Saturday, April 4, 2020
Home »
» XI. No. 39. B. 29. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : SÊNGKALAN )
XI. No. 39. B. 29. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : SÊNGKALAN )
Kasusastran Jawi 39 :
Sêngkalan :
Wiwit jaman kuna mula, wong-wong lumrah " mèngêti wêktu " kang wigati kayata :
1. Mèngêti lairé bocah.
2. Mèngêti gêblagé sanak-sêdulur.
3. Mèngêti anggoné ngêdêgaké omah.
4. Mèngêti wêktu dadi pangantèn.
5. Mèngêti wêktu ana bêbaya gêdhé.
6. Lsp.
Wong-wong Jawa ing jaman kuna manawa " mèngêti wêktu " , lumrahé cacahing tahun ora pinèngêtan nganggo angka, nanging nganggo " têtêmbungan utawa gambar " , kang diarani " SÊNGKALAN " .
Cacahing taun kang pinèngêtan nganggo têtêmbungan diarani : " Sêngkalan lamba ".
Kang pinèngêtan sarana gambar diarani : " Sêngkalan mêmêt " .
Sêngkalan mêmêt kudu diwaca kaya déné maca ukara lumrah.
Kang katêrangaké ana ing kéné iki mung sêngkalan lamba, yaiku cacahing taun kang pinèngêtan nganggo têtêmbungan.
Mungguh prêluné pinèngêtan nganggo têtêmbungan utawa ukara yaiku :
1.
Olehé gawé pèngêtan bisa kalarasaké karo lêlakon kang dipèngêti.
2.
Gampang dièling-èling utawa angèl
anggoné lali.
Sêngkalan lamba kang uniné ukarané salaras utawa mathuk karo kadadéan kang pinèngêtan, diarani : " Sengkalan mranani " .
Têmbung-têmbung kang kanggo ing sêngkalan :
Têmbung-têmbung kang kanggo ing sêngkalan iku, têmbung kang nduwèni watak wilangan, yaiku wilangan " siji nganti têkan wilangan das " ( 1 - 10 ).
Kanthi ringkês, têmbung-têmbung kang dianggêp duwé watak wilangan kapratélakaké ing ngisor iki :
1. Watak siji :
--- Surya, Wulan, Nabi, Gusti, Janma,lsp
--- Barang kang anané mung siji
--- Barang kang awangun bundêr.
2. Watak loro :
--- Dwi, nétra, karna, pangantèn, lsp
--- Barang kang anané rêrakitan (sajodho).
3. Watak têlu :
--- Tri, dahana, brama, murub, wédha, lsp.
--- Barang mawa gêni utawa kawruh.
4. Watak papat :
--- Catur, yoga, samodra, sêndhang,
wêning, lsp.
--- Tembung kang atêgês banyu utawa
jaman.
--- Têmbung kang ngêmu têgês gawé.
5. Watak lima :
--- Panca, pandhawa, danawa, sanjata,
margana, lsp.
--- Têmbung kang atêgês angin, bêbaya,
landhêp.
--- Barang kang anané lima, buta, panah,
angin.
6. Watak ênêm :
--- Sad, mangsa, rasa, obah, wrêksa, kayu,
lsp.
--- Golonganing kéwan gêgrêmêtan
sadpada/sikil ênêm ( insèct ).
7. Watak pitu :
--- Sapta, prawata, turangga, wiku, swara,
gunung, pandhita, lsp
--- Têmbung kang atêgês
têtunggangan ¹*).
¹*) Katrangan : ukara kang gampang
dièling-èling = Pêndhita gunung pitu,
nunggang jaran.
8. Watak wolu :
--- Astha, wasu, gajah, brahmana, basuki,
naga, lsp.
--- Golongané kéwan rumangkang ( rèptil ).
9. Watak sanga :
--- Nawa, ling, muka, gapura, ganda, déwa,
lsp.
--- Têmbung kang atêgês bolongan, apa-
apa kang isiné sanga.
10. Watak das :
--- Das, nol, langit, muluk, sirna, adoh, lsp.
--- Têmbung kang atêgês ora ana, dhuwur.
Kanthi ringkês gampang diapalaké mriksanana têmbang ngisor iki :
-* Dhandhanggula *-
--- Janma buwêng wani " tunggal " Gusti.
