Friday, March 27, 2020
XI. No. 37. B. 27. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : BASA RINÊNGGA )
Kasusastran Jawi 37 :
Basa Rinêngga :
Têmbung " rinêngga " têgêsé : pinacak, dipajang-pajang, dipaèsi, kinarawista ; prêluné supaya éndah, supaya brêgas, supaya ngêngrêng, supaya ngrêsêpaké.
" Basa rinêngga " iku basa kang dipacaki, dipajang, dipaèsi, digawé brêgas.
Mulané " basa rinêngga " uga diarani
" basa pacakan " .
Basa rinêngga iku mêsthi baé ngêmu rasa kaéndahan yaiku kaéndahaning basa.
Basa sing éndah ora atêgês basa kang angèl, sênajan mêsthi baé ya akèh basa éndah kang angèl.
Wondéné carané " ngrêngga basa " nganti dadi " basa rinêngga " :
--- 1.
Sarana dikandhakaké ( diucapaké ) nganggo ukara liya kang darbé rasa luwih brêgas.
--- 2.
Diganti têmbungé sawêtara, nganggo têmbung Kawi.
~~ Tuladha :
Tuladha I :
--- Têmbung " kudu " yèn dikandhakaké " ora kêna ora " utawa " aja tan ora " iku banjur yèn dirasa têmbungé dadi brêgas, mula kêna diarani " basa rinêngga " .
" Ora kêna ora " ----> têgêsé kudu.
" Aja tan ora " -------> têgêsé kudu.
Tuladha II :
--- Têmbung " tandangé kaya banthèng kêtaton ".
Yèn dikandhakaké " tandangé kadi andaka kanin " , iku rinasa luwih brêgas, mula diarani " basa rinêngga ".
Tuladha III :
--- Têmbung " sêdhéla bangêt ", yèn diganti " sêkêdhap nétra " banjur dadi basa rinêngga, amarga rinasa luwih brêgas.
Basa rinêngga iku tarkadhang nganggo têtêmbungan kang ndakik-ndakik, sing ora lumrah kanggo gunêm padinan ing alam sêsrawungan.
Akèh unèn-unèn kang nganggo basa rinêngga kang lumarah, kayata :
A. Basa Rinêngga kang lugu :
1. Ngrêpèpèh-ngrêpèpèh pindha sata
mangih krama =
--- Diarani pêpindhan nganggo basa rinêngga, isiné bab candra.
--- Nduwèni têgês, candrané wong kang solahé mêndhak-mêndhak andhap-asor angasih-asih.
2. Gagah kêjibah, mingkuh kêtêmpuh =
--- Iku diarani paribasan nganggo basa rinêngga, utawa paribasan nganggo purwakanthi guru-swara.
--- Déné têgêsé, kudu nindakaké amarga mauné wis kêbanjur saguh.
3. Majua sayuta ngarsa, sakêthi wuri =
--- Iku diarani ukara sêsumbar nganggo basa rinêngga.
--- Nduweni têgês, nantang supaya dikroyok.
4. Ngangsu apikulan warih =
--- Diarani isbat nganggo basa rinêngga.
--- Déné isiné ngandhut maksud ; wong arêp maguru ngèlmu, kudu wis duwé dhasar ngèlmu sing arêp diudi.
5. Kalpa sru sêmuné kanaka putung =
--- Diarani lambang praja nganggo basa rinêngga.
--- Isiné mralambangi Kangjêng Sultan Mangkurat Têgalarum.
Kalpa sru = ali-ali sêsak dianggo. Lambangé Ratu kang ora sugih pangapura.
Kanaka putung = kuku putung.
Lambangé akèh para andêl-andêlé Mataram kang nêmahi séda, amarga saka siyané Kangjêng Sultan Têgalarum.
Kanthi tuladha kasêbut dhuwur, para nupiksa mêsthiné wis gamblang mungguh kang diarani " Basa Rinêngga ", apa déné silah-silahé karo sing diarani "pêpindhan, lan candra " .
B. Basa Rinêngga kang ndakik-ndakik :
1. Nadyan kathah titahing Déwa kang
kasangga ing pratiwi, kaungkulan ing
akasa, kaapit ing samodra, datan
wontên kadi praja....=
--- Têgêsé ing salumahing bumi, sakurêbing langit, kinubêngan sagara, ora ana titahing Déwa kang kaya praja....
2. Lir tinubruk ing mong tuna, sinambêr
ing gêlap lêpat =
--- Têgêsé, rasa gugup lan trataban, kaya ditubruk macan ora kêna, disamber blêdhèg ora kêna.
3. Kumurêb ing abahan =
--- Têgêsé pasrah pati-uripé amarga pancèn wis ora bisa upaya liyané ( pasrah kapêksa ), kaya déné gulu wis tumumpang abahan.
Abahan = ganjêling gulu kang arêp ditigas.
Têgêsé : upama arêp Kaukum pati sarana katigas guluné ya manut-miturut, lan saguh mapan dhéwé nkumurêb ana landhêsan kang kanggo ganjêling gulu kang arêp ditigas
4. Kajonjang sumangga asta, katuwêk
sumangga jaja, katigas sumangga
jangga, botèn nggrantês saluguting
kolang-kaling pinara sasra =
--- Têgêsé masrahaké pati-uripé kanthi rila-lêgawa.
Kajonjang = dikêthok tangané.
Katuwek = ditublês sarana barang lancip.
Katigas = dikêthok tumrap gulu.
Tigas pancing = dikêthok sêpisan tugêl.
Sasra = sèwu.
5. Mata-mata kapèn kaya kowé kulup
Pêrmadi =
--- Têgêsé, mripat kang wis kurang cêtha kanggo ngêmataké rêrupan.
Kapèn = asalé saka têmbung " apé " kawuwuhan ater-ater " ka " lan panambang " an " ---> Ka + apé + an = kapèn.
Apé = aling-aling, rana.
Mata-mata kapèn = mripat kaling-kalingan.
6. Mulané jênêng para adoh ingsun awé,
cêdhak ingsun rakêtaké =
--- Têgêsé " mulané kowé dakundang mréné " .
7. Nadyan akèh kawulaningsun kang
sakêpêl sisih rêrawisé, kang pinangku
jêjénggoté =
--- Têgêsé, akèh kawulaku kang pinunjul, pêng-pêngan.
8. Téja-téja sulaksana, téjané wong anyar
katon. Wingking pundi kang pinangka,
ngajêng pundi kang sinêdya ; tigas
kawuryan, sintên sinambating wêwangi
=
--- Têgêsé takon sapa kowé, saka ngêndi asalé arêp mênyang êndi.
Téja = sorot, ujwala, praba, sunar ( satriya dipindhakaké téja, amarga cahyané sumorot.
Sulaksana = su + laksana = kaya, kadya, lir.
Anyar katon = durung tau wêruh/têpung.
Pinangka = asalé ( yèn buta = dhangka ).
Tigas kawuryan = durung tau wêruh.
Sinambat ing wangi = jênêngé.
9. Paran karananira déné jênêng para "
sumêngka pangawak braja " , sowan ing
ngarsaningsun datan ingsun timbali =
--- Têgêsé sowan marang bangsa luhur tanpa ditimbali.
Sumêngka pangawak braja = têgêsé munggah kaya angin gêdhé.
Sumêngka = munggah.
Bangsa luhur iku kaupamakaké dunungé ana ing dhuwur ( tiyang inggil ).
10. Sèwu bêgja kêmayangan =
--- Unèn-unèn kasêbut luwih bêcik kaéwokaké têmbung saroja, amarga " Sèwu bêgja " = bêgja bangêt.
Déné " kêmayangan " = uga bêgja bangêt.
Mula ora mokal lamun ana pêsindhèn nglagokakê Jinêman Ulêr Kambang asring kinucap mangkené :
" Sêkar pucang, sèwu bêgja kêmayangan " Sayuk-sayuk rukun karo kanca-kancané. Aja lali karo kowé gotong-royong nyambut gawé, lst.
Sêkar pucang = mayang.
11. Tri madya candra =
--- Iku têgêsé kang lugu, têlung sasi sêtêngah ( têlu - têngah - sasi ).
Tri = telu
Madya = têngah
Candra = sasi, wulan.
12. Kèmêngan badra irawan =
--- Iku têgêsé, praupaning wong kang lagi susah, rainé katon ora sumringah.
Kèmêngan = kêtutupan.
Kèmêngan = lali, atêgês lali pikirané ketutupan bab liyané.
Badra = rêmbulan.
Irawan = mêndhung.
Kèmêngan badra irawan = kaya rêmbulan katutuapan mêndhung/méga, soroté ora bisa sumunar-sumunu.
13. Lagya éca imbal wacana, kêsaru
sowané wadya-bala kang nggantung
laku, dumrojog tanpa larapan =
--- Têgêsé lagi padha rêrêmbugan, kêtêkan wadya-bala kang nêmbé nindakaké ayahané.
