.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

Atur Purwaka

--- Nuwun kawula nuwun !
Sanggya sutresna WJG ingkang sanget kinasih dahat sinudarsana.
Salam tabé aliman tabé mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik.
--- Minangka purwakaning atur, kawula ngraos prihatos kaliyan anak, putu, sarta buyut kula piyambak babagan Seni sarta Budaya ingkang adi-luhung punika, kathah ingkang sampun wuta ing angger-anggeripun.
--- Mila tan mokal laku unggah-ungguh, seni sarta budaya ingkang adi-luhung kasingkur dening para anak, putu, sarta buyut.
--- Kanthi kawontenan punika WJG nedya damel sesuluh minangka paugeran ing pangajap, sageda dados angger-angger tumrap ingkang kasdu nyinaoni, sarana kawula simpen wonten blog WJG.
--- Yektosipun taksih tebih saking saking sampurnanipun tumrap priyantun ingkang bontos ing kawruh babagan Seni Sarta Budaya.
Nanging sendyanta kirang sampurna ingkang sinerat wonten blog, ibaratipun tan manggih obor ingkang padhang, mawi sunaring lilin saged nyingkur saking swasana peteng.
--- Wasananing atur menawi wonten bab ingkang kirang damel rena ing panggalih, kawula mawantu-wantu anyenyadhong sih rumentahing gung samodra pangaksama.
--- Salam WJG rahayu...rahayu...rahayu ingkang samya pinanggih.
Nuwun.

Wednesday, June 9, 2021

XIV. No. 1 BAWA GAWAN GÊNDHING JAWA ( BAB : BAWA SÊKAR MACAPAT )

Bawa Gawan Gêndhing Jawa 1 : 


Bab : Bawa Sêkar Macapat :

1.1.   Dhandhanggula Padhasih dhawah
         Gd. Gambirsawit Sêmbunggilang
         Sl. 9 :


1.2.   Dhandhanggula Turularé, dhawah
          Ldr. Sarayuda Pl. 6 :


1.3.   Kinanthi céngkok Mintajiwa, 
         dhawah Kdr. Sriyatna Sl. Mnyr :


1.4.  Kinanthi céngkok Sêkargadhung, 
        dhawah Ktw. Lêbdasari Sl. Mnyr :



                          --- wjg ---

----> Ana candhaké BAB : BAWA GAWAN
       SÊKAR TÊNGAHAN XIV.2.


Monday, June 7, 2021

XV. No. 3. TULADHA WICARA KAWÊDHAR ADICARA PANGRUKTILAYA ( BAB : ATUR PANGLIPUR TÊTUWANGGANA )

Atur Panglipur Têtuwanggana 3 :


    Assalamu'alaikum w.w.

    Nuwun kula nuwun, sanggya para rawuh utaminipun para tuwanggana, para  sêsêpuh, para pinisêpuh ingkang sangêt pinundhi dalah kinabêktèn.

    Kêparênga kawula cumanthaka marak sowan wontên ngarsa handika para pambéla duhkita, awit awrat ngèstokakên jêjibahan luhur saking raos-pangraos, sapêrlu atur béla sungkawa wontên madyaning duhkita/wiyoga ing ri kalênggahan punika, kanthi puput yuswa panjênênganipun Bapa/Ibu/Éyang.....( ingkang séda ) dhumatêng kulawarga panandhang duhkita utaminipun panjênênganipun Bapa....( ingkang kêsripahan ) minangka têtungguling kulawarga, yêktos kula sarta warga rumaos kécalan satunggaling pêpundhèn ingkang sangêt dipun-trêsani.

     Langkung-langkung mênawi ngémuti sêpintên ta lêlabêtanipun suwargi rikala sugêngipun, anggèn tansah hanuntun, hamomog, sarta hanggulawênthah ingkang lèrèkipun ngupaya murih sagung warga matrapakên dhatêng kêsaénan, karukunan, saha katêntrêman ing bêbrayan agung.
     Pramila awit saking puput yuswa panjênênganipun Bapa/Ibu/Eyang....
( ingkang séda ), warga agêng wêwêngkon....( RT/RW/Dhusun/Désa/Kalu
rahan ) ndhérék béla sungkawa ingkang salêbêt-lêbêtipun, bêbasan ngantos kandhas mandhêsing raos matrênyuh.

