Thursday, April 30, 2020
XI. No. 41. C. 2. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : KAPUSTAKAN JAMAN MAJAPAIT )
Kasusastran Jawi 41 :
Kapustakan Jaman Majapait :
Ing Jaman Majapait amung tinêmu rong warna pustaka yaiku :
I. Nêgara Krêtagama :
--- Kang ngarang Mpu Prapanca.
Isiné nyritakaké kahanané Kraton Majapait dhèk jamané Prabu Hayam Wuruk taun 1365 babagan landhêsaning Nêgara.
II. Arjunawiwaha lan Sutasoma :
--- Kang ngarang Mpu Tantular.
Isiné :
1. Sutasoma bab pralambang ana ing
sajroning nagara.
2. Arjunawiwaha bab Arjuna tapa ing
Indrakila.
JAMAN JAWA, TÊNGAHAN :
Lahiré dhek jaman Majapait, wujudé ana rong warna yaiku :
1. Wujud Gancaran.
2. Wujud Têmbang.
1. Wujud Gancaran :
--- a. Tanatu Panggêlaran :
Isiné nyritakaké gunung-gunung ing Tanah Jawa.
--- b. Calwanarang ( Calonarang ) :
Isiné nyritakaké juru tênung wadon si Calon Arang dhèk jamané Prb. Èrlangga.
--- c. Tantri Kamandaka :
Isiné nyritakaké Dèwi Tantri kang wasis lan sugih dongèng kéwan.
Critané pêrsis 1001 malam.
--- d. Pararaton :
Isiné nyritakaké Kèn Arok ing Singasari lan ratu-ratu Majapait.
2. Wujud Têmbang :
--- a. Déwa Ruci Kêkawin :
Isiné nyritakaké R. Wêrkudara nggolèki Tirta Amêrta, saka dhawuhé Pandhita Durna.
--- b. Sudamala :
Isiné nyritakaké Dèwi Uma dumadiné Btri. Durga ( buta wadon ).
Kang bisa ngruwat bali kaya asal-mulané yaiku R. Sadéwa ; kang banjur diparingi têtêngêr Sudamala.
--- c. Kidung Subrata :
Isiné nyritakaké bab carané nggolèki sampurnaning urip.
--- d. Panji Angraèni :
Isiné nyritakaké oncaté R. Panji Inukêrtapati putra Jênggala kang arêp dijidhokaké Dèwi Candrakirana putra-putri Kêdhiri.
Nanging R. Panji trêsna Anggraèni putra-putri sêntana Jênggala.
Wêkasané Anggraèni nitis marang Dèwi Candrakirana.
--- e. Sri Tanjung :
Isiné nyritakaké Radèn Sidapaksa putrané R. Sadéwa dhaup karo Dèwi Sri Tanjung.
Yêktiné Prb. Sulakrama kuwi kasmaran karo Sri Tanjung, nanging Sri Tanjung ora nglanggati.
Wusanané Sri Tanjung disédani dening Prb. Sulakrama.
Ngêrti Sri Tanjung séda, Btri Durga arêp malês kabêcikan marang R. Sadéwa, mula Sri Tanjung diuripaké, banjur dadi garwané R. Sudapaksa.
--- f. Kidung Pararaton :
Isiné mèh padha karo sing wujud gancaran.
--- g. Kidung Wijaya Krama :
Isiné nyritakaké Radèn Wijaya wiwit sédané Pr. Kartanêgara nganti madêgé nagara Majapait.
--- h. Kidung Rangga Lawé :
Isiné nyritakaké pambangkangé Rangga Lawé Adipati Tuban dhèk jamané Prb. Jayanagara ing Majapait.
--- i. Kidung Sorandaka :
Isiné nyritakaké pangramané Sora lan Nambi mênyang Nagara Majapait uga dhuk jamané Prb. Jayanagara.
--- j. Kidung Sundha :
Isiné nyritakaké pasulayané Ratu Pajajaran karo Maha Patih Gajah Mada ing Bubat
( Pêrang Bubat ).
--- wjg ---
-----> Ana candhaké BAB : KAPUSTAKAN
JAMAN ISLAM XI.42.C.3
Tuesday, April 28, 2020
XI. No. 40. C. 1. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : KAPUSTAKAN JAMAN HINDHU )
Kasusastran Jawi 40 :
Kapustakan Jaman Hindhu :
Têmbung Kapustakan asalé saka têmbung Pustaka kawuwuhan atêr-atêr " Ka " sarta panambang " an " .
Ka + pustaka + an ----> Kapustakan.
Pustaka = buku, layang
( buku isi karangan pujangga ).
Kapustakan iku ngêmot buku-buku, utawa layang-layang anggitané para Pujangga kang lêbda ing kawruh sêni lan budaya, kang ngêmot pitutur, crita kang ngêmot piwulang, lan crita dongèng.
Buku-buku, layang-layang, tulisan-tulisan kasêbut wiwit jaman kuna têkan jaman saiki tansah ora padha, nanging ana sambung-rapêté.
Ana ing andharan iki bakal njlèntrèhaké kang wigati lan umum dimangêrtèni yaiku karangan utawa layang kang dikarang utawa ditulis dèning para pujangga, mung irah-irahan bukuné.
Déné isiné ya mung mburu cukup.
Lamun kêpèngin mangêrtèni isiné buku kanthi runtut mundhuta/golèka ana ing Toko Buku.
Pustaka kang disumuripi déning akèh iku kapérang manut jamané yaiku dadi 6 jaman, kayata :
A. Jaman Hindhu.
B. Jaman Majapahit.
C. Jaman Islam.
D. Jaman Mataram.
E. Jaman Surakarta .
F. Jaman Saiki.
Déné jlentrehé kaya kasêbut ngisor iki :
A. Jaman Hindhu :
I. Ramayana Sangskêrta :
Kang ngarang Mpu Walmiki.
Buku kasêbut kapérang dadi 7 kandha yaiku :
1. Balakandha :
--- Isiné nyritakaké Prabu Rama isih timur.
2. Ayodyakandha :
--- Isiné nyritakaké Prabu Rama jêngkar saka kraton.
3. Aranyakandha :
--- Isiné nyritakaké Prabu Rama ana ing alas, Dewi Sinta kadhusta Prabu Rahwana.
4. Kiskêndhakandha :
--- Isiné nyritakaké pêrangé Sugriwa karo Subali.
5. Sundarakandha :
--- Isiné bab nyritakaké Prabu Rama utusan Radèn Anoman mênyang Nêgara Ngalêngka ( Anoman Duta ).
6. Yudakandha :
--- Isiné nyritakaké pêrangé Prabu Rama karo Prabu Rahwana.
7. Uttarakandha :
--- Isiné nyritakaké Dewi Sinta Kondur ( Sinta Obong ).
II. Sang Hyang Kamahayanikan :
Buku iki dhèk jamané Prabu Mpu Séndhok.
--- Déné isiné bab Agama Budha Mahayana.
III. Brahmanahapurana :
--- Isiné bab Agama Siwah.
IV. Mahabarata Sanskêrta :
Kang ngarang Mpu Wiyasa.
Crita iki kapérang dadi 18 parwa, mula sinêbut " ASTHA DASA PARWA " .
Wondéné sing misuwur utawa kacarita yaiku Parwa I nganti tekan Parwa X, yaiku :
1. Adiparwa :
--- Isiné nyritakaké asal-usulé dharah Barata.
2. Sabhaparwa :
--- Isiné nyritakaké Pandhu Dhadhu ( Balé Sigala-gala ).
3. Wanaparwa :
--- Isiné nyritakaké Pandhawa ana ing alas 12 taun suwéné ( Main Dhadhu ).
4. Wirathaparwa :
--- Isiné nyritakaké Pandhawa nyamar ana ing Negara Wiratha sêtaun lawasé ( Jagal Abilawa ).
5. Udyagaparwa :
--- Isiné nyritakaké wadya-bala Dwarawati ; Pandhawa milih Prabu Krêsna ( Krêsna Duta ).
6. Bhismaparwa :
--- Isiné nyritakaké Kurawa ngajokaké Bêgawan Bhisma dadi Sénapati ; Pandhawa ngajokaké Wara Srikandhi dadi Sénopati ana ing Pêrang Baratayuda.
Wêkasané Bhisma Gugur, pamalêsé Dèwi Amba.
7. Dronaparwa :
--- Isiné nyritakaké pêrang tandhingé Pandhita Drona karo Drêstha Jumêna ing Pêrang Baratayuda.
Wusanané Pandhita Drona gugur katigas janggané, saka pamalêsé Palgunadi.
8. Karnaparwa :
--- Isiné nyritakaké pêrangé Adipati Karna karo Radèn Janaka ing Baratayuda.
Wêkasané Adipati Karna gugur ( Karna Tandhing ).
9. Salyaparwa :
--- Isiné nyritakaké pêrangé Prabu Salya karo Puntadéwa.
Wêkasané Prabu Salya gugur, saka pamalêsé Bêgawan Bagaspati.
10. Sauptikaparwa :
--- Isiné nyritakaké pêrangé Prb. Duryudana lumawan R. Wêrkudara.
Wêkasané Duryudana gugur ( Rubuhan ).
V. Bratayuda Kêkawin :
--- Kang ngarang Mpu Sêdhah lan Mpu Panuluh.
Buku liyané kang dikarang yaiku :
Hariwangsa lan Gathutkaca Kêkawin.
VI. Arjunawiwaha Kêkawin:
--- Kang ngarang Mpu Kanwa dhèk jamané Prb. Èrlangga.
Kapêtik saka Buku Mahabarata sèri Wanamarwa.
VII. Krêsnayana Kêkawin :
--- Kang ngarang Mpu Triguna.
Isiné nyritakaké Alap-alapan Dèwi Rukmini ( Dhaupé Krêsna karo Dèwi Rukmini ).
VIII. Sumana Santaka :
--- Kang ngarang MpuManoguna.
Isiné nyritakaké patiné Dèwi Indhuwati ibuné Prb. Dasarata.
IX. Smaradahana Kêkawin :
--- Kang ngarang Mpu Darmaja, rikala jamané Prb. Kamèswara.
Isiné nyritakaké bab asmarané Btr. Kama karo Dèwi Ratih ( Kamajaya Rabi ).
--- wjg ---
------> Ana candhaké BAB : KAPUSTAKAN
JAMAN MAJAPAHIT XI.41.C.2
Saturday, April 4, 2020
XI. No. 39. B. 29. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : SÊNGKALAN )
Kasusastran Jawi 39 :
Sêngkalan :
Wiwit jaman kuna mula, wong-wong lumrah " mèngêti wêktu " kang wigati kayata :
1. Mèngêti lairé bocah.
2. Mèngêti gêblagé sanak-sêdulur.
3. Mèngêti anggoné ngêdêgaké omah.
4. Mèngêti wêktu dadi pangantèn.
5. Mèngêti wêktu ana bêbaya gêdhé.
6. Lsp.
Wong-wong Jawa ing jaman kuna manawa " mèngêti wêktu " , lumrahé cacahing tahun ora pinèngêtan nganggo angka, nanging nganggo " têtêmbungan utawa gambar " , kang diarani " SÊNGKALAN " .