Imbal wacana = gênténan gunêm.
Nggantung laku = nindakaké ayahan ana sajabaning kutha ( tapêl watêsing praja ).
Dumrojog = tanpa larapan = rikat bangêt, lumarap tanpa mandhêg.
14. Ngamuk punggung sura tan taha, nir
baya nir wikara =
--- Têgêsé ngamuk tanpa pétung.
Ngamuk punggung = ngamuk kanthi nékad.
Sura tan taha = kèndêl tan taha-taha.
Nir baya = bêbaya wis dianggêp ora ana, ilang rasa kuwatiré.
Nir wikara = ora ana apa-apa, ilang pikiré, lali sakabèhé.
Wikara = kara = prakara, bab.
Punggung = bodho, pingging, jugul, dama, mudha.
Ngamuk punggung = ngamuké kaya wong bodho, ora ngêrti bêbaya mêrga saka bodhoné.
15. Radèn Gathutkaca dicritakaké " otot
kawat balung wêsi, driji gunting
asungsum gêgala, adhêngkul paron
Akotang antrakusuma, acaping
basunanda.
Bisa mabur tanpa êlar, mlêtik tanpa
suthang. Teguh-timbul sêkti-
mandraguna, tinatah mêndat jinara
mèntèr, tan padah tapak-paluning
pandhé miwah sisaning gurinda ".
--- Têgêsé sêkti bangêt.
Gêgala = jabung ---> dijabung supaya atos utawa krakêt. Yèn Gathutkaca isining jabung bêbalungé ( sungsum ) jaréné saka jèr-jèran timah.
Asungsum gêgala = sungsumé saka jèr-jèran timah.
Paron = landhêsané wêsi kang digêmblèng.
Kotang antrakusuma/anantakusuma = iku kotang paringing Déwa, kang bahané saka manéka-warna kêmbang = bisa kanggo napak dirgantara ( mabur ).
Caping basunabda = caping paringing Déwa, duwé daya = yèn panas ora kêpanasên, yèn udan ora kudanan.
Teguh timbul = digdaya bangêt ( sêkti mandra-guna.
Tapak paluning pandhé = kang tilas tapak palu iku gêgaman saka wêsi.
Gurinda/grénda = wungkal ( watu asahan ).
Sisaning gurinda = têgêsé turahané wungkal yaiku gêgaman saka wesi.
Turahané wungkal = atêgês gaman kang wis diasah, dadiné gêgaman kang landhêp.
Gaman kang landhêp = maksudé gaman turahané wungkal ( grénda ).
16. Sêdhakêp asuku tunggal, nutupi
babahan hawa sanga =
--- Têgêsé lungguh sila, tangan sêdhakêp, kanthi ora ngrasakaké apa-apa kang ana ing donya ( muja-semadi ).
Sêdhakêp asuku tunggal = tangané sêdhakêp, lungguh sikilé kadhèmpètaké dadi siji ( sila ).
Babahan = iku têmbung Kawi têgêsé lawang, dalan, ( bolongan ).
Babahan hawa sanga = dalané hawa napsu iku ana 9 =
1. Mripat = 2
2. Irung = 2
3. Kuping = 2
4. Cangkêm = 1
5. Wajidan = 1
6. Palanangan/pawadonan = 1
--- Jumlah : 2 + 2 + 2 + 1 + 1 + 1 = 9.
Nutupi babahan hawa sanga = têgêsé kabèh hawa napsu kang alantaran bolongan mau katutup.
Maksudé = ana rupa ora dinulu ( ora dimataké ), ana swara ora dirungu, ana ganda ( ambu ) ora diambu, lan ana pêpènginan saka bolongan wajidan lan palanangan/pawadonan ora dirèwès.
17. Rintên dalu ingkang kawula
cêcadhong namung pakaryan ingkang
awrat. Kakarsakna mbêdhah praja
sawanci-wanci, kawula sandika
anglampahi ; " manawi putung
kasawatna, rêmuk kasawurna " =
--- Têgêsé têmên-têmên anggoné nindkaké pakaryan kang kadhawuhaké.
Mênawi putung kasawatna, rêmuk kasawurna = têgêsé yen nganti tatu balung putung, kulit cècèl ( wastra bêdhah kayu pokah ), pratandha ora pantês nampa kapêrcayan ngêntasi gawé, prayoga dijur sisan.
18. Wrêsniwira ya Radèn Arya Sêtyaki,
kêna ingupamakaké " suh-jêjêting
praja, ya sapu-kawat praja
Dwarawati " =
--- Têgêsé Radèn Arya Sêtyaki dadi kêkuwataning praja ( bisa ngêntasi gawé lamun ana bêbayaning praja ).
Suh = iku tali kang diênam kanggo njirêt sapu.
Jêjêt = iku talining wêngku ( tampah kajêjêt saka pênjalin supaya kuwat ).
Suh jêjêting praja = pikuwating praja.
Sapu-kawat = sapu kang digawé saka kawat ( sapu digawé saka sada baé wis kuwat bisa kanggo nyapu ngilangaké sakèhing rêrêgêd ).
Nyapu mungsuh = ngilangaké mungsuh, mbrastha mungsuh, nyirnakaké mungsuh.
19. Ngasta " bang-bang aluming praja " =
--- Têgêsé sing bisa gawé abang, lan aluming nêgara maksudé panguwasaning nagara, utawa kang nyêkêl kêndhalining papréntahan alias ratuné.
20. Jênêng para ingsun timbali ing
ngarsaningsun, poma aja darbé
pangira manawa bakal nampa
nugraha " kêris kang tuwa tangguhé,
kampuh kang pêra siginé, sabuk kang
dawa ubêdé " =
--- Têgêsé anggoné ditimbali aja ngarêp-arêp pawèwèh.
Kêris kang tuwa tangguhé = kêris kang gêdhé kasiyaté.
Kampuh = kampuh iku krama inggil, déné ngokoné dodot ( jarit amba kanggo pisowanan ).
Pêra siginé = dodot kang anyar.
Iku mau conto basa rinêngga kang awujud gunêm.
Ikêtan sinawung ing têmbang kang mawa basa rinêngga iku akèh bangêt, luwih-luwih lêlagon kang ana Sêni Padhalangan mliginé suluking Ki Dhalang.
Ing ngisor iki sawêtara tak aturaké basa rinêngga awujud têmbang ( suluk Ki Dhalang ) kang isi panyandra :
I. Sêndhon Kloloran :
( isi panyandra angganing manungsa )
3 3 3 5 6 6 5 3 ¹ ¹ ¹
Ga lak u lat ka di tha
¹ ¹ ¹ ² ¹ 6 2 2 2 12
thit am ba rung kang pa mu lu
2 3 3 6 5 3 2 1
a lus ma nis mu lat kung
2 1 ⒍ 12 3 3 32 1 ⒍ ⒌
O... sêm ba da gêng a dê
⒊ 1 1 1 1 2 1 ⒍
dêg man da ra na kung
2 2 2 1 2 3 3 6
a go rèh pan tês da dya
5 3 2 1 2 1 ⒍ ⒌ ⒊
ma wèh kung O.......
II. Pathêt Kedhu :
( isi panyandra kaananing alam ):
6 6 6 6 6 6 5 6
Myat la ngên ing ka lang yan
2 2 2 2 2 1 ⒍
a glar pan dam mun car
5.6 2 2 2 2 2 1 2
O... ti non lir kê ko nang
3 5.6 3 5 5 5 5 3
su rêm so rot é tan pa
2 235 235 2 2 21 ⒍⒌
dhang ka sor lan pa jar ing
¹ ²¹653 ¹ ¹ ¹ ¹ ¹ 6¹
O O... pur na mèng ga ga na
²¹6536 2 2 2 2 2 2
O..... dha sar é mang sa ka
2 1 . ⒍ 5 .6 2 2 2 2
ti ga O... hi ma ma na
2 1 2 3 5 6 3 5 5
wèng i mring u jung an ca
3 2 235 235 2 2 2 2
la A sê nèn kar ya wi
2 1 ⒍ ⒌ ⒍ 12 2 2
gê na O... mi wah si
2 2 1 .2 121⒍⒌⒊ 2 2
ning wa na O...... wrêk sa
2 2 2 21⒍ 2 . 1
gung ti nu nu O...
III. Sendhon Rencasih Sl 9 :
( panyandra kaanabing alam ):
2 2 2 2 2 2 1 2
La wa la wa gu man dhul
5 5 5 5 5 1 2
nèng pang kê bêt kê bêt
1 2 5 5 5 5 3 5
O.... lir mè lu su sah
6 ¹ . ² 6 ¹ 6 5
yèn ta bi sa mu wus
5 6 ¹ 5 6 ¹ 5 5 53 21
pa gé né Pan dha wa
6 6 6 6 6 5 6 ¹² 6
tan a na tu mu tri pa ti
¹ 6 5 5 6 ¹ 5 6 ¹ 5
a min ta pra jan ta
5 5 3 2 1 2 2 2 2
sa pa lih kang sê kar tun
1 2 6 5 5 5 5 5 3 5
jung ru ru am ba la sah
6 ¹ ² 6 ¹ 6 5 56¹
lê sah ka di su sah lu
56¹ 5 5 3 2 1 6 5 5
sah ka pi sah A su sah
5 5 3 2 5 3
ka pi sah O....