      Awit saking punika, dhumatêng panjênênganipun Bapa/Ibu/Éyang....
( ingkang kêsripahan ) dalah sagung kulawarga ingkang katêmbèn kapanduking duhkita, kawula mangêrtos sarta angraos kados pundi gêmpiling panggalih awit labêt kapêdhotan katrêsnan, tinilar ingkang ....( Rama/Ibu/Éyang-sêsêbutan ingkang séda ) ingkang marak sowan  wontên ngayunanipun Gusti Ingkang Murbèng Dumadi.

       Mangka kacihna panjênêngan taksih kepéngin cinakêtan sarta tinêngganan, pramila botèn kêndhat anggenipun ambudidaya ngupadi usada murih ....
( Rama/Ibu/Éyang/ingkang séda ) nirmala waluya têmah jati, jati têmahan waluya.
Nanging sadaya wiradat kala wau, botèn sagèd angungkuli garising kodrat, atêgês gagar wigar datanpa karya.
Bokbilih kawontênan punika mapan sampun dados garising pêsthi, kawêngku dening jidharing pêpêsthèn, jêr pêpêsthèn punika awit saking karsaning Gusti Ingkang Murbèng Gêsang.

     Kridhaning pambudi daya, tan kuwawi amambêngi kuthaning pêsthi, budi dayaning manungsa tan bisa ngungkuli garising Kang Maha Kwasa. Sênadyan kados pundi pambudi dayanipun titah, mênawi sampun kinarsakakên ing Gusti, titah namung sagêd pasrah sumarah, titah yêkti namung sadêrmi bêkti, sarta nglampahi.

      Pramila kanthi pêpêsthèn punika, sumangga kêparênga kula aturi angiklasakên, alusipun suwargi ingkang sampun marak sowan wontên ngayunaning Gusti, kanthi puji-donga mugi-mugi alusipun tinampi wontên ngayunanipun Gusti Ingkang Murbèng Dumadi, dipun-tampi sadaya amal ibadahipun, dipun-apuntên sêdaya kalêpatanipun, linêburna sêdaya dosanipun, dipun-paringana papan ingkang jumbuh kaliyan lêlabêtanipun dhumatêng bangsa, nêgara, agama punapa déné bêbrayan agung, sarta kaparingan katêntrêman wontên ing Alam Qubur.

      Sêmantên ugi kulawarga ingka tinilar, dipun paringana kasantosaning manah, séngga sagêd nêtêpi punapa ingkang dados kêkudanganipun tiyang asêpuh, inggih punika mênawi sêdaya putra tansah nindakakên patrap sholèh sarta sholékhah.

      Bab punika cundhuk kaliyan ngêndikanipun Rasulullah SAW nun inggih ; " Idzaa maa tabnu aadamu inqata'a amaluhu, illaa min tsallaatsin ".
Ingkang wêrdinipun nun inggih ; " Tiyang gêsang punika mênawi sampun puput yuswa, amalipun mandhêg, ingkang dipun-bêkta namung tigang pêrkawis " 
( anut H. R. Muslim 1631 inggih punika ) :

1. Shadaqatin jaariyati = amal jariyah.

2.  Au'ilmin yuntafa'u bihi = ilmu ingkang migunani tumrap tiyang sanès.
Kêkalihipun punika sampun rinêgêm dèning suwargi dhuk rikala sugêngipun.  Déné ingkang kaping :

3. Aauwalafin shaalihin yad'uu lahu " = putra ingkang sholèh, inggih punika putra ingkang tansah mujèkakên dhumatêng tiyang sêpuhipun.

     Mênawi para putra tansah nyuwunakên pangapuntên sêdaya dosa sarta  kalêpatanipun tiyang sêpuh ing ngarsa Dalêm Gusti Ingkang Maha Agung, atêgês putra punika sagêd  " nyuwargakakên " dhatêng  tiyang sêpuhipun.
Putra ingkang makatên punika, sagêd kawastanan, " putra ingkang sagêd mikul dhuwur, mêndhêm jêro " dhumatêng tiyang sêpuhipun.

    Sanggya para rawuh utaminipun  panjênênganipun Bapa....( ingkang sripah ) sumrambah sagung pambéla sungkawa ingkang pantês sinudarsana, hambok bilih namung sêmantên ingkang sagêd kawula aturakên dhumatêng kulawarga panandhang dhukita, mugi-mugi sagêd dados panglipuring panggalih, sarta pangènthèng-ènthèng batos ingkang katêmbèn rumaos pêpêt lêlimêngan sinêngkêr dèning swasana tinilar suwargi.

