kalima :
wiwit ana udan, banyu wis akèh. Wong tani wiwit ngolah lêmah.
Bayi lair : juwèh.
6. Rasa mulya kasucian :
( 43 ari = 9-10/11 ~ 22-23/12 )
--- Mangsa Kanêm :
akèh woh-wohan kang énak mirasa.
Bayi lair : lantip/pintêr.
7. Wisa kéntar ing maruta :
( 43 ari = 22-23/12 ~ 3-4/2 )
--- Mangsa Kapitu :
akèh lêlara.
Wisa = pêpindhaning lêlara.
Kéntar ing maruta = kabuncang angin.
Mratélakaké yèn sumêbar lêlara kang tular-tumular.
Bayi lair : galak.
8. Anjrah jroning kayun :
( 26 ari = 3-4/2 ~ 1-2/3 )
--- Mangsa Kawolu :
mangsané kucing padha gandhik.
Bayi lair : sêdhêng.
9. Wêdharing wacana mulya :
( 25 ari = 1-2/3 ~ 26-27/3 )
--- Mangsa kasanga :
Garèng wiwit muni, gangsir padha ngênthir.
Wêdharing = wêtuning.
Wacana = gunêm
Mulya = apik, luhur, linuwih.
Bayi lair : ngêbrèh.
10. Gêdhong minêb jroning kalbu :
( 24 ari = 26-27/3 ~ 19-20/4 )
--- Mangsa Kasêpuluh :
mangsané akèh kéwan padha mêtêng, manuk padha ngêndog.
Bayi lair : kakon atèn.
11. Sotya sinarawèdi :
( 23 ari = 19-29/4 ~ 13-14/5 )
--- Mangsa kasêwêlas ( dhêsta ) : akèh manuk padha ngloloh anaké.
Sotya = pêpindhaning anak.
Sinarawèdi = pêpindhaning ngloloh.
Sinarawèdi = sêsotya ( digosok tumrap intên ).
Bayi lair : climut.
12. Tirta sah saking sasana :
( 41 ari = 13-14/5 ~ 22-23/6 )
--- Mangsa karolas ( Saddam ) :
mangsané langka wong kringêtên, marga bêdhidhing.
Tirta = banyu pepindhaning kringêt
Sah = pêdhot, oncat, lunga.
Sasana = panggonan pêpindhaning awak.
Maksudé awak ora kringêtên.
Bayi lair : sêdhêng.
D. CANDRA LIYA-LIYANÉ :
Candran liyané kayata :
1. Pasugatané mbanyu mili =
--- Maksudé suguhané mêtu têrus ora ana pêdhoté.
2. Tulisané mbata sarimbag =
--- Tulisan Jawa kang wanguné pêsagi-pêsagi, kaya ijènaning bata.
Yèn tulisané sajak bundêr, diarani ngêtumbar.
3. Tulisané ngêri =
--- Tulisan aksara Latin kang wanguné lancip-lancip.
4. Swarané umyang-gunuruh pindha sasra canthuka warsa =
--- Swarané ramé bangêt kaya swaraning kodhok sèwu muni barêng.
5. Suraké ambata rubuh =
--- Suraké wong akèh barêng, pepindhané kaya swaraning tumbukan bata kang rubuh ( ambruk ).
Mantu mbata rubuh = mantu luwih saka siji, dibarêngaké.
6. Wangsulané saur manuk =
--- Wangsulan kang ora barêng, kaya ocèhing manuk susul-sumusul ( asêsauran ).
7. Yèn kaku kaya alu, yèn lêmês kêna ginawé tali =
--- Candraning wêwatakan ( Wêrkudara ) ; yèn wis mbrêngkunung ora kêna diluk, ora luntur déning pitutur, ora mêndha déning têmbung manuara ; yèn kêbênêr gampang, dokon ngapa baé mêsthi tumandang.
8. Cahyané ngalêntrih kaya rêmbulan karainan =
--- Candra wandaning manungsa kang pucêt sêmu lêsu.
9. Panasé kaya mêcah-mêcahna gundhul =
--- Panasé srêngéngé krasa panas bangêt.