~~ Pêpèngêt :
Wong manganggo, yèn kakèhan rêrênggan dadi njuwarèhi.
Upamané ; nganggo ali-ali driji lima dianggoni ali-ali kabèh, nganggo kalung gulu siji dianggoni kalung loro.
Mangkono uga basa kang kakéhan rêrênggan, malah rinasa kurang éndah.
Sing marakaké éndahing basa iku dudu " akèhing rêrênggan " nanging pintêr pamilihing rêrênggan lan prigêling cara matrapaké rêrênggan iku ing papan kang mungguh.
Ing ngisor iki ana tuladha têmbang kang basané ora kakéhan rêrênggan, éwadéné bisa agawé sêngsêmé wong kang maca, rêsêping atiné wong sing ngrungokaké.
Têmbungé urutu aruntut, tur isiné mêntês. Upama diapalaké iya gampang, marga pêdhotané mapat, unèn-unèné laras.
Têmbang kasêbut asalé saka Pêtikan Kêpèk, tilarané Kyai Bèi Tjitrasantika, Wêdana Pamijèn ing Sambungmacan, Sragèn.
Mangkéné uniné :
I. Dhandhanggula :
1.
--- Tibra layu wayahé Hyang Rawi.
--- Rawat-rawat sinamar Hyang Ima.
--- Amara sêmu sunaré.
--- Rèrèh dènnya tumurun.
--- Lir kêpalang malang tumolih.
--- Labêt masih karênan.
--- Myat rêsmining Dhukuh.
--- Wismané randha Dhadhapan.
--- Mèsi sotya kang lagi sinarawèdi.
--- Dinadar ing Jawata.
2.
--- Punang rêtna samana kaèksi.
--- Kèn Limaran nèng ngajuning wisma.
--- Nyaponi palatarané.
--- Sakêdhap kèndêl mangu.
--- Kang sinapon tinolih pulih.
--- Wola-wali mangkana.
--- Kèh rondhon kang luru.
--- Lir kênèng daya upaya.
--- Mbok parawan pêgêl ing tyas nawung
kingkin.
--- Têmah tunèng wêwéka.
3.
--- Katarucut ngucap pasanggiri.
--- Déwa gung kang amêngku kuwasa.
--- Saksinên ujar ngong mangké.
--- Sapa bangkit tinulung.
--- Ngilangana kalésa mangkin.
--- Kalamun jalu dadya.
--- Jatukramaningsun.
--- Déné yèn sipat wanodya.
--- Ingong rêngkuh sadulur sinarawèdi.
--- Têkèng Aribawana.
II. Pangkur :
1.
--- Samantara jlêg kawuryan.
--- Jaka Lodhang tumurun marêpêki.
--- Kén Rara arsa lumayu.
--- Ponang wanara mojar.
--- Èh ta rara tan nêdya sikara ingsun.
--- Mung ayun takin kéwala.
--- Ing wau ingsun miyarsi.
2.
--- Sira prasêtyèng Jawata.
--- Sapa bisa têtulung minangkani.
--- Laruding larahan luru.
--- Rêgêding palataran.
--- Lamun priya sira sumarah winêngku.
--- Yèn wadon dadiya kadang.
--- Sadulur sinarawèdi.
3.
--- Apa têmên ujarira.
--- Yèn cidraa kênèng upata yêkti.
--- Yèn sira nuhonu wuwus.
--- Nyatèdining kusuma.
--- Ywa sandéya nugrahanta mèh
dhumawuh.
--- Ingsun dutaning Jawata.
--- Anêkani pasanggiri.
III. Maskumambang :
1.
--- Rawat waspa Kèn rara dupi miyarsi.
--- Ngungun sru nalangsa.
--- Puwara aris nauri.
--- " Dhuh walèh-walèh punapa.
2.
--- Pan sanjata wuwu ulun kang kawijil.
--- Mêné mung sumangga.
--- Paran nggèn ulun nyinggahi.
--- Yèn wus karsaning Jawata ".
3.
--- Suka ing tyas réwanda tandya samadi.
--- Hyang maruta prapta.
--- Kalésa katut sumilir.
--- Rêroncèné tan winarna.
IV. Kinanthi :
1.
--- Baskara diwasa surup.
--- Ginantyan wimbaning sasi.
--- Sêdhêngé tanggal ping sapta.
--- Manda prabané marnani.
--- Sênèn jroning padhukuhan.
--- Sonya sabawaning janmi.
2.
--- Upama kalané dalu.
--- Ana karna kang tumiling.
--- Kaya mung myarsa na rasan.
--- Piwêling kang milangoni.
--- " Dhuh rara ing bénjang énjang.
--- Ing wayah banguning rawi.
3.
--- Sun méndra arsa anggaru.
--- Mring sawah si Randha kuning.
--- Sira rara rêratênga.
--- Sathithik kinarya ngirim.
--- Nora kudu salah éndah.
--- Nanging susulna pribadi ".
V. Balabak :
1.
--- Byar raina Kèn rara wus maring
sêndhang, mamèt wé.
--- Turut marga nyambi rêramban
janganan, antuké.
--- Praptèng wisma wusing nyapu
atêtêbah, jogané.
2.
--- Cêtik gêni arêratèng tata-tata, sumbulé.
--- Samantara kirimané wus samêkta,
kabèhé.
--- Ngambil sléndhang Kèn rara nuli
pamitan, rénané.
3.
--- Nggéndhong cêthing manggul sumbul
sarwi ngêmban, kêndhiné.
--- Gya umangkat sêmparèt agêgancangan,
lampahé.
--- Praptèng têba winulat kawuryan sunya,
gubugé.
VI. Pocung :
1.
--- Nguwuh-uwuh : " Kakang nèng ngêndi
sirèku.
--- Jaré nggaru kakang.
--- Sawahé si Randha kuning.
--- Kari-kari dakgoleki nora ana " .
2.
--- Nêngna wau mêné gantya kang
winuwus.
--- Nênggih Radèn Putra.
--- Ing Jênggala Sang Apanji.
---Nuju arsa bêdhag-pikat amisaya.
3.
--- Myang nênumpu mring alas gung
.. liwang-liwung.
--- Namur brangtanira.
--- Manganti panjanmaning Sri.
--- Nitih kuda ingiring Ki Jodhèh-Santa.
VII. M i j i l :
1.
--- Sru kapyarsa trajanging turanggi.
--- Andhêgé pinargok.
--- Kumriciking kêndhali linêpèh.
--- Myang plêsating sêséla lit-alit.
--- " Tik-kalêtik krincing.
--- Bag-gêdêbug barus " .
2.
--- Praptèng têba Dyan Panji umèksi.
--- Ana raré wadon.
--- Kawistara éndah suwarané.
--- Tinakonan wus sajarwa jati.
--- Radyan dhuk miyarsi.
--- Ing driya kumênyut.
3.
--- Gya tumurun mara mirakêti.
--- Pagut ing patêmon.
--- Nikèn rara karênan ing tyasé.
--- Asrah jiwa mring Sang Raja-siwi.
--- Tan pantara prapti.
--- Joko Lodhang nguwuh.
VIII. D u r m a :
1.
--- " Èh ni rara êndi pêpunjunganira.
--- Suwé sun anti-anti.
--- Katuwoné sira.
--- Patêmon lan wong priya.
--- Lah apa nyata sirèki.
--- Wus gathuk ing tyas.
--- Tan kogèl mulat téngi.
2.
--- Katgandhèng tyas Radèn Putra dhuk
miyarsa.
--- Arsa ngayat jêmparing.
--- Réwanda sru sru mojar.
--- " Babo ywa salah cipta.
--- Ingsun dutaning Hyang Widdi.
--- Dadi pacalang.
--- Mêmulang tudhuh margi.
3.
--- Kèn Limaran pasti jatukramanira.
--- Trah-tumêrah mijèni.
--- Jroning pitung jaman.
--- Bénjang sapungkurira.
--- Dhihin jaman Andêrpati.
--- Kalawisésa.
--- Nèng Pajajaran nagri.
IX. Asmaradana :
1.
--- Dyan Sri Kala Rajapati.
--- Kuthané ing Majalêngka.
--- Rinusak putrané dhéwé.
--- Sumilih salin salaga.
--- Ngalih maring Bintara.
--- Adiyati jamanipun.
--- Sajroning Kalawisaya.
2.
--- Rusaké mring Pajang ngalih.
--- Aran jaman Kalajangga.