   Minangka panutuping atur, mênawi wontên kêladuk ing wicara, kawula  mawantu-wantu tansah anyênyadhong sih rumêntahing samodra gung pangaksama.

  Nuwun...nuwun...matur nuwun.

  Wassalamu'alaikum w.w.


                      --- wjg ---


---> Ana candhaké BAB : ATUR SAPALA
      ADICARA LAMARAN XVI.1 
      



Sunday, June 6, 2021

XV. No. 2. TULADHA WICARA KAWÊDHAR ADICARA PANGRUKTILAYA ( BAB : ATUR PAMBAGYA KULAWARGA PANANDHANG DUHKITA )

Pambagya Kulawarga Panandhang Duhkita 2 :

      Assalamu'alaikum w.w.

       Innalillahi wa innailaihi roji'un

     Sangya para rawuh utaminipun para paranpara, para nimpuna, para manggalaning praja, para sêsêpuhi, para pinisêpuh, para pêpundhèn ingkang tansah kinabêktèn, punapa déné para kadang wrêdha ingkang tansah sinubya-subya dalasan para kadang taruna ingkang sangêt kinasih dahat sinudarsana.

     Kêpararênga kawula cumanthaka marak mangarsa handika para rawuh, awit awrating raos sarta kuwatos badhé ngunandika priyangga botèn kawijil ing lisan namung kandhêg wontên ing jangga, mila panjênênganipun Bapa....( kulawarga panandhang ) minangka panandhang duhkita, amiji dhatêng jasad kawula minangka talanging basa, kinèn matur wontên ngarsa handika para rawuh, gêgayutan sampun puput yuswa panjênênganipun Bapa/Ibu....( ingkang séda ) alantaran nandhang gêrah sawêtawis wêkdal.

     Sanggya para rawuh ingkang minulyèng budi,  langkung rumiyin sumangga kita ngunjukaken raos syukur wontên ngarsa Dalêm Gusti Ingkang Murbèng Dumadi,  ingkang sampun kêparêng paring sih kawêlasan dhumatêng kita sagung para rawuh.

     Salajêngipun kula hangaturakên agunging panuwun ingkang tanpa upami Dhumatêng sagung para rawuh ingkang sampun kêrsa paring pambiyantu utaminipun awujud raos sungkawa, iguh pertikel, sarta kridhaning pakaryan, saéngga sagêd angènthèng-ènthèngi raos sêkêl kula sakulawarga.
Mugi-mugi paringipun sumbang-surung kasêbat kala wau, pikantuka piwalês kaliyan Gusti Ingkang Maha Agung.
Aamiin.

     Sanggya para rawuh ingkang dahat kinabêktèn, awit saking kapundhutipun ing kasédan jati panjênênganipun suwargi Bapa/Ibu....( ingkang séda ), hambokbilih rikala sugêngipun anggènipun sêsrayan wonten jagating sêsrawungan kagungan patrap ingkang singlar ing rèh tata-krami, ingkang aujud wicara, tumindak saéngga adamêl kirang rêna ing panggalih para rawuh, kêparênga handika sami paring pangaksama dhumatêng suwargi ingkang sampun nilarakên kulawarga dalah panjênêngan sêdaya.

     Botèn kêsupèn hambokbilih ugi, rikala sugêngipun suwargi  kagungan sambutan awujud napa kémawon, kawula suwun kanthi sangêt kêparênga kanthi dhanganing panggalih kaaturan sêsambêtan kaliyan kulawarga ingkang katilar.
Déné kulawarga ingkang tinilar badhé nampi kanthi bingahing manah.

   Pungkasaning atur, kawula nyuwun donga pamuji mugi suwargi katampia sagung ibadahipun, kaparingan pangapuntên sêdaya kalêpatanipun, linêburna sêdaya dosanipun, sarta kaparingana katêntrêman wontên ing Alam Qubur.
Aamiin.

     Makatên sanggya para rawuh atur kawula minangka talanging  wicara saking krêntêging manah kulawarga panandhang duhkita.
Bokbilih atur kawula saking purwa, madya, wasana, kirang trapsila ingkang adamêl kêmba panggalih handika sami, kawula tansah mawantu-wantu anyênyadhong sih rumêntahing gung samodra pangaksami.

