Sunday, March 22, 2020
Home »
» XI. No. 35. B. 25. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : PÊPINDHAN )
XI. No. 35. B. 25. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : PÊPINDHAN )
Kasusastran Jawi 35 :
Pêpindhan :
Sadurungé ngandharaké bab " pêpindhan " pêrlu nêrangaké bab pilah-pilahané kang diarani :
1. Pêpindhan.
2. Candra.
3. Basa Rinêngga.
Katrangan :
1. Pêpindhan :
Têmbung pêpindhan asalé saka têmbung lingga " pindha " kang oleh atêr-atêr - an.
Têmbung " pindha " iku têgêsé " kaya ". Dasanamané yaiku : lir ; péndah ; kadi ; kadya ; lir-péndah ; yayah.
Sing diarani " pêpindhan " yaiku : unèn-unèn kang ngêmu surasa pêpadhan, irib-iriban, èmpêr-èmpêran.
Dhapukané ukara pêpindhan nganggo têmbung " kaya, pindha, utawa dasanamané.
Malah têrkadhang ora nganggo têmbung pindha utawa dasanamané, nanging ana têmbungé " andhahan " kang kêna ditêgêsi " kaya ".
Diarani " pêpindhan " amarga dhapukané ukara ngêmu surasa pêpindhan, irib-iriban, pêpadhan, utawa èmpêr-èmpêran.
Sing luwih diwigatèkaké " dhapukaning ukara " .
2. Candra :
" Nyandra " iku têgêsé nggambar utawa amarna " kaéndahan utawa kahanan " sarana pêpindhan.
Dadi sing luwih diwigatèkaké " gêgambaraning kaéndahan utawa kahanan , dudu dhapukaning ukara "
Dhapukaning ukara, yaiku pêpindhan, mung kanggo srana panyandra.
3. Basa Rinêngga :
Têmbung " rinengga " atêgês dirêngga-rêngga, dipajang, dipacaki, dipêpaès, têmbungé Kawi iku " kinarawista " .
Basa kang dirêngga utawa dipacaki diarani " basa rinêngga " , utawa " basa pacakan " .
Sawênèh ana sing ngarani " basa brêgasan " .
Carané ngrêngga, macaki, maèsi, têrkadhang nganggo têmbung Kawi, têrkadhang nganggo têtêmbungan kang ndakik-ndakik, kang ora lumrah kanggoné basa gunêm padinan.
Dadi tumrap basa rinêngga kang luwih diwigatekaké " basané " .
Lan sakabehé rumpakan kang isi basa brêgasan utawa basa pacakan, basané kalêbu " basa rinêngga " .
Tuladha I :
Grana rungih pindha kêncana pinatar.
Ukara ing dhuwur iku :
--- 1. Manut dhapukané ukara, diarani :
pêpindhan.
--- 2. Manut isiné, yaiku isi candraning
irung kang wanguné apik lan
ngrêsêpaké, diarani : candran.
--- 3. Manut basané, marga isi
têtêmbungan kang sajak apik, dakik-
dakik, diarani : basa rinêngga (
pacakan, brêgasan ).
Tukadha II :
Kêsit kadya thathit, cukat kadya kilat.
--- 1. Manut dhapukaning ukara, diarani :
pêpindhan.
--- 2. Manut isiné, yaiku isi panyandra
tandang kang sarwa kêbat, cukat,
trêngginas, trampil, diarani : candra.
--- 3. Manut bregasing basané, diarani :
basa rinêngga.
--- 4. Manut swarané, ing ngarêp ana sing
nunggal swara karo pérangan kang
buri, diarani : purwakanthi guru-
swara.
Tukadha III :
Malang gambuhi.
--- 1. Manut têgêsé sing lugu yaiku " kaya
walang gambuh " , diarani : "
pêpindhan " .
--- 2. Manut maknané unèn-unèn, yaiku isi
pêpindhaning " wong jêjodhoan "
sing wadon luwih gêdhé awaké
tinimbang sing lanang, diarani : "
bêbasan ".
--- 3. Manut dhapukaning ukara, diarani "
pêpindhan " .
--- 4. Manut maknané diarani " bêbasan ".
Walang gambuh iku wadoné luwih
gêdhé tinimbang lanangé.
Tuladha IV :
Kaya gajah ngidak rapah.
--- 1. Unèn-unèn iku manut dhapukaning
ukara diarani : " pêpindhan " .
--- 2. Manut maknané diarani : " saloka "
, yaiku nyalokakaké wong kang
nglanggar marang wêwaleré dhéwé,
utawa wong kang tindakané ora
salaras karo gunêmé.
--- 3. Manut swarané, ing pérangan ngarêp
ana sing nunggal swara karo ing
pérangan kang buri, mula diarani : "
purwakanthi guru-swara.
Tuladha V :
Kêkêjêra kaya manuk branjangan, kopat- kapita kaya ula tapak angin ; daksaut daksabêtaké prabatang, sirna ilang kuwandané.
--- 1. Unèn-unèn iku manut dhapukaning
ukara diarani : " pêpindhan " .
--- 2. Manut isining ukara diarani : " ukara
sêsumbar " .
--- 3. Manut brêgasing basané diarani : "
basa rinêngga/basa pacakan " .
Tuladha VI :
Rênggang gula, kumêpyur pulut.
--- 1. Unèn-unèn kasêbut manut
dhapukaning ukarané, sarèhné
ngêmu surasa irib-iriban utawa
pêpadhan, diarani : " pêpindhan ".
--- 2. Manut urut-urutaning têmbungé,
yaiku " têmbung kaanan utawa watak sinambung têmbung aran " , diarani : " sanépa " .
" Rênggang " klêbu têmbung
watak/kaanan, sinambung têmbung " gula " klebu têmbung aran.