Cacahing taun kang pinèngêtan nganggo têtêmbungan diarani : " Sêngkalan lamba ".
Kang pinèngêtan sarana gambar diarani : " Sêngkalan mêmêt " .
Sêngkalan mêmêt kudu diwaca kaya déné maca ukara lumrah.
Kang katêrangaké ana ing kéné iki mung sêngkalan lamba, yaiku cacahing taun kang pinèngêtan nganggo têtêmbungan.
Mungguh prêluné pinèngêtan nganggo têtêmbungan utawa ukara yaiku :
1.
Olehé gawé pèngêtan bisa kalarasaké karo lêlakon kang dipèngêti.
2.
Gampang dièling-èling utawa angèl
anggoné lali.
Sêngkalan lamba kang uniné ukarané salaras utawa mathuk karo kadadéan kang pinèngêtan, diarani : " Sengkalan mranani " .
Têmbung-têmbung kang kanggo ing sêngkalan :
Têmbung-têmbung kang kanggo ing sêngkalan iku, têmbung kang nduwèni watak wilangan, yaiku wilangan " siji nganti têkan wilangan das " ( 1 - 10 ).
Kanthi ringkês, têmbung-têmbung kang dianggêp duwé watak wilangan kapratélakaké ing ngisor iki :
1. Watak siji :
--- Surya, Wulan, Nabi, Gusti, Janma,lsp
--- Barang kang anané mung siji
--- Barang kang awangun bundêr.
2. Watak loro :
--- Dwi, nétra, karna, pangantèn, lsp
--- Barang kang anané rêrakitan (sajodho).
3. Watak têlu :
--- Tri, dahana, brama, murub, wédha, lsp.
--- Barang mawa gêni utawa kawruh.
4. Watak papat :
--- Catur, yoga, samodra, sêndhang,
wêning, lsp.
--- Tembung kang atêgês banyu utawa
jaman.
--- Têmbung kang ngêmu têgês gawé.
5. Watak lima :
--- Panca, pandhawa, danawa, sanjata,
margana, lsp.
--- Têmbung kang atêgês angin, bêbaya,
landhêp.
--- Barang kang anané lima, buta, panah,
angin.
6. Watak ênêm :
--- Sad, mangsa, rasa, obah, wrêksa, kayu,
lsp.
--- Golonganing kéwan gêgrêmêtan
sadpada/sikil ênêm ( insèct ).
7. Watak pitu :
--- Sapta, prawata, turangga, wiku, swara,
gunung, pandhita, lsp
--- Têmbung kang atêgês
têtunggangan ¹*).
¹*) Katrangan : ukara kang gampang
dièling-èling = Pêndhita gunung pitu,
nunggang jaran.
8. Watak wolu :
--- Astha, wasu, gajah, brahmana, basuki,
naga, lsp.
--- Golongané kéwan rumangkang ( rèptil ).
9. Watak sanga :
--- Nawa, ling, muka, gapura, ganda, déwa,
lsp.
--- Têmbung kang atêgês bolongan, apa-
apa kang isiné sanga.
10. Watak das :
--- Das, nol, langit, muluk, sirna, adoh, lsp.
--- Têmbung kang atêgês ora ana, dhuwur.
Kanthi ringkês gampang diapalaké mriksanana têmbang ngisor iki :
-* Dhandhanggula *-
--- Janma buwêng wani " tunggal " Gusti.
--- Pangantèn " dwi " akêkanthèn asta.
--- Gêgêni putri " katluné ".
--- " Papat " agawé banyu.
--- Buta " lima " amanah angin.
--- " Sad " rasa kayu obah.
--- Wiku " pitwèng " gunung.
--- Gajah " wêwolu " rumangkang.
--- Déwa " sanga " anggêganda têrus
manjing.
--- Dhuwur wiyat tanpa " das " .
* Pangrimbagé têmbung-têmbung kanggo ing sêngkalan *
Pangrimbagé têmbung kanggo ing sêngkalan kanthi ngèlingi " guru " warna wolu.
Guru = wêwaton, pathokan, paugêran.
Guru warna wolu yaiku :
( Manut Buku Candra Sangkala karangané Ki Bratakésawa ).
1. Guru-dasanama =
--- Têgêsé tembung kang nduwèni têgês
padha utawa nunggal-misah, kaanggêp watak wilangané padha.
Kayata :
Pratiwi, pratala, bantala, kisma, = watak wilangané siji.
2. Guru-sastra =
--- Manawa padha panulisé ( sastrané ),
watak wilangané kaanggêp padha.
Kayata :
Èsthi kang atêgês gajah karo èsti kang atêgês pikir ( sêdya ) = watak wilangané wolu.
3. Guru-wanda =
--- Manawa wandané ana kang padha,
watak wilangané kaanggêp padha.
Kayata :
Dadi karo waudadi = watak wilangané papat.
4. Guru-warga =
--- Manawa nunggal warga utawa
golongan, watak wilangané uga
kaanggêp padha.
Kayata :
Ula karo baya padha déné golongané kéwan rumangkang ( rèptiêl ) = watak wilangané wolu.
5. Guru-karya =
--- Barang karo pakartiné uga watak
wilangané padha.
Kayata :
Mripat karo mandêng = watak wilangané loro.
6. Guru-sarana =
--- Sarana utawa piranti, watak wilangané
padha.
Kayata :
Ilat karo rasa = watak wilangané nênêm.
7. Guru-darwa =
--- Darwa utawa sipaté barang, watak
wilangané padha.
Kayata :
Panas iku darwané gêni, = watak wilangané têlu.
8. Guru-jarwa =
--- Têmbung karo jarwané, watak
wilangané padha.
Kayata :
Rêtu ( rusuh ) karo obah, orêg, gègèr = watak wilangané nênêm.
Nêgara rêtu = rakyaté padha orêg, gègèr, obah pating bilulung.
Sêngkalan utawa Candrasangkala / Suryasangkala iku carané nulis saka mburi sawisé diowahi dadi angka.
~~ Tulada :
1. Naga Muluk Tinitihan Janma :
--- Naga = 8
--- Muluk = 0
--- Tinitihan = 7
--- Janma = 1
Dadiné angka = 1708.
2. Kusumaning Ati Sirna Kadulu :
--- Kusuma = 9
--- Ati = 1
--- Sirna = 0
--- Kadulu = 2
Dadiné angka = 2019.
3. Dwi Naga Rasa Tunggal :
--- Dwi = 2
--- Naga = 8
--- Rasa = 6
--- Tunggal = 1
Dadiné angka = 1682
( Madêgé Kraton Jogjakarta ).
4. Wêrdu Yakya Nagara Raja =
--- Wêrdu = 3
--- Yaksa = 5
--- Nagara = 8
--- Raja = 1
Dadiné angka = 1853
( Tinulis ing Bangsal Manis th Surya = 1923 ).
~~ Katrangan :
--- 1. Candrasangkala =
wataking angka kang paugêran taun Candra.
Sawenèh ana kang nyebutaké Kalèndhêr Lunar, Komariyah.
Sêtaun = 354 dina/355 dina.
Sêsasi Rêmbulan ngubêngi bumi = 29 dina, 12 jam, 44 mênit, 3 dhêtik = 29,5306 dina.
--- 2. Suryasangkala =
wataking angka kang paugêran taun Surya.
Sawênèh ana kang ngandhakaké Kalèndhêr Solar, Syamsiyah.
Sêtaun = 365 dina/366 dina.
Sêtaun Bumi ngubêngi Surya = 365 dina,
5 jam, 48 mênit 46 dhêtik = 365, 2422 dina.
~~ KATRANGANÉ TÊMBUNG-TÊMBUNG KANG NDUWÈNI WATAK WILANGAN :
Têmbung-têmbung kang nduwèni watak wilangan, ing ngisor iki kadhapuk cakêpan têmbang Macapat.
Yèn arêp ditêmbangaké, sing diwaca têmbung kang digaris ngisoré.
Déné lakuné ukara dadi mudhun utawa mangisor.
I. Asmaradana Sinamun Watak Siji :
--- Janma ---> wong ----> guru-warga karo
nabi, kang atêgês panuntuné agama.
--- nabi -----> wudêl, panuntun agama --> wong mung duwé wudêl siji.
--- tunggal ---> siji ----> éka, sawiji, satunggal.
--- Gusti. ---> Gusti Allah ---> cacahé siji.
--- Badan ---> awak, angga, ---> awak mung siji.
--- rupa ---> warni ---> guru-dasanama karo candra kang atêgês rupa.
--- maha ---> linuwih ---> yen linuwih atêgês mung siji, Allah.
--- buda. ---> budi, angên-angên ---> angên-angên mung siji.
--- Samadi ---> muja, ajubur ( dubur ) ---> manungsa mung ajubur siji.
--- iku -----> buntut, kuwé ---> kéwan mung abuntut siji.
--- pamasé. ---> Ratu ---> guru-warga karo nabi.
--- Surya ---> Srêngéngé ---> cacahé mung siji awangun bundêr.
--- candra ---> Rêmbulan, rupa ---> cacahé mung siji wangun bundêr.
--- sasa ---> lintang ---> guru-warga karo rêmbulan awangun bundêr.
--- dara. ---> wêtêng, lintang ---> manungsa mung awêtêng siji.
--- Wiji ---> isi ---> guru-wanda karo siji, sawiji.
--- godhong ---> ron ---> guru-jarwa karo sêmi, atêgês urip kaya wiji.
--- lèk ---> rêmbulan ---> guru-dasanama karo candra.
--- kênya. ---> prawan ---> guru-warga karo janma-manungsa.
--- Wungkul ---> bunder, wutuh ---> barang isih bundêr atêgês wutuh.
--- buwêng ---> bundêr ---> guru-dasanama karo wungkul.
--- urip ---> gêsang ---> guru-darwa wiji, wiji bisa urip/thukul.
--- nekung. ---> muja-sêmèdi ---> mêlêng sawiji.
--- Nyata ---> yêkti, sêjati ---> barang kang sêjati mung siji.
--- sudira ---> wani ---> guru-dasanama
karo wani, awani = srêngéngé.
--- tyas ---> ati ---> ati manungsa mung siji.
--- putra. ---> anak ---> guru-darwa karo manjanma/nitis dadi anak.
II. Kinanthi Sinamun Watak Loro :
--- Pangantèn ---> têmantèn, pangantèn iku loro lanang-wadon.