    Wasana sugêng lênggah ngantos dumugi paripurnaning adicara, tan kantun kunduripun mangkin kawula namung ngaturakên sugêng kundur, mugi tansah rahayu ingkang samya pinanggih.

Nuwun...nuwun...matur nuwun.

     Wassalamu'alikum w.w.


                   --- wjg ---


---> Ana candhaké BAB : ATUR
      PANGLIPUR TÊTUWANGGANA XV.3
      

   

      

      

Saturday, January 30, 2021

VI. No. 2. JARWAN TÊMBUNG KAWI ( BAB : SÊBUTANÉ ANGKA NGANGGO TÊMBUNG KAWI, DINA, PASARAN, WARNA, RASA, KÉBLAT )

  Jarwan Têmbung Kawi 2 :



       1. Sêbutané Angka :

 Ékanan :

0. ---> suwung ---> sunya
1. ---> siji ---> éka
2. ---> loro ---> dwi
3. ---> têlu ---> tri
4. ---> papat ---> catur
5. ---> lima ---> panca
6. ---> ênêm ---> sad
7. ---> pitu ---> sapta
8. ---> wolu ---> astha
9. ---> sanga ---> nawa

Katrangan :
--- dwi    = daya = dwa
--- tri      = trayo ki
--- catur = catri

                     ---- w ----



 Puluhan = Satisara :

10. ---> sêpuluh ---> dasa
11. ---> sêwêlas ---> éka dasa
12. ---> rolas ---> dwi dasa
13. ---> têlulas ---> tri dasa
14. ---> patbêlas ---> catur dasa
15. ---> limolas ---> panca dasa
16. ---> nêmbêlas ---> sad dasa
17. ---> pitulas ---> sapta dasa
18. ---> wolulas ---> astha dasa
19. ---> songolas ---> nawa dasa

Katrangan :

--- dwi   = dwa ---> dwa dasa
--- tri     = trayo ---> trayo dasa

                 ---- w ----



20. ---> rongpuluh ---> wisati
21. ---> sêlikur ---> éka wisati
22. ---> rolikur ---> dwi wisati
23. ---> têlulikur ---> tri wisati
24. ---> patlikur ---> catur wisati
25. ---> sêlawé ---> panca wisati
26. ---> nêmlikur ---> sad wisati
27. ---> pitulikur ---> sapta wisati
28. ---> wolulikur ---> astha wisati
29. ---> sangalikur ---> nawa wisati

Katrangan :

--- wisati ---> wimsati ---> wingsati

                 ---- w ----



30. ---> têlung puluh ---> trinisad
31. ---> têlung puluh siji ---> éka trinisad
32. ---> têlung puluh loro ---> dwi trinisad
33. ---> têlung puluh têlu ---> tri trinisad
34. ---> têlung puluh papat ---> 
              catur trinisad
35. ---> têlung puluh lima ---> 
              panca trinisad
36. ---> têlung puluh nêm ---> sad trinisad
37. ---> têlung puluh pitu ---> 
              sapta trinisad
38. ---> têlung puluh wolu ---> 
              hastha trinisad
39. ---> têlung puluh sanga ---> 
              nawa trinisad

Katrangan :

--- trinisad ---> trinisat

                     ---- w ----



40. ---> patang puluh ---> cadwaringsad
41. ---> patang puluh siji ---> 
              éka cadwadringsad
42. ---> patang puluh loro
              --->dwi cadwaringsad
43. ---> patang puluh têlu ---> 
              tri cadwaringsad
44. ---> patang puluh papat ---> 
              catur cadwaringsad
45. ---> patang puluh lima ---> panca 
              cadwaringsad
....... lst.