--- Tan lawas wus ngalih manèh.
--- Kekutha anêng Mataram.
--- Rinakêt wong nakodha.
--- Jaman Kalasakti iku.
--- Sirêp rêrêtuning praja.
3.
--- Jaman kaping nêm angalih.
--- Kuthané ing Wanakarta.
--- Pan Kalajaya jamané.
--- Puwara jaman ping sapta.
--- Kalabêndu ranira.
--- Pyarsakna lambanging sêmu.
--- Nanging sun lungguh sadhéla.
--- wjg ---
-------> ana candhaké :
BAB : SANDI ASMA XI. 38. B. 28.
Monday, March 23, 2020
XI. No. 36. B. 26. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : CANDRAN )
Kasusastran Jawi 36 :
Candran :
Ing bab ngarêp wis katêrangaké manawa " nyandra " iku têgêsé nggambar utawa amarna kaéndahan utawa kaanan sarana pêpindhan.
Dudu " pêpindhané " sing diarani candra.
Pêpindhané iku mung kanggo srana nyaritakké candraning kaéndahan utawa kaanané apa-apa.
Wong nyandra kaéndahan utawa kaanan iku ora mêsthi nganggo têtêmbungan sing dakik-dakik kang diarani basa rinêngga.
Bisa baé mung nganggo têtêmbungan kang lumrah kanggo padinan, kayata :
--- 1 Mucuk êri drijiné.
--- 2. Nawon kêmit bangkèkané.
--- 3. Ngombak banyu swarané.
--- 4. Ngêmbang pudhak kémpolé, lsp.
Déné " candra " kang nganggo basa rinêngga mêsthi baé ya akèh.
Kayata :
--- 1. Grana rungih pindha kêncana
pinatar.
--- 2. Gugup gurawalan lir tinebak ing
mong tuna, sinambêr ing gêlap
lêpat, lsp.
Wondéné kang lumrah dicandra, kayata :
A. CANDRA ANGGANING MANUNGSA.
B. CANDRA ANGGANING DANAWA.
C. CANDRA KAANANING ALAM.
D. CANDRA LIYA-LIYANÉ.
~~~ Jlentrehané :
A. CANDRA ANGGANING MANUNGSA :
Candran angganing manungsa lan bab kang gegandhéngan karo manungsa iki, ana warna 4 yaiku :
I. Candran Angganing Manungsa.
II. Candran Manungsa Lagi Nêpsu.
III. Candran Manungsa Minum.
IV. Candran Tumrap Wadya-bala ing
Paprangan.
~~ Katrangané :
I. Candran Angganing Manungsa :
Candran angganing manungsa sinawung têmbang " Asmaradana ".
1.
--- Dhasaré putri linuwih.
--- Susila tyasé ngumala.
--- Yèn cinandra suwarané.
--- Slira srêntêg pngawak dara ¹).
--- Pamulu lir sasangka ²).
--- Réma mêmak ngêmbang bakung ³).
--- Sêsinomé micis wutah.
2.
--- Larapan nyéla cêndhani ⁴).
--- Imba ananggal sapisan.
--- Kêkincangé nggiwangaké ⁵).
--- Ibing tumênga ing tawang ⁶).
--- Nétra ndamar kanginan.
--- Liringé wèh wayang-wuyung ⁷).
--- Mblalak kocak lir mutyara.
3.
--- Grana rungih ngudup mlathi ⁸).
--- Pindha kêncana pinatar.
--- Ngudhup turi kêkêningé ⁹).
--- Nyangkal putung uwangira.
--- Lathi manggis karêngat ¹⁰).
--- Èsêmé apait madu.
--- Waja sinisig nglar kombang ¹¹).
4.
--- Pamêkak anawon kêmit.
--- Pamidhangan anraju mas.
--- Anglunging gadhung janggané ¹²).
--- Pêpocongé manjang-ilang ¹³).
--- Wêntis angêmbang pudhak ¹⁴).
--- Racikan merit angrayung ¹⁵).
--- Asta nggêndéwa pinênthang ¹⁶), lsp.
~~ Katrangan :
1).-----> tumrap priya dêdêg pidêksa.
2).-----> pamulu = wujuding praèn.
Pindha sangsaka = kaya rêmbulan.
3).-----> utawa mêmak ngandhan-andhan. Mêmak = kêtêl.
4).-----> utawa wungkal gêrang. Gêrangé wungkal iku alus bangêt, karêpé bathuk kang alus.
5).-----> ngincangaké alis = ngobahaké
alis. Kagiwang kincanging alis =
kêpéncut marang mêmanisé
wanita.
6).-----> idêp kang mlêngkung mandhuwur.
7).-----> liring = lirik. Mbalang liring =
nglirik. Wuyung = kasêngsêm =
gandrung.
8).-----> mbangir.
Kêncana pinatar = mas digilapaké
nganggo patar ( kikir ). Maksudé
padha karo mas sinangling =
digilapaké nganggo sangling.
9).-----> kaya kêmbang turi kang durung
mêgar, pucuké lancip lan
mlêngkung, lumrahé mlêngkung mêmburi.
10).-----> abang kaya manggis bênthèt iku candra warnané lambé. Yèn
candra wanguné lambé damis
nggula satêmplik.
11).-----> iki candran warnané untu.
Yèn candran wanguné untu = miji timun.
12).-----> utawa ngulan-ulan.
13).-----> panjang ilang = janur dinam
kawangun kaya panjang.
14).-----> warnané kémpolé putih, yèn
candran wanguné : njantung (
kêmbang gêdhang ).
15).-----> utawa mucuk êri, yaiku driji kang cilik-cilik lan mêrit.
16).-----> iki candran wanguné lêngên ;
yèn candran warnané :
nggêndéwa gadhing.
II. Candran Manungsa Lagi Nêpsu :
--- 1.
Lir sinêbit talingané, jajabang mawinga-winga, sinabêta mêrang sagèdhèng : bêl dadi gêni.
--- 2.
Angga pindha mubal dahana, nétra andhik angatirah, imba têpung, idêp mangada-ada.
Waja gathik, kumêdut padoning lathi. Saking bangêting nggêgêt waja, kêcoh marus ariyak ludira.
III. Candra Manungsa Minum :
--- 1. Éka padma sari =
Minum sasloki agawé sumringah rai, pêpindhané kaya sumringahing kêmbang traté utawa tunjung.
Padma = kêmbang tunjung, traté awarna abang.
--- 2. Dwi amartani =
Minum rong sloki marakaké rumasa ora bisa tumêka ing pati.
Mrêta = mati
Amêrta = ora mati.
--- 3. Tri kawula busana =
Minum têlung sloki wiwit duwé polah nganèh-anèhi ( owah adaté ), ibaraté kaya abdi kang manganggo sacara ( kaya ) bêndarané.
--- 4. Catur wanara rukem =
Minum patang sloki kaya wanara mêré-mêré ana ing wit rukêm ( gunemé wiwit ndlêming ).
--- 5. Panca sura panggah =
Minum limang sloki atiné dadi rumasa tatag-tanggon sugih kuwanèn, sarwa kêduga nadhahi gêgaman, sêpi ing rasa was-sumêlang.
--- 6. Sad guna wewéka =
Minum nêm sloki dadi sirna pangati-atiné.
--- 7. Sapta kukila warsa =
Minum pitung sloki pêpindhané kaya manuk kodanan njêdhindhil.
--- 8. Asta sacara-cara =
Minum wolung sloki, solahé wis ninggal tata-krama, lali marang kasusilané, tarkadhang gêlêm cucul panganggo ( wuda ).
--- 9. Nawa gra lupa =
Minum sangang sloki, awaké wis lungkrah nglumpruk tanpa daya amarga kêsêl olehé polah wiwit minum rong sloki.
-- 10. Dasa yaksa mati /dasa buta mati =
Minum sapuluh sloki, pêpindhané kaya danawa kang wis mati, nglêgorong tanpa obah.
IV. Candran Tumrap Wadya-bala ing
Paprangan :
1.
--- Untabing wadya-bala pindha wrêdu
angga sasra.
--- Kang nganggo abang kumpul padha
abang kaya alas kobar ( pindha wukir
kawlagar ).
--- Kang nganggo irêng kumpul padha
irêng kaya gagak rêraton.
--- Kang ngnggo putih kumpul padha putih
kaya kuntul barêng nêba utawa kuntul
sarawa .
--- Kang nganggo kuning kumpul padha
kuning kaya podhang rêraton.
2.
--- Swaraning gong-bèri, puksur-tambur,
têmpuk lan gatiking watang sarta
bêngingèhing jaran ( kuda ), kaya
mbêlah-mbêlahna bumi.
--- Polahé wadya-bala kaya gabah dèn
interi.
--- Tandangé kaya banthèng kêtaton
--- Kèhing pêpati kaya babadan pacing.
Ing paprangan prasasat banjir gêtih,
asarah wangké.