--- Pangantèn " dwi " akêkanthèn asta.
--- Gêgêni putri " katluné ".
--- " Papat " agawé banyu.
--- Buta " lima " amanah angin.
--- " Sad " rasa kayu obah.
--- Wiku " pitwèng " gunung.
--- Gajah " wêwolu " rumangkang.
--- Déwa " sanga " anggêganda têrus
manjing.
--- Dhuwur wiyat tanpa " das " .
* Pangrimbagé têmbung-têmbung kanggo ing sêngkalan *
Pangrimbagé têmbung kanggo ing sêngkalan kanthi ngèlingi " guru " warna wolu.
Guru = wêwaton, pathokan, paugêran.
Guru warna wolu yaiku :
( Manut Buku Candra Sangkala karangané Ki Bratakésawa ).
1. Guru-dasanama =
--- Têgêsé tembung kang nduwèni têgês
padha utawa nunggal-misah, kaanggêp watak wilangané padha.
Kayata :
Pratiwi, pratala, bantala, kisma, = watak wilangané siji.
2. Guru-sastra =
--- Manawa padha panulisé ( sastrané ),
watak wilangané kaanggêp padha.
Kayata :
Èsthi kang atêgês gajah karo èsti kang atêgês pikir ( sêdya ) = watak wilangané wolu.
3. Guru-wanda =
--- Manawa wandané ana kang padha,
watak wilangané kaanggêp padha.
Kayata :
Dadi karo waudadi = watak wilangané papat.
4. Guru-warga =
--- Manawa nunggal warga utawa
golongan, watak wilangané uga
kaanggêp padha.
Kayata :
Ula karo baya padha déné golongané kéwan rumangkang ( rèptiêl ) = watak wilangané wolu.
5. Guru-karya =
--- Barang karo pakartiné uga watak
wilangané padha.
Kayata :
Mripat karo mandêng = watak wilangané loro.
6. Guru-sarana =
--- Sarana utawa piranti, watak wilangané
padha.
Kayata :
Ilat karo rasa = watak wilangané nênêm.
7. Guru-darwa =
--- Darwa utawa sipaté barang, watak
wilangané padha.
Kayata :
Panas iku darwané gêni, = watak wilangané têlu.
8. Guru-jarwa =
--- Têmbung karo jarwané, watak
wilangané padha.
Kayata :
Rêtu ( rusuh ) karo obah, orêg, gègèr = watak wilangané nênêm.
Nêgara rêtu = rakyaté padha orêg, gègèr, obah pating bilulung.
Sêngkalan utawa Candrasangkala / Suryasangkala iku carané nulis saka mburi sawisé diowahi dadi angka.
~~ Tulada :
1. Naga Muluk Tinitihan Janma :
--- Naga = 8
--- Muluk = 0
--- Tinitihan = 7
--- Janma = 1
Dadiné angka = 1708.
2. Kusumaning Ati Sirna Kadulu :
--- Kusuma = 9
--- Ati = 1
--- Sirna = 0
--- Kadulu = 2
Dadiné angka = 2019.
3. Dwi Naga Rasa Tunggal :
--- Dwi = 2
--- Naga = 8
--- Rasa = 6
--- Tunggal = 1
Dadiné angka = 1682
( Madêgé Kraton Jogjakarta ).
4. Wêrdu Yakya Nagara Raja =
--- Wêrdu = 3
--- Yaksa = 5
--- Nagara = 8
--- Raja = 1
Dadiné angka = 1853
( Tinulis ing Bangsal Manis th Surya = 1923 ).
~~ Katrangan :
--- 1. Candrasangkala =
wataking angka kang paugêran taun Candra.
Sawenèh ana kang nyebutaké Kalèndhêr Lunar, Komariyah.
Sêtaun = 354 dina/355 dina.
Sêsasi Rêmbulan ngubêngi bumi = 29 dina, 12 jam, 44 mênit, 3 dhêtik = 29,5306 dina.
--- 2. Suryasangkala =
wataking angka kang paugêran taun Surya.
Sawênèh ana kang ngandhakaké Kalèndhêr Solar, Syamsiyah.
Sêtaun = 365 dina/366 dina.
Sêtaun Bumi ngubêngi Surya = 365 dina,
5 jam, 48 mênit 46 dhêtik = 365, 2422 dina.