Katrangan :

--- catwaringsad ---> catwaringsat ---> 
     catwaringsati

                      ---- w ----




50. ---> sèkêt ---> pancasad
51. ---> sèkêt siji ---> éka pancasad
52. ---> sèkêt loro ---> dwi pancasad
53. ---> sèkêt têlu ---> tri pancasad
54. ---> sèkêt papat ---> catur pancasad
55. ---> sèkêt lima ---> panca pancasad
..... lst



                       ---- w ----


60. ---> sêwidak ---> sadti
61. ---> sêwidak siji ---> éka sadti
62. ---> sêwidak loro ---> dwi sadti
63. ---> sêwidak têlu ---> tri sadti
64. ---> sêwidak papat ---> catur sadti
65. ---> sêwidak lima ---> panca sadti
.... lst

Katrangan :

--- sadti ---> sasti
--- ékasadti ---> ékasasti

               ---- w ----



70. ---> pitung puluh ---> saptati
71. ---> pitung puluh siji ---> éka saptati
72. ---> pitung puluh loro ---> 
              dwi saptati
73. ---> pitung puluh têlu ---> tri saptati
74. ---> pitung puluh papat ---> 
              catur saptati
75. ---> pitung puluh lima ---> 
              panca saptati
--- lst.

Katrangan :

--- saptati ---> sapti
--- ékasaptati ---> ékasapti


                    ---- w ----



80. ---> wolung puluh ---> asiti
81. ---> wolung puluh siji ---> éka asiti
82. ---> wolung puluh loro ---> dwi asiti
83. ---> wolung puluh têlu ---> tri asiti
84. ---> wolung puluh papat ---> catur 
              asiti
85. ---> wolung pulub lima ---> panca asiti
---lst.


                  ---- w ----



90. ---> sangang puluh ---> nawati
91. ---> sangang puluh siji ---> éka nawati
92. ---> sangang puluh loro ---> dwi 
              nawati
93. ---> sangang puluh têlu ---> tri nawati
94. ---> sangang puluh papat ---> 
               catur nawati
95. ---> sangang puluh lima ---> panca   
              nawati
--- lst.



                    ---- w ----


Atusan = Satasara :

100. ---> satus --->  sata
101. ---> satus siji ---> éka sata
110. ---> satus sêpuluh ---> dasa sata
125. ---> panca wisati sata
156. ---> sad pancasad sata
199. ---> satus sangang puluh sanga ---> 
                 nawa nawati sata
--- lst



                       ---- w ----


200. ---> rong atus ---> dwisata
201. ---> rong atus siji ---> éka dwisata
210. ---> rong atus sêpuluh ---> dasa 
                dwisata
219. ---> rong atus songolas ---> 
                 nawa wisati dwisata
250. ---> rong atus seket ---> panca sad 
                dwisata
298. ---> rong atus sangang puluh wolu
                 ---> hastha nawati dwisata
--- lst.


                 --- w ---



300. ---> têlung atus ---> trisata
308. ---> têlung atus wolu ---> hastha 
                trisata
315. ---> têlung atus limolas ---> panca 
                dasa trisata
370. ---> têlung atus pitungpuluh saptati 
                trisata
389. ---> têlung atus wolungpuluh sanga
         ---> nawa asiti trisata
---- lst

                       ---- w ---



400. ---> patang atus ---> catursata
409. ---> patang atus sanga ---> nawa 
                catursata
418. ---> patang atus wolulas --->   
                hastha dasa catursata
429. ---> patang atus sangalikur
         ---> nawa wisati catursata
460. ---> patang atus sewidak ---> sadti 
                catursata
499. ---> patang atus sangang puluh 
                sanga ---> nawa nawati 
                catur sata
--- lst.

                          ---- w ----




500. ---> limang atus ---> pancasata
511. ---> limang atus sêwêlas
         ---> éka dasa panca sata
520. ---> limang atus rongpuluh
         ---> wisati pancasata
548. ---> limang atus patang puluh wolu
         ---> hastha cadwaringsad panca sata
589. ---> limang atus wolung puluh sanga 
         ---> nawa asiti panca sata
---- lst.

                       ---- w ----



600. ---> ênêm atus ---> sadsata
608. ---> ênêm atus wolu ---> hastha 
                 sad sata
627. --- > ênêm atus pitulikur
         ---> sapta wisati sad sata
666. ---> ênêm atus sêwidak ênêm
         ---> sad sasti sad sata
679. ---> ênêm atus pitung puluh sanga
         ---> nawa sasti sad sata
--- lst.

                      ---- w ----



700. ---> pitung atus ---> sapta sata
707. ---> pitung atus pitu ---> sapta 
                sapta sata
777. ---> pitung atus pitungpuluh pitu
         ---> sapta saptati sapta sara
788. ---> pitung atus wolung puluh wolu
         ---> hastha asiti sapta sata
--- lst.

