Monday, June 7, 2021

XV. No. 3. TULADHA WICARA KAWÊDHAR ADICARA PANGRUKTILAYA ( BAB : ATUR PANGLIPUR TÊTUWANGGANA )

Atur Panglipur Têtuwanggana 3 :


    Assalamu'alaikum w.w.

    Nuwun kula nuwun, sanggya para rawuh utaminipun para tuwanggana, para  sêsêpuh, para pinisêpuh ingkang sangêt pinundhi dalah kinabêktèn.

    Kêparênga kawula cumanthaka marak sowan wontên ngarsa handika para pambéla duhkita, awit awrat ngèstokakên jêjibahan luhur saking raos-pangraos, sapêrlu atur béla sungkawa wontên madyaning duhkita/wiyoga ing ri kalênggahan punika, kanthi puput yuswa panjênênganipun Bapa/Ibu/Éyang.....( ingkang séda ) dhumatêng kulawarga panandhang duhkita utaminipun panjênênganipun Bapa....( ingkang kêsripahan ) minangka têtungguling kulawarga, yêktos kula sarta warga rumaos kécalan satunggaling pêpundhèn ingkang sangêt dipun-trêsani.

     Langkung-langkung mênawi ngémuti sêpintên ta lêlabêtanipun suwargi rikala sugêngipun, anggèn tansah hanuntun, hamomog, sarta hanggulawênthah ingkang lèrèkipun ngupaya murih sagung warga matrapakên dhatêng kêsaénan, karukunan, saha katêntrêman ing bêbrayan agung.
     Pramila awit saking puput yuswa panjênênganipun Bapa/Ibu/Eyang....
( ingkang séda ), warga agêng wêwêngkon....( RT/RW/Dhusun/Désa/Kalu
rahan ) ndhérék béla sungkawa ingkang salêbêt-lêbêtipun, bêbasan ngantos kandhas mandhêsing raos matrênyuh.

      Awit saking punika, dhumatêng panjênênganipun Bapa/Ibu/Éyang....
( ingkang kêsripahan ) dalah sagung kulawarga ingkang katêmbèn kapanduking duhkita, kawula mangêrtos sarta angraos kados pundi gêmpiling panggalih awit labêt kapêdhotan katrêsnan, tinilar ingkang ....( Rama/Ibu/Éyang-sêsêbutan ingkang séda ) ingkang marak sowan  wontên ngayunanipun Gusti Ingkang Murbèng Dumadi.

       Mangka kacihna panjênêngan taksih kepéngin cinakêtan sarta tinêngganan, pramila botèn kêndhat anggenipun ambudidaya ngupadi usada murih ....
( Rama/Ibu/Éyang/ingkang séda ) nirmala waluya têmah jati, jati têmahan waluya.
Nanging sadaya wiradat kala wau, botèn sagèd angungkuli garising kodrat, atêgês gagar wigar datanpa karya.
Bokbilih kawontênan punika mapan sampun dados garising pêsthi, kawêngku dening jidharing pêpêsthèn, jêr pêpêsthèn punika awit saking karsaning Gusti Ingkang Murbèng Gêsang.

     Kridhaning pambudi daya, tan kuwawi amambêngi kuthaning pêsthi, budi dayaning manungsa tan bisa ngungkuli garising Kang Maha Kwasa. Sênadyan kados pundi pambudi dayanipun titah, mênawi sampun kinarsakakên ing Gusti, titah namung sagêd pasrah sumarah, titah yêkti namung sadêrmi bêkti, sarta nglampahi.

      Pramila kanthi pêpêsthèn punika, sumangga kêparênga kula aturi angiklasakên, alusipun suwargi ingkang sampun marak sowan wontên ngayunaning Gusti, kanthi puji-donga mugi-mugi alusipun tinampi wontên ngayunanipun Gusti Ingkang Murbèng Dumadi, dipun-tampi sadaya amal ibadahipun, dipun-apuntên sêdaya kalêpatanipun, linêburna sêdaya dosanipun, dipun-paringana papan ingkang jumbuh kaliyan lêlabêtanipun dhumatêng bangsa, nêgara, agama punapa déné bêbrayan agung, sarta kaparingan katêntrêman wontên ing Alam Qubur.

      Sêmantên ugi kulawarga ingka tinilar, dipun paringana kasantosaning manah, séngga sagêd nêtêpi punapa ingkang dados kêkudanganipun tiyang asêpuh, inggih punika mênawi sêdaya putra tansah nindakakên patrap sholèh sarta sholékhah.

      Bab punika cundhuk kaliyan ngêndikanipun Rasulullah SAW nun inggih ; " Idzaa maa tabnu aadamu inqata'a amaluhu, illaa min tsallaatsin ".
Ingkang wêrdinipun nun inggih ; " Tiyang gêsang punika mênawi sampun puput yuswa, amalipun mandhêg, ingkang dipun-bêkta namung tigang pêrkawis " 
( anut H. R. Muslim 1631 inggih punika ) :

1. Shadaqatin jaariyati = amal jariyah.

2.  Au'ilmin yuntafa'u bihi = ilmu ingkang migunani tumrap tiyang sanès.
Kêkalihipun punika sampun rinêgêm dèning suwargi dhuk rikala sugêngipun.  Déné ingkang kaping :

3. Aauwalafin shaalihin yad'uu lahu " = putra ingkang sholèh, inggih punika putra ingkang tansah mujèkakên dhumatêng tiyang sêpuhipun.

     Mênawi para putra tansah nyuwunakên pangapuntên sêdaya dosa sarta  kalêpatanipun tiyang sêpuh ing ngarsa Dalêm Gusti Ingkang Maha Agung, atêgês putra punika sagêd  nyuwargakakên " dhatêng  tiyang sêpuhipun.
Putra ingkang makatên punika, sagêd kawastanan, " putra ingkang sagêd mikul dhuwur, mêndhêm jêro " dhumatêng tiyang sêpuhipun.

    Sanggya para rawuh utaminipun  panjênênganipun Bapa....( ingkang sripah ) sumrambah sagung pambéla sungkawa ingkang pantês sinudarsana, hambok bilih namung sêmantên ingkang sagêd kawula aturakên dhumatêng kulawarga panandhang dhukita, mugi-mugi sagêd dados panglipuring panggalih, sarta pangènthèng-ènthèng batos ingkang katêmbèn rumaos pêpêt lêlimêngan sinêngkêr dèning swasana tinilar suwargi.

   Minangka panutuping atur, mênawi wontên kêladuk ing wicara, kawula  mawantu-wantu tansah anyênyadhong sih rumêntahing samodra gung pangaksama.

  Nuwun...nuwun...matur nuwun.

  Wassalamu'alaikum w.w.


                      --- wjg ---


---> ANA.CANDHAKÉ : BAB XVI. No. 1
      ATUR SAPALA ADI-CARA LAMARAN.



0 comments:

Post a Comment