~~ KATRANGANÉ TÊMBUNG-TÊMBUNG KANG NDUWÈNI WATAK WILANGAN :
Têmbung-têmbung kang nduwèni watak wilangan, ing ngisor iki kadhapuk cakêpan têmbang Macapat.
Yèn arêp ditêmbangaké, sing diwaca têmbung kang digaris ngisoré.
Déné lakuné ukara dadi mudhun utawa mangisor.
I. Asmaradana Sinamun Watak Siji :
--- Janma ---> wong ----> guru-warga karo
nabi, kang atêgês panuntuné agama.
--- nabi -----> wudêl, panuntun agama --> wong mung duwé wudêl siji.
--- tunggal ---> siji ----> éka, sawiji, satunggal.
--- Gusti. ---> Gusti Allah ---> cacahé siji.
--- Badan ---> awak, angga, ---> awak mung siji.
--- rupa ---> warni ---> guru-dasanama karo candra kang atêgês rupa.
--- maha ---> linuwih ---> yen linuwih atêgês mung siji, Allah.
--- buda. ---> budi, angên-angên ---> angên-angên mung siji.
--- Samadi ---> muja, ajubur ( dubur ) ---> manungsa mung ajubur siji.
--- iku -----> buntut, kuwé ---> kéwan mung abuntut siji.
--- pamasé. ---> Ratu ---> guru-warga karo nabi.
--- Surya ---> Srêngéngé ---> cacahé mung siji awangun bundêr.
--- candra ---> Rêmbulan, rupa ---> cacahé mung siji wangun bundêr.
--- sasa ---> lintang ---> guru-warga karo rêmbulan awangun bundêr.
--- dara. ---> wêtêng, lintang ---> manungsa mung awêtêng siji.
--- Wiji ---> isi ---> guru-wanda karo siji, sawiji.
--- godhong ---> ron ---> guru-jarwa karo sêmi, atêgês urip kaya wiji.
--- lèk ---> rêmbulan ---> guru-dasanama karo candra.
--- kênya. ---> prawan ---> guru-warga karo janma-manungsa.
--- Wungkul ---> bunder, wutuh ---> barang isih bundêr atêgês wutuh.
--- buwêng ---> bundêr ---> guru-dasanama karo wungkul.
--- urip ---> gêsang ---> guru-darwa wiji, wiji bisa urip/thukul.
--- nekung. ---> muja-sêmèdi ---> mêlêng sawiji.
--- Nyata ---> yêkti, sêjati ---> barang kang sêjati mung siji.
--- sudira ---> wani ---> guru-dasanama
karo wani, awani = srêngéngé.
--- tyas ---> ati ---> ati manungsa mung siji.
--- putra. ---> anak ---> guru-darwa karo manjanma/nitis dadi anak.
II. Kinanthi Sinamun Watak Loro :
--- Pangantèn ---> têmantèn, pangantèn iku loro lanang-wadon.
--- dwi ---------> loro ---> wis cêtha wataké.
--- nêmbah ---> nyêmbah ---> guru-karya karo tangan, nyêmbah karyané tangan.
--- suku. ---> sikil ---> manungsa asikil loro.
--- Gandhèng ---> kanthèt ---> gandhèng ngêmu surasa loro.
--- asta ---> tangan ---> manungsa atangan loro.
--- ndulu ---> ndêlêng ---> guru-karya karo mripat, mandêng iku pakartiné mripat.
--- drêsthi. ---> alis ---> alis cacahé loro.
--- Nétra ---> mripat ---> mripat ana loro.
--- myat ---> mandêng ---> guru-karya karo mripat.
--- buja ---> bau, pangan ---> manungsa abau loro.
--- bujana. ---> pangan, sêsuguh ---> guru-wanda karo buja.
--- Karnan ---> sênêng ---> guru-wanda karo kuping, karna.
--- ngrêngga ---> maèsi ---> guru- dasanama karo carana, rêrênggan.
--- athi-athi. ---> kêning ---> cacahé loro.
--- Paksa ------> swiwi, bau, ---> cacahé swiwi ana loro.
--- apasang ---> arakit ---> sêpasang, sarakit iku atêgês loro.
--- carana. ---> sikil, rêrênggan ---> asikil loro.