                       ---- w ----



800. ---> wolung atus ---> hastha sata
822. ---> wolung atus rolikur
         ---> dwi wisati hastha sata
866. ---> wolung atus sêwidak ênêm ---> 
                 sadsad sasti hastha sata
899. --- > wolung atus sangang puluh 
                  sanga ---> nawa nawati 
                  hastha sata
--- lst.

                          ---- w ----



900. ---> sangang atus ---> nawasata
914. ---> sangang atus patbêlas
         ---> catur dasa nawa sata
985. ---> sangang atus wolung puluh lima
         ---> panca asiti nawa sata
993. ---> tri nawati nawa sata
--- lst.

                          ---- w ----


 Ewon = hasrasara :


1.000. ---> sèwu ---> sahasra 
                   ( sahasrani )
1.005. ---> sèwu lima ---> panca saharsa
1.093. ---> sèwu sangang puluh telu 
            ---> tri nawati saharsa
1.740. ---> catwaringsad saptasata 
                    saharsa
1.999. ---> sèwu sangang atus 
                    sangang puluh sanga
            ---> nawa nawati nawa sata 
                    saharsa
--- lst.

Katrangan :

Saharsa = harsa = sahasrani = hasrani

                        ---- w ----


2.000. ---> rong èwu ---> dwi saharsa
2.005. ---> rong èwu lima ---> panca 
                    saharsa
2.013. ---> rong èwu têlulas ---> tri dasa 
                    dwi saharsa
2.122. ---> rong èwu satus rolikur 
            ---> dwi wisati éka sata dwi 
                    saharsa
2.999. ---> rong èwu sangang atus 
                    sangang puluh sanga ---> 
                     nawa nawati nawa sata 
                     dwi saharsa
--- lst.

                         ---- w ----


3.000. ---> têlung èwu ---> tri saharsa
3.001. ---> têlung èwu siji ---> éka 
                    tri saharsa
3.042. ---> têlung èwu patang puluh loro 
            ---> dwi cadwaringsad tri saharsa
3.888. ---> têlung èwu wolung atus 
                   wolung puluh wolu 
            ---> hastha asiti hastha sata tri 
                   saharsa
--- lst.

                         ---- w ----


4.000. ---> patang èwu 
            ---> catur saharsa
4.005. ---> patang èwu lima 
            ---> panca 
                    catur saharsa
4.029. ---> patang èwu sangalikur 
             ---> nawa wisati catur saharsa
4.333. ---> patang èwu têlung atus têlu
            ---> tri trisisad tri sata catur 
                    saharsa
--- lst.

                       ---- w ----


5.000. ---> limang èwu 
           .---> panca saharsa
5.006. ---> limang èwu ênêm 
            ---> éka panca saharsa
5.011. ---> limang èwu sêwêlas
            ---> éka dasa panca saharsa
5.l23. ---> limang èwu satus têlulikur
           ---> tri wisati éka sata panca 
                   saharsa
--- lst.

                         ---- w ----



6.000. ---> ênêm èwu 
            ---> sadsaharsa
6.006. ---> ênêm èwu ênêm
            ---> sad sadsaharsa
6.010. ---> ênêm èwu sêpuluh
            ---> dasa cadwaringsad
6.543. ---> ênêm èwu limang atus
                    patang puluh têlu 
            ---> tri cadwaringsad panca sata 
                    sadsaharsa

                        ---- w ----




7.000. ---> pitung èwu.
         ...---> sapta saharsa 
                  ( sapta sahasrani )
7.002. ---> pitung èwu loro ---> dwi sapta 
                    sahasrani
7.011. ---> pitung èwu sawelas
            ---> éka dasa sapta sahasrani
7.932. ---> pitung èwu sangang atus 
                   têlung puluh loro 
            ---> dwi trinisad nawa sata sapta 
                    sahasrani.
--- lst.

                       ---- w ----



8.000. ---> wolung èwu ---> astha 
                    sahasrani
8.009. ---> wolung èwu sanga ---> nawa 
                    astha sahasrani
8.031. ---> wolung èwu têlung puluh siji
             ---> éka trinisad hastha sahasrani
8.123. ---> wolung èwu satus têlulikur
            ---> tri wisati sata astha sahasrani
--- lst.