--- dwi ---------> loro ---> wis cêtha wataké.
--- nêmbah ---> nyêmbah ---> guru-karya karo tangan, nyêmbah karyané tangan.
--- suku. ---> sikil ---> manungsa asikil loro.
--- Gandhèng ---> kanthèt ---> gandhèng ngêmu surasa loro.
--- asta ---> tangan ---> manungsa atangan loro.
--- ndulu ---> ndêlêng ---> guru-karya karo mripat, mandêng iku pakartiné mripat.
--- drêsthi. ---> alis ---> alis cacahé loro.
--- Nétra ---> mripat ---> mripat ana loro.
--- myat ---> mandêng ---> guru-karya karo mripat.
--- buja ---> bau, pangan ---> manungsa abau loro.
--- bujana. ---> pangan, sêsuguh ---> guru-wanda karo buja.
--- Karnan ---> sênêng ---> guru-wanda karo kuping, karna.
--- ngrêngga ---> maèsi ---> guru- dasanama karo carana, rêrênggan.
--- athi-athi. ---> kêning ---> cacahé loro.
--- Paksa ------> swiwi, bau, ---> cacahé swiwi ana loro.
--- apasang ---> arakit ---> sêpasang, sarakit iku atêgês loro.
--- carana. ---> sikil, rêrênggan ---> asikil loro.
--- Sikara ---> tangan ---> cacahé ana loro.
--- bau ---> bau, pundhak ---> cacahé loro.
--- suwiwi. ---> swiwi, êlar ---> cacahé ana loro.
III. Pangkur Sinamun Watak Têlu :
--- Tri ---> têlu ---> wis cêtha têlu.
--- jatha ---> siyung ---> guru-wanda karo. trijatha.
--- lir ---> kaya ---> guru-dasanama karo pindha.
--- wrin ---> wêruh ---> guru-dasanama karo uninga, sumurup.
--- dahana. ---> gêni ---> Sang Hyang Dahana asorot têlu : abang, kuning, biru.
--- Kaya ---> kados ---> guru-wanda karo gunakaya.
--- wignya ---> sugih kawruh ---> guru-darwa karo kawruh ( wêruh, uninga ).
--- uninga ---> sumurup, obor ---> guru-warga karo gêni.
--- anauti. ---> cacing ---> guru-warga karo uta ( lintah ). Utawaka = gêni.
--- Sorot ---> cahya ---> guru-darwa karo gêni, sing mawa sorot iku gêni.
--- brama ---> gêni ---> guru-dasanama karo dahana.
--- api ---> gêni ---> guru-dasanama karo dahana.
--- murub. ---> mubyar ---> guru-darwa karo gêni. Sing murub iku geni.
--- Kobar ---> kobong ---> guru-darwa karo gêni. Sing marakaké kobong iku gêni.
--- guna ---> gêni, pintêr ---> guru-dasanama karo dahana.
--- ujwala. ---> sorot ---> guru-darwo karo gêni. Sing kasinungan ujwala iku gêni.
--- Têkên ---> têkên ---> guru-dasanama karo siking kang atêgês têkên.
--- siking ---> upet, teken ---> guru-dasanama karo geni.
--- kèksi ---> katon ---> guru-dasanama karo kauningan, obor ( uninga = wêruh, obor ).
--- bahni ---> gêni ---> guru-dasanama karo dahana.
--- kukus ---> kukus ---> guru-darwa karo gêni. Sing mawa kukus iku gêni.
--- apyu. ---> gêni ---> guru-dasanama karo dahana.
--- Nala ---> ati ---> guru-wanda karo anala kang atêgês gêni.
--- bêntèr ---> panas ---> guru-darwa karo gêni. Sing marakaké panas iku gêni.
--- rananggana. ---> pêpêrangan ---> guru-wanda karo rananggana kang atêgês gêni paprangan.
--- Katon ---> katara ---> guru-dasanama karo kauningan.
---panas ---> bêntèr ---> guru-darwa karo gêni, panas iku darwaning gêni.
--- pindha ---> kaya, kados ---> guru-dasanama karo kaya.
--- agni. ---> gêni ---> guru-dasanama karo dahana.
IV. Pocung Sinamun Watak Papat :
--- Sumbêr ---> tuk, sumur ---> guru-warga karo banyu.
--- sumur ---> sumur ---> guru-warga karo banyu. Sumur iku panggonan banyu.
--- tlaga ---> tlaga ---> guru-warga karo banyu. Tlaga iku panggonan banyu.
--- wêning ---> bêning ---> guru-darwa karo banyu. Wêning iku darwané banyu.
--- karya ---> gawé ---> guru-dasanama karo yoga kang atêgês gawé. Yoga kang awatak papat kang atêgês jaman ( jaman ana papat ) :
1. Krêtayoga
2. Tirtayoga
3. Duparayoga
4. Kaliyoga.
Yoga utawa yuga = jaman.
--- masuh. ---> ngumbah ---> guru-sarana karo banyu. Ngumbah sarana banyu.
--- Udan ---> jawah ---> guru-dasanama karo banyu. Udan iku wujud banyu.
--- bun ---> bun ( êbun ) ---> guru-dasanama karo banyu. Bun iku wujud banyu.
--- hèr --->banyu ---> guru-dasanama karo banyu.
--- dadya. ---> dadi ---> guru-dasanama karo dadi = waudadi = sêgara.
--- Warna ---> warni ---> guru-wanda karo catur-waruna utawa catur warna,
golongan 4 :
1. Brahmana
2. Satriya
3. Sudra
4. Wésiya.
--- warih ---> banyu ---> guru-dasanama karo waruna ( baruna ) kang atêgês banyu.
--- waudadi. ---> sêgara ---> guru-dasanama karo banyu. Waudadi panggonan banyu.
--- Tirta ---> banyu ---> guru-dasanama karo waruna kang atêgês banyu.
--- nadi ---> kali ---> guru-dasanama karo waruna ( baruna ) atêgês banyu.
--- dadi ---> dados ---> guru-wanda karo waudadi ( sêgara ) panggonan banyu.
--- suci ---> rêsik ---> guru- darwa karo banyu. Suci iku darwané banyu.
--- wédang ---> banyu panas ---> guru-warga karo banyu.
--- tawa. ---> wantah ---> guru-darwa karo banyu. Tawa iku darwané banyu.
V. Durma Sinamun Watak Lima :
--- Saya ---> sangsaya ---> guru-wanda karowisaya atêgês piranti pangrénah mungsuh.
--- galak ---> galak ---> guru-darwa karo danawa, buta.
--- guling ---> turu, bantal ---> guru-wanda karo gulingan ( angin ing paturon ).
--- wil ---> buta ênom ---> buta klêbu pancabaya ( tumrap satriya kang lêlana.
--- yaksa ---> buta ---> guru-dasanama karo buta.
--- rasêksa. ---> buta ---> guru-dasanama karo buta.
--- Marga ---> jalaran, sêbab ---> guru-wanda karo margana.
--- Pandhawa ---> putra Pandhu ---> cacahé lima ( Puntodéwa, Bima, Janaka, Nakula, Sadéwa ).
--- lungid. ---> landhêp ---> guru-darwa karo gêgaman, panah.
--- Bana ---> panah ---> guru-sarana karo pancakara.
--- wrayang ---> panah ---> guru-sarana karo pancakara.
--- sara. ---> panah ---> guru-sarana karo pancakara.
--- Wisaya ---> piranti ---> guru-sarana karo pancakara. Piranti ngrénah mungsuh.
--- pancakara. ---> pêrang ---> guru-wanda karo panca kang atêgês lima.
--- Cakra ---> panah bundêr ---> guru-sarana karo pancakara.
--- hru ---> panah ---> guru-sarana karo pancakara.
--- astra ---> panah ---> guru-sarana karo pancakara.
--- jêmparing. ---> panah ---> guru-sarana karo pancakara.
--- Gati ---> angin ---> guru-dasanama karo pancarowa ( pancaroba ).
--- tinata. ---> tata = angin ---> guru-dasanama karo pancarowa.
--- Margana ---> panah ---> guru-sarana karo pancakara.
--- bajra ---> angin ---> guru-dasanama karo pancarowa.
--- angin. ---> angin ---> guru-dasanama karo pancarowa.
VI. Sinom Sinamun Watak Nênêm :
--- Mangsa ---> wêktu, mangan ---> guru-wanda karo madu-mangsa. Madu iku lêgi, lêgi iku arané rasa.
Piranti pangrasa ana nênêm :
1. Pangênyam.
2. Panggrayang.
3. Pangganda.
4. Pangrungu.
5. Pandulu.
6. Pangrasaning ati.
--- nênêm ---> nênêm ---> wis cêtha awatak nênêm.
--- carêm ---> salulut ---> nganakaké rasa kang nyênêngaké.
--- raras. ---> éndah, rasa ---> guru-dasanama karo rasa.
--- Rasané ---> raos ---> rasa iku ana nênêm ;
1. Lêgi.
2. Asin.
3. Pait.
4. Kêcut.
5. Pêdhês
6. Sêpêt.
--- madu ---> madu ---> rasané lêgi.
--- hartati. ---> lêgi ---> araning rasa.
--- Naya ---> mangsa nênêm ---> arané mangsa nênêm padha karo winayang.
--- sad ---> nênêm ---> wis cêtha watak nênêm.
--- wayang ---> ringgit ---> guru-wanda karo winayang kang atêgês arané mangsa nênêm.
--- wuyungan. ---> gandrung ---> guru-wanda karo wayang-wuyungan.
--- Ilat ---> ilat, lidhah ---> guru-sarana karo rasa. Ilat srana kanggo mêruhi rasa.
--- oyag ---> obah ---> guru-dasanama karo winayang kang atêgês ngêmu rasa obah.
--- obah ---> oyag ---> guru-dasanama karo oyag, oyig, winayang.
--- manis. ---> lêgi ---> araning rasa ana nênêm.
--- Glinggang ---> kayu ---> guru-dasanama karo anggas kang atêgês kayu.
--- prabatang ---> guru-dasanama karo glinggang, kayu.
--- oyig. ---> obah ---> guru-dasanama karo oyag.
--- Madura ---> lêgi ---> araning rasa, guru-darwa karo rasa.
--- sarkara ---> lêgi, gula ---> guru-darwa karo rasa.
--- rêtu. ---> gègèr, orêg rusuh ---> guru-darwa karo obah. Rêtu iku araning wêktu nêm taun.
--- Lona ---> kêcut ---> guru-darwa karo rasa. Kêcut iku araning rasa.
--- tikta ---> pait ---> guru-darwa karo rasa. Tikta iku araning rasa.
--- kayasa. ---> sêpêt ---> guru-darwa karo rasa. Kayasa iku araning rasa.