--- Sikara ---> tangan ---> cacahé ana loro.
--- bau ---> bau, pundhak ---> cacahé loro.
--- suwiwi. ---> swiwi, êlar ---> cacahé ana loro.
III. Pangkur Sinamun Watak Têlu :
--- Tri ---> têlu ---> wis cêtha têlu.
--- jatha ---> siyung ---> guru-wanda karo. trijatha.
--- lir ---> kaya ---> guru-dasanama karo pindha.
--- wrin ---> wêruh ---> guru-dasanama karo uninga, sumurup.
--- dahana. ---> gêni ---> Sang Hyang Dahana asorot têlu : abang, kuning, biru.
--- Kaya ---> kados ---> guru-wanda karo gunakaya.
--- wignya ---> sugih kawruh ---> guru-darwa karo kawruh ( wêruh, uninga ).
--- uninga ---> sumurup, obor ---> guru-warga karo gêni.
--- anauti. ---> cacing ---> guru-warga karo uta ( lintah ). Utawaka = gêni.
--- Sorot ---> cahya ---> guru-darwa karo gêni, sing mawa sorot iku gêni.
--- brama ---> gêni ---> guru-dasanama karo dahana.
--- api ---> gêni ---> guru-dasanama karo dahana.
--- murub. ---> mubyar ---> guru-darwa karo gêni. Sing murub iku geni.
--- Kobar ---> kobong ---> guru-darwa karo gêni. Sing marakaké kobong iku gêni.
--- guna ---> gêni, pintêr ---> guru-dasanama karo dahana.
--- ujwala. ---> sorot ---> guru-darwo karo gêni. Sing kasinungan ujwala iku gêni.
--- Têkên ---> têkên ---> guru-dasanama karo siking kang atêgês têkên.
--- siking ---> upet, teken ---> guru-dasanama karo geni.
--- kèksi ---> katon ---> guru-dasanama karo kauningan, obor ( uninga = wêruh, obor ).
--- bahni ---> gêni ---> guru-dasanama karo dahana.
--- kukus ---> kukus ---> guru-darwa karo gêni. Sing mawa kukus iku gêni.
--- apyu. ---> gêni ---> guru-dasanama karo dahana.
--- Nala ---> ati ---> guru-wanda karo anala kang atêgês gêni.
--- bêntèr ---> panas ---> guru-darwa karo gêni. Sing marakaké panas iku gêni.
--- rananggana. ---> pêpêrangan ---> guru-wanda karo rananggana kang atêgês gêni paprangan.
--- Katon ---> katara ---> guru-dasanama karo kauningan.
---panas ---> bêntèr ---> guru-darwa karo gêni, panas iku darwaning gêni.
--- pindha ---> kaya, kados ---> guru-dasanama karo kaya.
--- agni. ---> gêni ---> guru-dasanama karo dahana.
IV. Pocung Sinamun Watak Papat :
--- Sumbêr ---> tuk, sumur ---> guru-warga karo banyu.
--- sumur ---> sumur ---> guru-warga karo banyu. Sumur iku panggonan banyu.
--- tlaga ---> tlaga ---> guru-warga karo banyu. Tlaga iku panggonan banyu.
--- wêning ---> bêning ---> guru-darwa karo banyu. Wêning iku darwané banyu.
--- karya ---> gawé ---> guru-dasanama karo yoga kang atêgês gawé. Yoga kang awatak papat kang atêgês jaman ( jaman ana papat ) :
1. Krêtayoga
2. Tirtayoga
3. Duparayoga
4. Kaliyoga.
Yoga utawa yuga = jaman.
--- masuh. ---> ngumbah ---> guru-sarana karo banyu. Ngumbah sarana banyu.
--- Udan ---> jawah ---> guru-dasanama karo banyu. Udan iku wujud banyu.
--- bun ---> bun ( êbun ) ---> guru-dasanama karo banyu. Bun iku wujud banyu.
--- hèr --->banyu ---> guru-dasanama karo banyu.
--- dadya. ---> dadi ---> guru-dasanama karo dadi = waudadi = sêgara.
--- Warna ---> warni ---> guru-wanda karo catur-waruna utawa catur warna,
golongan 4 :
1. Brahmana
2. Satriya
3. Sudra
4. Wésiya.
--- warih ---> banyu ---> guru-dasanama karo waruna ( baruna ) kang atêgês banyu.