                            ---- w ----


9.000. ---> sangang èwu 
            ---> nawa sahasrani
9.009. ---> sangang èwu sanga
            ---> nawa nawa dahasrani
9.032. ---> sangang èwu têlu likur
            ---> tri wisati nawa sahasrani
9.123. ---> sangang èwu satus têlulikur
            ---> tri wisati éka sata nawa 
                    sahasrani.
--- lst.

                        ---- w ----


10.000. ---> sepuluh èwu ---> dasa harsa, 
                      lêksa
20.000. ---> rong puluh èwu ---> wisati 
                      harsa
30.000. ---> telung puluh èwu ---> trinisat 
                      harsa
40.000. ---> patang puluh èwu ---> 
                      cadwaringsad harsa
50.000. ---> sèkêt èwu ---> pancasad 
                      sahasrani
60.000. ---> sêwidak èwu ---> sasti 
                      sahasrani
70.000. ---> pitung puluh èwu
              ---> saptati sahasrani
80.000. ---> wolung puluh èwu ---> asiti 
                      sahasrani
90.000. ---> sangang puluh èwu 
               ---> nawati sahasrani
--- lst.

                         ---- w ----


100.000. ---> satus èwu ---> sata 
                        sahasrani, kethi
200.000. ---> rong atus èwu ---> dwi sata 
                         sahasrani
300.000. ---> telung atus èwu ---> tri sata 
                         sahasrani
400.000. ---> patang atus èwu ---> catur 
                        sata sahasrani
500.000. ---> limang atus èwu ---> panca 
                        sata sahasrani
600.000. ---> enem atus èwu 
                 ---> sad sata sahasrani
700.000. ---> pitung atus èwu ---> sapta 
                        sata sahasrani
800.000. ---> wolung atus èwu
                 ---> hastha sata sahasrani
900.000. ---> sangang atus èwu 
                 ---> nawa sata sahasrani
--- lst.

                          ---- w ----



1.000.000. ---> sayuta 
                    ---> niyuta
2.000.000. ---> rong yuta 
                    ---> dwi niyuta
3.000.000. ---> têlung yuta 
                    ---> tri niyuta
4.000.000. ---> patang yuta
                    ---> catur niyuta
5.000.000. ---> limang yuta 
                    ---> panca niyuta
6.000.000. ---> ênêm yuta 
                    ---> sad niyuta
7.000.000. ---> pitung yuta 
                    ---> sapta niyuta
8.000.000. ---> wolung yuta
                    ---> hastha niyuta
9.000.000. ---> sangang yuta
                   --->  nawa niyuta
--- lst.

                      ---- w ----



10.000.000. ---> sêpuluh yuta
                       ---> kroré/wéndra
20.000.000. ---> rong puluh yuta
                      ---> wisati kroré
30.000.000. ---> telung puluh yuta
                      ---> trinisad kroré
40.000.000. ---> patang puluh yuta
                      ---> cadwaringsad kroré
50.000.000. ---> sèkêt yuta 
                       ---> pancasad kroré
60.000.000. ---> sêwidak yuta
                       ---> sadti kroré
70.000.000. ---> pitung puluh yuta 
                      ---> saptati kroré
80.000.000. ---> wolung puluh yuta
                      ---> asiti kroré
90.000.000. ---> sangang puluh yuta 
                      ---> nawati kroré

                    ---- w ----




100.000.000. ---> satus yuta
                         ---> arbuda/gulma
200.000.000. ---> rongatus yuta 
                         ---> dwi sata arbuda
300.000.000. ---> têlung atus yuta
                         ---> tri sata arbuda
400.000.000. ---> patang atus yuta
                        ---> catur sata arbuda
500.000.000. ---> limang atus yuta 
                        ---> panca sata arbuda
600.000.000. ---> ênêm atus yuta
                         ---> sad sata arbuda
700.000.000. ---> pitung atus yuta 
                         ---> sapta sata arbuda
800.000.000. ---> wolung atus yuta
                         ---> hastha sata arbuda
900.000.000. ---> sangang atus yuta
                         ---> nawa sata arbuda