B. CANDRA ANGGANING DANAWA :
1.
--- Angga pindha prabata.
--- Nétra lis baskara kêmbar.
--- Grana canthuking baita.
--- Tutuk lir wiwaraning guwa.
--- Godhèg wok simbar jaja
2.
--- Antop-sêgu pindha gludhug sèwu, pêtak pindha gêlap ngampar.
C. CANDRA KAANAN ALAM :
---- Candran kaananing alam gêgayutan karo gonta-gantining mangsa :
1. Sotya murca saking êmbanan :
( 41 ari = 22-23/6 ~ 2/8 )
--- Mangsa Kasa :
wit-witan akèh kang pada brindhil.
Sotya = pêpindhaning gêgodhongan.
Êmbanan = pêpindhaning uwit.
Bayi lair : wêlasan.
2. Bantala rêngka :
( 23 ari = 2-3/ ~ 25-26/8 )
--- Mangsa karo :
akèh lêmah padha nêla ( mlêthèk ).
Bayi lair : crobo.
3. Suta manut ing bapa :
( 24 ari = 25-26/8 ~ 18-19/9 )
,--- Mangsa Katêlu :
wit gêmbili, gadhung wiwit padha mrambat.
Suta = pêpindhaning wit gêmbili.
Bapa = pêpindhané rambatané.
Bayi lair : antêng.
4. Waspa kumêmbêng jroning kalbu :
( 24 ari = 18-19/9 ~ 13-14/10 )
--- Mangsa Kapat :
tuk padha buntêt ( pimpêt ).
Yèn gawé sumur mangsa kapat mêsthi jêro bangêt.
Waspa = pêpindhaning banyu tuk.
Kumêmbêng = ora bisa mêtu.
Kalbu = pêpindhaning tuk kanggo mêtu banyu.
Bayi lair : rêsikan.
5. Pancuran mas sumawuring jagad :
( 25 ari = 13-14/10 ~ 9-10/11 )
--- Mangsa Kalima :
wiwit ana udan, banyu wis akèh. Wong tani wiwit ngolah lêmah.
Bayi lair : juwèh.
6. Rasa mulya kasucian :
( 43 ari = 9-10/11 ~ 22-23/12 )
--- Mangsa Kanêm :
akèh woh-wohan kang énak mirasa.
Bayi lair : lantip/pintêr.
7. Wisa kéntar ing maruta :
( 43 ari = 22-23/12 ~ 3-4/2 )
--- Mangsa Kapitu :
akèh lêlara.
Wisa = pêpindhaning lêlara.
Kéntar ing maruta = kabuncang angin.
Mratélakaké yèn sumêbar lêlara kang tular-tumular.
Bayi lair : galak.
8. Anjrah jroning kayun :
( 26 ari = 3-4/2 ~ 1-2/3 )
--- Mangsa Kawolu :
mangsané kucing padha gandhik.
Bayi lair : sêdhêng.
9. Wêdharing wacana mulya :
( 25 ari = 1-2/3 ~ 26-27/3 )
--- Mangsa kasanga :
Garèng wiwit muni, gangsir padha ngênthir.
Wêdharing = wêtuning.
Wacana = gunêm
Mulya = apik, luhur, linuwih.
Bayi lair : ngêbrèh.
10. Gêdhong minêb jroning kalbu :
( 24 ari = 26-27/3 ~ 19-20/4 )
--- Mangsa Kasêpuluh :
mangsané akèh kéwan padha mêtêng, manuk padha ngêndog.
Bayi lair : kakon atèn.
11. Sotya sinarawèdi :
( 23 ari = 19-29/4 ~ 13-14/5 )
--- Mangsa kasêwêlas ( dhêsta ) : akèh manuk padha ngloloh anaké.
Sotya = pêpindhaning anak.
Sinarawèdi = pêpindhaning ngloloh.
Sinarawèdi = sêsotya ( digosok tumrap intên ).
Bayi lair : climut.
12. Tirta sah saking sasana :
( 41 ari = 13-14/5 ~ 22-23/6 )
--- Mangsa karolas ( Saddam ) :
mangsané langka wong kringêtên, marga bêdhidhing.
Tirta = banyu pepindhaning kringêt
Sah = pêdhot, oncat, lunga.
Sasana = panggonan pêpindhaning awak.
Maksudé awak ora kringêtên.
Bayi lair : sêdhêng.
D. CANDRA LIYA-LIYANÉ :
Candran liyané kayata :
1. Pasugatané mbanyu mili =
--- Maksudé suguhané mêtu têrus ora ana pêdhoté.
2. Tulisané mbata sarimbag =
--- Tulisan Jawa kang wanguné pêsagi-pêsagi, kaya ijènaning bata.
Yèn tulisané sajak bundêr, diarani ngêtumbar.
3. Tulisané ngêri =
--- Tulisan aksara Latin kang wanguné lancip-lancip.
4. Swarané umyang-gunuruh pindha sasra canthuka warsa =
--- Swarané ramé bangêt kaya swaraning kodhok sèwu muni barêng.
5. Suraké ambata rubuh =
--- Suraké wong akèh barêng, pepindhané kaya swaraning tumbukan bata kang rubuh ( ambruk ).
Mantu mbata rubuh = mantu luwih saka siji, dibarêngaké.
6. Wangsulané saur manuk =
--- Wangsulan kang ora barêng, kaya ocèhing manuk susul-sumusul ( asêsauran ).
7. Yèn kaku kaya alu, yèn lêmês kêna ginawé tali =
--- Candraning wêwatakan ( Wêrkudara ) ; yèn wis mbrêngkunung ora kêna diluk, ora luntur déning pitutur, ora mêndha déning têmbung manuara ; yèn kêbênêr gampang, dokon ngapa baé mêsthi tumandang.
8. Cahyané ngalêntrih kaya rêmbulan karainan =
--- Candra wandaning manungsa kang pucêt sêmu lêsu.
9. Panasé kaya mêcah-mêcahna gundhul =
--- Panasé srêngéngé krasa panas bangêt.
10. Sowané R. Janaka rêpèpèh-rèpèpèh ( mêndhak-mêndhak ) pindha sata manggih krama =
--- Tandang rêpèpèh-rèpèpèh, iku wujud angajèni sarana andhap-asor, angasih-asih.
11. Sukèng tyas marwata suta =
--- Sênênging ati pindha gunung anakan, utawa sênêng bangêt.
Marwata suta = kaya parwata suta = gunung anakan.
12. Nusup ngayam-alas tindaké =
--- Nusup mênyang ngêndi-êndi, ngambah gêgrumbulan nrajang bêbondhotan kaya lakuné ayam-alas.
13. Tindaké kaya macan luwé =
--- Lumaku kang lambungé obah mangiwa lan manêngên.
14. Tandangé R. Gathutkaca kêbat-cukat, trêngginas, trampil.
Cukat kadya kilat, kêsit kadya thathit.
Éndha mangiwa, éndha manêngên pindha prênjak tinaji =
--- Tandang kang cêpêt bangêt.
Prênjak tinaji = prênjak ditibani lêlancip
( Bêdor ), dipanah utawa dilêpasi pasêr.
Tandang kang cêpêt bangêt iku asring diucapaké : " kadya sikatan nyambêr walang ".
15. Krêsna lan Janaka pêpindhané kadya suruh lumah lan kurêbé ; dinulu séjé rupané, ginigit nunggal rasané =
--- Têgêsé lairé béda, tapi batiné padha.
16. R. Gathutkaca kalawan R. Angkawijaya prasasat kaya gêni lan urubé, kaya sarkara lan manisé =
--- Têgêsé kudu tansah kumpul dadi siji, ora bisa pisah.
~~ Candra Kang Sinawung ing Têmbang :
I. Durma ( candran kaananing alam ).
--- Tan pantara bayu-bajra maliwêran.
--- Gêtêr-patêr mawêrdi.
--- Gênjot kang bantala.
--- Kartika tibèng kisma.
--- Drês sumawur Sang Hyang Riris.
--- Kocak samodra.
--- Lindhu mawanti-wanti.
( Punarbawa jilid II No. 12 ).
II. Pangkur ( danawa nêpsu ) :
1.
--- Jumangkah anggro sêsumbar.
--- Lindhu gêtêr-patêr kang bumi gonjing.
--- Gumaludhug guntur kêtug.
--- Gora rèh gara-gara.
--- Kadya bêlah bumi gunung manggut-
manggut.
--- Umob jaladri prakêmpa.
--- Pênyuné kumambang wingwrin.
2.
--- Tuhu yèn Wisnu Bathara.
--- Durung tumon pantês ambadhog bumi.
--- Angêmah wukir ginilut.
--- Kêlar mangan-mangan rat.
--- Sagunging kang gêgamaning prang
akumpul.
--- Ting karogèl ting karêlap.
--- Ting palêngkung ting paluntir.
( Sêrat Bratayuda, Krêsna Tiwikrama ).