" Kumepyur " klêbu têmbung
watak/kaanan, lan sinambung
têmbung " pulut " klêbu têmbung aran.
Sarèhning basané klêbu brêgas, unèn-unèn kasêbut kêna kaéwokaké " basa rinêngga/pacakan " .
Sarana tuladha warna nênêm kasêbut ing dhuwur iku mêsthiné wis cêtha munggguh béda-bédané kang diarani : pêpindhan, candra, basa rinêngga.
Saiki mbacutaké bab pêpindhan, wis mêsthi baé ora kabèh pêpindhan dhapukan ukarané nganggo basa rinêngga ; lan uga ora kabèh pêpindhan kêna kanggo nyandra kaéndahan utawa kaanan.
Pêpindhan kang nganggo basa rinêngga, sing kêna kanggo nyandra kaéndahan pirang-pirang, lan pêpindhan kang mung barès baé iya ora kurang.
Ing ngisor iki ana tuladha pêpindhan warna-warna, kayata :
--- 1. Abangé kaya godhong katirah.
Utawa abang angatirah.
--- 2. Putihé kaya kapuk diwusoni.
Diwusoni = dirêsiki nganggo wusu ;
déné wujudé wusu iku kaya sêndarèn
utawa gêndéwa.
--- 3. Kuning pindha mas sinangling.
Sinangling = disangling, digosok
nganggo sangling.
Sangling iku piranti kanggo
nggilapaké êmas.
--- 4. Rupané pindha jambé sinigar.
Têgêsé padha rupané, utawa kêmbar
mungguhing rupa.
--- 5. Santosané kaya jangêt kinatêlon.
Têgêsé santosa/kuwat bangêt,
kaya santosané tali kang digawé
saka walulang ( jangêt ), tur rangkêp têlu.
--- 6. Tandangé kaya jangkrik mambu kili.
Têgêsé tandang kang cukat.
--- 7. Tandangé kadya banthèng kêtaton.
Têgêsé tandang kang nggêgirisi.
--- 8. Tandangé kaya sikatan nyambêr
walang.
Têgêsé tandang kang cukat/gêsit.
--- 9. Jogedé kaya mêrak kêsimpir.
Kêsimpir = sèngklèh tumrap swiwi ).
--- 10. Ayuné kaya Dèwi Ratih tumurun.
--- 11. Bagusé kaya Kamajaya tumurun.
--- 12. Rukuné kaya mimi lan mintuna. Têgêsé rakêt bangêt, ajêg kumpul, ora tau pisah.
--- 13. Mbranyaké kaya Samba.
Tumrap wanita, mbranyak kaya
Srikandhi.
Mbranyak iku araning polatan kang sajak ndangak, wicarané sêmu
santak.
Kosok baliné mbranyak yaiku ruruh.
--- 14. Ruruhé kaya Sêmbadra.
Tumrap priya ruruh kaya Janaka.
Ruruh iku polatan sêmu tumungkul, gunêmé sarèh, nanging pikolèh.
--- 15. Swarané kaya mbêlah-mbêlahna
bumi.
--- 16. Têpungé kaya banyu karo lênga.
--- 17. Cêthilé kaya Cina craki.
--- 18. Cahyané ngalêntrih kaya rêmbulan
karainan.
--- 19. Panasé kaya mêcah-mêcahna
gundhul.
--- 20. Sumbaré kaya bisa mutungaké wêsi
gligèn.
--- 21. Pariné lagi gumadhung.
Gumadhung = kaya ijoné uwit
gadhung, yaiku pari salêbaré mratak.
--- 22. Pariné lagi gumadhing.
Warnané putih sêmu kuning.
Gumadhing = kaya gadhing gajah.
--- 23. Brêngosé nglalêr méncok.
Brêngos kang wanguné kaya
lalêr méncok ing ngisor irung, laré
( wulu ) lalêr kiwa-têngên
--- 24. Lambéyané mblarak sêmpal.
Yaiku lambéyan kang tangané katon ngléyang kaya blarak sêmpal kêna angin.
Tuladha pêpindhan sinawung têmbang :
Sekar Mijil
--- Agêng inggil gagah godhèg wok
bris.
--- " Nétrané kadya mong "
--- Wulu wawar " sumingkal alisé
--- " Simbar-jaja pan kadya walingi "
--- " Idêpnya angisi "
--- Wulunya ngrêmbuyung.
( Arjunasasrabahu anggitan R. Ng. Sindusastra ).
1. Têtêmbungan kang mawa tandha "..." manut dhapukaning ukara iku diarani pêpindhan.
2. Yèn manut isiné diarani candra.
--- Katrangan :
~~ a. " Wok " = rambut sangisoré janggut.
~~ b. " Bris " = simbar, wulu ing dhadha.
~~ c. " Mong " = sardula, macan
~~ d. " Wulu wawar " = wulu ( rambut )
sing dawa-dawa.
~~ e. " Sumingkal " = kaya singkal
( pérangané wluku kang
katancêban kêjèn ).
Alis sumingkal = alis kang kandêl bangêt ( kêtêl ).
~~ f. " Simbar jaja pan kadya walingi =
wulu ing dhadha gedhé-gedhé lan
dawa-dawa kaya sukêt wlingi.
Wlingi = sukêt kang tuwuh ing
rawa, gêdhéné sadriji, dhuwuré
watara 2 mètêr.
~~ " Idêpnya angisi = idêpé kaya kisi.
Kisi = piranti kanggo ngikal bênang.
Têgêsé rambuté mripat gêdhéné
sakisi.
--- wjg ---
------>.ana candhaké :
BAB : CANDRAN XI. 36. B. 26.
0 comments:
Post a Comment