10. Sowané R. Janaka rêpèpèh-rèpèpèh ( mêndhak-mêndhak ) pindha sata manggih krama =
--- Tandang rêpèpèh-rèpèpèh, iku wujud angajèni sarana andhap-asor, angasih-asih.
11. Sukèng tyas marwata suta =
--- Sênênging ati pindha gunung anakan, utawa sênêng bangêt.
Marwata suta = kaya parwata suta = gunung anakan.
12. Nusup ngayam-alas tindaké =
--- Nusup mênyang ngêndi-êndi, ngambah gêgrumbulan nrajang bêbondhotan kaya lakuné ayam-alas.
13. Tindaké kaya macan luwé =
--- Lumaku kang lambungé obah mangiwa lan manêngên.
14. Tandangé R. Gathutkaca kêbat-cukat, trêngginas, trampil.
Cukat kadya kilat, kêsit kadya thathit.
Éndha mangiwa, éndha manêngên pindha prênjak tinaji =
--- Tandang kang cêpêt bangêt.
Prênjak tinaji = prênjak ditibani lêlancip
( Bêdor ), dipanah utawa dilêpasi pasêr.
Tandang kang cêpêt bangêt iku asring diucapaké : " kadya sikatan nyambêr walang ".
15. Krêsna lan Janaka pêpindhané kadya suruh lumah lan kurêbé ; dinulu séjé rupané, ginigit nunggal rasané =
--- Têgêsé lairé béda, tapi batiné padha.
16. R. Gathutkaca kalawan R. Angkawijaya prasasat kaya gêni lan urubé, kaya sarkara lan manisé =
--- Têgêsé kudu tansah kumpul dadi siji, ora bisa pisah.
~~ Candra Kang Sinawung ing Têmbang :
I. Durma ( candran kaananing alam ).
--- Tan pantara bayu-bajra maliwêran.
--- Gêtêr-patêr mawêrdi.
--- Gênjot kang bantala.
--- Kartika tibèng kisma.
--- Drês sumawur Sang Hyang Riris.
--- Kocak samodra.
--- Lindhu mawanti-wanti.
( Punarbawa jilid II No. 12 ).
II. Pangkur ( danawa nêpsu ) :
1.
--- Jumangkah anggro sêsumbar.
--- Lindhu gêtêr-patêr kang bumi gonjing.
--- Gumaludhug guntur kêtug.
--- Gora rèh gara-gara.
--- Kadya bêlah bumi gunung manggut-
manggut.
--- Umob jaladri prakêmpa.
--- Pênyuné kumambang wingwrin.
2.
--- Tuhu yèn Wisnu Bathara.
--- Durung tumon pantês ambadhog bumi.
--- Angêmah wukir ginilut.
--- Kêlar mangan-mangan rat.
--- Sagunging kang gêgamaning prang
akumpul.
--- Ting karogèl ting karêlap.
--- Ting palêngkung ting paluntir.
( Sêrat Bratayuda, Krêsna Tiwikrama ).
III. Lêlagon Dolanan ( nuju padhang rêmbulan ) :
--- Lintangé sumêbar, pating galêbyar
cahyané.
--- Ora ana méga, wayah isih soré.
--- Rêmbulané ngégla, mula ngrêsêpaké.
--- Sasat Wara Sêrikandhi, kêndêl pêrang
putri adi.
( pêtikan saka Têmbang Jawa ).
IV. Durma ( candrané paprangan ) :
--- Mimis saéngga riris.
--- Raméning prang kadya têdhuh
maliwêran.
--- Krêcêking warastra.
--- Myang krèbèting kang dwaja.
--- Sasat bêntar ing wiyati.
--- Padha sudira.
--- Kang aprang mamrih tandhing.
V. Girisa ( candrané awak wis tuwa ).
--- Wakingsung upama surya.
--- Lingsir kulon wayahira.
--- Pêdhak mring suruping uga.
--- Atêbih maring timbulnya.
--- Pira lawasé nèng donya.
--- Ing kauripaning janma.
--- Mangsa nganti satus warsa.
--- Iya umuring manungsa.
( Wulangrèh P.B.IV )
--- wit ---
------> ana candhaké :
BAB : BASA RINÊNGGA 37. B. 27.
0 comments:
Post a Comment