--- waudadi. ---> sêgara ---> guru-dasanama karo banyu. Waudadi panggonan banyu.
--- Tirta ---> banyu ---> guru-dasanama karo waruna kang atêgês banyu.
--- nadi ---> kali ---> guru-dasanama karo waruna ( baruna ) atêgês banyu.
--- dadi ---> dados ---> guru-wanda karo waudadi ( sêgara ) panggonan banyu.
--- suci ---> rêsik ---> guru- darwa karo banyu. Suci iku darwané banyu.
--- wédang ---> banyu panas ---> guru-warga karo banyu.
--- tawa. ---> wantah ---> guru-darwa karo banyu. Tawa iku darwané banyu.
V. Durma Sinamun Watak Lima :
--- Saya ---> sangsaya ---> guru-wanda karowisaya atêgês piranti pangrénah mungsuh.
--- galak ---> galak ---> guru-darwa karo danawa, buta.
--- guling ---> turu, bantal ---> guru-wanda karo gulingan ( angin ing paturon ).
--- wil ---> buta ênom ---> buta klêbu pancabaya ( tumrap satriya kang lêlana.
--- yaksa ---> buta ---> guru-dasanama karo buta.
--- rasêksa. ---> buta ---> guru-dasanama karo buta.
--- Marga ---> jalaran, sêbab ---> guru-wanda karo margana.
--- Pandhawa ---> putra Pandhu ---> cacahé lima ( Puntodéwa, Bima, Janaka, Nakula, Sadéwa ).
--- lungid. ---> landhêp ---> guru-darwa karo gêgaman, panah.
--- Bana ---> panah ---> guru-sarana karo pancakara.
--- wrayang ---> panah ---> guru-sarana karo pancakara.
--- sara. ---> panah ---> guru-sarana karo pancakara.
--- Wisaya ---> piranti ---> guru-sarana karo pancakara. Piranti ngrénah mungsuh.
--- pancakara. ---> pêrang ---> guru-wanda karo panca kang atêgês lima.
--- Cakra ---> panah bundêr ---> guru-sarana karo pancakara.
--- hru ---> panah ---> guru-sarana karo pancakara.
--- astra ---> panah ---> guru-sarana karo pancakara.
--- jêmparing. ---> panah ---> guru-sarana karo pancakara.
--- Gati ---> angin ---> guru-dasanama karo pancarowa ( pancaroba ).
--- tinata. ---> tata = angin ---> guru-dasanama karo pancarowa.
--- Margana ---> panah ---> guru-sarana karo pancakara.
--- bajra ---> angin ---> guru-dasanama karo pancarowa.
--- angin. ---> angin ---> guru-dasanama karo pancarowa.
VI. Sinom Sinamun Watak Nênêm :
--- Mangsa ---> wêktu, mangan ---> guru-wanda karo madu-mangsa. Madu iku lêgi, lêgi iku arané rasa.
Piranti pangrasa ana nênêm :
1. Pangênyam.
2. Panggrayang.
3. Pangganda.
4. Pangrungu.
5. Pandulu.
6. Pangrasaning ati.
--- nênêm ---> nênêm ---> wis cêtha awatak nênêm.
--- carêm ---> salulut ---> nganakaké rasa kang nyênêngaké.
--- raras. ---> éndah, rasa ---> guru-dasanama karo rasa.
--- Rasané ---> raos ---> rasa iku ana nênêm ;
1. Lêgi.
2. Asin.
3. Pait.
4. Kêcut.
5. Pêdhês
6. Sêpêt.
--- madu ---> madu ---> rasané lêgi.
--- hartati. ---> lêgi ---> araning rasa.
--- Naya ---> mangsa nênêm ---> arané mangsa nênêm padha karo winayang.
--- sad ---> nênêm ---> wis cêtha watak nênêm.
--- wayang ---> ringgit ---> guru-wanda karo winayang kang atêgês arané mangsa nênêm.
--- wuyungan. ---> gandrung ---> guru-wanda karo wayang-wuyungan.
--- Ilat ---> ilat, lidhah ---> guru-sarana karo rasa. Ilat srana kanggo mêruhi rasa.
--- oyag ---> obah ---> guru-dasanama karo winayang kang atêgês ngêmu rasa obah.