--- Anggas ---> kayu ---> guru-dasanama karo glinggang, prabatang.
--- anggang-anggang ---> arané kéwan lumaku ing ndhuwur banyu ---> anggang-anggang iku golongané sadpada ( asikil nêm ).
--- gonjing. ---> obah ---> guru-dasanama karo oyag, oyig.
--- Tahên ---> kayu, tahên ---> guru-dasanama karo glinggang, prabatang, wrêksa.
--- wrêksa ---> kayu ---> guru-dasanama karo glinggang, prabatang.
--- winayang ---> mangsa nêm ---> wis cêtha watak nêm padha karo naya arané mangsa nêm.
--- kayu ---> kajêng ---> guru-dasanama karo prabatang, wrêksa, glinggang.
--- anggana. ---> dhéwé ---> guru-wanda karo gana anak tawon. Tawon kalêbu golongané sadpada.
VII. Maskumambang Sinamun Watak Pitu :
--- Rêsi ---> pêndhita ---> sing ngèstrèni jumênêngané Prabu Kano, Pêndhita pitu, Déwa sanga, Bramana wolu.
--- gunung ---> rêdi ---> guru-dasanama karo prawata. Prawata guru-wanda karo Sapta-prawata, yaiku araning jagad. Sadhuwuré iku Ariloka ( jagadé Btr. Ari utawa Btr. Wisnu. Sadhuwuré Ariloka yaiku Guruloka.
--- pitu ---> pitu ---> wis cêtha watak pitu.
--- anitih ---> nunggang ---> guru-wanda karo titihan ; titihan atêgês jaran ( kuda ).
--- turanggi. ---> jaran ---> Watugunung sédané kambrukan krétané Btr. Surya apangirid jaran pitu. Sing ngêbruki kréta Btr. Wisnu.
--- Suka ---> sênêng ---> guru-wanda karo biksuka utawa biksu atêgês pêndhita.
--- wêling ---> wêkas ---> guru-karya karo pendhita. Sing lumrah wêling iku ing jaman kuna Pêndhita, mangkono uga wêwulang.
--- wulang. ---> wuruk ---> sing lumrah yèn wêwulang iku katindakaké dening pêndhita.
--- Swara ---> pandhita, uni ---> guru-dasanama karo rêsi, yogi, dwija, pêndhita.
--- gora ---> gêdhé ---> guru-dasanama karo agung. Gung + sêsêlan " na " dadi gunung ( gung + Vna = gunung ).
--- ngangsa ---> banyak, murka ---> guru-darwa karo gunung. Wong murka iku darbé karêp sagunung gêdhéné.
--- muni. ---> nyuwara, pandhita ---> guru-dasnama karo rêsi, pêndhita, yogi.
--- Aswa ---> jaran ---> guru-dasanama karo turangga, titihan, kuda.
--- giri ---> gunung ---> guru-dasanama karo ancala, wukir, ardi, gunung.
--- gung ---> gunung ---> gung + Vna = gunung.
--- himawan. ---> gunung ---> guru-dasanama karo giri wukir, ardi, ancala.
VIII. Mijil Sinamun Watak Wolu :
--- Astha ---> wolu ---> wis cêtha watak wolu.
--- basu ---> wasu ---> guru-wanda karo wasu. Wasu iku cacahé wolu ( Bisma, lsp ).
Wasu ing Mahabarata :
1. Wasu Dhawa= Dhara = Pêrtiwi
2. Wasu Aha= Sawitra = Angkasa
3. Wasu Pratyusa = Aditya = Surya
4. Wasu Soma = Candra
5. Wasu Nakstrani = Dhruwa = Kartika
6. Wasu Anila = Wayu = Bayu
7. Wasu Anala = Agni
8. Wasu Prabhasa = Dyayus = Tirta ( Bisma ).
( Buku Mahabarata : Heroe soekarto. Dep. P&K - Ganaco NV ).
--- ula ---> sawêr ---> guru-warga karo Hyang Basuki ratuné ula.
--- slira ---> mênyawak - guru-warga karo ula padha déné kéwan rumangkang.
--- murti. ---> cêcak ---> guru-warga karo ula.
--- Gajah ---> liman ---> Nagaraja ratuné gajah. Sing katon kumlawé ana wolu : tlalé 1 ; kuping 2 ; buntut 1 ; sikil 4 .
--- têngga ---> gajah ---> guru-dasanama karo gajah.
--- bunglon. ---> bunglon ---> guru-warga karo cêcak.
--- Tanu ---> bunglon---> guru-dasanama karo bunglon.
--- sarpa ---> ula ---> guru-dasanama karo ula.
--- bajul ---> baya ---> guru-warga karo ula, cêcak.
--- baya ---> bajul ---> guru- warga karo cêcak, ula.
--- têkèk. ---> têkèk ( tèkok ) ---> guru-warga, ula, cêcak, bajul.
--- Dipa ---> gajah --- > guru-dasanama karo dipangga, dirada, liman, èsti.
--- manggala ---> panggêdhé, gajah ---> guru-dasanama karo dipa, dipangga.
--- madya ---> têngah ---> guru-wanda karo samadya kang atêgês gajah.
--- basuki. ---> slamêt ---> guru-wanda karo Hyang Basuki, ratuning ula.
--- Dipangga ---> gajah ---> guru-dasanama karo dirada, liman.
--- angèsti. ---> mêlêng ---> guru-sastra karo èsti, kang atêgês gajah.
--- Brahmana ---> pandhita sabrang ---> sing mèlu ngèstrèni jumênêngé Prabu Kano brahma wolu.
--- wêwolu. ---> wolu ---> wis cêtha watak wolu.
IX. Gambuh Sinamun Watak Sanga :
--- Kusuma ---> kêmbang, putri ---> ganda wangi lumrahé saka kêmbang.
--- ganda ---> ambu ---> guru-dasanama karo ambu-ambu, iku guru-wanda karo ambuka. Yèn ambuka dadi bolong. Bolongané awak ana 9.
--- arum. ---> wangi ---> guru-darwa karo ganda, ambu.
--- Déwa ---> Hyang, Jawata ---> sing ngèstrèni jumênêngé Prabu Kano ; Déwa 9 ; Brahma 8 ; Pêndhita 7.
--- sanga ---> sanga ---> wis cêtha watak sanga.
--- mbuka ---> mbukak ---> yèn kabuka dadi bolong, cacahé bolonganing manungsa ana sanga.
--- pintu ---> lawang, kori ---> guru-darwa karo bolong.
--- masuk. ---> mlêbu ---> bisané mlêbu marga bolong.
--- Kori ---> lawang ---> guru-darwa karo bolong.
--- mênga ---> mlompong ---> guru-darwa karo bolong.
--- gatra ---> bêbakal ---> guru-wanda karo Citragatra ( jênêng Déwa ).
--- wangi ---> arum ---> guru-darwa karo ganda.
--- têrus ---> bablas ---> bisané têrus marga bolong.
--- manjing. ---> mlêbu, rumasuk ---> bisané mlêbu marga bolong.
--- Muka ---> rai, ngarêp ---> guru-wanda karo mbuka.
--- wadana ---> rai, panggêdhé, pêngarêp ---> guru-dasanama karo muka kang atêgês rai.
--- marbuk ---> ngambar-ambar ---> guru-darwa karo ambu.
--- rum. ---> arum, wangi ---> guru-darwa karo ganda.
--- Anggangsir ---> gawé babahan ( mbabah ) --->.ngawé bolongan.
--- babahan ---> bolongan ---> guru-darwa karo bolong.
--- bolong. ---> butul ---> guru-darwa karo têrus.
X. Mêgatruh Sinamun Watak Das :
--- Sirna ---> ilang ---> sirna iku ora ana, das atêgês ora ana padha karo ilang.
--- musna ---> ilang ---> musna iku ora ana barangé.
--- muksa ---> ilang, oncat ---> barang kang muksa dadi ora ana.
--- mêsat ---> oncat, mumbul ---> guru-dasanama karo ilang.
--- langit ---> tawang ---> awang-awang.
--- mumbul. ---> muluk, mandhuwur ---> guru-darwa karo mêsat.
--- Pêjah ---> mati ---> pêjah ya dadi ora ana.
--- tanpa ---> ora mawi ---> guru-dasanama karo ora ana, ora nganggo.
--- suwarga ---> sunyaruri ---> ing suwarga isiné têntrêm, ora ana pêrkara apa-apa.
--- nir. ---> ilang ---> ilang ya dadi ora ana.
--- Brastha ---> rusak ---> barang brastha, rusak, syuh, dianggêp ora ana.
--- rusak ---> rusak ---> guru-dasanama karo syuh, swuh brastha.
--- swuh ---> lêbur, rusak, sirna ---> guru-dasanama karo brastha.
--- wuk ---> wurung ---> wurung iku ora ana, êndhog wukan ora ana wijiné.
--- suwung. ---> sêpi, ora ana isiné ---> suwung, sonya, iku ya ora ana.
--- Sunya ---> sêpi ---> guru-dasanama karo suwung.
--- windu ---> wektu 8 taun, rêmpêlu ---> mindu iku gunêm, gunêm tanpa kanca, gunêm dhéwé ora ana kancané
--- surud ---> séda, kurang, kêlong ---> guru-dasanama karo mati, lalis, layon, lampus.
--- sat ---> garing, tanpa banyu ---> asat ora ana banyuné.
--- nis. ---> ilang, lunga ---> guru-dasanama karo sirna, nir.
--- Sêmpal ---> pokah ---> pang kayu kang sêmpal dadi ora ana.
--- nglês ---> lunga ---> lunga mak nglês, dadi ora ana.
--- gêgana ---> tawang, langit ---> guru-dasanama karo dirgantara, widik-widik, wiyat, wiyati, jumantara, ankasa, langit.
--- adoh. ---> têbih ---> guru-dasanama karo antara, antara atêgês kosong. Adohé antara 100 m = 100 m iku kosong.
Mara Sêngkalan ing ngisor iki salinên nganggo angka minangka latihan :
1. Nir Yaksa Jroning Sêmèdi = ...?
2. Banyuning Jaladri Nêlêsi Bumi =...?
3. Tri Sawa Nuni Tunggal =...?
4. Èsthining Manah Kawula Nyawiji =...?
5. Dwi Hastha Ngèsthi Ratu =...?
6. Manunggaling Karsa Kinarya pusaka =...?
7. Kaya Wulan Putri Iki =...?
8. Nêmbah Muluk Ngèsthi Aji =...?
9. Jalu Buta Tinata Ing Ratu =...?
10. Nêmbah têrus sukaning budi =...?
11. Nêmbah Gêgamaning Buta
Tunggal =...?