III. Lêlagon Dolanan ( nuju padhang rêmbulan ) :
--- Lintangé sumêbar, pating galêbyar
cahyané.
--- Ora ana méga, wayah isih soré.
--- Rêmbulané ngégla, mula ngrêsêpaké.
--- Sasat Wara Sêrikandhi, kêndêl pêrang
putri adi.
( pêtikan saka Têmbang Jawa ).
IV. Durma ( candrané paprangan ) :
--- Mimis saéngga riris.
--- Raméning prang kadya têdhuh
maliwêran.
--- Krêcêking warastra.
--- Myang krèbèting kang dwaja.
--- Sasat bêntar ing wiyati.
--- Padha sudira.
--- Kang aprang mamrih tandhing.
V. Girisa ( candrané awak wis tuwa ).
--- Wakingsung upama surya.
--- Lingsir kulon wayahira.
--- Pêdhak mring suruping uga.
--- Atêbih maring timbulnya.
--- Pira lawasé nèng donya.
--- Ing kauripaning janma.
--- Mangsa nganti satus warsa.
--- Iya umuring manungsa.
( Wulangrèh P.B.IV )
--- wit ---
------> ana candhaké :
BAB : BASA RINÊNGGA 37. B. 27.
Sunday, March 22, 2020
XI. No. 35. B. 25. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : PÊPINDHAN )
Kasusastran Jawi 35 :
Pêpindhan :
Sadurungé ngandharaké bab " pêpindhan " pêrlu nêrangaké bab pilah-pilahané kang diarani :
1. Pêpindhan.
2. Candra.
3. Basa Rinêngga.
Katrangan :
1. Pêpindhan :
Têmbung pêpindhan asalé saka têmbung lingga " pindha " kang oleh atêr-atêr - an.
Têmbung " pindha " iku têgêsé " kaya ". Dasanamané yaiku : lir ; péndah ; kadi ; kadya ; lir-péndah ; yayah.
Sing diarani " pêpindhan " yaiku : unèn-unèn kang ngêmu surasa pêpadhan, irib-iriban, èmpêr-èmpêran.
Dhapukané ukara pêpindhan nganggo têmbung " kaya, pindha, utawa dasanamané.
Malah têrkadhang ora nganggo têmbung pindha utawa dasanamané, nanging ana têmbungé " andhahan " kang kêna ditêgêsi " kaya ".
Diarani " pêpindhan " amarga dhapukané ukara ngêmu surasa pêpindhan, irib-iriban, pêpadhan, utawa èmpêr-èmpêran.
Sing luwih diwigatèkaké " dhapukaning ukara " .
2. Candra :
" Nyandra " iku têgêsé nggambar utawa amarna " kaéndahan utawa kahanan " sarana pêpindhan.
Dadi sing luwih diwigatèkaké " gêgambaraning kaéndahan utawa kahanan , dudu dhapukaning ukara "
Dhapukaning ukara, yaiku pêpindhan, mung kanggo srana panyandra.
3. Basa Rinêngga :
Têmbung " rinengga " atêgês dirêngga-rêngga, dipajang, dipacaki, dipêpaès, têmbungé Kawi iku " kinarawista " .
Basa kang dirêngga utawa dipacaki diarani " basa rinêngga " , utawa " basa pacakan " .
Sawênèh ana sing ngarani " basa brêgasan " .
Carané ngrêngga, macaki, maèsi, têrkadhang nganggo têmbung Kawi, têrkadhang nganggo têtêmbungan kang ndakik-ndakik, kang ora lumrah kanggoné basa gunêm padinan.
Dadi tumrap basa rinêngga kang luwih diwigatekaké " basané " .
Lan sakabehé rumpakan kang isi basa brêgasan utawa basa pacakan, basané kalêbu " basa rinêngga " .
Tuladha I :
Grana rungih pindha kêncana pinatar.
Ukara ing dhuwur iku :
--- 1. Manut dhapukané ukara, diarani :
pêpindhan.
--- 2. Manut isiné, yaiku isi candraning
irung kang wanguné apik lan
ngrêsêpaké, diarani : candran.
--- 3. Manut basané, marga isi
têtêmbungan kang sajak apik, dakik-
dakik, diarani : basa rinêngga (
pacakan, brêgasan ).
Tukadha II :
Kêsit kadya thathit, cukat kadya kilat.
--- 1. Manut dhapukaning ukara, diarani :
pêpindhan.
--- 2. Manut isiné, yaiku isi panyandra
tandang kang sarwa kêbat, cukat,
trêngginas, trampil, diarani : candra.
--- 3. Manut bregasing basané, diarani :
basa rinêngga.
--- 4. Manut swarané, ing ngarêp ana sing
nunggal swara karo pérangan kang
buri, diarani : purwakanthi guru-
swara.
Tukadha III :
Malang gambuhi.
--- 1. Manut têgêsé sing lugu yaiku " kaya
walang gambuh " , diarani : "
pêpindhan " .
--- 2. Manut maknané unèn-unèn, yaiku isi
pêpindhaning " wong jêjodhoan "
sing wadon luwih gêdhé awaké
tinimbang sing lanang, diarani : "
bêbasan ".
--- 3. Manut dhapukaning ukara, diarani "
pêpindhan " .
--- 4. Manut maknané diarani " bêbasan ".
Walang gambuh iku wadoné luwih
gêdhé tinimbang lanangé.
Tuladha IV :
Kaya gajah ngidak rapah.
--- 1. Unèn-unèn iku manut dhapukaning
ukara diarani : " pêpindhan " .
--- 2. Manut maknané diarani : " saloka "
, yaiku nyalokakaké wong kang
nglanggar marang wêwaleré dhéwé,
utawa wong kang tindakané ora
salaras karo gunêmé.
--- 3. Manut swarané, ing pérangan ngarêp
ana sing nunggal swara karo ing
pérangan kang buri, mula diarani : "
purwakanthi guru-swara.
Tuladha V :
Kêkêjêra kaya manuk branjangan, kopat- kapita kaya ula tapak angin ; daksaut daksabêtaké prabatang, sirna ilang kuwandané.
--- 1. Unèn-unèn iku manut dhapukaning
ukara diarani : " pêpindhan " .
--- 2. Manut isining ukara diarani : " ukara
sêsumbar " .
--- 3. Manut brêgasing basané diarani : "
basa rinêngga/basa pacakan " .
Tuladha VI :
Rênggang gula, kumêpyur pulut.
--- 1. Unèn-unèn kasêbut manut
dhapukaning ukarané, sarèhné
ngêmu surasa irib-iriban utawa
pêpadhan, diarani : " pêpindhan ".
--- 2. Manut urut-urutaning têmbungé,
yaiku " têmbung kaanan utawa watak sinambung têmbung aran " , diarani : " sanépa " .
" Rênggang " klêbu têmbung
watak/kaanan, sinambung têmbung " gula " klebu têmbung aran.
" Kumepyur " klêbu têmbung
watak/kaanan, lan sinambung
têmbung " pulut " klêbu têmbung aran.
Sarèhning basané klêbu brêgas, unèn-unèn kasêbut kêna kaéwokaké " basa rinêngga/pacakan " .
Sarana tuladha warna nênêm kasêbut ing dhuwur iku mêsthiné wis cêtha munggguh béda-bédané kang diarani : pêpindhan, candra, basa rinêngga.
Saiki mbacutaké bab pêpindhan, wis mêsthi baé ora kabèh pêpindhan dhapukan ukarané nganggo basa rinêngga ; lan uga ora kabèh pêpindhan kêna kanggo nyandra kaéndahan utawa kaanan.
Pêpindhan kang nganggo basa rinêngga, sing kêna kanggo nyandra kaéndahan pirang-pirang, lan pêpindhan kang mung barès baé iya ora kurang.
Ing ngisor iki ana tuladha pêpindhan warna-warna, kayata :
--- 1. Abangé kaya godhong katirah.
Utawa abang angatirah.
--- 2. Putihé kaya kapuk diwusoni.
Diwusoni = dirêsiki nganggo wusu ;
déné wujudé wusu iku kaya sêndarèn
utawa gêndéwa.
--- 3. Kuning pindha mas sinangling.
Sinangling = disangling, digosok
nganggo sangling.
Sangling iku piranti kanggo
nggilapaké êmas.
--- 4. Rupané pindha jambé sinigar.
Têgêsé padha rupané, utawa kêmbar
mungguhing rupa.
--- 5. Santosané kaya jangêt kinatêlon.
Têgêsé santosa/kuwat bangêt,
kaya santosané tali kang digawé
saka walulang ( jangêt ), tur rangkêp têlu.
--- 6. Tandangé kaya jangkrik mambu kili.
Têgêsé tandang kang cukat.
--- 7. Tandangé kadya banthèng kêtaton.
Têgêsé tandang kang nggêgirisi.
--- 8. Tandangé kaya sikatan nyambêr
walang.