--- obah ---> oyag ---> guru-dasanama karo oyag, oyig, winayang.
--- manis. ---> lêgi ---> araning rasa ana nênêm.
--- Glinggang ---> kayu ---> guru-dasanama karo anggas kang atêgês kayu.
--- prabatang ---> guru-dasanama karo glinggang, kayu.
--- oyig. ---> obah ---> guru-dasanama karo oyag.
--- Madura ---> lêgi ---> araning rasa, guru-darwa karo rasa.
--- sarkara ---> lêgi, gula ---> guru-darwa karo rasa.
--- rêtu. ---> gègèr, orêg rusuh ---> guru-darwa karo obah. Rêtu iku araning wêktu nêm taun.
--- Lona ---> kêcut ---> guru-darwa karo rasa. Kêcut iku araning rasa.
--- tikta ---> pait ---> guru-darwa karo rasa. Tikta iku araning rasa.
--- kayasa. ---> sêpêt ---> guru-darwa karo rasa. Kayasa iku araning rasa.
--- Anggas ---> kayu ---> guru-dasanama karo glinggang, prabatang.
--- anggang-anggang ---> arané kéwan lumaku ing ndhuwur banyu ---> anggang-anggang iku golongané sadpada ( asikil nêm ).
--- gonjing. ---> obah ---> guru-dasanama karo oyag, oyig.
--- Tahên ---> kayu, tahên ---> guru-dasanama karo glinggang, prabatang, wrêksa.
--- wrêksa ---> kayu ---> guru-dasanama karo glinggang, prabatang.
--- winayang ---> mangsa nêm ---> wis cêtha watak nêm padha karo naya arané mangsa nêm.
--- kayu ---> kajêng ---> guru-dasanama karo prabatang, wrêksa, glinggang.
--- anggana. ---> dhéwé ---> guru-wanda karo gana anak tawon. Tawon kalêbu golongané sadpada.
VII. Maskumambang Sinamun Watak Pitu :
--- Rêsi ---> pêndhita ---> sing ngèstrèni jumênêngané Prabu Kano, Pêndhita pitu, Déwa sanga, Bramana wolu.
--- gunung ---> rêdi ---> guru-dasanama karo prawata. Prawata guru-wanda karo Sapta-prawata, yaiku araning jagad. Sadhuwuré iku Ariloka ( jagadé Btr. Ari utawa Btr. Wisnu. Sadhuwuré Ariloka yaiku Guruloka.
--- pitu ---> pitu ---> wis cêtha watak pitu.
--- anitih ---> nunggang ---> guru-wanda karo titihan ; titihan atêgês jaran ( kuda ).
--- turanggi. ---> jaran ---> Watugunung sédané kambrukan krétané Btr. Surya apangirid jaran pitu. Sing ngêbruki kréta Btr. Wisnu.
--- Suka ---> sênêng ---> guru-wanda karo biksuka utawa biksu atêgês pêndhita.
--- wêling ---> wêkas ---> guru-karya karo pendhita. Sing lumrah wêling iku ing jaman kuna Pêndhita, mangkono uga wêwulang.
--- wulang. ---> wuruk ---> sing lumrah yèn wêwulang iku katindakaké dening pêndhita.
--- Swara ---> pandhita, uni ---> guru-dasanama karo rêsi, yogi, dwija, pêndhita.
--- gora ---> gêdhé ---> guru-dasanama karo agung. Gung + sêsêlan " na " dadi gunung ( gung + Vna = gunung ).
--- ngangsa ---> banyak, murka ---> guru-darwa karo gunung. Wong murka iku darbé karêp sagunung gêdhéné.
--- muni. ---> nyuwara, pandhita ---> guru-dasnama karo rêsi, pêndhita, yogi.
--- Aswa ---> jaran ---> guru-dasanama karo turangga, titihan, kuda.
--- giri ---> gunung ---> guru-dasanama karo ancala, wukir, ardi, gunung.
--- gung ---> gunung ---> gung + Vna = gunung.
--- himawan. ---> gunung ---> guru-dasanama karo giri wukir, ardi, ancala.
VIII. Mijil Sinamun Watak Wolu :
--- Astha ---> wolu ---> wis cêtha watak wolu.