12. Buta Pandhawa Tata Janma =...?
13. Wiku Sapta Ngèsthi Aji =...?
14. Mangsaning Dwija Ngèsthi Tunggal =...?
15. Nyatur Rasa Jroning Sêmèdi =...?
16. Dwi Naga Rasa Tunggil =...?
17. Buta Kima Ngoyag Jagad =...?
18. Rupa Sirna Rêtuning Bumi =...?
19. Mêlêng Têrus Ngèsthi Pêpadhang
=...?
20. Tinata Dadi Kusumaning Gusti =...?
21. Putri Tata Trus Manunggal =...?
22. Trusan Rong Sapteng Lebu =...?
23. Wiku Memuji Ngesti Sawiji =...?
24. Sêmbah Muksa Pujangga Ji =...?
--- wjg ---
-----> Ana candhaké BAB : KAPUSTAKAN
XI.40.C.1
Thursday, April 2, 2020
XI. No. 38. B. 28. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : SANDI ASMA )
Kasusastran 38 :
Sandi Asma :
Têmbung " s a n d i " utawa
" s a n d y a " iku têgêsé " s a m b u n g ".
" Sandi-kala " kang lumrahé sinêbut " sandya-kala " iku têgêsé sambungané wêktu ( kala = wêktu ).
Sing disambung wêktu awan karo wêktu bêngi.
Déné wêktu sing nyambung yaiku wêktu suruping srêngéngé.
Yèn mangkono sandi-kala iku atêgês araning wêktu rikala srêngéngé surup, têkan saiki diarani " candhik-kala
( candhik-ala ) " .
Wêruh marang " sandining urip" , têgêsé : wêruh marang " sêsambungané urip, maksudé sing bisa " nyambung urip karo pati sing sampurna " , yaiku panggawé bêcik ( dharma ).
Jaman saiki têmbung " sandi " lumrahé ditêgêsi " w a d i ".
--- Polisi sandi = Polisi kang winadi, ing basa Indonesia sinêbut " Polisi Rahasia " ; yaiku Polisi kang nyamar wong umum.
--- Sandi-sastra = sastra kang winadi
( sinamar, sinamun ), atêgês " kodhê " .
--- Sandi-asma = asma kang sinandi, jênêng kang sinamar, jênêng kang ora dituduhaké kanthi mêlok utawa cêtha, nanging tinulis sinamar.
Sandi-asma umumé dianggo ing sajroning karangan kang sinawung ing têmbang.
Dunungé sandi-asma kang sinawung têmbang, cara kang wis lumrah ana warna têlu, yaiku :
1.
Ana ing sabén wiwitaning gatra.
2.
Ana ing sabén wiwitaning têmbang ( dadi dumunung ing sabén saburiné pada gêdhé / saburiné pada gêdhé kang uniné : " mangajapa " ).
3.
Ana ing sabén wiwitaning pupuh ( sapupuh iku sagolonganing têmbang ). Dadi wiwit saburiné " purwapada ", lan sabanjuré ing sabén saburiné " madyapada " kang uniné " mandrawa " .
Sarèhning sing akèh-akèh dunungé sandi-asma ana ing sabén wiwitaning gatra, mula tuladha kang kacêtha ngisor iki uga sandi-asma kang dumunung ing sabên wiwitaning gatra.
~~~ Tuladha sandi-asma kang tinulis ing purwakaning têmbang anut dhapukan wanda :
I. M i j i l
( Sandi-asma jênêngé Pêlajar Sêkolah Guru Purworejo kang tamat taun 1952 ).
1.
--- Sumundhul wyat sêmangat kang mijil.
---꧋ ꦱꦸꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦭ꧀ ꦮꦾ ꦠ꧀ꦱꦼꦩꦔꦠ꧀ꦏꦁꦩꦶꦗꦶꦭ꧀
--- Harsayèng tyas yêktos.
--- ꦲꦂꦱꦪꦺꦁꦠꦾ ꦱ꧀ꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀
--- Tita nyata dahat pangrêngguté.
--- ꦠꦶꦠꦚꦠꦢꦲꦠ꧀ꦥꦔ꧀ꦫꦼꦁꦒꦸꦠ꧀ꦠꦺ
--- Tatag tanggon pêmudha-pêmudhi.
--- ꦠꦠꦒ꧀ꦠꦁꦲꦺꦴꦤ꧀ꦥꦼꦩꦸꦝꦥꦼꦩꦸꦝꦶ
--- Yun ndhêpani nagri.
--- ꦪꦸꦤ꧀ꦝꦼꦥꦤꦶꦤꦒꦿꦶ
--- Nahan munah mungsuh.
--- ꦤꦃꦲꦤ꧀ꦩꦸꦤꦃꦩꦸꦁꦱꦸꦃ
2.
--- Sanadyana kurang gaman jurit.
--- ꦱꦤꦢꦾ ꦤꦏꦸꦫꦁꦒꦩꦤ꧀ꦗꦸꦫꦶꦠ꧀
--- Kadugi rêrêmpon.
--- ꦏꦢꦸꦒꦶꦉꦉꦩ꧀ꦥꦺꦴꦤ꧀
--- Kudu nglawan wong ala wataké.
--- ꦏꦸꦢꦸꦔ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦲꦭꦮꦠꦏ꧀ꦏꦺ
--- Thakah srakah arsa njajah nagri.
--- ꦛꦏꦃꦱꦿꦏꦃꦲꦂꦱꦚ꧀ꦗꦗꦃꦤꦒꦿꦶ
--- Gombèng tan ngèngêti.
--- ꦒꦺꦴꦩ꧀ ꦧꦺꦁꦠꦤ꧀ꦔꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦶ
--- Bonggan déné nglurug.
--- ꦧꦺꦴꦁꦒꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦔ꧀ꦭꦸꦫꦸꦒ꧀꧈
II. G a m b u h.
1.
--- Murwani sêkar Gambuh.
--- ꦩꦸꦂꦮꦤꦶꦱꦼꦏꦂꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃ
--- Dipun émut pra mudha ywa limut.
--- ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦩꦸꦠ꧀ꦥꦿꦩꦸꦝꦪ꧀ꦮꦭꦶꦩꦸꦠ꧀
--- Aywa mbèbèr ambêk ujubriya
kibir.
--- ꦲꦪ꧀ꦮꦩ꧀ꦧꦺꦧꦺꦂꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦲꦸꦗꦸꦧꦿꦶꦪꦏꦶꦧꦶꦂ
--- Tilar tata atakabur.
--- ꦠꦶꦭꦂꦠꦠꦲꦠꦏꦧꦸꦂ
--- Jail drêngki srakah angkuh.
--- ꦗꦲꦶꦭ꧀ꦢꦿꦼꦁꦏꦶꦱꦿꦏꦃꦲꦁꦏꦺꦴꦃ
2.
--- Tibèng ndon wong gumêndhung.
--- ꦠꦶꦧꦺꦁꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦒꦸꦩꦼꦤ꧀ꦝꦸꦁ
--- Malah mlayu ngucira ing kéwuh.
--- ꦩꦭꦃꦩ꧀ꦭꦪꦸꦔꦸꦕꦶꦂꦫꦲꦶꦁꦏꦺꦮꦸꦃ
--- Langkung mérang mring hubaya.
mbalénjani.
--- ꦭꦁꦏꦸꦁꦩꦺꦫꦁꦩꦿꦶꦁꦲꦸꦧꦪꦩ꧀ꦧꦭꦺꦚ꧀ꦗꦤꦶ
--- Kliyêng lunga mundur clingus.
--- ꦏ꧀ꦭꦶꦪꦼꦁꦭꦸꦔꦩꦸꦤꦁꦢꦸꦂꦕ꧀ꦭꦶꦔꦸꦱ꧀
--- Rongkop ulaté wong mirong.
--- ꦫꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦥ꧀ꦲꦸꦭꦠ꧀ꦠꦺꦮꦺꦴꦁꦩꦶꦫꦺꦴꦁ
3.
--- Bagya wong momot mêngku.
--- ꦧꦒꦾꦮꦺꦴꦁꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦠ꧀ꦩꦼꦁꦏꦸ
--- Wahyu tiba trus luhur tumurun.
--- ꦮꦃꦪꦸꦠꦶꦧꦠꦿꦸꦱ꧀ꦭꦸꦲꦸꦂꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀
--- Kêtarik ing ati suci sêpi pamrih.
--- ꦏꦼꦠꦫꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦲꦠꦶꦱꦸꦕꦶꦱꦼꦥꦶꦥꦩꦿꦶꦃ
--- Budi jêjêg ajêg jujur.
--- ꦧꦸꦢꦶꦗꦼꦗꦼꦒ꧀ꦲꦗꦼꦒ꧀ꦗꦸꦗꦸꦂ
--- Mêntèr tata-têntrêm batos.
--- ꦩꦼꦤ꧀ ꦠꦺꦂꦠꦠꦠꦼꦤ꧀ꦠꦿꦼꦩ꧀ꦧꦠꦺꦴꦱ꧀
Sandi-asma iku lumrahé pancèn katata manut " dhapukan wanda " kaya tuladha ing dhuwur iku.
Nanging ing jaman saiki, barêng basa Jawa uga lumrah katulis nganggo aksara Latin, sok ana wong sing gawé sandi-asma manut " dhapukan aksara ".
~~ Ing ngisor iki tuladhané " sandi-asma " ing saben wiwitaning tembung :
P a n g k u r :
1.
--- Sasat mungkur basa Jawa.
--- Umumira pra mudha jaman mangkin.
--- Tan tumanggah ing panggrêgut.
--- Ras-arasên nggêgulang.
--- Ing ajuné basa Jawa mamrih luhur.
--- Sêdéné dhuk kuna-kuna.
--- Ngumala lir kala nguni.
2.
--- Apan mangké wus karasa.
--- Mundurira Kasusastran Jawi.
--- Upamané trus kêbanjur.
--- Rusak kang Kabudayan.
--- Ing bésuké sapa kang kélangan iku.
--- Datan lya wong Jawa pyambak.
--- Sayêkti kêduwung wuri.
3.
--- Glagaté wis kawistara.
--- Bakal rusak Kasusastran Jawi.
--- Iba gêtuné ing bésuk.
--- Nanging yèn para mudha.
--- Gêlêm agé nggagahi gumrégah
nggrêgut.
--- Padha glis gêlêm nggêgulang.
--- Umum sami têmên mardi.
4.
--- Rahayu Budaya Jawa.
--- Wus tartamtu têrus tulus lestari.
--- Ora mundur mandar mumbul.
--- Rusak kêna cinêgah.
--- Ênggih mangga gé-agé sing gênah
saguh.
--- Jak-ajak ajêg anjaga.
--- Ombèré Budaya Jawi.
~~~ Tuladha sandi-asma kang dumunung ing têngahing gatra :
1. Gambuh :
--- Dèn limpad sakèh ngèlmu.
--- Mrih utama uripmu ing bésuk.