Têgêsé tandang kang cukat/gêsit.
--- 9. Jogedé kaya mêrak kêsimpir.
Kêsimpir = sèngklèh tumrap swiwi ).
--- 10. Ayuné kaya Dèwi Ratih tumurun.
--- 11. Bagusé kaya Kamajaya tumurun.
--- 12. Rukuné kaya mimi lan mintuna. Têgêsé rakêt bangêt, ajêg kumpul, ora tau pisah.
--- 13. Mbranyaké kaya Samba.
Tumrap wanita, mbranyak kaya
Srikandhi.
Mbranyak iku araning polatan kang sajak ndangak, wicarané sêmu
santak.
Kosok baliné mbranyak yaiku ruruh.
--- 14. Ruruhé kaya Sêmbadra.
Tumrap priya ruruh kaya Janaka.
Ruruh iku polatan sêmu tumungkul, gunêmé sarèh, nanging pikolèh.
--- 15. Swarané kaya mbêlah-mbêlahna
bumi.
--- 16. Têpungé kaya banyu karo lênga.
--- 17. Cêthilé kaya Cina craki.
--- 18. Cahyané ngalêntrih kaya rêmbulan
karainan.
--- 19. Panasé kaya mêcah-mêcahna
gundhul.
--- 20. Sumbaré kaya bisa mutungaké wêsi
gligèn.
--- 21. Pariné lagi gumadhung.
Gumadhung = kaya ijoné uwit
gadhung, yaiku pari salêbaré mratak.
--- 22. Pariné lagi gumadhing.
Warnané putih sêmu kuning.
Gumadhing = kaya gadhing gajah.
--- 23. Brêngosé nglalêr méncok.
Brêngos kang wanguné kaya
lalêr méncok ing ngisor irung, laré
( wulu ) lalêr kiwa-têngên
--- 24. Lambéyané mblarak sêmpal.
Yaiku lambéyan kang tangané katon ngléyang kaya blarak sêmpal kêna angin.
Tuladha pêpindhan sinawung têmbang :
Sekar Mijil
--- Agêng inggil gagah godhèg wok
bris.
--- " Nétrané kadya mong "
--- Wulu wawar " sumingkal alisé
--- " Simbar-jaja pan kadya walingi "
--- " Idêpnya angisi "
--- Wulunya ngrêmbuyung.
( Arjunasasrabahu anggitan R. Ng. Sindusastra ).
1. Têtêmbungan kang mawa tandha "..." manut dhapukaning ukara iku diarani pêpindhan.
2. Yèn manut isiné diarani candra.
--- Katrangan :
~~ a. " Wok " = rambut sangisoré janggut.
~~ b. " Bris " = simbar, wulu ing dhadha.
~~ c. " Mong " = sardula, macan
~~ d. " Wulu wawar " = wulu ( rambut )
sing dawa-dawa.
~~ e. " Sumingkal " = kaya singkal
( pérangané wluku kang
katancêban kêjèn ).
Alis sumingkal = alis kang kandêl bangêt ( kêtêl ).
~~ f. " Simbar jaja pan kadya walingi =
wulu ing dhadha gedhé-gedhé lan
dawa-dawa kaya sukêt wlingi.
Wlingi = sukêt kang tuwuh ing
rawa, gêdhéné sadriji, dhuwuré
watara 2 mètêr.
~~ " Idêpnya angisi = idêpé kaya kisi.
Kisi = piranti kanggo ngikal bênang.
Têgêsé rambuté mripat gêdhéné
sakisi.
--- wjg ---
------>.ana candhaké :
BAB : CANDRAN XI. 36. B. 26.
Monday, March 16, 2020
XI. No. 34. B. 24. KASUSASTRAN JAWI ( BAB : KASUSASTRAN KANG TINÊMU ING GÊNDHING )
Kasusastran Jawi 34 :
Kasusastran Kang Tinêmu ing Gêndhing :
Ing dhuwur ( XI. No. 33. B. 23 ), wis tinulis kang diarani " Jinêman ".
Jinêman iku kalêbu Kasusastran kang mung tinêmu ana ing gêndhing. Murih cêthané, bab iku bakal katêrangaké manèh ana ing ngisor iki.
Kêjaba Suluk Padhalangan, isih akèh bab kang gêgayutan karo Kasusastran sing tinêmu ana ing gêndhing.
~~~ Kayata :
1. Bawa lan buka.
2. Jinêman.
3. Umpak-umpak.
4. Gérong.
5. Sênggakan.
6. Sindhénan.
7. Titi-laras.
8. Laras.
9. Wirama/ Irama.
10. Pathêt.
Sêpuluh warna iku kêrêp bangêt kêprungu ana ing gêndhing, kêrêp diucapaké déning para among pradangga/niyaga.
1. Bawa lan buka :
Bawa ; iku purwakaning gêndhing awujud têmbang.
Kang kanggo bawa iku sing akèh têmbang Gêdhé, Têngahan, lan Macapat.
Bawa iku wiramané " mardika " têgêsé ora kaêrèh déning itungan ajêg, lan manèh ditêmbangaké mung wong siji.
Buka ; purwakaning gêndhing sarana lêlagoning têtabuhan.
Kang lumrah kanggo " buka " yaiku :
--- a. Rêbab.
--- b. Gêndèr.
--- c. Kêndhang.
--- d. Bonang.
--- e. Gambang.
( tumrap gêndhing garap kayata " Lêlagon Nini Thowok " Sléndro pathêt 9 iku, bukané saka Gambang ).
Pangêtrapé Buka lan Bawa yaiku, saupama ora ana sing pintêr mbawani, bisa gêndhing kabukak sarana unèn-unèn sapéranganing gamêlan kaya kasêbut ing dhuwur ( a. ~ b. ).
2. Jinêman :
Jinêman ; iku sapéranganing cakêpan bawa kang dilagokaké bêbarêngan sarana wirama ajêg, amarga binarung swarananing gamêlan ( tumrap panêmbrama ).
Mangsa kala uga Jinêman bisa ditêmbangaké wong siji.
3. Umpak - Umpak :
Umpak-umpak lêlagon ing salêbaré bawa utawa buka.
Umpak-umpak iku sing akèh-akèh mung lêlagon gamêlan baé, ora ditêmbangi.
Nanging tumrap " Panêmbrama ", umpak-umpak pêrlu ditêmbangaké, kanthi wirama ajêg, barêng karo wirama itungané gamêlan.
4. Gérong :
Gérong iku têmbang kang binarung swaraning gamêlan.
Bakuné gérong iku cakêpan kang dilagokaké salêbaré umpak-umpak, mula uga nganggo wirama ajêg binarung swaraning gamêlan.
Déné cakêpan ( unèn-unèn ) gérong racaké nganggo Têmbang Kinanthi, ana uga Ladrang Pangkur, gérongané nganggo Têmbang Pangkur, lsp.
5. Sênggakan :
Sênggakan iku unèn-unèn kang sumêsêl ( disêsêlaké ) ana têngah-têngahing cakêpan gérong.
Sênggakan iku dudu péranganing gérong kang baku.
Liré nganggo senggakan kêna, ora nganggo ya kêna.
Nanging tumrap panêmbrama ora lumrah nganggo sênggakan.
6. Sindhénan :
Sindhénan iku gérongan kang ditêmbangaké ( dilagokaké ) déning waranggana ( pêsindhèn ).
Gêndhing iku kêjaba digérongi lumrah, sampurnané uga disindhèni.
Pesindhèn iku wiwité nêmbang luwih kèri tinimbang sing nggérongi.
Nanging tumêkaning andhêgan, swarané pêsindhèn karo pênggérong bisa srêg lèrèn barêng.
Pêpindhané pêsindhèn karo pênggérong kaya déné wong oyak-oyakan.
Pênggérong mangkat dhisik, pêsindhèn nusul têkan panggonan kang dituju
( gong/rampung ) nunggal wêktu utawa barêng.
7. Titi-laras :
Titi-laras iku angka kang minangka sêsulihing swaraning wilahan gamêlan.
Mungguh araning wilahané gamêlan iku mangkéné :
--- Gamêlan Slédro :
---barang - gulu - dhadha - lima - nêm
( 1 - 2 - 3 - 5 - 6 = ji - ro - lu - ma - nêm ).
--- Gamêlan Pélog :
--- panunggul - gulu - dhadha - pélog - lima
- nêm - barang
( 1 - 2 - 3 - 4 - 5 - 6 - 7 = ji - ro - lu - pat -
ma - nêm - pi ).
Titi-laras ( angka ) iku kudu diwaca utawa diunekaké kanthi swara kang larasé padha karo larasing wilahané gamêlan.
Titi-laras kang dianggo déning umum ( ana ing piwulang sêkolah, siyaran radhio, lan ing masyarkat ) iku lumrahé :
" Titi-laras Yasan Kêpatihan Solo ".
