Sunday, June 6, 2021

XV. No. 2. TULADHA WICARA KAWÊDHAR ADICARA PANGRUKTILAYA ( BAB : ATUR PAMBAGYA KULAWARGA PANANDHANG DUHKITA )

Pambagya Kulawarga Panandhang Duhkita 2 :

      Assalamu'alaikum w.w.

       Innalillahi wa innailaihi roji'un

     Sangya para rawuh utaminipun para paranpara, para nimpuna, para manggalaning praja, para sêsêpuhi, para pinisêpuh, para pêpundhèn ingkang tansah kinabêktèn, punapa déné para kadang wrêdha ingkang tansah sinubya-subya dalasan para kadang taruna ingkang sangêt kinasih dahat sinudarsana.

     Kêpararênga kawula cumanthaka marak mangarsa handika para rawuh, awit awrating raos sarta kuwatos badhé ngunandika priyangga botèn kawijil ing lisan namung kandhêg wontên ing jangga, mila panjênênganipun Bapa....( kulawarga panandhang ) minangka panandhang duhkita, amiji dhatêng jasad kawula minangka talanging basa, kinèn matur wontên ngarsa handika para rawuh, gêgayutan sampun puput yuswa panjênênganipun Bapa/Ibu....( ingkang séda ) alantaran nandhang gêrah sawêtawis wêkdal.

     Sanggya para rawuh ingkang minulyèng budi,  langkung rumiyin sumangga kita ngunjukaken raos syukur wontên ngarsa Dalêm Gusti Ingkang Murbèng Dumadi,  ingkang sampun kêparêng paring sih kawêlasan dhumatêng kita sagung para rawuh.

     Salajêngipun kula hangaturakên agunging panuwun ingkang tanpa upami Dhumatêng sagung para rawuh ingkang sampun kêrsa paring pambiyantu utaminipun awujud raos sungkawa, iguh pertikel, sarta kridhaning pakaryan, saéngga sagêd angènthèng-ènthèngi raos sêkêl kula sakulawarga.
Mugi-mugi paringipun sumbang-surung kasêbat kala wau, pikantuka piwalês kaliyan Gusti Ingkang Maha Agung.
Aamiin.

     Sanggya para rawuh ingkang dahat kinabêktèn, awit saking kapundhutipun ing kasédan jati panjênênganipun suwargi Bapa/Ibu....( ingkang séda ), hambokbilih rikala sugêngipun anggènipun sêsrayan wonten jagating sêsrawungan kagungan patrap ingkang singlar ing rèh tata-krami, ingkang aujud wicara, tumindak saéngga adamêl kirang rêna ing panggalih para rawuh, kêparênga handika sami paring pangaksama dhumatêng suwargi ingkang sampun nilarakên kulawarga dalah panjênêngan sêdaya.

     Botèn kêsupèn hambokbilih ugi, rikala sugêngipun suwargi  kagungan sambutan awujud napa kémawon, kawula suwun kanthi sangêt kêparênga kanthi dhanganing panggalih kaaturan sêsambêtan kaliyan kulawarga ingkang katilar.
Déné kulawarga ingkang tinilar badhé nampi kanthi bingahing manah.

   Pungkasaning atur, kawula nyuwun donga pamuji mugi suwargi katampia sagung ibadahipun, kaparingan pangapuntên sêdaya kalêpatanipun, linêburna sêdaya dosanipun, sarta kaparingana katêntrêman wontên ing Alam Qubur.
Aamiin.

     Makatên sanggya para rawuh atur kawula minangka talanging  wicara saking krêntêging manah kulawarga panandhang duhkita.
Bokbilih atur kawula saking purwa, madya, wasana, kirang trapsila ingkang adamêl kêmba panggalih handika sami, kawula tansah mawantu-wantu anyênyadhong sih rumêntahing gung samodra pangaksami.

    Wasana sugêng lênggah ngantos dumugi paripurnaning adicara, tan kantun kunduripun mangkin kawula namung ngaturakên sugêng kundur, mugi tansah rahayu ingkang samya pinanggih.

Nuwun...nuwun...matur nuwun.

     Wassalamu'alikum w.w.


                   --- wjg ---

---> ana candhaké : BAB. XV. No 3.
     ATUR PANGLIPUR TÊTUWANGGANA
      

   

      

      

0 comments:

Post a Comment