--- Ywa kêsusu ngajap mulya nyipta mukti.
--- Mrih tumêka kang ginayuh.
--- Tan malêca dadi asor.
2. Pangkur :
--- Kang wus katon mobahing rat.
--- Yèku tandha dadi parênging Widhi.
--- Baya parêk kang kinayun.
--- Kawasa njunjung bangsa.
--- Mung marsudi jujuré kang sêdya maju.
--- Tanapi pra tuduh marga.
--- Poma aja tinggal èling.
Sandi-asma kang kadadéyan saka dhapukaning aksara Latin, yèn katulis nganggo aksara Jawa, dadi " ilang sipaté sandi-asma " .
Ngisor iki sandi-asma katulis aksara Jawa :
I. ꧋ ꦱꦼꦏꦂꦥꦺꦴꦕꦸꦁ :
꧇ ꧑ ꧇
--- ꧋ꦱꦸꦮꦺꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦏꦸꦩꦶꦏꦶꦂꦩꦫꦁꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀꧈ ꦠꦶꦠꦶꦏꦭꦩꦁꦱ ꧈ ꦄꦠꦶꦒꦶꦤꦸꦒꦃꦲꦁꦒꦸꦫꦶꦠ꧀ ꦢꦶꦩꦺꦤ꧀ ꦊꦱ꧀ꦠꦫꦶꦤꦶꦁꦏꦒꦸꦤꦤ꧀ꦧꦸꦢꦪ꧈
꧇ ꧒ ꧇
--- ꦱꦸꦥꦪꦤꦺꦏꦮꦕꦩꦿꦶꦁꦲꦤꦏ꧀ꦥꦸꦠꦸ꧈ ꦫꦮꦸꦠꦧꦸꦢꦪ꧈ ꦏꦂꦪꦏꦭꦤꦶꦁꦲꦱꦼꦥꦶ꧈ ꦠꦤ꧀ꦲꦤꦥꦏꦂꦪꦤ꧀ꦏꦁꦭꦸꦮꦶꦃꦲꦸꦠꦩ꧈
꧇ ꧓ ꧇
--- ꦲꦤ꧀ꦢꦪꦤꦶꦧꦶꦤꦸꦏꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈ ꦢꦶꦮꦕꦥꦼꦂꦩꦤ꧈ ꦤꦶꦁꦮꦼꦤꦶꦁꦱꦿꦤꦤꦶꦁꦲꦠꦶ꧈ ꦫꦠ꧀ ꦲꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦩꦏ꧀ꦲꦶꦁꦠꦠꦏꦿꦩ ꧉
( ꦱꦸꦠꦶꦄꦢꦶ ꦱꦸꦫꦏꦂꦠ ꦲꦢꦶꦤꦶꦁꦫꦠ꧀ )
2. ꧋ ꦱꦼꦏꦂꦱꦶꦤꦺꦴꦩ꧀ :
--- ꧋ ꦱꦸꦤ꧀ꦫꦱꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦤꦭ꧈ ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦸꦏ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦩꦁꦏꦶꦤ꧀ ꦄꦩꦸꦁꦲꦱꦔꦸꦢꦼꦢꦸꦒ꧈ ꦢꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦫꦶꦱ꧀ꦮꦭꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈ ꦱꦼꦤꦗꦤ꧀ꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦥꦶꦁꦒꦶꦁ꧈ ꦠꦾ ꦱ꧀ꦚ ꦫꦸꦩꦁꦱꦥꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦥ꧀
ꦢꦶꦏ꧀ꦱꦸꦫꦭꦏꦸꦤꦶꦫ꧈ ꦲꦂꦢꦏꦸꦕꦶꦮꦤꦶꦁꦲꦠꦶ꧈ ꦗꦩꦤ꧀ꦠꦸꦮꦲꦏꦺꦃꦏꦁꦠꦤ꧀ꦮꦿꦸꦃꦩꦿꦶꦁꦫꦱ꧉
( ꦱꦸꦠꦶꦄꦢꦶ ꦱꦼꦠꦾ ꦢꦶꦲꦂꦗ )
3. ꧋ ꦮꦫꦸꦁꦗꦮꦒꦈꦭ꧀ :
--- ꦮ = ꦧꦸꦢꦪ ꦗ-ꦮ
--- ꦫꦸꦁ = ꦧꦏꦭ꧀ꦮꦸ -ꦫꦸꦁ
--- ꦗ = ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦶꦠ ꦢꦠꦤ꧀ꦔꦸ-ꦗ
--- ꦮ = ꦤꦶꦪꦠ꧀-ꦮ-ꦤꦶ
--- ꦒ = ꦲꦚ꧀ꦗ-ꦒ
--- ꦈꦭ꧀ = ꦈꦭꦃ-ꦠꦶꦁꦏꦃꦭꦏꦸꦤꦺ ꧈
4. Warung Jawa Gaul :
--- Wa = Budaya Ja-Wa
--- Rung = Bakal wu-Rung
--- Ja = Yèn kita datan ngu-Ja
--- Wa = Niyat Wa-ni
--- Ga = Anja-Ga
--- Ul = Ulah tingkah-lakuné.
--- wjg --
------> Ana candhaké BAB : SÊNGKALAN
XI.39.B.29
Friday, March 27, 2020
XI. No. 37. B. 27. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : BASA RINÊNGGA )
Kasusastran Jawi 37 :
Basa Rinêngga :
Têmbung " rinêngga " têgêsé : pinacak, dipajang-pajang, dipaèsi, kinarawista ; prêluné supaya éndah, supaya brêgas, supaya ngêngrêng, supaya ngrêsêpaké.
" Basa rinêngga " iku basa kang dipacaki, dipajang, dipaèsi, digawé brêgas.
Mulané " basa rinêngga " uga diarani
" basa pacakan " .
Basa rinêngga iku mêsthi baé ngêmu rasa kaéndahan yaiku kaéndahaning basa.
Basa sing éndah ora atêgês basa kang angèl, sênajan mêsthi baé ya akèh basa éndah kang angèl.
Wondéné carané " ngrêngga basa " nganti dadi " basa rinêngga " :
--- 1.
Sarana dikandhakaké ( diucapaké ) nganggo ukara liya kang darbé rasa luwih brêgas.
--- 2.
Diganti têmbungé sawêtara, nganggo têmbung Kawi.
~~ Tuladha :
Tuladha I :
--- Têmbung " kudu " yèn dikandhakaké " ora kêna ora " utawa " aja tan ora " iku banjur yèn dirasa têmbungé dadi brêgas, mula kêna diarani " basa rinêngga " .
" Ora kêna ora " ----> têgêsé kudu.
" Aja tan ora " -------> têgêsé kudu.
Tuladha II :
--- Têmbung " tandangé kaya banthèng kêtaton ".
Yèn dikandhakaké " tandangé kadi andaka kanin " , iku rinasa luwih brêgas, mula diarani " basa rinêngga ".
Tuladha III :
--- Têmbung " sêdhéla bangêt ", yèn diganti " sêkêdhap nétra " banjur dadi basa rinêngga, amarga rinasa luwih brêgas.
Basa rinêngga iku tarkadhang nganggo têtêmbungan kang ndakik-ndakik, sing ora lumrah kanggo gunêm padinan ing alam sêsrawungan.
Akèh unèn-unèn kang nganggo basa rinêngga kang lumarah, kayata :
A. Basa Rinêngga kang lugu :
1. Ngrêpèpèh-ngrêpèpèh pindha sata
mangih krama =
--- Diarani pêpindhan nganggo basa rinêngga, isiné bab candra.
--- Nduwèni têgês, candrané wong kang solahé mêndhak-mêndhak andhap-asor angasih-asih.
2. Gagah kêjibah, mingkuh kêtêmpuh =
--- Iku diarani paribasan nganggo basa rinêngga, utawa paribasan nganggo purwakanthi guru-swara.
--- Déné têgêsé, kudu nindakaké amarga mauné wis kêbanjur saguh.
3. Majua sayuta ngarsa, sakêthi wuri =
--- Iku diarani ukara sêsumbar nganggo basa rinêngga.
--- Nduweni têgês, nantang supaya dikroyok.
4. Ngangsu apikulan warih =
--- Diarani isbat nganggo basa rinêngga.
--- Déné isiné ngandhut maksud ; wong arêp maguru ngèlmu, kudu wis duwé dhasar ngèlmu sing arêp diudi.
5. Kalpa sru sêmuné kanaka putung =
--- Diarani lambang praja nganggo basa rinêngga.
--- Isiné mralambangi Kangjêng Sultan Mangkurat Têgalarum.
Kalpa sru = ali-ali sêsak dianggo. Lambangé Ratu kang ora sugih pangapura.
Kanaka putung = kuku putung.
Lambangé akèh para andêl-andêlé Mataram kang nêmahi séda, amarga saka siyané Kangjêng Sultan Têgalarum.
Kanthi tuladha kasêbut dhuwur, para nupiksa mêsthiné wis gamblang mungguh kang diarani " Basa Rinêngga ", apa déné silah-silahé karo sing diarani "pêpindhan, lan candra " .
B. Basa Rinêngga kang ndakik-ndakik :
1. Nadyan kathah titahing Déwa kang
kasangga ing pratiwi, kaungkulan ing
akasa, kaapit ing samodra, datan
wontên kadi praja....=
--- Têgêsé ing salumahing bumi, sakurêbing langit, kinubêngan sagara, ora ana titahing Déwa kang kaya praja....
2. Lir tinubruk ing mong tuna, sinambêr
ing gêlap lêpat =
--- Têgêsé, rasa gugup lan trataban, kaya ditubruk macan ora kêna, disamber blêdhèg ora kêna.
3. Kumurêb ing abahan =
--- Têgêsé pasrah pati-uripé amarga pancèn wis ora bisa upaya liyané ( pasrah kapêksa ), kaya déné gulu wis tumumpang abahan.
Abahan = ganjêling gulu kang arêp ditigas.
Têgêsé : upama arêp Kaukum pati sarana katigas guluné ya manut-miturut, lan saguh mapan dhéwé nkumurêb ana landhêsan kang kanggo ganjêling gulu kang arêp ditigas
4. Kajonjang sumangga asta, katuwêk
sumangga jaja, katigas sumangga
jangga, botèn nggrantês saluguting
kolang-kaling pinara sasra =
--- Têgêsé masrahaké pati-uripé kanthi rila-lêgawa.
Kajonjang = dikêthok tangané.
Katuwek = ditublês sarana barang lancip.
Katigas = dikêthok tumrap gulu.
Tigas pancing = dikêthok sêpisan tugêl.
Sasra = sèwu.
5. Mata-mata kapèn kaya kowé kulup
Pêrmadi =
--- Têgêsé, mripat kang wis kurang cêtha kanggo ngêmataké rêrupan.