--- basu ---> wasu ---> guru-wanda karo wasu. Wasu iku cacahé wolu ( Bisma, lsp ).
Wasu ing Mahabarata :
1. Wasu Dhawa= Dhara = Pêrtiwi
2. Wasu Aha= Sawitra = Angkasa
3. Wasu Pratyusa = Aditya = Surya
4. Wasu Soma = Candra
5. Wasu Nakstrani = Dhruwa = Kartika
6. Wasu Anila = Wayu = Bayu
7. Wasu Anala = Agni
8. Wasu Prabhasa = Dyayus = Tirta ( Bisma ).
( Buku Mahabarata : Heroe soekarto. Dep. P&K - Ganaco NV ).
--- ula ---> sawêr ---> guru-warga karo Hyang Basuki ratuné ula.
--- slira ---> mênyawak - guru-warga karo ula padha déné kéwan rumangkang.
--- murti. ---> cêcak ---> guru-warga karo ula.
--- Gajah ---> liman ---> Nagaraja ratuné gajah. Sing katon kumlawé ana wolu : tlalé 1 ; kuping 2 ; buntut 1 ; sikil 4 .
--- têngga ---> gajah ---> guru-dasanama karo gajah.
--- bunglon. ---> bunglon ---> guru-warga karo cêcak.
--- Tanu ---> bunglon---> guru-dasanama karo bunglon.
--- sarpa ---> ula ---> guru-dasanama karo ula.
--- bajul ---> baya ---> guru-warga karo ula, cêcak.
--- baya ---> bajul ---> guru- warga karo cêcak, ula.
--- têkèk. ---> têkèk ( tèkok ) ---> guru-warga, ula, cêcak, bajul.
--- Dipa ---> gajah --- > guru-dasanama karo dipangga, dirada, liman, èsti.
--- manggala ---> panggêdhé, gajah ---> guru-dasanama karo dipa, dipangga.
--- madya ---> têngah ---> guru-wanda karo samadya kang atêgês gajah.
--- basuki. ---> slamêt ---> guru-wanda karo Hyang Basuki, ratuning ula.
--- Dipangga ---> gajah ---> guru-dasanama karo dirada, liman.
--- angèsti. ---> mêlêng ---> guru-sastra karo èsti, kang atêgês gajah.
--- Brahmana ---> pandhita sabrang ---> sing mèlu ngèstrèni jumênêngé Prabu Kano brahma wolu.
--- wêwolu. ---> wolu ---> wis cêtha watak wolu.
IX. Gambuh Sinamun Watak Sanga :
--- Kusuma ---> kêmbang, putri ---> ganda wangi lumrahé saka kêmbang.
--- ganda ---> ambu ---> guru-dasanama karo ambu-ambu, iku guru-wanda karo ambuka. Yèn ambuka dadi bolong. Bolongané awak ana 9.
--- arum. ---> wangi ---> guru-darwa karo ganda, ambu.
--- Déwa ---> Hyang, Jawata ---> sing ngèstrèni jumênêngé Prabu Kano ; Déwa 9 ; Brahma 8 ; Pêndhita 7.
--- sanga ---> sanga ---> wis cêtha watak sanga.
--- mbuka ---> mbukak ---> yèn kabuka dadi bolong, cacahé bolonganing manungsa ana sanga.
--- pintu ---> lawang, kori ---> guru-darwa karo bolong.
--- masuk. ---> mlêbu ---> bisané mlêbu marga bolong.
--- Kori ---> lawang ---> guru-darwa karo bolong.
--- mênga ---> mlompong ---> guru-darwa karo bolong.
--- gatra ---> bêbakal ---> guru-wanda karo Citragatra ( jênêng Déwa ).
--- wangi ---> arum ---> guru-darwa karo ganda.
--- têrus ---> bablas ---> bisané têrus marga bolong.
--- manjing. ---> mlêbu, rumasuk ---> bisané mlêbu marga bolong.
--- Muka ---> rai, ngarêp ---> guru-wanda karo mbuka.
--- wadana ---> rai, panggêdhé, pêngarêp ---> guru-dasanama karo muka kang atêgês rai.
--- marbuk ---> ngambar-ambar ---> guru-darwa karo ambu.
--- rum. ---> arum, wangi ---> guru-darwa karo ganda.
--- Anggangsir ---> gawé babahan ( mbabah ) --->.ngawé bolongan.