8. L a r a s :
Laras iku swara thinthinganing gamêlan.
Laras iku ana wêrna loro, yaiku " Laras Sléndro lan Laras Pélog ".
9. W i r a m a :
Wirama iku rindhik lan rikating laguning gamêlan kang diunèkaké.
Wirama ing gêndhing iku ana wêrna têlu, yaiku :
--- Wirama I utawa wirama lancar.
--- Wirama II utawa wirama tamban.
--- Wirama III utawa wirama rangkêp.
10. P a t h ê t :
Pathêt iku êndhèk-dhuwuring swara kang kanggo lêlagoning têtabuhan gamêlan, utawa êndhèk-dhuwuring swaraning lagu gêndhing.
Pathêt kang lumrah kanggo yaiku :
1. Ing laras Sléndro :
--- Pathêt nêm, pathêt sanga, pathêt.
manyura.
2. Ing laras Pélog :
--- Pathêt bêm utawa pathet nêm, pathêt
barang.
Supaya luwih cêtha manèh ditrapaké ana ing tuladha panêmbrama.
Mangkéné urutané :
1. Bawa nganggo Têmbang Gêdhé utawa Têngahan ( uga kêna nganggo Macapat/têmbang Cilik ), sing mbawani cukup wong siji.
Bawa kang nganggo " Jinêman ", jinêmané dilagokaké déning kabèh kang mèlu manêmbrama, kanthi wirama ajêg.
2. Sarampungé bawa, banjur nyandak umpak-umpak, dilagokaké kabèh kang mèlu manêmbrama.
3. Salêbaré umpak-umpak, têrus nglagokaké bakuning cakêpan panêmbrama ( têmbang Kinanthi ).
Sabén manêmbrama wis sapada, nuli bali mênyang umpak-umpak manèh.
Mangkono sabanjuré nganti sarampungé cakêpan panêmbrama, yaiku nganti gong suwuk utawa gong wêkasané panêmbrama.
Yèn dicakaké, kaya tuladha ngisor iki :
--* P a n ê m b r a m a *--
( Pêtikan Panêmbrama nalika siswa SGB mahargya siswa kls IV kang mêntas lulus 3ksamêné ).
Bawa têmbang Gedhé Langênhasmara laku 14, pêdhotan 6 ~ 8, dhawah Kêtawang Subakastawa Sl 9 :
5 5 6 ¹ 6 ¹ ² 6 ¹ 6.¹65
Da hat su kêng ka yun
5 5 6 ¹ . 6¹² 6 6 ¹ 5¹6
ka yung yun tur pa nêm bra
56¹² ² . ³² ¹ . 6¹² 6 . ²¹65 2
ma pra war ga pa
3 5 . 321 5 5 . 6¹ 532
ni tya a sung pam
3 5 1 3 2 ⒍. 1⒍ ⑤
ba gya ba su ki.
Jineman :
// . . ² ³ ¹ / . . ² ³ ² / . 6¹ 6
Pa ra ta mu sa m
5 / . . . . / 5 5 32 3 / . 5 13
ya ka kung pu tri mu
2 / . ⒍ 1 ⒍ ⑤ //
gi mu gi
² . ³²¹ ¹ . ²³² ¹ 5 . 32 5
Mang gya su ka ré
6 .532 ⒍ ⒍ 1 1 2 1 2 3
na Sba kas ta wa trus
2 . ⒍1⒍ ⑤
war da ya.
Umpak-umpak I :
// . . 1 1 2 2 2 / 2 2
Ca rang wrêk sa wrêk sa kang
1 ⒍ 2 1 ⒍ / . . 2
ri né ka jal ma No
2 2 1 1 / 2 1 3 2
ra gam pang go lèk ka wruh kang
⒍ 1 ⑤ //
u ta ma
Gerong I :
// . . . . / ² ² ² ³ ¹ / . .
Kan thi su ka
² ³ ² / . 6 ¹ 6 5 /
su kêng ka yun
/ . . 6 ¹ / 6 5 2 3 2 1 /
pra p a n i tya
/ . . 2 3 2 / . ⒍ 1 ⒍ ⑤/
tur pê p u ji
/ . . . . / ² ² ² ³ ¹ / . .
sung pam ba gya
. . ² ³ ² / . 6 ¹ 6 5/
ba su k y ar ja
/ . . 6 ¹ / 6 5 2 3 2 1 /
mring p r a t a mu
/ . . 2 3 2 / . ⒍ 1 6 ⑤/
ka kung p u tri
/ . . . . / 1 1 1 2 1 / . .
Mu gi mang gya
2 2 / . 2 3 2 1 ⒍ /
tê guh y w a na
/ . . . . / 2 2 2 3 1 / . .
dèn wi da da
2 3 2 / . ⒍ 1 ⒍ ⑤ //
sla mi l a mi.
Umpak-umpak II :
--- Ancur kaca, kaca kocak munggwing
nétra
--- Wong wruh rasa, tan mamak ing tata-
krama.
Gérong II :
-- Tur panuwun wantu-wantu.
-- Mring pra tamu kakung-putri.
-- Dé paduka kasdu karsa.
-- Dhangan sudi angrawuhi.
-- Asramaning pawiyatan.
-- S.G. tandha nayogyani.
Umpak-umpak III :
--- Kulik priya, priya gung anjani putra.
--- Tuhu éman, wong anom wêdi kangélan.
Gérong III :
-- Pahargyan kang mangka pémut.
-- Amèngêti para murid.
-- Klas sakawan ingkang samya.
-- Mêntas lulus tandya nuli.
-- Arsa ambyur masyarakat.
-- Oncat saking ing asrami.
Umpak-umpak IV :
-- Yaksa Déwa, Déwa-Déwi lir danawa.
-- Kala mudha, bangkit ambéngkas
durgama.
Gérong IV :
-- Para siswa ingkang kantun.
-- Klas satunggal kalih lan tri.
-- Sun sêsanti puji-harja.
-- Kang wus lulus mugi-mugi.
-- Nèng madyaning masyarakat.
-- Manggih suka myang basuki.
Umpak-umpak V :
-- Jênang séla, wader kali sasondhéran.
-- Apuranta, yèn wonten lepat kawula.
Gérong V :
-- Titi têlas tutup atur
-- Malêm Sêtu amarêngi
-- Sangalikur wulan Syaban
-- Taun Alip windu Adi
-- Sinêngkalan warsa Jawa
-- Tri Basuki Ngèsti Tunggil.
( Umpak-umpak, kalagokaké kaping pindho ).
Têmbang Macapat kang asring kanggo mbawani Gêndhing kayata :
I. Kinanthi :
( cakêpan Bawa Mintajiwa Sl. Mnyr, lumrahé kanggo mbawani gendhing Sriyatna ).
6 6 ¹ ¹ . 6 ¹ ² 6 6
Ping gir sên dhang a na
³ 6¹65 3 . 532 6 6 . ¹ ² 653
ga dhung ru mam bat
3 . 5 2 2 23532 1 . ⒍
ing kla pa ga dhing
6 6 ¹ ² . ¹²³ ¹ ¹ ²
pi nén cok an ma nuk
6 ² ¹ 6 6 6 . ¹ ² 653
po dhang mung sa sê
3 . 5 6 2 2 23532 1 . 6
lé tan pa tan dhing
2 3 3 3 3 32 2.356
jro ning gê dhong a na
3 5 3 2. 1 1 12 235 3
én dhang mi lih i woh
1 2 2 3 1. 2 1 ⑥
ing ku ran dhing.
II. Dhandhanggula :
( kanthi lagu Turularé, Pl 6 mbawani Gêndhing Sarayuda ).
2 3 2 3 1 . 23 3 5 6
Kang gi ni ta lê la gu
¹ ¹ ² ³ ¹ . ² 6 5 ¹653 2321
ning gên dhing Sa ra yu da
¹ ² ¹ 6 5 3 .56
pam bu ka ning sê kar
2 1 2 3 . 56 2 2 23
Dhan dhang gu la tu ru la
1 . 2321⒍ 6 ¹ ¹ ¹ ¹
ré bi na rung ing
² ³ 1 . ² 6 5 ¹653
swa ra rum rum ing ra
2 . 321 3 2 2 .1⒍ 653 2.321
ras a mi la ngon ni
5 6 6 6 6 65 3 .56
i ra ma né lan car an
1 1 1 1 123 1 .2321⑥
mung ki nar ya gê cul
2 3 3 3 3 3 3 1.23
pê pa thêt é no ra on cat
6 5 ¹653 2.321 3 2
wus ci na kup ca kê
1 ⒍ ⒍ 1 1 2 3 3
pan é no ra ci cir
5 5 6 2 3 5 3532 ③
nggèr ang gèr Sa ra yu da.
Katrangan :
Tandha titi-laras mawi angka alit ( ² ) = gulu alit.
--- wjg ---
---> ana candhaké :
BAB : PÊPINDHAN XI. 35. B. 25.