Kapèn = asalé saka têmbung " apé " kawuwuhan ater-ater " ka " lan panambang " an " ---> Ka + apé + an = kapèn.
Apé = aling-aling, rana.
Mata-mata kapèn = mripat kaling-kalingan.
6. Mulané jênêng para adoh ingsun awé,
cêdhak ingsun rakêtaké =
--- Têgêsé " mulané kowé dakundang mréné " .
7. Nadyan akèh kawulaningsun kang
sakêpêl sisih rêrawisé, kang pinangku
jêjénggoté =
--- Têgêsé, akèh kawulaku kang pinunjul, pêng-pêngan.
8. Téja-téja sulaksana, téjané wong anyar
katon. Wingking pundi kang pinangka,
ngajêng pundi kang sinêdya ; tigas
kawuryan, sintên sinambating wêwangi
=
--- Têgêsé takon sapa kowé, saka ngêndi asalé arêp mênyang êndi.
Téja = sorot, ujwala, praba, sunar ( satriya dipindhakaké téja, amarga cahyané sumorot.
Sulaksana = su + laksana = kaya, kadya, lir.
Anyar katon = durung tau wêruh/têpung.
Pinangka = asalé ( yèn buta = dhangka ).
Tigas kawuryan = durung tau wêruh.
Sinambat ing wangi = jênêngé.
9. Paran karananira déné jênêng para "
sumêngka pangawak braja " , sowan ing
ngarsaningsun datan ingsun timbali =
--- Têgêsé sowan marang bangsa luhur tanpa ditimbali.
Sumêngka pangawak braja = têgêsé munggah kaya angin gêdhé.
Sumêngka = munggah.
Bangsa luhur iku kaupamakaké dunungé ana ing dhuwur ( tiyang inggil ).
10. Sèwu bêgja kêmayangan =
--- Unèn-unèn kasêbut luwih bêcik kaéwokaké têmbung saroja, amarga " Sèwu bêgja " = bêgja bangêt.
Déné " kêmayangan " = uga bêgja bangêt.
Mula ora mokal lamun ana pêsindhèn nglagokakê Jinêman Ulêr Kambang asring kinucap mangkené :
" Sêkar pucang, sèwu bêgja kêmayangan " Sayuk-sayuk rukun karo kanca-kancané. Aja lali karo kowé gotong-royong nyambut gawé, lst.
Sêkar pucang = mayang.
11. Tri madya candra =
--- Iku têgêsé kang lugu, têlung sasi sêtêngah ( têlu - têngah - sasi ).
Tri = telu
Madya = têngah
Candra = sasi, wulan.
12. Kèmêngan badra irawan =
--- Iku têgêsé, praupaning wong kang lagi susah, rainé katon ora sumringah.
Kèmêngan = kêtutupan.
Kèmêngan = lali, atêgês lali pikirané ketutupan bab liyané.
Badra = rêmbulan.
Irawan = mêndhung.
Kèmêngan badra irawan = kaya rêmbulan katutuapan mêndhung/méga, soroté ora bisa sumunar-sumunu.
13. Lagya éca imbal wacana, kêsaru
sowané wadya-bala kang nggantung
laku, dumrojog tanpa larapan =
--- Têgêsé lagi padha rêrêmbugan, kêtêkan wadya-bala kang nêmbé nindakaké ayahané.
Imbal wacana = gênténan gunêm.
Nggantung laku = nindakaké ayahan ana sajabaning kutha ( tapêl watêsing praja ).
Dumrojog = tanpa larapan = rikat bangêt, lumarap tanpa mandhêg.
14. Ngamuk punggung sura tan taha, nir
baya nir wikara =
--- Têgêsé ngamuk tanpa pétung.
Ngamuk punggung = ngamuk kanthi nékad.
Sura tan taha = kèndêl tan taha-taha.
Nir baya = bêbaya wis dianggêp ora ana, ilang rasa kuwatiré.
Nir wikara = ora ana apa-apa, ilang pikiré, lali sakabèhé.
Wikara = kara = prakara, bab.
Punggung = bodho, pingging, jugul, dama, mudha.
Ngamuk punggung = ngamuké kaya wong bodho, ora ngêrti bêbaya mêrga saka bodhoné.
15. Radèn Gathutkaca dicritakaké " otot
kawat balung wêsi, driji gunting
asungsum gêgala, adhêngkul paron
Akotang antrakusuma, acaping
basunanda.
Bisa mabur tanpa êlar, mlêtik tanpa
suthang. Teguh-timbul sêkti-
mandraguna, tinatah mêndat jinara
mèntèr, tan padah tapak-paluning
pandhé miwah sisaning gurinda ".
--- Têgêsé sêkti bangêt.
Gêgala = jabung ---> dijabung supaya atos utawa krakêt. Yèn Gathutkaca isining jabung bêbalungé ( sungsum ) jaréné saka jèr-jèran timah.
Asungsum gêgala = sungsumé saka jèr-jèran timah.
Paron = landhêsané wêsi kang digêmblèng.
Kotang antrakusuma/anantakusuma = iku kotang paringing Déwa, kang bahané saka manéka-warna kêmbang = bisa kanggo napak dirgantara ( mabur ).
Caping basunabda = caping paringing Déwa, duwé daya = yèn panas ora kêpanasên, yèn udan ora kudanan.
Teguh timbul = digdaya bangêt ( sêkti mandra-guna.
Tapak paluning pandhé = kang tilas tapak palu iku gêgaman saka wêsi.
Gurinda/grénda = wungkal ( watu asahan ).
Sisaning gurinda = têgêsé turahané wungkal yaiku gêgaman saka wesi.
Turahané wungkal = atêgês gaman kang wis diasah, dadiné gêgaman kang landhêp.
Gaman kang landhêp = maksudé gaman turahané wungkal ( grénda ).
16. Sêdhakêp asuku tunggal, nutupi
babahan hawa sanga =
--- Têgêsé lungguh sila, tangan sêdhakêp, kanthi ora ngrasakaké apa-apa kang ana ing donya ( muja-semadi ).
Sêdhakêp asuku tunggal = tangané sêdhakêp, lungguh sikilé kadhèmpètaké dadi siji ( sila ).
Babahan = iku têmbung Kawi têgêsé lawang, dalan, ( bolongan ).
Babahan hawa sanga = dalané hawa napsu iku ana 9 =
1. Mripat = 2
2. Irung = 2
3. Kuping = 2
4. Cangkêm = 1
5. Wajidan = 1
6. Palanangan/pawadonan = 1
--- Jumlah : 2 + 2 + 2 + 1 + 1 + 1 = 9.
Nutupi babahan hawa sanga = têgêsé kabèh hawa napsu kang alantaran bolongan mau katutup.
Maksudé = ana rupa ora dinulu ( ora dimataké ), ana swara ora dirungu, ana ganda ( ambu ) ora diambu, lan ana pêpènginan saka bolongan wajidan lan palanangan/pawadonan ora dirèwès.
17. Rintên dalu ingkang kawula
cêcadhong namung pakaryan ingkang
awrat. Kakarsakna mbêdhah praja
sawanci-wanci, kawula sandika
anglampahi ; " manawi putung
kasawatna, rêmuk kasawurna " =
--- Têgêsé têmên-têmên anggoné nindkaké pakaryan kang kadhawuhaké.
Mênawi putung kasawatna, rêmuk kasawurna = têgêsé yen nganti tatu balung putung, kulit cècèl ( wastra bêdhah kayu pokah ), pratandha ora pantês nampa kapêrcayan ngêntasi gawé, prayoga dijur sisan.
18. Wrêsniwira ya Radèn Arya Sêtyaki,
kêna ingupamakaké " suh-jêjêting
praja, ya sapu-kawat praja
Dwarawati " =
--- Têgêsé Radèn Arya Sêtyaki dadi kêkuwataning praja ( bisa ngêntasi gawé lamun ana bêbayaning praja ).
Suh = iku tali kang diênam kanggo njirêt sapu.
Jêjêt = iku talining wêngku ( tampah kajêjêt saka pênjalin supaya kuwat ).
Suh jêjêting praja = pikuwating praja.
Sapu-kawat = sapu kang digawé saka kawat ( sapu digawé saka sada baé wis kuwat bisa kanggo nyapu ngilangaké sakèhing rêrêgêd ).
Nyapu mungsuh = ngilangaké mungsuh, mbrastha mungsuh, nyirnakaké mungsuh.
19. Ngasta " bang-bang aluming praja " =
--- Têgêsé sing bisa gawé abang, lan aluming nêgara maksudé panguwasaning nagara, utawa kang nyêkêl kêndhalining papréntahan alias ratuné.
20. Jênêng para ingsun timbali ing
ngarsaningsun, poma aja darbé
pangira manawa bakal nampa
nugraha " kêris kang tuwa tangguhé,
kampuh kang pêra siginé, sabuk kang
dawa ubêdé " =
--- Têgêsé anggoné ditimbali aja ngarêp-arêp pawèwèh.
Kêris kang tuwa tangguhé = kêris kang gêdhé kasiyaté.
Kampuh = kampuh iku krama inggil, déné ngokoné dodot ( jarit amba kanggo pisowanan ).
Pêra siginé = dodot kang anyar.
Iku mau conto basa rinêngga kang awujud gunêm.
Ikêtan sinawung ing têmbang kang mawa basa rinêngga iku akèh bangêt, luwih-luwih lêlagon kang ana Sêni Padhalangan mliginé suluking Ki Dhalang.
Ing ngisor iki sawêtara tak aturaké basa rinêngga awujud têmbang ( suluk Ki Dhalang ) kang isi panyandra :
I. Sêndhon Kloloran :
( isi panyandra angganing manungsa )
3 3 3 5 6 6 5 3 ¹ ¹ ¹
Ga lak u lat ka di tha
¹ ¹ ¹ ² ¹ 6 2 2 2 12
thit am ba rung kang pa mu lu
2 3 3 6 5 3 2 1
a lus ma nis mu lat kung
2 1 ⒍ 12 3 3 32 1 ⒍ ⒌
O... sêm ba da gêng a dê
⒊ 1 1 1 1 2 1 ⒍
dêg man da ra na kung
2 2 2 1 2 3 3 6
a go rèh pan tês da dya
5 3 2 1 2 1 ⒍ ⒌ ⒊
ma wèh kung O.......