--- babahan ---> bolongan ---> guru-darwa karo bolong.
--- bolong. ---> butul ---> guru-darwa karo têrus.
X. Mêgatruh Sinamun Watak Das :
--- Sirna ---> ilang ---> sirna iku ora ana, das atêgês ora ana padha karo ilang.
--- musna ---> ilang ---> musna iku ora ana barangé.
--- muksa ---> ilang, oncat ---> barang kang muksa dadi ora ana.
--- mêsat ---> oncat, mumbul ---> guru-dasanama karo ilang.
--- langit ---> tawang ---> awang-awang.
--- mumbul. ---> muluk, mandhuwur ---> guru-darwa karo mêsat.
--- Pêjah ---> mati ---> pêjah ya dadi ora ana.
--- tanpa ---> ora mawi ---> guru-dasanama karo ora ana, ora nganggo.
--- suwarga ---> sunyaruri ---> ing suwarga isiné têntrêm, ora ana pêrkara apa-apa.
--- nir. ---> ilang ---> ilang ya dadi ora ana.
--- Brastha ---> rusak ---> barang brastha, rusak, syuh, dianggêp ora ana.
--- rusak ---> rusak ---> guru-dasanama karo syuh, swuh brastha.
--- swuh ---> lêbur, rusak, sirna ---> guru-dasanama karo brastha.
--- wuk ---> wurung ---> wurung iku ora ana, êndhog wukan ora ana wijiné.
--- suwung. ---> sêpi, ora ana isiné ---> suwung, sonya, iku ya ora ana.
--- Sunya ---> sêpi ---> guru-dasanama karo suwung.
--- windu ---> wektu 8 taun, rêmpêlu ---> mindu iku gunêm, gunêm tanpa kanca, gunêm dhéwé ora ana kancané
--- surud ---> séda, kurang, kêlong ---> guru-dasanama karo mati, lalis, layon, lampus.
--- sat ---> garing, tanpa banyu ---> asat ora ana banyuné.
--- nis. ---> ilang, lunga ---> guru-dasanama karo sirna, nir.
--- Sêmpal ---> pokah ---> pang kayu kang sêmpal dadi ora ana.
--- nglês ---> lunga ---> lunga mak nglês, dadi ora ana.
--- gêgana ---> tawang, langit ---> guru-dasanama karo dirgantara, widik-widik, wiyat, wiyati, jumantara, ankasa, langit.
--- adoh. ---> têbih ---> guru-dasanama karo antara, antara atêgês kosong. Adohé antara 100 m = 100 m iku kosong.
Mara Sêngkalan ing ngisor iki salinên nganggo angka minangka latihan :
1. Nir Yaksa Jroning Sêmèdi = ..?
2. Banyuning Jaladri Nêlêsi Bumi =..?
3. Tri Sawa Nuni Tunggal =..?
4. Èsthining Manah Kawula Nyawiji =..?
5. Dwi Hastha Ngèsthi Ratu =..?
6. Manunggaling Karsa Kinarya pusaka =..?
7. Kaya Wulan Putri Iki =..?
8. Nêmbah Muluk Ngèsthi Aji =..?
9. Jalu Buta Tinata Ing Ratu =..?
10. Nêmbah têrus sukaning budi =..?
11. Nêmbah Gêgamaning Buta
Tunggal =..?
12. Buta Pandhawa Tata Janma =..?
13. Wiku Sapta Ngèsthi Aji =..?
14. Mangsaning Dwija Ngèsthi Tunggal =..?
15. Nyatur Rasa Jroning Sêmèdi =..?
16. Dwi Naga Rasa Tunggil =..?
17. Buta Kima Ngoyag Jagad =..?
18. Rupa Sirna Rêtuning Bumi =..?
19. Mêlêng Têrus Ngèsthi Pêpadhang =..?
20. Tinata Dadi Kusumaning Gusti =..?
21. Putri Tata Trus Manunggal =..?
22. Trusan Rong Sapteng Lebu =..?
23. Wiku Memuji Ngesti Sawiji =..?
24. Sêmbah Muksa Pujangga Ji =..?
--- wjg ---
-----> ana candhaké :
BAB : KAPUSTAKAN XI. 40. C. 1.
0 comments:
Post a Comment