                         ---- w ----



1.000.000.000. ---> sèwu yuta 
                            ---> padma
2.000.000.000. ---> rong èwu yuta
                            ---> dwi harsa padma
3.000.000.000. ---> têlung èwu yuta 
                            ---> tri saharsa padma
4.000.000.000. ---> patang èwu yuta 
                            ---> catur saharsa padma
5.000.000.000. ---> limang èwu yuta
                            ---> panca saharsa padma
6.000.000.000. ---> ênêm èwu yuta
                            ---> sad saharsa padma
7.000.000.000. ---> pitung èwu yuta 
                            ---> sapta saharsa padma
8.000.000.000. ---> wolung èwu yuta
                            ---> hastha saharsa   
                                   padma
9.000.000.000. ---> sangang èwu yuta
                            ---> nawa saharsa padma

Katrangan :
--- Saharsa = sahasrani

                     ---- w ----



10.000.000.000. ---> sepuluh èwu yuta
                              ---> kharwa
20.000.000.000. ---> wisati hasra kharwa

30.000.000.000. ---> trinisad sahasrani 
                                      kharwa
40.000.000.000. ---> cadwaringsad 
                                      sahasrani kharwa
50.000.000.000. ---> pancasad sahasrani 
                                      kharwa
60.000.000.000. ---> sasti sahasrani 
                                      kharwa
70.000.000.000. ---> sapti sahasrani 
                                      kharwa
80.000.000.000. ---> asiti sahasrani 
                                      kharwa
90.000.000.000. ---> nawati sahasrani 
                                      kharwa

Katrangan :
--- Sadti = sasti

                   ---- w ----



100.000.000.000. ---> satus èwu yuta
                                ---> akshita, wurda
200.000.000.000. ---> dwi sata sahasrani 
                                        akshita
300.000.000.000. ---> tri sata sahasrani 
                                        akshita
400.000.000.000. ---> catur sata 
                                        sahasrani akshita
500.000.000.000. ---> panca sata 
                                        sahasrani akshita
--- lst.

                         ---- w ----



1.000.000.000.000. ---> sayuta yuta
                                    ---> kirna

10.000.000.000.000. ---> shan.ku

100.000.000.000.000 ---> jaladi

1.000.000.000.000.000. ---> antya

10.000.000.000.000.000. ---> madhya

100.000.000.000.000.000. ---> paraardha


                  ---- wjg ---



      2.    Sêbutané Dina :

--- Ahad          =   Dité, Radité
--- Sênèn        =  Soma
--- Sêlasa       =  Anggara
--- Rêbo          =  Buda
--- Kemis        =  Rêspati, Wrêspati
--- Jêmuwah  =  Sukra
--- Sêtu           =  Tumpak


      3. Sêbutané Pasaran :

--- Lêgi        =  Manis
--- Pahing   =  Jênar, Abritan
--- Pon        =  Palguna, Kuningan
--- Wagé     =  Cêmêngan
--- Kliwon   =  Kasih


     4. Sêbutané Warna :

--- Abang     =  Rêkta
--- Irêng       =  Krêsna, Langking
--- Ijo            =  Wilis
--- Kuning    =  Jenar, Pita
--- Biru         =  Bintulu, Maya, Nila
--- Putih       =  Séta, Pingul


      5. Sêbutané Rasa :

--- Lêgi         =  Manis
--- Kêcut      =  Amia
--- Pait         =  Tikta
--- Asin        =  Lawana
--- Pêdhês   =  Kathuka



        6.  Sêbutané Kéblat :

--- Wétan           =  Purwa
--- Kidul Wétan =  Agnéya, Kagnéya
--- Kidul             =  Daksina
--- Kidul kulon  =  Nairiti
--- Kulon            =  Pracima
--- Lor Kulon     =  Bayabya, Byabya
--- Lor.                = Utara
--- Lor Wétan     =  Narasunya, Amisani




                  --- wjg ---


---->  ana candhaké 
          BAB : KLÈRUNÉ NULIS TÊMBUNG 
          BASA JAWA MLIGI AKSARA  
          SWARA. VII





 

Sunday, January 24, 2021

XIII. No. 3. TUNTUNAN SÊKAR MACAPAT (BAB: TÊMBANG DHANDHANGGULA, SINOM, DURMA)

 

 Tuntunan Sêkar Macapat 3 :


Bab : Isi Buku :



       Bab : Sêkar Dhandhanggula :



      Bab :  Sêkar Sinom :



        Bab :  Sêkar Durma :



                         --- wjg ---


------> Ana vandhakê BAB : BAWA
         GÊNDHING JAWA XIV