II. Pathêt Kedhu :
( isi panyandra kaananing alam ):
6 6 6 6 6 6 5 6
Myat la ngên ing ka lang yan
2 2 2 2 2 1 ⒍
a glar pan dam mun car
5.6 2 2 2 2 2 1 2
O... ti non lir kê ko nang
3 5.6 3 5 5 5 5 3
su rêm so rot é tan pa
2 235 235 2 2 21 ⒍⒌
dhang ka sor lan pa jar ing
¹ ²¹653 ¹ ¹ ¹ ¹ ¹ 6¹
O O... pur na mèng ga ga na
²¹6536 2 2 2 2 2 2
O..... dha sar é mang sa ka
2 1 . ⒍ 5 .6 2 2 2 2
ti ga O... hi ma ma na
2 1 2 3 5 6 3 5 5
wèng i mring u jung an ca
3 2 235 235 2 2 2 2
la A sê nèn kar ya wi
2 1 ⒍ ⒌ ⒍ 12 2 2
gê na O... mi wah si
2 2 1 .2 121⒍⒌⒊ 2 2
ning wa na O...... wrêk sa
2 2 2 21⒍ 2 . 1
gung ti nu nu O...
III. Sendhon Rencasih Sl 9 :
( panyandra kaanabing alam ):
2 2 2 2 2 2 1 2
La wa la wa gu man dhul
5 5 5 5 5 1 2
nèng pang kê bêt kê bêt
1 2 5 5 5 5 3 5
O.... lir mè lu su sah
6 ¹ . ² 6 ¹ 6 5
yèn ta bi sa mu wus
5 6 ¹ 5 6 ¹ 5 5 53 21
pa gé né Pan dha wa
6 6 6 6 6 5 6 ¹² 6
tan a na tu mu tri pa ti
¹ 6 5 5 6 ¹ 5 6 ¹ 5
a min ta pra jan ta
5 5 3 2 1 2 2 2 2
sa pa lih kang sê kar tun
1 2 6 5 5 5 5 5 3 5
jung ru ru am ba la sah
6 ¹ ² 6 ¹ 6 5 56¹
lê sah ka di su sah lu
56¹ 5 5 3 2 1 6 5 5
sah ka pi sah A su sah
5 5 3 2 5 3
ka pi sah O....
~~ Pêpèngêt :
Wong manganggo, yèn kakèhan rêrênggan dadi njuwarèhi.
Upamané ; nganggo ali-ali driji lima dianggoni ali-ali kabèh, nganggo kalung gulu siji dianggoni kalung loro.
Mangkono uga basa kang kakéhan rêrênggan, malah rinasa kurang éndah.
Sing marakaké éndahing basa iku dudu " akèhing rêrênggan " nanging pintêr pamilihing rêrênggan lan prigêling cara matrapaké rêrênggan iku ing papan kang mungguh.
Ing ngisor iki ana tuladha têmbang kang basané ora kakéhan rêrênggan, éwadéné bisa agawé sêngsêmé wong kang maca, rêsêping atiné wong sing ngrungokaké.
Têmbungé urutu aruntut, tur isiné mêntês. Upama diapalaké iya gampang, marga pêdhotané mapat, unèn-unèné laras.
Têmbang kasêbut asalé saka Pêtikan Kêpèk, tilarané Kyai Bèi Tjitrasantika, Wêdana Pamijèn ing Sambungmacan, Sragèn.
Mangkéné uniné :
I. Dhandhanggula :
1.
--- Tibra layu wayahé Hyang Rawi.
--- Rawat-rawat sinamar Hyang Ima.
--- Amara sêmu sunaré.
--- Rèrèh dènnya tumurun.
--- Lir kêpalang malang tumolih.
--- Labêt masih karênan.
--- Myat rêsmining Dhukuh.
--- Wismané randha Dhadhapan.
--- Mèsi sotya kang lagi sinarawèdi.
--- Dinadar ing Jawata.
2.
--- Punang rêtna samana kaèksi.
--- Kèn Limaran nèng ngajuning wisma.
--- Nyaponi palatarané.
--- Sakêdhap kèndêl mangu.
--- Kang sinapon tinolih pulih.
--- Wola-wali mangkana.
--- Kèh rondhon kang luru.
--- Lir kênèng daya upaya.
--- Mbok parawan pêgêl ing tyas nawung
kingkin.
--- Têmah tunèng wêwéka.
3.
--- Katarucut ngucap pasanggiri.
--- Déwa gung kang amêngku kuwasa.
--- Saksinên ujar ngong mangké.
--- Sapa bangkit tinulung.
--- Ngilangana kalésa mangkin.
--- Kalamun jalu dadya.
--- Jatukramaningsun.
--- Déné yèn sipat wanodya.
--- Ingong rêngkuh sadulur sinarawèdi.
--- Têkèng Aribawana.
II. Pangkur :
1.
--- Samantara jlêg kawuryan.
--- Jaka Lodhang tumurun marêpêki.
--- Kén Rara arsa lumayu.
--- Ponang wanara mojar.
--- Èh ta rara tan nêdya sikara ingsun.
--- Mung ayun takin kéwala.
--- Ing wau ingsun miyarsi.
2.
--- Sira prasêtyèng Jawata.
--- Sapa bisa têtulung minangkani.
--- Laruding larahan luru.
--- Rêgêding palataran.
--- Lamun priya sira sumarah winêngku.
--- Yèn wadon dadiya kadang.
--- Sadulur sinarawèdi.
3.
--- Apa têmên ujarira.
--- Yèn cidraa kênèng upata yêkti.
--- Yèn sira nuhonu wuwus.
--- Nyatèdining kusuma.
--- Ywa sandéya nugrahanta mèh
dhumawuh.
--- Ingsun dutaning Jawata.
--- Anêkani pasanggiri.
III. Maskumambang :
1.
--- Rawat waspa Kèn rara dupi miyarsi.
--- Ngungun sru nalangsa.
--- Puwara aris nauri.
--- " Dhuh walèh-walèh punapa.
2.
--- Pan sanjata wuwu ulun kang kawijil.
--- Mêné mung sumangga.
--- Paran nggèn ulun nyinggahi.
--- Yèn wus karsaning Jawata ".
3.
--- Suka ing tyas réwanda tandya samadi.
--- Hyang maruta prapta.
--- Kalésa katut sumilir.
--- Rêroncèné tan winarna.
IV. Kinanthi :
1.
--- Baskara diwasa surup.
--- Ginantyan wimbaning sasi.
--- Sêdhêngé tanggal ping sapta.
--- Manda prabané marnani.
--- Sênèn jroning padhukuhan.
--- Sonya sabawaning janmi.
2.
--- Upama kalané dalu.
--- Ana karna kang tumiling.
--- Kaya mung myarsa na rasan.
--- Piwêling kang milangoni.
--- " Dhuh rara ing bénjang énjang.
--- Ing wayah banguning rawi.
3.
--- Sun méndra arsa anggaru.
--- Mring sawah si Randha kuning.
--- Sira rara rêratênga.
--- Sathithik kinarya ngirim.
--- Nora kudu salah éndah.
--- Nanging susulna pribadi ".
V. Balabak :
1.
--- Byar raina Kèn rara wus maring
sêndhang, mamèt wé.
--- Turut marga nyambi rêramban
janganan, antuké.
--- Praptèng wisma wusing nyapu
atêtêbah, jogané.
2.
--- Cêtik gêni arêratèng tata-tata, sumbulé.
--- Samantara kirimané wus samêkta,
kabèhé.
--- Ngambil sléndhang Kèn rara nuli
pamitan, rénané.
3.
--- Nggéndhong cêthing manggul sumbul
sarwi ngêmban, kêndhiné.
--- Gya umangkat sêmparèt agêgancangan,
lampahé.
--- Praptèng têba winulat kawuryan sunya,
gubugé.
VI. Pocung :
1.
--- Nguwuh-uwuh : " Kakang nèng ngêndi
sirèku.
--- Jaré nggaru kakang.
--- Sawahé si Randha kuning.
--- Kari-kari dakgoleki nora ana " .
2.
--- Nêngna wau mêné gantya kang
winuwus.
--- Nênggih Radèn Putra.
--- Ing Jênggala Sang Apanji.
---Nuju arsa bêdhag-pikat amisaya.
3.
--- Myang nênumpu mring alas gung
.. liwang-liwung.
--- Namur brangtanira.
--- Manganti panjanmaning Sri.
--- Nitih kuda ingiring Ki Jodhèh-Santa.
VII. M i j i l :
1.
--- Sru kapyarsa trajanging turanggi.
--- Andhêgé pinargok.
--- Kumriciking kêndhali linêpèh.
--- Myang plêsating sêséla lit-alit.
--- " Tik-kalêtik krincing.
--- Bag-gêdêbug barus " .
2.
--- Praptèng têba Dyan Panji umèksi.
--- Ana raré wadon.
--- Kawistara éndah suwarané.
--- Tinakonan wus sajarwa jati.
--- Radyan dhuk miyarsi.
--- Ing driya kumênyut.
3.
--- Gya tumurun mara mirakêti.
--- Pagut ing patêmon.
--- Nikèn rara karênan ing tyasé.
--- Asrah jiwa mring Sang Raja-siwi.
--- Tan pantara prapti.
--- Joko Lodhang nguwuh.
VIII. D u r m a :
1.
--- " Èh ni rara êndi pêpunjunganira.
--- Suwé sun anti-anti.
--- Katuwoné sira.
--- Patêmon lan wong priya.
--- Lah apa nyata sirèki.
--- Wus gathuk ing tyas.
--- Tan kogèl mulat téngi.
2.
--- Katgandhèng tyas Radèn Putra dhuk
miyarsa.
--- Arsa ngayat jêmparing.
--- Réwanda sru sru mojar.
--- " Babo ywa salah cipta.
--- Ingsun dutaning Hyang Widdi.
--- Dadi pacalang.
--- Mêmulang tudhuh margi.
3.
--- Kèn Limaran pasti jatukramanira.
--- Trah-tumêrah mijèni.
--- Jroning pitung jaman.
--- Bénjang sapungkurira.
--- Dhihin jaman Andêrpati.
--- Kalawisésa.
--- Nèng Pajajaran nagri.
IX. Asmaradana :
1.
--- Dyan Sri Kala Rajapati.
--- Kuthané ing Majalêngka.
--- Rinusak putrané dhéwé.
--- Sumilih salin salaga.
--- Ngalih maring Bintara.
--- Adiyati jamanipun.
--- Sajroning Kalawisaya.
2.
--- Rusaké mring Pajang ngalih.
--- Aran jaman Kalajangga.
--- Tan lawas wus ngalih manèh.
--- Kekutha anêng Mataram.
--- Rinakêt wong nakodha.
--- Jaman Kalasakti iku.
--- Sirêp rêrêtuning praja.
3.
--- Jaman kaping nêm angalih.
--- Kuthané ing Wanakarta.
--- Pan Kalajaya jamané.
--- Puwara jaman ping sapta.
--- Kalabêndu ranira.
--- Pyarsakna lambanging sêmu.
--- Nanging sun lungguh sadhéla.
--- wjg ---
-------> Ana candhaké BAB : SANDI ASMA
XI.38.B.28


